Total Tayangan Halaman

Senin, 02 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (128)


128.

        Sedaya ingkang wonten ing panirat mriku ketingal sami manthuk-manthuk pratandha sarujuk kalihan menapa ingkang kula ucapaken. Malah Ki Pawana lan Ki Pahang lajeng sami mesem, kalihan lambenipun mungel inggih-inggih wongsal-wangsul sanaosa boten patos kapireng. Ki Pawit ingkang kajawi mirengaken anggen kula wicanten ugi mirsani sikepipun Bebau kalih, Ki Pawana lan Ki Pahang, lajeng wicanten, emperipun kados tiyang ingkang ngunandika :

        “Jan ora slewah babar pisan karo Sawargi, pancen kudune sing nggenteni dadi Lurah ki ya Gus Dapa kok, nanging piye maneh wong panjenengane kudu nindakne jejibahan liya sing luwih wigati”.

        “Sampun kuwatos Wa Pawit” kula lajeng nyaut anggenipun ngunandika Ki Pawit kalihan mesem “sedaya tiyang menika sami anggenipun kagadhuhan sipat supe utawi lali, lha karana saking lali menika asring damel manah kebranang, menawi nembe kebranang manahipun tiyang  menika adhakan sok dados cupet nalaripun. Kados upaminipun inggih kedadosan ing dinten menika, Kakang Pawana tuwin Ki Bebau Pahang ingkang padatan lembah manah, dhasar nggadhuh pambegan ruruh sarwa sareh, suprandene dupi mireng menawi Paman Pahing ingkang taksih rayinipun Ki Pahang piyambak saha Paman Tanggon, Paman Tolu lan Kakang Pangkas, ingkang kaleres taksih warganipun Kakang Pawana, kaancam ing bebaya ndadosaken kekalihipun lali temah kebranang manahipun. Kula pitados, mangke ing salajengipun Kakang Pawana tamtu boten badhe makaten malih lan langkung pinter ngginakaken nalaripun, Wa. Menika pamanggih kula, samangke kados pundi dhateng Kakang Pawana anggenipun badhe nanggapi ucap kula kala wau?”.

        “Inggih Gus” Ki Pawana lajeng wicanten “samendhang datan wonten ingkang karempit anggen kula mirengaken sedaya dhawuh jengandika kala wau, sedaya boten wonten ingkang boten leres. Saupami Gus Pradapa boten tumunten paring dhawuh ingkang kados makaten kala wau, boten mokal menawi kula kalihan Ki Bau Grojoganngubal badhe manggih kawirangan, dipun gegujeng dening Danara miwah Kyai Daka. Awit saking menika, kaparenga Gus Dapa nglajengaken anggenipun paring dhawuh dhateng kula”.

        “Bares wae Kakang Pawana” kula lajeng wicanten malih “kanggo nguculi reruwet sing ngincim marang kaslametane Paman Tanggon sakanca iki mau, aku uga durung nemu cara. mBok menawa ora suwe maneh embuh aku, embuh ndika, embuh Wa Pawit utawa liyane bakal oleh pituduh kanggo ngudhari reruwet iki. Sokur yen wengi iki uga ana sing wis oleh cara, becik dirembug saiki pisan. Dene saupama durung, ya muga-muga sesuk utawa sesuke, kanthi pitulungane Gusti awake dhewe mesthi bakal nemu akal kanggo ngadhepi culikane wong sing nedya gawe cilakane Paman Tanggon sakancane kabeh”.

        “Leres menika Gus” Ki Pawit udhu pamanggih “kula sarujuk kalihan ingkang Gus Dapa dhawuhaken menika, dinten menika budidaya ingkang saged dipun lampahi nembe dumugi ngandhani Tanggon, Pahing, Tolu lan Pangkas murih ngatos-atos. Lha kados pundi salajengipun, awakipun piyambak sami-sami sesarengan ngulir pikir sinambi ngrantos pitedahing Hyang Suksma. Salajengipun, gandheng kala wau Si Kesit criyos menawi taksih wonten wartos sanes ingkang badhe dipun aturaken ing ngarsanipun Gus Dapa, menapa boten langkung prayogi menawi samenika sareng-sareng mirengaken cariyos saking Kesit lan Pikat rumiyin?”.

        “Kula sarujuk kalihan pamrayoginipun Wa Pawit menika, Wa” wangsulan kula lajeng gentos pitaken dhateng Ki Pawana “piye Kakang Pawana?”.

        “Kula ugi sarujuk kalihan ngendikanipun Bapa menika Gus” Ki Pawana wangsulan cekak.

        “Paman Kesit lan Paman Pikat, ndika bisa nutugne anggon ndika crita” kula lajeng prentah dhateng Kesit lan Pikat murih nutugaken anggenipun cariyos.

        “Inggih Gus” Pikat lan Kesit sesarengan suka wangsulan.

        “Kados atur kula ing ngajeng, bilih samangke ing griya wingking Sanggar menika, kawewahan tiyang tiga malih, ingkang criyosipun taksih sedherekipun Kyai Daka” Kesit ingkang lajeng nutugaken cariyos “inggih menika Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor”.

        “Apa kira-kira sedulur sapaguron karo Kyai Daka Paman?” kula nyelani rembag.

        “Kula kirang cetha menika Gus” wangsulanipun Kesit “ingkang kula sumerepi, mila tiyang tiga menika sami-sami nggadhahi kadigdayan ingkang langkung inggil tinimbang tiyang sanesipun, malah kinten-kinten ugi langkung digdaya tinimbang Kyai Daka”.

        “Kok ndika bisa ngarani ngono?” kula pitaken malih.

        “Jalaran saderengipun mlebet griya kempal kalihan tiyang sanesipun, ing palataran Dalemipun Kyai Daka tiyang tiga menika nedahaken kadigdayanipun, boten namung kula kalihan Pikat ingkang sumerep, nanging meh sedaya siswa lan calon siswa ingkang nuju gladhen ugi sami sumerep” Kesit mangsuli pitaken kula malih.

        “Cethanipun makaten Gus” gantos Pikat ingkang lajeng wicanten “ingkang rumiyin piyambak, naminipun Ki Jenggi. Piyambakipun nedhi dipun krubut siswanipun Kyai Daka cacah sedasa. Ngadhepi tiyang sedasa menika, Ki Jenggi babar pisan boten kangelan, sedaya panyadhuk lan pamupuhipun tiyang sedasa ingkang sesarengan maju menika boten wonten ingkang saged ngengingi raganipun Ki Jenggi. Malah kosok wangsulipun, tiyang sedasa menika sami rata pikantuk jotos utawi sadhuk saking Ki Jenggi lan ndadosaken tiyang sedasa kala wau sami dhawah klesetan dhateng siti, boten saged majeng malih”.

        “Nyata sekti tenan wong sing jenenge Ki Jenggi mau” kula wicanten alon.

        “Inggih Gus, lajeng Ki Jenggi mameraken dedamelipun ingkang wujud gada tosan” Pikat nyauti wicanten kula.

        “Gada Wesi?” kula pitaken.

        “Inggih, agengipun sapupunipun tiyang” Pikat wicanten malih “panjangipun watawis sami kalihan tanganipun tiyang, ingkang alit namung ing cepenganipun. Nalika salah satunggal saking siswanipun Kyai Daka kadhawuhan ngangkat gada menika, ketingal menawi radi kawratan. Nanging ing tanganipun Ki Jenggi, gada menika ketingal namung kados cuthik kemawon dipun undha lan dipun obat-abitaken ing awang-awang nuwuhaken suwanten gemrubug damel kekesipun ingkang sami ningali”.

        “Kuwi sing jenenge Ki Jenggi?” kula pitaken malih.

        “Inggih Gus” ingkang wangsulan gentos Kesit “ingkang kaping kalih naminipun Ki Lembong. Sami kalihan Ki Jenggi, Ki Lembong nedhi mengsah tiyang sedasa, sedaya dipun kengken mandi dedamel, kenging pedhang, tumbak lan sanes-sanesipun. Sawatawis Ki Lembong namung lelawaran boten nyepeng menapa-menapa. Lan tiyang sedasa ingkang sami nyepeng gegaman pedhang lan tumbak kangge ngrubut Ki Lembong menika, dereng ngantos angsal seket jurus, sedaya sampun sami njengkilang dhawah ngathang-athang, sanaosa boten wonten ingkang nandhang tatu awrat, nanging sedaya sampun sami ketelasan tenaga, boten saged nutugaken ngrubut Ki Lembong malih”.

        “Sajake sing jeneng Lembong kuwi ya nduweni kasekten sing nggegirisi Paman?” kula nyelani rembag.

        “Inggih Gus, kajawi menika Ki Lembong ugi nggadhahi dedamel ingkang wujud tumbak sekti ingkang dede sabaening tumbak” Kesit suka wangsulan.

        “Dudu sabaene tumbak kepriye ?” kula pitaken malih.

        “Tumbak menika, landheyanipun saking kajeng Kukun, dipun ukir ketingal gilap, dipun entra wujud badanipun sawer, sirahing sawer arupi landhepipun tumbak ingkang kados ilatipun sawer sawatawis siyunging sawer kalih wujud grenthelaning tumbak” Kesit nyariyosaken tumbakipun Ki Lembong “lan ingkang sakalangkung nggegirisi malih, nalika tumbak kala wau dipun uncalaken ing siti, dumadakan saged santun warni dados sawer bandhotan sawentis agengipun ingkang gulunipun saged mekrok, saged ngadeg ngantos kalih protiganing badanipun, nyander-nyander lan ngemprosaken upas. Saha saged dipun kendhalekaken dening ingkang gadhah nuwun inggih Ki Lembong menika”.

        Kraos miris salebeting manah kula mireng cariyosipun Kesit ingkang ngojahaken kasektenipun Ki Jenggi lan Ki Lembong ingkang criyosipun taksih sedherekipun Kyai Daka menika. Nanging raos miris menika nunten kula sirep kalihan ngemut-emut dhawuh piwucaling wewarah kina ingkang nate kula waos ing lontar ingkang kasimpen ing gothakanipun Bapa. Piwucal ingkang nyebataken bilih sura sudira jayaningrat swuh brastha tekaping ulah darmastuti. Badhea sekti bebasan kekadang dewa kekendhit mimang, manawi lampahipun cengkah kalihan dhawuhing Allah mangka boten badhe lana. Boten benten kalihan kados menapa anggenipun nggegirisi aji Candhabirawa agemanipun Prabu Salya duk perang Bharatayuda, ewa samanten tanpa daya babar pisan sareng ngadhepi Prabu Yudhistira ingkang nyata nggadhuh manah ingkang suci. Kanthi ngemuti piwucal kina ingkang makaten menika, sakala raos miris ing manah lajeng ical, gantos raos pasrah dhateng purbaning kawasa kanthi anyenyuwun mugi kaparingan karahayon ing donya prapteng delahan.

        “Lan ingkang kaping tiga naminipun Ki Dodor, Gus” Kesit nglajengaken anggenipun cariyos “benten kalihan Ki Jenggi menapa dene Ki Lembong, Ki Dodor ingkang nggendhong keba ageng ing gegeripun menika, namung cucul rasukan, keba ingkang dipun gendhong dipun selehaken. Lajeng mapan linggih nyingkur tiyang-tiyang ingkang waunipun dipun adhepi, kalihan kengkenan dhateng para siswa, sinten kemawon kenging ndhawahaken Tumbak utawi pedhang dhateng gegeripun Ki Dodor, menawi saged damel tatu badhe dipun sukani ganjaran. Kathah para siswanipun Kyai Daka ingkang nyobi, nanging boten wonten ingkang saged damel tatu ing gegeripun Ki Dodor”.

        “Yen mangkono sekti tenan sing jeneng Ki Dodor kuwi Paman?” kula nyelani wicanten.

        “Inggih Gus” wangsulanipun Kesit ingkang lajeng dipun sambet “lha keba ingkang wau dipun gendhong ing gegeripun Ki Dodor, menika jebul isi gegamanipun Ki Dodor. Nalika keba dipun suntak, isinipun sawer-sawer mandi, kados panunggalanipun sawer weling, sawer welang, badhotan, dumung, luwuk lan sapiturutipun. Cacahipun kathah. Pepuletan kados benang ruwet nika. Nanging kanthi gampil Ki Dodor ngrayuki sawer-sawer kala wau, lan anehipun malih sawer-sawer kasebat lulut lan manut dipun prentah dening Ki Dodor, inggih awit saged ngereh sawer-sawer kathah menika, lajeng Ki Dodor mastani bilih sawewr-sawer menika mila dados dedamelipun menawi ngadhepi mengsah”.

        “Pancen yen krungu apa sing ndika critakne iku mau, gelem ora gelem, awake dhewe kudu ngakoni yen Kyai Daka lan Lurah Danara pancen nduweni kekuwatan kang nggegirisi” kula nanggapi cariyosipun Kesit lan Pikat “lan mesthine crita ndika isih akeh maneh, saiki ndika tutugne, sajake Ki Bebau Jangglengan lan Bebau Grojoganngubal wis ora sabar kepengin ngerti tutuge crita ndika iki”.

        “Lha menika ingkang kalebet sakalangkung wigatos Gus lan kula kinten langkung mbebayani katimbang bebaya ingkang ngarah dhateng Kakang Tanggon lan kanca-kancanipun wau” Kesit suka wangsulan lan badhe nutugaken anggenipun cariyos.

 

 

Ana candhake

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...