130.
Sarampungipun sesuci, kula kober kendel
sakedhap, wonten gegambaran ingkang mampir ing angen-angen, menggah
kekiyatanipun Kyai Daka lan Lurah Danara ingkang kasiyagakaken kangge ngrebat
Dhusun Kepuh Agal saking panguwaos ingkang sah. Kamangka kula ugi ngertos
menawi Dhusun Kepuh Agal menika mila boten gadhah kekiyatan kangge perang,
boten gadhah prajurit ingkang kenging dipun andelaken menawi ngadhepi mengsah.
Mila wonten sinoman-sinoman ingkang dados sapukawating dhusun ingkang kajibah
ngreksa katentremaning Dhusun, nanging meh sepalih para sinoman sapukawating
dhusun menika anggenipun sinau ulah kanuragan inggih dhateng Kyai Daka, dados
menawi kamengsahaken kalihan para andhahanipun Lurah Danara saged dipun
pesthekaken menawi boten badhe wantun. Wekasan patog puteging manah lajeng
nuntun kula manjing Sanggar Pasembahyangan ingkang caket kalihan pasareyanipun
Bapa.
Salebeting ndedonga lan nyenyuwun
dhateng Gusti, linandhesan raos pasrah kula nyuwun mugi katedahna margi ingkang
sae kangge murih slametipun Dhusun Kepuh Agal lan para kawulanipun. Sok
makatena, wonten suwanten ing salebeting manah ingkang maiben lekas kula
ingkang makaten menika. Suwanten ingkang ngujuk-ujuki murih masrahaken tata reh
parentahing Dhusun Kepuh Agal dhateng
Kyai Daka kanthi prajanjen kula panggah saged gesang sekeca. Dene Ki Pawit, Ki
Pawana lan sanes-sanesipun menika boten sah dipun gagas, prakawis
pagesanganipun kawula dipuna umbar kemawon. Nanging, suwanten ingkang makaten
menika nunten wonten ingkang nindhihi, menawi kula nggega pangujuk-ujuk kala wau, dereng kantenan
kula saged gesang sekeca nanging sampun mesthi bilih badhe manggih kanisthan,
gesang kula badhe tanpa gina lan tanpa aji babar pisan, Bapa lan Biyung ing
alam tentrem mesthi badhe muwun keranta-ranta, awit kula sampun mrucut saking
embanan, luput saking kudangan. Lan malih tumrap tiyang ingkang angestu dhateng
Gusti, kedah tansah emut bilih sedaya ingkang badhe dumados menika boten badhe
dumados kajawi menawi sampun kakersakaken dening Gusti, tumrap titah ingkang
angestu, mbudidaya lan ndedonga menika kuwajiban lan boten badhe wonten
inanipun. Pasrah menika namung dhateng Gusti, pasrah dhateng mengsah menika
sami kemawon ndhedher wiji kacintrakan ingkang boten badhe wonten telasipun.
Wasana sansaya mantheng anggen kula
masrahaken lelampahan menika dhumateng Gusti. Lan ing salebeting layap-liyep
ing aluyut, lamat-lamat katingal wewayanganipun Eyang Nyai Pandhanwangi,
anyaketi papan kula, kalihan ngendika :
“Wis bener apa sing mbok tindakne kuwi
Wayah, awit kabeh mobah mosiking jagad iki kabeh winengku ing pangwasaNe. Dene
tekaku mrene iki mung arep aweh weruh marang sliramu, yen pacoban sing tak
kandhakne marang sliramu nalika samana, iki wis meh teka. Lan sliramu wis krungu
dhewe yen Kyai Daka nduweni kekuwatan sing nggegirisi. Mula sliramu aja nganti
lali, yen Kyai Pantek ora bisa mbok kukuhi, kundurna wae marang sing kagungan
kanthi cara nglarung pusaka kuwi menyang telenging Sendhang Ngiyom”.
“Inggih Eyang, dhawuhipun Eyang badhe
kula estokaken lan nyuwun pangestu mugi-mugi kula kiyat ngadhepi pacoben
ingkang badhe kula sandhang mangke” wangsulan kula lajeng nyuwun pitedah,
menapa ingkang kedah kula lampahi murih Paman Tanggon sakancanipun saged lepas
saking bebaya ingkang badhe katindakaken dening andhahanipun Lurah Danara.
“Aja cilik atimu Pradapa” wangsulanipun
Nyai Pandhanwangi ingkang lajeng paring pitedah “sanadyan akeh balane, sekti
lan digdaya srayane, nanging Kyai Daka lan andhahane ora bakal bisa nyabrangi
Kali Gebyog. Jagad ing sakulone Kali Gebyog ora bisa nampa marang watak
angkarane Kyai Daka, Danara lan wong-wong sing padha dadi andhahane. Mula murih
padha slamet, kanggo sauntara wektu kandhanana wong-wong ing Kepuh Agal sing
rumangsa diincim dening Danara sabalane supaya ngungsi lan umpetan ing sakulone
Kali Gebyog”.
Anyarengi rampunging dhawuh pitedahipun
Nyai Pandhanwangi, kepireng suwantenipun jago kluruk ingkang sesautan saking
salebeting kandhangipun. Dinten sampun ngancik wanci gagat rahina. Kula tumuli
mungkasi anggen kula nindakaken lampah sembahyang. Lan nalika langit sisih
wetan wiwit ketingal abrit, kula lajeng sesuci malih badhe nglampahi kuwajiban
sembahyang wanci enjing.
Nanging sepinten kageting manah kula,
nembe kemawon kula rampung nindakaken sembahyang subuh, dereng ngantos medal
saking sanggar pasembahyangan, sampun dipun susul Ki Pawana lan Bebau
Grojoganngubal. Kekalihipun ketingal nembe bingung.
“Iki kok padha mruput nggoleki aku, ana
apa Kakang Pawana?” pitaken kula dhateng Ki Pawana.
“Atur katiwasan Gus” wangsulanipun Ki
Pawana “nembe kemawon griyanipun Tanggon lan Pahing kalebetan durjana aneh
ingkang wujudipun nggegirisi, rahayunipun kala dalu menika Tanggon lan Pahing,
ngepasi boten wonten griya”.
“Ana durjana aneh lan nggegirisi mlebu
omahe Paman Tanggon lan Paman Pahing ?” kula pitaken nyethakaken wangsulanipun
Ki Pawana “aneh lan nggegirisi kepiye Kakang? Lan Paman Tanggon karo Paman
Pahing kok ora ana omah kuwi menyang ngendi?”.
“Miturut criyosipun simbokipun Tanggon
ingkang setengah girap-girap dugi ing griya kula” Ki Pawana suka wangsulan “sasireping
suwanten rijalollah, wonten suwantenipun tiyang estri ingkang alok kula nuwun
lan ndhodhog griyanipun. Biyange Tanggon lajeng mbikak kori badhe manggihi
tiyang ingkang alok kula nuwun kala wau. Nanging sepinten kagetipun Biyang
Tanggon sareng sumerep tiyang ingkang kala wau suwantenipun kados tiyang estri,
jebul wewujudanipun ageng inggil kados raseksa, praupanipun dipun tutup topeng,
cacahipun tiga, sedaya sami mbeta pedhang ingkang sampun dipun liga. Sumerep
kori dipun bikak lan Biyang Tanggon medal, Tiyang tiga ingkang apangawak
raseksa lan ngangge topeng kala wau lajeng nggereng kados suwantenipun macan.
Biyange Tanggon sakala ngoplok lajeng njerit awit ajrih, lajeng semaput boten
emut menapa-menapa. Ngertos-ngertos sampun dipun tulungi dening Ki Kliwik
sedherekipun jaler ingkang griyanipun wingkingipun griyanipun Biyang Tanggon.
Ki Kliwik mila mireng suwanten panjeritipun Biyang Tanggon, lajeng murugi lan
sareng dumugi griyanipun Biyang Tanggon jebul sedulure wedok niku sampun
ngglethak semaput ing ngajeng kori. Dening Ki Kliwik, Biyang Tanggon lajeng
dipun teraken dhateng griya kula awit tansah girap-girap kamigilan kados tiyang
kesurupan”.
“Benten malih kalih sing teng griyane
tiyang sepuh kula Gus” dereng ngantos kula mangsuli wicantenipun Ki Pawana, Ki
Pahang sampun nrambul gunem “griyanipun tiyang sepuh kula nika, sak niki sing
ngenggeni rak namung Pahing piyambak? Lha
kala wau saderengipun jago kluruk, kula mireng wonten suwanten Segawon jegog
rame sanget, kula tiling-tilingaken jebul saking griyanipun tiyang sepuh kula.
Boten dangu lajeng kepireng suwanten gumlodhag kados suwantenipun tiyang
ngepruki bala pecah. Kula lajeng medal kanthi sikep gegaman, badhe murugi
griyanipun tiyang sepuh kula. Nembe kemawon kula dumugi regol ngajeng, kanthi
kabiyantu soroting rembulan tanggal setengah kula sumerep tiyang tiga
ageng-ageng medal saking griya lajeng mlajar, sareng dumugi wit Ingas dhoyong
ing pojok pekarangan tiyang tiga niku ical musna. Sareng kula tiliki salebeting
griya sampun boten kanten-kantenan, kendhi, genthong sami pecah sedaya. Kula
lajeng kelingan kalihan criyosipun Kesit kala dalu, mila kula lajeng dhateng
panggenanipun Ki Jangglengan lan dening Ki Pawana kula dipun ajak mriki menika”.
“Mengko dhisik ta” kula lajeng wangsulan
“Paman Tanggon lan Paman Pahing saiki ana ngendi?”.
“Tanggon kalihan Pahing, wiwit kala
sonten ing griyanipun Bapa, Gus” wangsulanipun Ki Pawana “awit lare kalih niku
katambah Tolu lan Pangkas, sami gladhen sinau ulah kanuragan dhateng adhi kula
pun Panulad. Dados inggih boten wonten griyanipun piyambak. Lha saderengipun
kula bidhal mriki wau, kula sampun kengkenan lare kula murih dhateng griyanipun
Bapa ngabari adhi kula Panulad murih lare sekawan wau kacandheta ing mriku
rumiyin lan sampun pisah-pisah, kanthi makaten kula kinten saged radi aman”.
“Sokur ta yen Paman Tanggon lan Paman
Pahing sing ditekani durjana aneh kuwi ing omahe kuwi ora ketemu karo sing
nggoleki” kula lajeng wicanten, salebeting manah kula sampun nginten manawi
bebau kalih menika badhe pados rerigen dhateng kula “sabanjure, saiki aku arep
waleh marang Kakang Pawana apa dene marang Ki Grojoganngubal……”.
“Waleh prakawis menapa Gus?” Ki
Grojoganngubal pitaken.
“Waleh yen lagi wae aku nampa sasmita
gaib, magepokan karo kaslametane Paman Tanggon lan kanca-kancane” wangsulan
kula. Bebau kalih menika ketingal lajeng mewahi anggenipun migatosaken dhateng
kula.
“Sasmita gaib iki tak tampa nalika aku
nindakne laku panembah nyenyuwun marang Allah” kula nglajengaken anggen kula
wicanten, “murih Paman Tanggon lan telu liyane kuwi padha kaparingan slamet, luput
saka paekane wong sing ngarah cilakane. Lan nalika ngarepake jago kluruk mau,
ing sanggar panembah aku karawuhan Eyang Pandhanwangi utawa Nyai Pandhanwangi……..”.
“Inggih kula nate mireng asma menika,
saking Bapa, Gus” Ki Pawana nrambul rembag kula “menawi boten klintu menika
Putri saking alam gaib ingkang paring pitedah dhateng Bapa lan kanca-kancanipun
nalika griya lan pekaranganipun telas katrajang laharing Redi Lawu, kangge
nglajengaken gesangipun Bapa lan
kanca-kancanipun kadhawuhan ndherek Ki Sarkara mbabat wana lan yasa Dhusun
Kepuh Agal menika lan criyosipun Bapa, Nyai Pandhanwangi menika ibunipun Ki
Sarkara, inggih sawargi Ki Lurah Kepuh Agal”.
“Bener Kakang” wangsulan kula
salajengipun “dening Kanjeng Eyang Nyai Pandhanwangi, aku kadhawuhan supaya
ngongkon Paman Tanggon sakancane, kanggo sawatara wektu murih umpetan ing alas sakulone
Kali Gebyog. Mula aja kesuwen, warahen marang Paman Tanggon sakancane lan aja
nganti ana sing ngerti, supaya Paman Tanggon nindakne dhawuh saka Kanjeng Eyang
Nyai Pandhanwangi ngono kuwi mau”.
“Matur nuwun Gus” Ki Pawana mesem remen
lajeng wicanten “menawi makaten sak niki ugi kula badhe daya-daya manggihi
Tanggon lan rencang-rencangipun supados bidhal nindakaken dhawuh saking
jengandika Gus Pradapa menika”.
“Iya Kakang, sing ngati-ati lan aja
ngawistarani murih ora ana sing weruh wewadi iki”.
Bebau Jangglengan lan Bebau Grojoganngubal
lajeng nilaraken Sanggar Panembah, medal badhe dhateng griyanipun Wa Pawit.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar