132.
Jebul petangan kula leres, Ki Danara
sampun sapeken boten nyukani kabar Ki Pawana menapa ingkang dados pitedahipun
Kyai Daka ngengingi icalipun Tanggon sarencangipun. Malah ketingalipun Lurah
Danara semu pekewuh menawi panggih kalihan Ki Pawana, ketitik saben-saben
kepanggih boten dangu lajeng ngalih, kanthi pawadan maneka warna. Dados inggih
boten saged jagongan kados saderengipun Lurah Danara nyagahi badhe nyuwun
pitedah dhateng pundi purugipun Tanggon dhateng Kyai Daka ingkang ceriyosipun
samodraning ngelmi agal lan alus menika. Ki Pawana inggih boten ngewah-ewahi
adat ugi boten ngrembag babagan menika kalihan kula, ketingalipun Ki Pawana ugi
sampun mangertos bilih Kyai Daka boten saged metang utawi njarak dhateng pundi
kesahipun lare sekawan, Tanggon sarencange niku. Malah Ki Pawana lajeng ngajak rembagan,
menawi kawontenan ing Kepuh Agal keringalipun sampun boten nguwatosi malih.
Awit wontenipun Durjana aneh ingkang nate mlebet Dhusun inggih namung kaping
sepisan, ing griyanipun Biyang Tanggon lan Griyanipun Pahing menika kemawon.
“Kangge jagi wanci dalu, lare-lare
sinoman sampun kula kengken ngirangi, Gus” criyosipun Ki Pawana nalika mampir
ing Dalem Kalurahan “dados siyangipun sampun sami saged makarya ing pategilan
utawi ing sabin kanthi sekeca, boten ngantuk lan boten kekeselen”.
“Iya Kakang” wangsulan kula “wangune
sawise padha ngerti yen sing diarah cilakane padha lunga, banjur padha leren
olehe nggoleki neng Kepuh Agal. Nanging aku percaya wong-wong sing ngarah
cilakane Paman Tanggon sakancane mesthine ya isih dikongkon golek kabar menyang
ngendi parane wong papat kuwi. Mula awake dhewe ora kena ninggal kaprayitnan”.
“Inggih Gus, kula tansah ngrantos
pitedah saking Gus Pradapa” wangsulanipun Ki Pawana.
“Aja banjur tansah njagakne aku Kakang”
kula lajeng wicanten “wiwit Bapa paring dhawuh marang aku supaya nindakne
jejibahan winadi kae, saiki wis meh sesasi. Kamangka aku mung diwatesi patang
puluh dina kudu wis budhal. Mula Kakang Pawana tak jaluk, tumuli ngajak
rembugan karo Siwa Pawit, Para Sesepuh, Para Bebau lan Sapukawat kapan prayogane,
kepyakan anggone Kakang Pawana ganti sebutan dadi Ki Kepuh Agal Kapindho. Sokur
yen olehe nganakne kepyakan kuwi mengko aku isih ana Kepuh Agal, dene saupama
aku wis budhal ya ora apa-apa”.
“Menawi makaten benjing kemawon para
kadang Bebau lan saperanganing sesepuh saha sapukawat, tuwin Bapa Pawit kula
ajake dhateng Kalurahan ngrembag lan ngrancang anggenipun badhe nindakaken
kepyakan menika kalihan Gus Pradapa. Kados pundi menawi makaten Gus ?” Ki
Pawana lajeng nedhi tetimbangan kula.
“Becike, perkara kuwi aja ajak-ajak aku
Kakang” kula wangsulan “awit nek mung ngrembug utawa ngrancang lakune adicara
kepyakan kuwi kena diarani ora ana sing mbutuhne pamikir sing abot. Dadi Kakang
Pawana lan Para Bebau mesthi wis bisa nindakne kanthi becik, dene menawa ana
sing butuh ditakokne malah sing luwih pener olehe takon ya marang Siwa Pawit
sing wis akeh sing diweruhi. Kajaba saka iku, aku iya arep tata-tata budhal,
dadi ya becike aku lan ndika andum gawe wae, donga-dinonga muga-muga kabeh bisa
lumaku kanthi becik”.
“Nanging kula kuwatos menawi mangke
Danara lan kanca-kancanipun, inggih ingkang wonten ing barisan sesepuh lan
Sapukawat, sami ngreregoni lampahing adicara kepyakan mangke Gus?”.
“Kakang Pawana, apa kang bakal ndika
tindakake kuwi kabeh ana landhesane” kula suka pitutur dhateng Ki Pawana “ya
kuwi dhawuh saka Sawargi Bapa kang uga disekseni dening Siwa Pawit, lan
Bebau-bebau Kepuh Agal kabeh, kajaba Ki Danara. Anane Ki Danara ora melu
ngrungokne dhawuhe Bapa jalaran Ki Danara nuju lelungan ninggalne tlatah Kepuh
Agal, kamangka nalika samana anggone lunga Ki Danara tanpa aweh weruh marang
ndika sadurunge, minangka sesulihing
Bapa. Kamangka ndika ya pirsa, apa kang kadhawuhake dening Bapa kuwi kabeh mawa
lelandhesan paugeraning Desa Kepuh Agal. Dadi saupama ana sing ngregon-ngregoni
anggon ndika madeg dadi Lurah Kepuh Agal, kuwi padha wae arep wani nantang
Paugeraning Desa”.
“Inggih Gus, menawi makaten,
pangestunipun Gus Dapa ingkang tansah kula suwun” Ki Pawana lajeng pamitan
badhe wangsul lan badhe manggihi Wa Pawit lan sedaya ingkang badhe dipun ajak
rembagan prakawis ngrancang lampahing adicara kepyakan.
Kula nicil rumaos lega, jalaran Ki
Pawana sampun badhe netepi dhawuh saking Bapa. Ing pangangkah saderengipun
adicara kepyakan, kula badhe bidhal dhateng Kutha Gedhe Mataram, ngaturaken
iket ingkang minangka tandha bilih kula saged sowan ngadhep Gusti Patih
Mandaraka lumantar Gusti Raden Mas Tumenggung Tesengkusuma. Mangke kalihan
bidhal, kula badhe mampir ing griyanipun Ki Pawana, pamitan saha masrahaken
Dalem Kalurahan saisinipun miwah rewang-erwangipun pisan dhateng Ki Pawana,
awit mila Dalem Kalurahan menika papanipun Lurah ingkang mangreh lan mranata
Dhusun Kepuh Agal menika.
Nanging saderengipun pangangkah kula
menika saged kaleksanan, let kalih dinten sasampunipun kula rerembagan kalihan
Ki Pawana, Ki Pawana sampun manggihi kula malih.
“Awit pangestunipun Gus Pradapa,
rembagan ngrancang lumampahipun adicara kepyakan sampun kaleksanan kanthi boten
manggih rubeda menapa-menapa Gus” Ki Pawana nyukani kabar dhateng kula “kalebet
Ki Danara lan Kyai Daka ingkang ugi dugi ing Jangglengan kadherekaken, Ki
Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor, sedaya sami saged nampi dhawuh saking Sawargi
Ki Lurah bab jejibahan ingkang badhe kula sandhang salajengipun”.
“Sokur ta yen pancen mangkono Ki Kepuh
Agal Kapindho” wangsulan kula kalihan mesem remen “aku ora nyana yen ndika ya
ngrawuhne Kyai Daka barang ing rembugan ngrancang adicara kepyakan kuwi”.
“Estunipun kula boten ngaturi Kyai Daka
Gus” Ki Pawana lajeng wicanten malih “nanging Kyai Daka dugi piyambak, malah
ngajak sedherekipun cacah tiga, ingkang miturut kojahipun Kesit kala samanten
nggadhahi kadigdayan ingkang ngedab-edabi menika. Mila anggenipun dugi Kyai
Daka menika namung badhe suka kabar dhateng kula prakawis ingkang dipun
tangkletaken dhateng piyambakipun dening Ki Danara nalika samanten, inggih
menika bab icalipun Tanggon lan rencang-rencangipun”.
“Lha sawuse dietung lan dijarak dening
Kyai Daka, banjur miturut Kyai Daka Paman Tanggon sakancane saiki ana ngendi?”
kula pitaken malih.
“Kyai Daka cariyos bilih wekdal menika,
lare sekawan kasebat taksih ketutupan ron salembar ingkang dereng saged
kasingkiraken dening Kyai Daka. Jalaran ron salembar kasebat ron saking
tetuwuhan tanemanipun lelembat ingkang mbaureksa Dhusun Kepuh Agal menika. Lan
murih saged anyingkiraken ron salembar kala wau, Kyai Daka mbetahaken Dhuwung
Pusaka ingkang dados sipat kandelipun Dhusun Kepuh Agal menika, inggih menika
Dhuwung Kyai Pantek, ingkang nate dados agemanipun Sawargi Ki Lurah” Ki Pawana
suka wangsulan.
“Lha Ki Lurah banjur percaya karo apa
sing dikandhakne Kyai Daka ngono kuwi mau?” kalih gumujeng alon kula pitaken
malih dhateng Ki Pawana.
Ki Pawana boten tumunten wangsulan,
praupanipun nedahaken raos boten sakeca dhateng kula, nanging inggih boten
dangu nunten mangsuli :
“Menawi kula boten pitados Gus, awit
kula langkung pitados dhateng Gus Pradapa ingkang sampun nampi dhawuh saking
Nyai Pandhanwangi. Nanging para sesepuh lan para sapukawating Dhusun
ketingalipun kathah ingkang sami pitados dhateng wicantenipun Kyai Daka makaten
kala wau”.
“Lha banjur wangsulan ndika marang Kyai
Daka kepriye Kakang ?” kula pitaken malih.
“Ing babagan menika kula boten wangsulan
menapa-menapa Gus” wangsulanipun Ki Pawana “nanging sareng ngrembag ingkang
wonten sambetipun kalihan adicara kepayakan, kapeksa kula nyagahi badhe matur
dhateng Gus Dapa”.
“Mengko dhisik, aku kok durung pati
mudheng karo sing ndika kandhakne sing keri dhewe iki mau ta Kakang?” kula
pitaken “cethane kepriye?”.
“Kyai Daka suka rerigen dhateng kula,
murih lana anggen kula ngemban dhawuhipun Sawargi Ki Lurah lan katetepaken
minangka Ki Kepuh Agal Kapindho, salebeting adicara kepyakan menika kula kedah
kaungkulan Sipat Kandel Dhusun Kepuh
Agal inggih Kyai Pantek kados ingkang sampun kula aturaken kala wau lan ingkang
mandi Kyai Pantek ing adicara menika kedah sesepuh ingkang pana kalihan
wewatakanipun Kyai Pantek. Estunipun Bapa inggih sampun wicanten dhateng Kyai
Daka menawi Kyai Pantek menika dede Sipat Kandel Dhusun Kepuh Agal, nanging
Dhuwung kagungan Dalem Kanjeng Sinuwun Sultan Pajang ingkang lumantar Nyai Pandhanwangi
kaampilaken dhateng Sawargi Ki Lurah, lan gandheng Ki Lurah sampun seda Bapa
nginten menawi sampun kapulung wangsul dening Nyai Pandhanwangi. Nanging Kyai
Daka boten saged nampi pamanggihipun Bapa makaten kala wau, awit adhedhasar
wangsit ingkang dipun tampi saha miturut panyawanging netra batinipun Kyai Daka,
Dhuwung Kyai Pantek menika taksih manggen ing Dalem Kalurahan mriki saha dipun
reksa dening Gus Pradapa. Lajeng Kyai Daka kengkenan kula murih matur dhateng
Gus Pradapa nyuwun ngampil Dhuwung Pusaka Kyai Pantek menika badhe kaaturaken
dhateng Kyai Daka ingkang badhe kaginakaken ing adicara kepyakan kula saha
kangge nyingkiraken ron salembar ingkang nutupi lare sekawan ingkang ical kala
wau. Kula boten saged wangsulan kajawi anyagahi ingkang dados kengkenanipun
Kyai Daka kala wau. Samangke borong Gus Pradapa kados pundi anggenipun paring
dhawuh dhateng kula, ingkang mangkenipun badhe kula cariyosaken dhateng Kyai
Daka”.
Mireng cariyosipun Ki Pawana ingkang
makaten kala wau, kula lajeng kengetan kalihan dhawuhipun Kanjeng Eyang Nyai Pandhanwangi
nalika paring pitedah dhateng kula bilih kadigdayan lan kasantikanipun tiyang-tiyang
ingkang manunggal kalihan Kyai Daka menika boten badhe pasah menawi kacakaken
ing sakilening Lepen Gebyog, lajeng kula kengkenan dhateng Ki Pawana murih
mrentahaken dhateng Tanggon sarencangipun singidan dhateng wana ingkang wonten
sakilening Lepen Gebyog. Inggih nalika samanten Nyai Pandhanwangi ugi paring
dhawuh bilih pacoben awrat ingkang badhe kula tampi sampun meh wancinipun
dumugi. Lan kula panggah taksih kengetan dhawuh ingkang rumiyin, bilih menawi
kula saged lulus saking pacoben menika, badhe nggampilaken anggen kula suwita
dhateng Kutha Gedhe Mataram, nanging menawi boten lulus, kula badhe manggih
pejah nistha, kasiya-siya.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar