Total Tayangan Halaman

Sabtu, 07 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (133)

 

133.

        Ngantos radi dangu anggen kula kendel boten guneman, sawatawis Ki Pawana ugi namung linggih kalihan tumungkul. Kula kinten Ki Pawana rumaos ewuh oya ing pambudi, badhe boten nuruti prentahipun Kyai Daka, piyambakipun boten saged nampik “sedya sae” saking Kyai Daka menika, nanging badhe meksa murih kula ngulungaken Kyai Pantek dhateng piyambakipun, cetha menawi Ki Pawana boten badhe wantun. Wekasan sagedipun kantun, linggih kalihan tumungkul ngaten menika. Saupami boten kengetan kalihan weling saking Bapa murih kula ngukuhi Kyai Pantek sampun ngantos dhumawah ing tanganipun tiyang ingkang boten kenging dipun pitados, Kyai Pantek tamtu sampun kula ulungaken. Nanging kajawi sampun nampi paweling saking Bapa ugi nampi dhawuh saking Nyai Pandhanwangi, mangka Kyai Pantek badhe kula kekahi sakiyat-kiyat kula. Sampun mlembar ing angen-angen, sareng kalihan anggen kula badhe bidhal dhateng Kutha Gedhe Mataram, kula badhe mampir dhateng Sendhang Ngiyom badhe nglarung Dhuwung ingkang sampun wongsal-wangsul kaincer dening Kyai Daka menika. Meh kemawon kula badhe wicanten dora dhateng Ki Pawana manawi kula boten mangertos ing pundi papanipun Kyai Pantek, nanging kula enget dhawuh saking Bapa lan Nyai Pandhanwangi, bilih wicanten dora menika sakalangkung ageng dosanipun saha ageng walatipun, pramila kula lajeng wicanten :

        “Kakang Pawana, kapeksa aku njaluk pangapura ndika yen aku ora bisa ngulungake Keris Kyai Pantek marang ndika. Jalaran aku ora nduweni kuwasa ngulungake Keris kuwi marang sapa wae, dhawuh sing tak tampa saka Bapa magepokan karo Keris Kyai Pantek mung siji, ya iku aku kadhawuhan ngundurake marang sing kagungan. Aku ya ngerti nek sing dikandhakne Kyai Daka marang ndika lamun Kyai Pantek kuwi bisa dienggo sarat kepyakan wisudan ndika lan uga bisa kanggo nyingkirake godhong sing jarene nutupi papane Paman Tanggon sakancane, kuwi kabeh mung lelamisan, tegese Kyai Daka mung kepengin bisa nguwasani Keris Kyai Pantek wae. Saupama Keris iki klakon tak ulungne marang ndika banjur ndika pasrahne marang Kyai Daka, mangka Kyai Daka mesthi banjur malik ilat, kanthi Kyai Pantek ing tangane dheweke bakal ngrebut panguwasa ing Kepuh Agal kene. Mula borong anggon ndika bakal kandha marang Kyai Daka, sing baku antarane kepyakan wisudan ndika dadi Lurah mengko ora ana sambung rapete apa-apa karo Kyai Pantek”.

        “Inggih Gus” wangsulanipun Ki Pawana “kula pitados sedaya ingkang dados dhawuhipun Gus Pradapa. Mangke badhe kula criyosaken dhateng Kyai Daka menawi kula boten saged ngeluk penggalih jengandika murih maringaken Kyai Pantek dhateng kula. Lan menawi kaparengaken kula badhe atur pamrayogi dhateng Gus Dapa”.

        “Kakang Pawana arep aweh rerigen marang aku apa?” kula pitaken.

        “Murih jengandika saged ngekahi Kyai Pantek, kula kinten langkung prayogi menawi Gus Pradapa tumunten jengkar nilar Kepuh Agal, nindakaken jejibahan winados kanthi sesidheman. Sampun manggalih ingkang wonten ing Kepuh Agal, prakawis Dalem Kalurahan lan sedayanipun kaparengna dados ayahan kula sawetahipun” wangsulanipun Ki Pawana ngaturaken rerigenipun “dugi kula mriki wau sampun mbeta kapal samangke kula cancang ing plataran, ingkang kinten-kinten langkung kiyat tinimbang kapal ingkang wonten sanesipun, sawanci-wanci Gus Dapa jengkar nilaraken Dalem kalurahan kapal menika sageda dados titihanipun Gus Pradapa”.

        “Matur nuwun banget Kakang, awit rerigen lan pamrayoga sing ndika wenehake marang aku lan aku uga banget nedha nrima awit jaran sing ndika cawisake dadi tungganganku kanggo ngayahi jejibahan winadi iki” kalihan ngampet raos trenyuh, kula suka wangsulan “sesuk esuk wanci saput lemah aku budhal, ora liwat andum slamet lan donga dinonga, mung welingku marang Kakang Pawana, muga-muga Kakang Pawana ora gampang pasrah marang kanyatan temah ngenthengake kabeh dhawuh saka Sawargi Bapa sabab wawang ngadhepi panggodha”.

        “Inggih Gus, pangestunipun Gus Dapa ingkang tansah kula suwun, mugi kula saged lebda ing karya” wangsulanipun Ki Pawana, ingkang lajeng pamitan badhe wangsul.

Nalika samanten wancinipun sampun nyaketi serap. Kula inggih lajeng tata-tata. Kapal ingkang wau dipun tunggangi Ki Pawana lajeng kula lebetaken ing gedhogan, benjing enjing badhe kula tunggangi bidhal dhateng Sendhang Ngiyom lajeng bablas dhateng Mataram. Kapal anggenipun mbetakaken Ki Pawana menika mila kalebet kapal ingkang sae, ageng tur ketingal keker. Jangkep saplananipun pisan. Menawi kakerta aji, kapal ingkang ulesipun Jragem menika kinten-kinten inggih tikel kaping kalih kalihan kapal ingkang badhe kula tilar benjing.

Enjingipun, sasampunipun nindakaken sembahyang subuh lan wancinipun saput siti, tanpa pamitan sinten kemawon, kula bidhal nilar Kepuh Agal. Kapal ingkang kula tunggangi mlampah kanthi gliyak-gliyak, awit mila kula sengaja boten kula plajengaken saderengipun medal saking Padhusunan Kepuh Agal murih suwantenipun tracak kapal boten kapireng dening warga dhusun. Kapal kula gelak tumuju Lepen Gebyog, awit kula dereng nate sumerep papanipun Sendhang Ngiyom, namung Bapa nate paring dhawuh bilih Sendhang Ngiyom menika ingkang dados tukipun Lepen Gebyog. Inggih kanthi nurut nginggahi lepen Gebyog menika mangke kula saged dumugi Sendhang Ngiyom. Inggih jalaran nglangkungi pinggiring lepen, kerep kemawon kula kedah mandhap saking gigiring si Jragem lan gentos nuntun kapal ingkang wau kula tunggangi, menawi sampun manggih margi ingkang radi sae, nembe kula wangsul minggah malih ing gigiring si Jragem.

Dumadakan lamat-lamat kula mireng suwanten panah sendaren ambal kaping tiga. Kula kinten panah kala wau inggih panahipun Kadang Tani ingkang ngajrih-ajrihi panunggalaning kethek ingkang ganggu damel dhateng tanemanipun ing baon sawetanipun lepen gebyog menika, kula inggih boten nggagas babar pisan. Menapa malih margi ingkang kula langkungi ngepasi radi rumpil, dados inggih kedah ngatos-atos lan boten kober nggagas ingkang boten-boten.

“Badhe tindak pundi ta Gus?” dumadakan tanpa kula sumerepi sangkanipun ing ngajeng kula sampun wonten tiyang ingkang ngaruh-aruhi kula. Kula ndengengek ningali tiyang ingkang pitaken dhateng kula kala wau, ketingal tiyang jaler ingkang umur-umuranipun sanginggil kula watawis kaot gangsalan tahun. Pawakipun ketingal methekel keker. Ing tanganipun ketingal mbeta tangsul lan nyengkelit Kudhi ing bangkekanipun.

“Oh, iya Kakang” kula wangsulan kalihan mesem, mila wancinipun sampun bibar pletheking surya dados sedaya sampun ketingal cetha “iki lho, aku kok kepengin ngerti kali iki pok-pokane ngono ngendi?”.

“Oalah…. Nggih Gus” tiyang kala wau wicanten malih kalihan mesem “menawi badhe dhateng bongkoting kalen menika, sekeca mlampah boten nitih kapal, inggih menawi nurut lepen menika watawis mangke wanci lingsir surya sampun dumugi mrika. Tiyang pok-pokaning lepen menika namung wujud sendhang ingkang wonten kucuripun. Menawi Gus Dapa ngersakaken nitih kapal, langkung sekeca liwat margi wetan niku, wonten galengan ageng ingkang sekeca menawi kangge liwat kapal, mangke inggih ngliwati sendhang ingkang criyosipun gawat menika”.

“Lha ndika kok weruh kuwi, omah ndika ngendi ta Kang?” kula gentos taken.

“Griya kula Sidamulya Gus” wangsulanipun tiyang kala wau “kula menika rewang ing griyanipun Lurah Danara, padamelan kula pados kajeng obong, mila kula inggih radi apal wana-wana sakupenging Kepuh Agal mriki menika”.

“O jebul wong Sidamulya ta ndika kuwi? Kok lagi weruh iki aku” kula wicanten kalihan mesem. Lan ing salebeting manah kraos boten sekeca, awit anggen kula bidhal nilaraken Kepuh Agal wonten ingkang nyumerepi.

“Inggih Gus, murugaken kula niki rak tenaga wingking, dados arang ingkang nepangi, nami kula Parwa” tiyang wau wangsulan lan nepangaken dhiri, lajeng wicanten malih nedahaken margi ingkang sekeca menawi kaliwatan mawi nunggang kapal, kalihan nudingaken tanganipun “sekeca medal mrika nika lho Gus, mengke ndika saged nitih kapal ngantos dumugi panggenan sumberipun kalen menika, boten ngantos wanci tengange ndika mesthi sampun dumugi mrika. Niku menawi boten nuju wonten barisan kethek ingkang badhe alihan panggenan, menawi kepanggih barisan kethek nyabrang margi, langkung sae ngentosi telasipun mawon Gus. Nuwun sewu kula badhe mlampah mandhap, tiyang kajeng-kajeng babatan kula teng ler mriku”.

“Iya, iya Kakang, aku nedha nrima banget wis dituduhne dalan” wangsulan kula kalihan nuntun Si Jragem dhateng margi ingkang dipun tedahaken dening Parwa kala wau.

Pranyata menapa ingkang dipun criyosaken Parwa kala wau leres, boten ngantos selangkung jangkah saking pinggiring lepen ingkang wau kula liwati jebul wonten galengan utawi selip ingkang radi wiyar watawis setunggal dhepa. Kanan keringing selip inggih wujud wana lan gegrumbulan ingkang rungkud. Kula lajeng minggah dhateng gigiripun si Jragem malih. Kula mireng malih suwanten Panah Sendaren saking katebihan. Nanging kula inggih boten nggagas menapa-menapa. Si Jragem lajeng kula gelak, Jragem wiwit mlajeng nanging inggih boten banter, lampahipun ngedrap kemawon.

Kalihan mlampah kula tansah nyenyuwun dhateng Gusti mugi-mugi sapengker kula ing Kepuh Agal boten wonten kedadosan menapa-menapa. Inggih mugi-mugi Gusti tansah angayomi dhateng Ki Pawana lan para Bebau sarta Sapukawating Dhusun ingkang setya tuhu dhateng dhawuh-dhawuh tilaranipun Bapa. Nanging dumadakan manah kula kraos boten sekeca, saking wingking kepireng suwantenipun tracak kapal ingkang kathah, kadosipun inggih ngliwati margi ingkang kula liwati menika. Kula boten saged nginten-nginten sinten lan pinten tiyang ingkang nggelak kapalipun kanthi banter sajak kesesa menika. Mila kula lajeng minggir, Si Jragem kula tarik kendhalinipun murih ngalonaken plajengipun. Ingkang kula kajengaken, kula nyukani margi dhateng tiyang-tiyang ingkang mbandhangaken kapalipun ing wingking kula menika, menawi tiyang-tiyang kala wau sampun tebih nilaraken kula, kula saged kanthi mardika nglajengaken lampah malih.

Nanging, jebul tiyang-tiyang kala wau sasampunipun nglajengi anggen kula minggir malah lajeng mandheg ing tengahing margi. Lajeng kapalipun dipun inger madhep dhateng panggenan kula. Kula etang sedaya wonten sedasa tiyang, sedaya sami sikep dedamel. Boten wonten setunggal kemawon ingkang kula tepangi.

“Nyuwun pangapunten Raden Pradapa” salah satunggal saking tiyang sedasa wau manthuk kurmat dhateng kula kalihan wicanten “sampun nglajengaken tindak rumiyin, kula badhe matur dhateng jengandika Raden Pradapa”.

 

Ana candhake


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...