126.
Ki Pawana lan sanes-sanesipun nunten mapan linggih, pados papan piyambak-piyambak. Ingkang wonten ing mriku sedaya cacah nenem, anggenipun linggihan kupeng meh adu jengku dados inggih boten mbetahaken papan wiyar lan menawi guneman cekap mawi suwanten ingkang boten banter.
“Nyuwun pangapunten Gus Dapa” sareng sampun radi sawatawis Ki Pawana lajeng wicanten “kala wau kula sampun semadosan kalihan Bapa, menawi bakda serap badhe mriki. Andilalah wonten tamu, ingkang radi dangu anggenipun ngajak rembagan kula”.
“nJanur Gunung ana tamu sing teka ing wanci bubar surup” Ki Pawit nyauti wicantenipun Ki Pawana, lajeng pitaken “tamu saka ngendi kuwi?”.
“Bebau Sidamulya Bapa” wangsulanipun Ki Pawana “piyambakipun ngajak rembagan prakawis kepyakan Lurah enggal ing Kepuh Agal mriki, Ki Danara dereng mangertos menapa api-api dereng mireng kabar kula boten mangertos, awit ingkang dipun kajengaken Lurah enggal ingkang badhe dipun kepyakaken menika Gus Pradapa”.
“Banjur Kakang Pawana kepriye nggone aweh wangsulan marang Ki Danara?” kula gentos ingkang nakeni Bebau Jangglengan menika.
“Kula boten suka wangsulan menapa-menapa Gus” wangsulanipun Ki Pawana “awit rembagipun Ki Danara prasasat boten kenging dipun selani, namung wicanten kados suka kabar dhateng kula kemawon. Nanging sareng kula semak radi dangu, rembagipun Ki Danara kala wau kados rembagipun tiyang ingkang ewah nalaripun, rembagipun kepireng menawi sanget anggenipun ngayawara, dados kula inggih lajeng mendel boten kepengin suka wangsulan menapa-menapa. Malah nalika Ki Grojoganngubal badhe nanggapi anggenipun cariyos Ki Danara, lajeng kula jawil murih murungaken kekajenganipun”.
“Tembunge Ki Danara akeh sing ngayawara, cethane kepiye kuwi Kakang?” kula lajeng pitaken malih.
“Ki Danara cariyos, bilih wekdal menika Rama saha kadang angkatipun Gus Pradapa inggih menika Raden Sentani lan Raden Gunendra, kadhawuhan dening Kyai Nagaraga momor ima-ima, nalusup dhateng Kraton Kutha Gedhe Mataram, nyidra pusaka Dalem Panembahan Senapati ingkang nama Dhuwung Kyai Jakapiturun. Dados kawontenanipun Raden eh, Gus Pradapa wekdal menika kenging kawastanan sampun ringkih lan tanpa daya jalaran boten wonten ingkang dipun andelaken paring bebantu menawi Gus Pradapa ngadhepi mengsah. Ki Danara ugi cariyos, bilih saged ugi Raden Sentani miwah Raden Gunendra wangsul dhateng Patalan kantun asma kemawon, jalaran wekdal menika Kyai Jakapiturun ingkang badhe dipun cidra menika, dipun reksa dening Danyang Gunung Merapi ingkang wujud Jim, nami Kyai Dandang Tembaga, ingkang kasektenipun boten wonten ingkang saged nandhingi”.
“Walah-walah, gek crita olehe nemu ana ngendi Ki Lurah Danara kuwi?” kula nyelani rembag kalihan mesem.
“Awit saking menika, kula wantun mastani rembagipun Ki Danara kados rembagipun tiyang ingkang ewah nalaripun jalaran mendem kecubung menapa kekathahen anggenipun ngombe arak" Ki Bebau Jangglengan semaur ugi kalihan mesem.
“Sabanjure kepiye? Jare ngajak ngrembug perkara kepyakan Lurah anyar?” Ki Pawit gentos ingkang mundhut pirsa.
“Lha sasampunipun Ki Danara criyos kados kasebat wau, lajeng wicanten menawi kasugenganipun Gus Pradapa kedah dipun reksa sesarengan. Kula inggih mangsuli leres. Lajeng miturut pitedah saking Kyai Daka, Gus Pradapa kedah tumunten kakepyakaken anggenipun jumeneng Lurah ing Kepuh Agal menika, dene salah satunggaling sarat kepyakan, Gus Pradapa kedah kinucuran sawabipun Pusaka Kyai Pantek lan ingkang saged mratitisaken kumucuring sawabipun Kyai Pantek dhateng Gus Pradapa menika namung Kyai Daka. Awit saking menika sadinten saderengipun upacara kepyakan Lurah enggal kaleksanan, Kyai Pantek kedah sampun mapan ing griyanipun Kyai Daka rumiyin. Gandheng kula menika dugi sapriki taksih jejer minangka suhing para Bebau ing Kepuh Agal lan sesulihing Sawargi Ki Lurah, dening Ki Danara dipun suwun ngaturaken menika dhateng Gus Pradapa” Ki Pawana mungkasi anggenipun nyariyosaken rembagipun Ki Danara.
Mireng cariyos saking Ki Pawana makaten menika, kula lajeng kengetan dhawuh welingipun Eyang Nyai Pandhanwangi ing pasupenan kala samanten. Inggih menika bab pepenginanipun Kyai Daka saged nguwaosi Dhuwung Kyai Pantek. Kula ugi kengetan kalihan dhawuhipun Nyai Pandhanwangi malih bilih kula badhe nampi pacoben saking Gusti Ingkang Maha Agung, menawi ngantos kula boten lulus awit wontenipun pacoben menika, mangka kula badhe pejah nistha kaningaya. Kengetan ingkang pungkasan menika, manah kula dumadakan kraos trataban, mila kula lajeng nyenyuwun ing salebeting manah, inggih menika nyenyuwun pitulunganing Gusti mugi kula saged kaparingan kiyat salebeting ngadhepi pacoben mangke.
“Arepa kaya ngapa rembuge Bebau ing Sidamulya kuwi mbutuhake kawigaten kang mirunggan, jalaran awake dhewe kudu ngerti ana apa ing waliking rembuge Ki Danara kaya kang mbok critakne kuwi mau yen digandhengake karo sikep aneh sing ditempuh dening Ki Danara lan Kyai Daka keri-keri iki” Ki Pawit ananggapi cariyosipun Ki Pawana, lajeng wicanten dhateng kula “harak inggih makaten ta Gus?”.
“Mila makaten Wa” wangsulan kula cekak.
“Nanging prakawis ingkang magepokan kalihan cariyos kula menika wau saged dipun rembag mangke Gus” Ki Pawana wicanten malih “jalaran wonten wartos sanes ingkang magepokan kalihan Ki Danara saha Kyai Daka, ingkang ugi mbetahaken kawigatosan ingkang saestu”.
“Warta bab apa maneh kuwi Kakang?” kula pitaken.
“Lha menawi menika, dede kula ingkang kedah nyariyosaken” Ki Pawana lajeng wangsulan sarwi nyawang dhateng Kesit lan Pikat, saha kasambet prentah dhateng tiyang kalih menika “Kesit karo Pikat, saiki aturna kabeh apa sing wis padha mbok weruhi lan mbok rungokne ana ing Sanggare Kyai Daka, marang Gus Pradapa aja nganti ana kang kacicir”.
Kesit lan Pikat sami sawang-sawangan sakedhap, lajeng Kesit wiwit wicanten dhateng Ki Pawana :
“Inggih Ki Bau” Kesit nginger anggenipun linggih gentos madhep dhateng kula lajeng wicanten malih “Cariyosipun makaten Gus, wiwit kinten-kinten sedasa dinten kapengker, inggih let kalih dinten saking sedanipun Ki Lurah, kula kalihan Pikat langkung asring manggen ing griya enggal ingkang dipun panggeni siswa-siswanipun Kyai Daka ingkang saking sanjawining Kepuh Agal nika. Awit dening Ki Lurah Danara, kula lan Pikat kaparentah resik-resik griya saha cecawis lan ngladosi tedhanipun siswa-siswanipun Kyai Daka kala wau”.
“Iya Paman, aku ya wis krungu saka Wa Pawit bab anggon ndika sakloron magang ing Sanggare Kyai Daka, sauntara calon-calon siswa akeh sing wiwit aras-arasen sinau ulah kanuragan ing kono. Sajake sing manggon neng omah sing ana mburine Sanggar kae akeh ya?” kula nyelani rembag kalihan pitakenan.
“Ingkang criyosipun anggenipun dugi langkung rumiyin wonten selikur lajeng ingkang enggal wonten nem likur tiyang Gus, dados sedaya wonten sekawan dasa pitu. Lajeng sekawan dinten kapengker, dugi malih tiyang tiga, menika dede siswa nanging criyosipun taksih sedherekipun Kyai Daka. Naminipun Ki Jenggi, Ki Lembong lan setunggal malih Ki Dodor. Dados ingkang manggen ing griya nika sakniki sedaya wonten seket” Kesit mangsuli pitaken kula.
“Iya saiki tutugna anggon ndika crita” kula wicanten malih.
“Sareng kula kalih Pikat ngertos piyambak” Kesit nglajengaken anggenipun cariyos “mila sampun pantes menawi kathah siswa lan calon siswa ing Sanggaripun Kyai Daka ingkang lajeng boten betah, malah kula lajeng gadhah panginten menawi ingkang criyosipun murid utawi siswa saking Kyai Daka menika boten leres, ketitik saking anggenipun ngecakaken jurus nalika nyukani gladhen dhateng para siswa lan calon siswa ingkang asalipun saking Kepuh Agal, setunggal kalihan setunggalipun benten-benten jurusipun. mBok menawi pamanggihipun Kakang Tanggon ingkang dipun aturaken dhateng Ki Bau Jangglengan, bilih tiyang-tiyang nika ingkang leres para durjana ingkang dados andhahanipun Ki Lurah Danara, menika mila leres. Ketitik kajawi caranipun wicanten ingkang kasar lan dhemen ngumbar tembung saru sarta solah bawanipun ingkang tebih saking unggah-ungguh, kula kerep mireng anggenipun sami reraosan kalihan sesamining rencangipun, bab anggenipun sampun nyikara tiyang, damel pepejah saha anggenipun sampun ngrodhapeksa tiyang estri saderengipun dipun pejahi, sedaya menika kados-kados dipun pameraken dhateng rencangipun. Lan rencangipun ugi ngimbangi mawi cariyos ingkang meh sami”.
Kesit kendel anggenipun cariyos, ketingalipun gorokanipun kraos sangklit, piyambakipun lajeng nyepeng cangkir kopinipun, dipun sruput kangge nelesi gurungipun.
“Lha duginipun tiyang-tiyang niku ing Sanggaripun Kyai Daka” gentos Pikat ingkang nyambet wicantenipun Kesit “kula mireng anggenipun reraosan tiyang-tiyang kasebat, criyosipun badhe dipun ajak nyambut damel dening Ki Danara. Nyambut damel menapa inggih dereng cetha, ingkang manggenipun ing Kepuh Agal. Wancinipun nyambut damel inggih ngentosi wekdal ingkang pas. Miturut anggenipun sami reraosan, menawi sampun rampung anggenipun nyambut damel menika, mangka sedaya badhe angsal undhuh-undhuhan ingkang ageng. Wujud sabin lan pategilan ingkang wiyar, wonten ugi ingkang badhe pikantuk pangkat. Nanging inggih menika kala wau……”.
Pikat inggih lajeng kendel anggenipun criyos, awit sampun ngelak lan kados Kesit, Pikat lajeng nyruput wedangipun.
“Nanging kepiye Paman…….?” Kula nyela rembag kalih mesem “kok malah banjur meneng iki?”.
“Nanging inggih menika wau Gus, wancinipun dereng pas, jalaran ing Kepuh Agal mriki menika ingkang dipun ajrihi dening Kyai Daka lan Ki Lurah Danara wonten setunggal, inggih menika Gus Pradapa piyambak. Criyosipun tiyang-tiyang ingkang sami reraosan kala wau, Ki Lurah Danara nate criyos sanaosa ing ulah kanuragan Gus Pradapa menika boten wonten menapa-menapanipun, nanging Gus Pradapa kagungan kalpika ingkang dayanipun kados Aji Dipa Paweling, ingkang sawanci-wanci saged kangge ngrawuhaken sedherekipun angkat ingkang nami Raden Gunendra miwah tiyang sepuhipun inggih menika Raden Sentani. Kamangka tiyang kalih menika kasektenipun bebasan saged anjara langit, mila Ki Lurah Danara lan Kyai Daka sakalangkung ing ajrihipun” sasampunipun nyriput wedangipun Pikat nglajengaken anggenipun cariyos.
Salebeting manah kula mesem piyambak, jebul Ki Danara lan Kyai Daka pitados sanget dhateng rembag kula kala samanten ingkang estunipun namung tembung ingkang dora lan ngayawara.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar