127.
Kajawi menika kula ugi nggagas samanten
menggah awoning tekunipun Kyai Daka lan Ki Danara. Cetha bilih tiyang-tiyang
kala wau sampun nyiyagakaken cara kangge ngrebut panguwaos ing Dhusun Kepuh
Agal menika. Ketingalipun sedya awon menika mila sampun wonten wiwit jaman Bapa
taksih wonten. Namung kemawon dereng manggih kalodhangan ingkang trep kangge
nindakaken anggenipun badhe ngrebat panguwaos kasebat. Kula lirik, Ki Pawit, Ki
Pawana lan Ki Bebau Grojoganngubal, tetiganipun ketingal menawi sami seser
nalaripun, ketitik saking njengkeruting bathuk saha menceringing netranipun.
“Meh kemawon kesupen Gus” Dumadakan
Kesit ingkang kala wau kendel awit anggenipun cariyos dipun gentosi Pikat,
wicanten.
“Apa kuwi Paman?” pitaken makaten menika
kados medal tanpa kula sengaja.
“Ki Danara sakalangkung ngigit-igit
dhateng Kakang Tanggon, Kakang Pahing, Adhi Pangkas saha Kakang Tolu. Malah
kanthi sesidheman Ki Lurah Danara sampun marentahaken dhateng siswa-siswa
ingkang dados andhahanipun menika murih nglimpe lan damel cilakanipun Kakang Tanggon
lan kanca-kancanipun kasebat. Namung sampun ngantos wonten bukti bilih ingkang
damel cilakanipun Kakang Tanggon sakanca menika piyambakipun” wicantenipun
Kesit mangsuli pitaken kula.
“Mesthine ana sabab sing ndadekne Ki
Lurah Danara ngigit-igit marang Paman Tanggon lan kanca-kancane kuwi, banjur
apa sing dadi jalarane Paman Kesit?” kula pitaken malih.
“Menika jalaran Lurah Danara mireng
pawartos, duka saking sinten kula boten ngertos” Kesit wangsulan malih “bilih
ingkang ngujuk-ujuki para siswa lan para calon siswa sami kendel anggenipun
tumut gladhen ulah kanuragan ing Sanggaripun Kyai Daka menika Kakang Tanggon
malah kabar bilih Ki Panulad badhe mbikak Paguron Kanuragan menika ugi sampun
kapireng dening Kyai Daka lan Lurah Danara, criyosipun ingkang sami ajak-ajak
siswa lan calon siswanipun Kyai Daka ngalih tumut Paguronipun Ki Panulad menika
Kakang Pahing, Kakang Tolu miwah Adhi Pangkas. Miturut kojahipun para
bramacorah andhahanipun Lurah Danara ingkang nampi prentah menika, Kakang
Tanggon kaanggep murid murtad ingkang kedah dipun pejahi, jalaran saged damel
bebayanipun paguron”.
Kula rumaos kaget mireng critanipun
Kesit ingkang pungkasan menika. Lekasipun Ki Lurah Danara ingkang makaten
menika cetha menawi mbebayani sanget. Kula tingali Kakang Pawana, Ki Pawit lan
Ki Pahang ugi kaget manahipun, malah kepara kajawi kaget ugi sami panas
manahipun, ketitik Ki Pawana lan Ki Pahang lajeng mbrabak abrit praupanipun,
untunipun dipun gegetaken. Ingkang makaten menika mila limrah, jalaran
tiyang-tiyang ingkang badhe dipun damel cilaka dening Lurah Danara menika
sedaya taksih wonten sambeting sedherek kalihan Ki Pawana lan Ki Pahang. Malah
Paman Pahing menika rayinipun Ki Bebau ing Grojoganngubal.
“Licik, keparat lan murang tata si Bebau
Danara” kalihan nggeget untu Ki Pawana wicanten kados namung katujokaken
dhateng awakipun piyambak “mumpung durung kebacut, sesuk sadurunge srengenge
njedhul saka sisih wetan, Danara kudu wis bisa tak rangket lan diadili ing
Pendhapa Kalurahan, aku minangka sesulihe Sawargi Ki Lurah, bakal tak tuduhne
kuwanenku, dudu mung Danara dhewe wong lanang ing Kepuh Agal iki………..”.
“Aja ijen Ki Jangglengan, nek budhal
menyang Sidamulya” kalihan sikep ingkang
sami Ki Bebau Grojoganngubal nyaut wicantenipun Ki Pawana “aku melu, nek prelu
ora sah ndadak ngenteni sesuk, saiki wae awake dhewe budhal nggoleki menungsa
murang tata kuwi. Aku ya ora wedi nek mung tandhing karo Danara wae, malah nek
prelu sak Kyai Daka pisan aku ya wani”.
“Sabar dhisik Kakang Pawana, sareh Ki
Pahang” nyumerepi glagat ingkang kados makaten menika kula lajeng wicanten
ngedhem ingkang nembe benter manahipun.
“Sabar pripun malih ta Gus?” ingkang
semaur rumiyin malah Ki Bebau Grojoganngubal, suwantenipun nedahaken menawi
manahipun nembe benter saestu “niki sambetipun kalih nyawa, nyawane adhi kula
menapa, ajenga rupane kados napa mawon, Pahing niku adhi kula, dulur lanang
kula, saderenge ramak kalih simbok pejah siyen, keslametane Pahing dipun titipaken
dhateng kula minangka sedherekipun sepuh. Sampun malih ngantos wonten ingkang
badhe mejahi Pahing, senadyan namung badhe ngganggu sapucuking rambutipun
Pahing mawon, kula boten ajeng lila”.
“Samanten ugi kula Gus” boten kawon
serengipun, Ki Pawana numpangi rembagipun Ki Pahang “Tanggon kalihan Tolu
menika warga Jangglengan ingkang dados tanggel jawab kula, malah si Pangkas
menika taksih kaprenah ponakanipun semah kula. Saupami lekasipun Tanggon, Tolu
menapa dene Pangkas menika kaanggep lepat, mesthinipun Danara saged manggihi
kula. Dipun rembag kanthi sekeca pripun murih saenipun, menawi ta lare tiga
menika panggah kaanggep lepat lan kedah nampi pidana, dede Danara ingkang
wenang ndhawahaken pidana dhateng warga Jangglengan, nanging kula ingkang
sedaya tiyang sampun sami sumerep menawi kula menika sampun pinitados minangka
Pamongipun Warga Jangglengan sedaya. Nanging ingkang dipun lampahi Danara
menika cetha menawi sampun nrajang pranatan, nerak paugeraning Dhusun Kepuh
Agal, menika kedah dipun adhepi kanthi cara satriya. Kedah dipun rangket lan
dipun adili, jumbuh kalihan pranatan lan paugeraning Dhusun Kepuh Agal”.
“Aku tak genti melu guneman” boten dangu
kalihan anggenipun wicanten Ki Pawana, Ki Pawit lajeng tumut wicanten “aku ora
maido, kaya apa panasing atine Baune Pawana lan Bebau Grojoganngubal krungu
critane Kesit lan Pikat iki mau. Nanging, mbok aja kaya bocah cilik, eling sing
mbok ajak guneman kuwi sapa? Nek sing mbok sauri karo tembung sing padha
diucapne mau kuwi aku utawa liyane ngono wae isih keneng diarani lumrah, Lha
bareng sing mbok ajak guneman kuwi putrane Sawargi Ki Lurah Kepuh Agal ? Gek
kamangka mau Gus Pradapa durung ngendika apa-apa kajaba mung ngongkon supaya
padha sabar lan sareh dhisik. Lha kok wis padha muni-muni ora karuwan, ngumukne
kaprawiran, gek olehe padha mapanake deduga kuwi ana ngendi he?. mBok padha
nduweni tata krama, ora kaya wong alasan ngono kuwi, banjur bedane ana ngendi
antarane Bebau ing Kepuh Agal andhahane Sawargi Ki Lurah sing wicaksana, karo
Brandhal alasan sing ora tau sinau tata krama?. Sepira ta angele ngrungokne apa
sing arep didhawuhake Gus Pradapa? Kok malah padha semaur sing mung nuruti ati
buteng kaya wong sing cekak nalare wae”.
Dipun srengeni dening Ki Pawit makaten
menika, kawewahan rumaos kasoran lan prabawanipun Ki Pawit, Bebau Jangglengan
lan Bebau Grojoganngubal lajeng sami ndhingkluk, tumungkul ketingal ajrih.
nDadosaken manah kula radi kirang sekeca.
“Nyuwun pangapunten Gus” Ki Bebau
Grojoganngubal lajeng wicanten alon lan alus dhateng kula “kabekta saking
bentering manah temah ndadosaken kula supe, kula nyuwun pangapunten”.
“Makaten ugi kula Gus Pradapa” dereng
ngantos kula wangsulan dhateng Ki Pahang, karumiyinan Ki Pawana ingkang ugi
wicanten kalihan suwanten ingkang boten kawon alusipun “saking cubluking manah
kula, cupeting nalar lan pangertosan kula, ngantos kula wantun degsura ing
ngarsanipun Gus Dapa, inggih labet mireng kabar ingkang boten ngremenaken ing
manah kula. Mugi Gus Pradapa keparenga paring pangaksami dhateng kula lan
kersaa nglajengaken anggenipun badhe paring dhawuh dhateng kula”.
“Ko Bebau Grojoganngubal lan Kakang
Pawana” kula wangsulan mawi suwanten ingkang sareh “aja padha kaduk ati anggon
ndika nampa dhawuhe Wa Pawit mau. Awit tenane ngono, aku mung arep aweh
pamrayoga marang Ki Kepuh Agal Kapindho, sing luwih nduweni wewenang tinimbang
aku. Mesthi wae pamrayogaku iki ya mung murih luwih becike miturut panemuku,
nek miturut panemune Kakang Pawana pantes dienggo ya mangga dienggo
bebakalaning tetimbangan, dene yen ora pantes dienggo, ora dienggo aku ya ora
apa-apa”.
“Inggih Gus, pamrayogi saking Gus Dapa
saestu sanget kula betahaken” Ki Pawana wicanten munggel rembag kula “awit
saking menika, mugi tumulia kadhawuhaken, kula badhe mirengaken kanthi saestu”.
“Iya Kakang” wangsulan kula ingkang
lajeng kula tutugaken kalihan wicanten “ya gene aku mrayogakne marang ndika
supaya sabar dhisik lan sareh dhisik?. Sing sepisan, katone kabar sing digawa
Paman Kesit lan Paman Pikat ora mung sing wis dikandhakne mau kabeh, nanging
mbok menawa isih ana kabar liyane sing uga ora kalah wigatine. Dadi aja nganti
kabar sing durung dikandhakne mau katutup merga anggon ndika sing wis kebacut
nggagas kabar bab Paman Tanggon sakancane mau”.
“Mila leres makaten Gus” Kesit ingkang
wiwit wau namung kendel nyumerepi Ki Pahang lan Ki Pawana sami muring, nyelani
anggen kula wicanten “taksih wonten kabar ingkang dereng kula aturaken”.
“Iya Paman Kesit” wangsulan kula kalihan
mesem “nanging mengko wae yen aku wis rampung rembugan karo Ki Pawana, lagi
ndika kandhakne maneh”.
“Inggih Gus, nyuwun pangapunten”.
“Sabanjure kang kaping pindho Kakang
Pawana” anggen kula wicanten kula lajengaken “ngudhari reruwet kuwi sarate kudu
sabar, kudu nggunakne nalar sing resik, pikiran kang wening. Ora kena grusa-grusu
kaburu swaraning napsu. Luwih-luwih kok karo nesu, kuwi banget mbebayani.
Kurang-kurang bejane bisa kaya wong ngglandhang carang saka pucuk, carange ora
bisa kegeret malah bisa gawe horege barongan sing ndadekne ora becike kahanan.
Coba saupama ndika sakloron klakon kepethuk karo Lurah Danara, banjur Danara
arep ndika rangket kanthi pandakwa arep gawe cilakane Paman Tanggon sakancane,
apa ndika ngira banjur dadi adu atosing balung wuleting kulit antarane Lurah Danara
mungsuh Kakang Pawana utawa Ki Pahang ?. Ora Kakang!. Lurah Danara kae muride
Kyai Daka sing julig. Pandakwa ndika bisa wae diselaki, Lurah Danara api-api
mbodhoni, awit pandakwa ndika tanpa bukti, ndika bisa diarani ngawu gawar mung
arep golek perkara. Apa ndika ora arep kawirangan ? nDika arep kandha yen sing
nggawa kabar kuwi Paman Kesit utawa Paman Pikat? Sansaya ora cetha maneh kuwi
Kakang, ndika kirim telik sandi banjur diblakakne marang wong sing ndika
sujanani…….”
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar