129.
Ki Pawit lan Bebau kalih ketingal menawi
radi kaget mireng aturipun Kesit ingkang nyebataken bilih wartos ingkang badhe
dipun aturaken mangke langkung wigatos tinimbang wartos saderengipun ingkang
ngancam gesangipun Tanggon sakanca. Tiyang tiga menika lajeng boten kedhep
anggenipun ningali praupanipun Kesit lan Pikat. Kadosipun selak kepengin
mirengaken cariyos ingkang wigatos kala wau. Kula piyambak inggih makaten,
jalaran miturut pamanggih kula boten wonten bebaya ingkang agengipun
nglangkungi bebaya ingkang ngancam gesangipun tiyang, lan manut wartos ingkang
sampun kaaturaken Kesit lan Pikat wau, ingkang kaancam gesangipun boten namung
tiyang setunggal, nanging tiyang sekawan. Lajeng warta menapa malih ingkang
badhe dipun aturaken Kesit lan Pikat ingkang bebayanipun nglangkungi bebaya
saderengipun menika?.
“Ing ngajeng kula rak sampun matur ta
Gus?” Kesit miwiti criyos malih “bilih estunipun ingkang dipun ajrihi dening
Lurah Danara lan Kyai Daka menika namung jengandika Gus Pradapa, ingkang
sawanci-wanci saged ngrawuhaken keng Raka Raden Gunendra miwah keng Rama Raden
Sentani”.
“Aku ora duwe Kakang sing jenenge Raden
Gunendra lan Raden Sentani kuwi dudu apa-apaku Paman” kula nyela rembag, nigas
cariyosupun Kesit.
Ki Pawit, Ki Pawana lan Ki Pahang gentos
ningali kula kalihan praupan ingkang kebak tandha pitakenan. Ketingalipun
tiyang-tiyang menika taksih pitados dhateng cariyos ngayawara ingkang dipun
tampi Ki Pawana saking Ki Lurah Danara kala samanten.
“Kula boten mangertos babagan menika Gus”
wangsulanipun Kesit “ingkang kula aturaken namung ingkang kula sumerepi lan
kula mireng saking Sanggaripun Kyai Daka sakupengipun”.
“Iya, iya Paman, saiki tutugna crita
ndika kuwi!”.
“Inggih Gus” Kesit wangsulan lan
nglajengaken anggenipun cariyos “Lha duginipun Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki
Dodor menika mbekta kabar saking Pasanggrahan Patalan, ingkang nyariyosaken
bilih wekdal menika Raden Sentani lan Raden Gunendra nembe kesah dhateng Kutha
Gedhe Mataram, nindakaken dhawuh saking Paduka Ingkang Sinembah ing Patalan
lumantar Senapati Agung ingkang nami Kyai Nagaraga utawi Begawan Nagaraga,
nyidra sipat kandelipun Panembahan Senapati ingkang nami Dhuwung Kyai
Jakapiturun……..”.
“Naah…. Menika cocog kalihan cariyos
ingkang kula tampi saking Danara Gus” Ki Pawana dumadakan nigas cariyosipun
Kesit kalihan tembung ingkang makaten menika sarwi ngulati dhateng kula “lan
miturut Danara, tiyang kekalih Raden Sentani menapa dene Raden Gunendra menika
kesahipun dhateng Mataram bebasan namung setor nyawa. Awit badhe aben-ajeng
kalihan ingkang ngreksa Kyai Jakapiturun, inggih menika Jim Dandang Tembaga,
Dhanyang Redi Merapi, ingkang kasektenipun bebasan saged anjara langit…..”.
“Menika cariyos saking Ki Jenggi dhateng
Lurah Danara Ki Bau” Pikat tumut wicanten mangsuli tembungipun Ki Pawana
dhateng kula “nanging menawi miturut cariyosipun Ki Dodor benten malih,
petanganipun Ki Dodor sadumuginipun Raden Sentani lan Raden Gunendra ing
Mataram mangke, badhe wonten perang ageng ingkang saged nuwuhaken banjir marus
asarah bathang, jalaran Raden Sentani lan Raden Gunendra boten piyambakan, nanging
dipun iring wadya bala bangsanipun bajo barat lan lelembat saking Kedhung
Gasrong ingkang dipun tindhihi ratuning sawer lelembat ingkang nami Kyai
Nagaburik inggih marasepuhipun Raden Sentani piyambak”.
“Mila ingkang dipun dhawuhaken Ki
Jangglengan menapa dene ingkang dipun aturaken Pikat menika leres Gus” dereng
ngantos kula tumut wicanten Kesit sampun wicanten malih “nanging menggah kula
kirang baken, awit wonten ingkang langkung baken lan wigatos malih”.
“Iya Paman Kesit” wangsulan kula “sing
dikandhakne Kakang Pawana lan Paman Pikat bisa dirembug mengko, saiki tumuli
tutugna nggon ndika crita”.
“Inggih” wangsulanipun Kesit, sedaya
lajeng sami ningali Kesit malih ingkang lajeng nutugaken anggenipun criyos “ingkang
langkung baken, inggih awit kesahipun Raden Gunendra lan Raden Sentani menika
miturut Kyai Daka kekiyatanipun Gus Dapa sampun telas, sampun boten wonten
ingkang dipun andelaken. Pramila sampun wancinipun Kyai Daka lan Lurah Danara
nguwaosi Dhusun Kepuh Agal ingkang dipun wastani tilaranipun sawargi Ki Lurah
Kepuh Agal menika. Lha kuncinipun murih saged nguwaosi Kepuh Agal kanthi
sekeca, Kyai Daka mbetahaken saged nguwaosi Dhuwung Kyai Pantek ingkang criyosipun
menika Sipat Kandel utawi wahyuning Dhusun Kepuh Agal menika. Menawi sampun
kasembadan Kepuh Agal ing regemanipun Kyai Daka lan Lurah Danara, mangka mbaka
sakedhik Bebau-bebau lan Sapukawating Dhusun Kepuh Agal badhe dipun santuni
kalihan tiyang-tiyang ingkang samangke sampun manunggal kalihan Kyai Daka.
Nanging ingkang kantun piyambak menika miturut Kyai Daka ingkang dipun
kabaraken dhateng Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor mawi cara ingkang boten
ngawistarani lan mbetahaken wekdal saboten-botenipun setunggal ngantos kalih
tahun”.
Kesit kendel anggenipun wicanten,
ketingalipun anggenipun criyos sampun rampung. Ki Pawit, Ki Pawana, Ki Pahang
lan kula dereng wonten ingkang guneman. Ketingalipun sedaya sami katrem dhateng
angen-angenipun piyambak-piyambak, angen-angen ingkang nanggor pitakenan
ingkang angel dipun wangsuli. Kula piyambak taksih nyobi nggandheng-nggandhengaken
criyos saking Kesit lan Pikat menika kalihan cariyos sanesipun kados cariyos
saking Ki Pawana ingkang kala wau ngabaraken cariyos saking Ki Lurah Danara.
Lan saking nggandheng-nggandhengaken cariyos menika lajeng kula angge nyobi
ngreka wangsulan menapa ingkang badhe dipun tindakaken Kyai Daka lan Lurah
Danara salajengipun.
“Nuwun sewu Gus” dumadakan Ki Pawit
wicanten alon “menapa leres menawi Dhuwung Kyai Pantek menika estu-estu Wahyu
utawi Pulunging Dhusun Kepuh Agal kados panganggepipun Kyai Daka ingkang dipun
cariyosaken dening Kesit kala wau? Awit sadanginipun kula lelados dhateng Ki
Lurah, Ki Lurah boten nate paring dhawuh ingkang makaten menika, sanaosa kula
inggih ngertos menawi Sawargi Ki Lurah menika prasasat boten pisah kalihan
Dhuwung Pusaka Kyai Pantek menika kala wau”.
“Nyuwun pangapunten Wa Pawit” kanthi
ngatos-atos kula suka wangsulan “sapangertosan kula, Dhuwung Kyai Pantek menika
mila sipat kandel ingkang dipun agem Bapa. Lan Bapa nate paring dhawuh dhateng
kula bilih sadangunipun nindakaken jejibahan minangka Lurah ing Kepuh Agal
menika, Bapa boten saged kapisahaken kalihan Kyai Pantek. Nanging mugi
kauningan bilih estunipun Kyai Pantek menika dede kagunganipun Bapa, sawanci-wanci
badhe dipun pundhut wangsul dening ingkang kagungan utawi sawanci-wanci kedah
kawangsulaken dhateng ingkang kagungan. Lan sesambetan kalihan Dhuwung Kyai
Pantek menika, kalebet salah satunggaling dhawuh ingkang kedah kula lampahi mangke
menawi kula nindakaken jejibahan winados ingkang kadhawuhaken Bapa saderengipun
seda menika”. “Inggih Gus”
wangsulanipun Ki Pawit salajengipun “menawi makaten prayogi bab Kyai Pantek
menika boten dipun rembag, awit cetha menawi menika salah satunggal saking
wewados ingkang namung Gus Dapa ingkang mangertosi. Salajengipun, menapa
ingkang kedah awakipun piyambak lampahi magepokan kalihan sedaya warta ingkang
dipun aturaken Kesit menapa dene Pikat kala wau Gus?”
“Inggih Gus” saderengipun kula wicanten,
Ki Pawana ugi numpangi rembagipun Ki Pawit “rumaos kodheng sirah kula mireng
atur saking Kesit lan Pikat kados makaten menika. Nyata menawi Kyai Daka lan Danara
menika tiyang ingkang sakalangkung julig. Anggenipun nindakaken kaculikan kados
lampahing mawa ingkang ngobong oyoting asem aking ingkang taksih kapendhem
siti, latunipun terus mrambat nanging boten badhe wonten ingkang nyumerepi awit
kapendhem siti, ngertos-ngertos sampun ngobong menapa-menapa”.
“Iya Kakang Pawana, bab sing dening
Kesit dikandhakne luwih mbebayani tinimbang kaslametane Paman Tanggon sakancane
mau pancen bener” kula wicanten suka wangsulan dhateng Ki Pawana “lire yen
nganti Kepuh Agal sing biyen olehe yasa Wa Pawit lan sedulur-sedulur liyane iki
nganti dikuwasani Kyai Daka lan Lurah Danara, mangka bener-bener nguwatirake
banget. Nanging kaya sing dikandhakne Paman Kesit sing keri dhewe mau, Kyai Daka
lan Lurah Danara anggone ngecakne carane nganggo cara sing alus, mbaka
sethithik kaya lakune geni sing mrambat ing oyot asem sing wis garing lan
kapendhem ing jero lemah kaya sing ndika sanepakne mau. Saiki awake dhewe kudu
bisa nemokne cara kanggo ngadhepi lakune Kyai Daka lan Lurah Danara kang
mangkono iku, muga-muga sadurunge aku kudu budhal nindakne kuwajiban winadi
saka Bapa awake dhewe wis nemu carane kuwi. Malah sing tak anggep luwih wigati
maneh, piye carane nylametake Paman Tanggon sakancane, merga bisa wae wiwit
saiki murid-muride Kyai Daka sing diprentah Lurah Danara, kanthi sesidheman wis
budhal nindakne jejibahane kanggo gawe cilakane Paman Tanggon sakancane, sauntara
kuwi Lurah Danara api-api ora njawani”.
“Lha inggih ta Gus?” Ki Pawana lajeng
wangsulan “kula estu judheg mikir kawontenan ingkang makaten menika, tanpa
pambiyantunipun Gus Dapa mokal kula saged ngadhepi prakawis ingkang kados
makaten menika”.
“Ngene wae” wekasan kula wicanten “nek
awake dhewe neng kene mung piya-piye ngene iki, mangka tangeh bisane nemu akal
kanggo ngadhepi prakara sing kaya pedhut nutupi Kepuh Agal iki. Saiki becike,
awake dhewe bali ing papane dhewe-dhewe banjur mikir lan ndedonga marang Gusti
nyuwun pituduh apa kang kudu ditindakne. Mengko sapa sing dhisik dhewe nemu
cara bisa ngabari liyane lan tak kira Bebau ing Sidadadi lan Sambirobyong uga
prelu diwenehi ngerti perkara iki”.
Kula lajeng noleh dhateng Ki Pawit,
kalihan pitaken :
“Kados pundi menawi makaten Wa Pawit?”
“Inggih Gus, kula sarujuk kalihan
dhawuhipun Gus Pradapa menika” wangsulanipun Ki Pawit ingkang lajeng wicanten
dhateng Ki Pawana “rak ya ngono ta Baune Jangglengan?”.
“Inggih Bapa, inggih Gus, kula ndherek”
wangsulanipun Ki Pawana.
Pepanggihan ing panirat wingking menika
lajeng bibar, sedaya wangsul dhateng griyanipun piyambak-piyambak. Namung Kesit
kalihan Pikat ingkang badhe wangsul dhateng griya ingkang dipun panggeni para
andhahanipun Kyai Daka, saprelu nglajengaken anggenipun pados wartos kangge Ki
Pawana.
Kula lajeng bablas dhateng padasan,
badhe sesuci. Awit kula kemutan dhawuhipun Sawargi Bapa ingkang paring piwucal
: “ora ana barang kang abot lamun olehe ngangkat binarengan kalawan
pitulunganing Gusti”
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar