131.
Sampun sapeken langkung, wiwit
wontenipun kedadosan griyanipun Tanggon lan Pahing kadhatengan durjana ingkang
aneh wewujudanipun menika. Lan wiwit kedadosan menika, sinoman ingkang dados
sapukawating Dhusun, ngencengi anggenipun rondha. Wiwit sonten ngantos enjing,
gredhu-gredhu parondhan, regol-regol margi prapatan lan protigan sarta regol
pekaranganipun para Bebau tansah boten sepen kalihan tiyang-tiyang ingkang sami
siaga ing dedamel. Awit boten namung para sinoman kemawon ingkang saba dhateng
Gredhu lan regol lan gilir gumanti sami ngubengi padhusunan, nanging para warga
padhukuhan ugi kathah ingkang sami tumut sabiyantu ngreksa katentremaning
Dhusun. Kyai Daka ugi marentahaken sedaya siswa lan calon siswa ingkang ndherek
gladhen ing sanggaripun, mliginipun para siswa lan calon siswa ingkang
griyanipun saking Kepuh Agal, supados tumut ngempal kalihan para sinoman
ingkang saben dalu rondha menika. Para Bebau wiwit suruping surya ngantos meh
mletheking srengenge ing wanci enjing, ugi sami nganglang ing padhukuhanipun
piyambak-piyambak. Kajawi Bebau Sidamulya ingkang kajawi nganglang ing
padhukuhan ingkang dados tanggel jawabipun ugi asring anggenipun nganglang
ngalangkungi dhukuh-dhukuh sanesipun. Tata gelar Lurah Danara ngetingalaken
anggenipun nguwatosaken katentremaning Kepuh Agal.
Sawatawis menika, Tanggon, Pahing,
Pangkas saha Tolu, sampun boten ketingal. Awit sampun kesah ngungsi dhateng
wana sakilenipun Lepen Gebyog, kados ingkang kula prentahaken. Lan saestu, Ki
Pawana menapa dene Ki Pahang, tuwin Ki Pawit lan Ki Panulad ingkang mangertos
dhateng pundi purugipun Tanggon lan kanca-kancanipun, sami kukuh anggenipun nyingidaken
wewados menika. Dados inggih boten wonten ingkang mangertos menawi Tanggon
sakancanipun sami umpetan. Namung kemawon, dangu-dangu ugi wonten ingkang
cluluk, nangkletaken Tanggon lan tiyang tiga sanesipun, dugi boten ketingal
babar pisan.
“Tak jaluk yen ana sing nakokne Tanggon,
Pahing, Tolu lan Pangkas kok ora katon, aja banter-banter” makaten
wangsulanipun Ki Pawana nalika wonten ingkang nakenaken bab anggenipun Tanggon
boten ketingal, nalika samanten Ki Pawana nuju wonten ing Gredhu Parondhan
ingkang caket kalihan Dalem Kalurahan, ingkang wonten mriku kajawi para sinoman
ugi wonten Bebau Sidodadi Ki Sudib, Bebau Sidamulya Ki Lurah Danara lan kula ugi nuju wonten mriku “awit bares
wae, aku iki uga lagi bingung nggoleki. Lan Biyang Tanggon lan wong tuwane
Pangkas, saben dina mara nang omahku, saprelu nakokne anake kuwi padha menyang
ngendi. Ki Bebau ing Grojoganngubal uga bingung dhewe, merga adhine si Pahing
kae ya ilang, sawuse ana kedadeyan omahe dileboni maling sing aneh kae. Nek si
Tolu pancen ora ana sing nakokne, nanging Bapa sing rumangsa dingengeri Tolu,
tenane ya lagi bingung merga ilange bocah sing pinter ngundhuh klapa kuwi”.
“Lha kinten-kinten lare sekawan niku
icalipun dhateng pundi Ki Jangglengan?” Lurah Danara lajeng pitaken “kok sajak
nyalawadi? Ical tanpa lari. Mesthinipun Ki Pawit priyantun sepuh ingkang
tuwajuh ngudi ngelmi kebatosan, saged ngetang lan njarak dhateng pundi
purugipun lare sekawan kala wau. Menapa ndika dereng nyuwun pirsa bab menika
dhateng Ki Pawit, Ki Jangglengan?”.
“Kula mila boten nangkletaken bab menika
dhateng Bapa, Ki Danara” wangsulanipun Ki Pawana sareh “jalaran kula ngertos
menawi Bapa menika dede Dhukun prewangan, ngelmi kebatosan ingkang dipun gilut
lan kawarahaken dhateng ingkang pitaken, mligi lampah kangge gesang ing saged
migunani dhumateng sesamining titah saha lampah kangge nggayuh sangu menawi
benjing wangsul ing jaman kalanggengan. Malah mbok menawi nDika, ingkang dados
Lurahing para siswanipun Rama Kyai Daka, mbok bilih saged metang mawi jarak,
dhateng pundi purugipun lare sekawan menika?”.
Dipun wangsulaken pitakenipun dhateng
piyambakipun malih, Ki Danara ketingal radi mbrabak. Nanging inggih namung
sakedhap, malah lajeng kalihan mesem Lurah Danara nunten wangsulan :
“Kula niki sami kalihan ndika Ki Jangglengan.
Sanaosa kula niki kapitados nglurahi sedaya siswanipun Bapa Guru Kyai Daka
ingkang sampun kasumerepan dening sedaya tiyang bilih Bapa Guru menika
segaraning ngelmi agal lan alus, nanging ingkang kula guleti namung ing babagan
ulah kanuragan lan aji jaya kawijayan. Menawi ing ulah kebatosan lan petang
saha njarak, kula mila dereng kepengin anyinaoni. Dados inggih kula boten
mangertos”.
“Nuwun sewu Ki Bebau Lurah Danara”
dumadakan Ki Surata, Carik Dhusun Kepuh Agal ingkang ugi wonten mriku wicanten
dhateng Lurah Danara “menawi makaten
Rama Kyai Daka mesthinipun pirsa utawi saged metang lan anjaraki dhateng pundi
purugipun lare sekawan ingkang ical menika?. Menapa Ki Lurah Danara boten
ngersakaken nyuwun pitedah dhateng Rama Kyai Daka?”.
“Nyuwun pangapunten Ki Carik” panggah
kalihan mesem Ki Danara suka wangsulan “kula mila dereng nyuwun pitedah babagan
menika dhateng Bapa Guru Kyai Daka, jalaran kula boten kepengin lan boten
wantun nglangkahi Ki Bebau Jangglengan. Awit Ki Jangglengan ingkang kapitados
dening Sawargi Ki Lurah Kepuh Agal angesuhi para Bebau ing mriki. Kamangka kula
minangka Bebau andhahanipun Ki Jengglengan, dereng nate kadhawuhan nyuwun
pitedah dhateng Bapa Guru Kyai Daka ing babagan icalipun warga Kepuh Agal cacah
sekawan menika. Menawi kula kesesa nyuwun pitedah dhateng Bapa Guru, kamangka
dereng kaparentah dening Ki Jangglengan, kula kuwatos menawi kadakwa sampun
degsura kumawantun nglangkahi Ki Jangglengan, ingkang ugi kagungan papan
pitakenan, nuwun inggih tiyang sepuhipun piyambak, Ki Pawit ingkang ugi pana
ing babagan ngelmi kebatosan”.
Kula tingali Ki Pawana njengkerutaken
bathuk, ketingalipun Ki Pawana ngertos menawi Ki Danara anggenipun suka
wangsulan dhateng Ki Carik kala wau katumpangan raos pamer, maneraken
kawaskithanipun Kyai Daka lan semu ngremehaken dhateng Ki Pawit. Ki Pawana
lajeng njejegaken anggenipun linggih, tumunten wicanten :
“Sakniki ngaten kemawon Paman Surata lan
Ki Danara, menawi nyata Kyai Daka saged ametang saha anjaraki temah saged
nguningani ing pundi purugipun Tanggon, Pangkas, Pahing saha Tolu, benjing
enjing kula badhe sowan ing ngarsanipun Rama Kyai Daka, nyuwun tulung lan
nyuwun pitedah murih prakawis menika tumunten saged padhang”.
“Sampun Ki Jangglengan……” dumadakan Ki
Danara wicanten amenggak dhateng Ki Pawana.
“Sampun kados pundi Ki Danara?” Ki
Pawana lajeng pitaken.
“Kajeng kula makaten” Ki Danara lajeng
wicanten sareh “kula kemawon ingkang badhe manggihi Bapa Guru Kyai Daka, kula
badhe matur menawi kula kadhawuhan dening Ki Jangglengan, kapurih nyuwunaken
pitedah prakawis menika. Mangke menawi sampun wonten kabar saking Bapa Guru
Kyai Daka, badhe kula aturaken dhateng ndika”.
“Manawi makaten, lajeng benjang menapa
ndika marak ing ngarsanipun Kyai Daka, Ki Danara?” Ki Pawana pitaken.
“Menawi kula, sawanci-wanci saged
kemawon marak ing ngarsanipun Bapa Guru Kyai Daka, Ki Jangglengan”
wangsulanipun Ki Danara “malah menawi Ki Jangglengan ngersakaken kula marak
dalu menika, sak niki kula saged sowan dhateng Bapa Guru, namung kula boten
mangertos menapa pitedah saking Bapa Guru menika mangke saged kula tampi dalu
menika menapa benjing, sepisan malih kula boten mangertos”.
“Inggih Ki Danara” Ki Bebau Jangglengan
lajeng wicanten malih “kados pundi murih saenipun, benjang menapa anggen ndika
badhe marak ing ngarsanipun Rama Kyai Daka, kula kinten ndika langkung
mangertos”.
“Kula kinten langkung cepet langkung
prayogi Ki Jangglengan” Ki Danara suka wangsulan “dalu niki ugi, kaparenga kula
nyuwun pamit, boten saged nglajengaken ndherek rondha, kula badhe marak ing
ngarsanipun Bapa Guru Kyai Daka”.
Boten ngentosi wangsulan, Ki Danara
lajeng ngadeg. Nyaketi kapalipun ingkang dipun cancang ing sacaketing gredhu,
lajeng dipun tunggangi bablas tumuju Sidamulya. Mila saben nganglang Ki Danara
menika benten kalihan Bebau sanesipun ingkang milih mlampah ndharat, menawi Ki
Danara mesthi kalihan nunggangi kapalipun.
“Sedulur kabeh” sareng suwantening
tracak kapalipun Ki Danara sampun boten kapireng, Ki Pawana lajeng wicanten
dhateng tiyang-tiyang ingkang wonten gredhu “iki aku karo Gus Pradapa arep
nutugne laku, niti priksa panggonan liyane, nDika kabeh kareben disepuhi dening
Paman Carik Surata lan Ki Sidadadi , panggah ana kene. Sawayah-wayah ana sing
mbebayani lan ndika mbutuhake pitulungan, aja kesuwen tumuli aweh tengara
kanthi nuthuk kenthongan, kanthi mengkono aku karo Gus Pradapa tumuli bisa bali
mrene maneh”.
“Mangga Gus, kula dherekaken” Ki Pawana
lajeng ngadeg lan ngajak kula bidhal.
“Ayo Kakang” kula wangsulan kalihan
mangkat ngadeg.
Jebul sareng sampun radi tebih saking
gredhu parondhan, Ki Pawana ngajak kula wangsul dhateng Dalem Kalurahan. Dugi
mriku boten mampir dhateng Regol Parondhan, nanging Ki Pawana ngajak bablas
mlebet dhateng papan ingkang padatan kula damel jagongan kalihan piyambakipun.
“Nyuwun pangapunten lho Gus”
wicantenipun Ki Pawana kalihan mapan linggih “kula wau kebacut mitados Ki
Danara murih ngadhep gurunipun nakenaken prakawis icalipun Tanggon”.
“Kuwi wis bener lan trep Kakang”
wangsulan kula.
“Kados pundi menawi mangke Kyai Daka
saestu mengertos dhateng pundi purugipun Tanggon sakancanipun menika Gus?” Ki
Pawana pitaken malih “kok manah kula lajeng kraos sumelang lan kuwatos?”.
“nDika kuwi kok kaya bocah cilik ta
Kakang?” kula gumujeng alit “aku duwe pangira yen Kyai Daka ora bakal ngerti
menyang ngendi parane Paman Tanggon, Paman Pahing, Paman Tolu lan Kakang
Pangkas. nDika kudu ngerti, metune Lurah Danara saben bengi sing jarene
nganglang, kuwi ora merga arep melu njaga katentremane Desa, nanging tenane uga
lagi nggoleki burone sing diarah cilakne kae. Dadi sing bingung nggoleki Paman
Tanggon sakancane kuwi rak dudu awake dhewe ta? Nanging Lurah Danara karo
kanca-kancane. Bisa nampa sing tak karepake Kakang?”.
“Inggih Gus, sampun ngertos kula” Ki
Pawana wangsulan ugi kalihan gumujeng alon.
“Kaping pindhone Kakang” kula wicanten
malih “saupama Kyai Daka bisa ngerti ing ngendi anggone umpetan Paman Tanggon,
aku lan ndika aja kuwatir, percaya wae yen dhawuhe Eyang Pandhanwangi iku luwih
bisa diugemi tinimbang kandhane Kyai Daka sing digawa Ki Danara”.
“Inggih Gus”
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar