125.
Sampun sedasa dinten anggenipun Bapa
seda, Dalem Kalurahan kraos langkung sepen. Para abdi lan para rewang ketingal
taksih dereng ical raos sedhihipun, menapa malih kula ingkang samangke sampun
lola. Saenipun para Bebau, Sapukawat, sinoman lan sesepuh ing Kepuh Agal saben
dinten gentosan sami dugi dhateng Dalem Kalurahan ngajak jagongan kula, ingkang
makaten sakedhik-sakedhik saged nglipur manah lan nyuda raos sedhih. Wonten
sakedhik raos ngganjel ing manah kula, Ki Danara menapa dene Kyai Daka babar
pisan boten katingal menapa malih tumut suka tembung bela sungkawa. Nanging
badhe kula criyosaken dhateng Ki Pawana utawi Bebau sanesipun, kok rumaos kula
kirang pantes. Dados inggih panggah kula endhem kemawon dados ganjelan
salebeting manah kula piyambak.
Sonten menika ing pangangkah kula badhe
dhateng griyanipun Ki Pawit, badhe kula aturi murih ngrantam upacara kepyakan
inggih menika ngepyakaken Ki Pawana minangka Lurah enggal nggentosi Bapa.
Ingkang makaten menika jalaran nalika kula ngengken Ki Pawana ingkang minangka
sulihing Bapa ing reh parentah Kepuh Agal, murih tumunten ngempalaken sedaya
Bebau, Sapukawat lan Sinoman lan Sesepuh Kepuh Agal saprelu kabiwarakaken
sedaya dhawuh pungkasan saking Bapa, magepokan kalihan kalenggahaning Lurah
ingkang sampun kapasrahaken dhateng piyambakipun, Ki Pawana taksih dereng saged
suka wangsulan. Malah nalika kula kengken murih boyong dhateng Kalurahan ugi
taksih semados kemawon.
Nanging nembe kemawon kula rampung
ngayahi jejibahan manembah ing wanci seraping surya lan badhe bidhal dhateng
griyanipun Ki Pawit, ketingal Ki Pawit malah ndugeni Dalem Kalurahan. Ki Pawit
bablas minggah dhateng Pendhapa lan mapan linggih ing mriku. Kula tumunten
anyaketi kados padatan menawi wonten tamu utawi tiyang ingkang dumugi ing
Pendhapa Dalem Kalurahan.
“Kaleresan sanget Wa Pawit” wicanten
kula sasampunipun mapan linggih ing sacaketipun Ki Pawit “estunipun kula wau
badhe sowan Wa Pawit dhateng dalem, lha menika Wa Pawit malah sampun rawuh
mriki dados inggih kaleresan sanget”.
“Inggih ta Gus?” wangsulanipun Ki Pawit
kalihan mesem “niki wau kula sampun semadosan kalihan Baune Pawana lan Ki Bau
Grojoganngubal, sakedhap malih rak sami dugi”.
“Sampun semadosan kalihan Kakang Pawana
lan Ki Pahang Wa?” kula pitaken “sajakipun wonten prakawis ingkang badhe dipun
rembag ing mriki?”.
“Inggih Gus” Ki Pawit wangsulan lajeng
pitaken dhateng kula “mosok Gus Dapa dereng ngraosaken?”.
“Ngraosaken bab menapa Wa?” kula wangsul
pitaken.
“Ngengingi Bebau ing Sidamulya menika
lho Gus” Ki Pawit wangsulan kanthi nyebat naminipun Ki Lurah Danara.
“Estunipun boten namung Ki Danara
ingkang dados angen-angenan kula Wa, malah Kyai Daka ugi kula gagas” wangsulan
kula nyuntak ganjelaning manah “kala Biyung seda, Kyai Daka boten purun nglayat
kanthi pawadan badanipun kirang sekeca. Samangke sareng Bapa seda, piyambakipun
ugi boten purun atur pakurmatan. mBok menawi pawadanipun nalika nyarengi Bapa
seda menika Kyai Daka lan Lurah Danara nuju boten ing griya. Sok makatena,
mesthinipun menawi boten wonten pambeng ingkang sakalangkung wigatos,
sasampunipun dugi griya harak inggih saged dugi mriki. Nanging kekalihipun
babar pisan malah boten ngatingal lho Wa?”.
“Miturut kabar ingkang kula tampi saking
lare-lare” Wa Pawit lajeng wicanten malih “estunipun let sedinten saking
sedanipun Ki Lurah kala samanten, Ki Danara lan Kyai Daka sampun wangsul saking
anggenipun kekesahan. Malah kabaripun kanthi kadherekaken siswa-siswa lami
ingkang suwaunipun mapan ing sanjawining Kepuh Agal mriki, watawis wonten
selangkungan tiyang…..”.
“Tiyang selangkung Wa?” kula nigas
rembag kalihan pitakenan “kamangka saderengipun menika, ingkang criyosipun
siswa-siswa saking sanjawining Kepuh Agal sampun dumugi watawis kalih dasa
lajeng kadamelaken griya ing pekarangan sawingkinging Sanggar ?”.
“Mila saking menika Gus” Wa Pawit
mangsuli pitaken kula “awakipun piyambak kedah waspada, awit taksih kathah
kabar sanes ingkang magepokan kalihan Kyai Daka lan Ki Danara menika. Mangke
menawi Pawana kalihan Bebau Pahang sampun dugi kemawon dipun tutugaken
anggenipun ngrembag bab menika”.
“Kula nuwun, kula ingkang sowan Gus….” Dereng
ngantos kula mangsuli wicantenipun Wa Pawit, dumadakan wonten tamu ingkang
lajeng minggah pendhapa. Wa Pawit ketingal radi kaget, lajeng ngadeg ningali
sinten ingkang nembe dugi menika.
“Elho Kesit ta iki?” Ki Pawit pitaken
dhateng ingkang nembe dugi “arep sowan Gus Pradapa apa nggoleki aku?”
“Inggih Kyai” wangsulanipun ingkang
nembe dugi kala wau, jebul nem-neman Kepuh Agal ingkang naminipun Kesit “nyuwun
pangapunten, menapa Ki Bau boten wonten mriki Kyai?”.
“Sapa? Baune Jangglengan ?”
“Inggih”
“Ana apa ta?” Ki Pawit pitaken malih.
“Nyuwun pangapunten Kyai” Kesit atur
wangsulan suwantenipun alon sanget nanging taksih saged dipun mirengaken “kula
kalihan Pikat kala wau enjing kadhawuhan dening Ki Bau pados kabar, menawi
sampun pikantuk kapurih ngaturaken nanging boten ing griyanipun Ki Bau,
criyosipun kula kapurih nusul dhateng Dalem Kalurahan, makaten”.
“Ooo ngono?” Ki Pawit lajeng pitaken
malih “lha Pikat saiki ana ngendi?”
“Taksih dhateng Regol kempal kalihan
tiyang-tiyang ingkang sami rondha”
“Pikat ajaken mrene pisan, kandhaa yen
ditimbali Gus Pradapa, ngono ya?”
“Inggih Kyai” wangsulanipun Kesit ingkang
lajeng mandhap badhe madosi Pikat ing Regol ngajeng.
“Ketingalipun badhe wonten kabar enggal
malih Gus” kalihan wangsul mapan linggih ing papanipun wau, Ki Pawit wicanten
dhateng kula.
“Inggih Wa?” wangsulan kula cekak.
“Inggih Pikat kalihan Kesit menika
ingkang pinitados dening Baune Pawana kulak warta magepokan kalihan patrapipun
Bebau Sidamulya ingkang ketingal aeng-aeng lan pantes dipun sujanani menika” Ki
Pawit nyethakaken menggah jejibahanipun Kesit kalihan Pikat .
“Inggih Wa, kula pitados kalihan kawicaksananipun
Kakang Pawana ingkang mesthinipun samangke sampun wenang kasebat Ki Lurah Kepuh
Agal Kapindho lan kedah nglenggahi Dalem Kalurahan menika” wangsulan kula
ngiras ngemutaken Ki Pawit dhateng weling lan dhawuhipun Bapa.
“Sabar Gus, mangke menawi kawontenan
sampun radi padhang prakawis menika saged dipun rembag malih” wicantenipun Ki
Pawit salajengipun “samangke ngrembag prakawis ingkang sanget nguwatiraken
tumrap Kepuh Agal menika rumiyin. Nanging saenipun sampun wonten ing pendhapa
menika, gampil katingalan saking njawi”.
“Inggih Wa” wangsulan kula “menawi
dhateng panirat wingking kados pundi Wa? Ing mrika papanipun radi katutupan”.
“Inggih Gus, makaten kula kinten
langkung prayogi” wangsulanipun Ki Pawit.
“Kula nuwun Gus……” Kesit kalihan Pikat
sampun dugi lan alok kula nuwun.
“Kene, kene Paman Kesit lan Paman Pikat”
wangsulan kula ngacarani Kesit lan Pikat.
“Inggih Gus” tiyang kalih wau semaur
sesarengan lajeng mapan linggih boten tebih saking Ki Pawit, lajeng Pikat
nutugaken atur “kula sampun sawega nampi dhawuh saking Gus Pradapa”.
“nDika wong loro tak kongkon neng
pendhapa kene dhisik” kula lajeng suka prentah “mengko nek Ki Bebau Jangglengan
lan Ki Bebau Grojoganngubal teka kene, padha dherekna nusul aku lan Ki Pawit
ing Panirat mBuri ya?”.
“Inggih Gus” tiyang kalih wangsulan sesarengan.
“Mangga Wa, kula dherekaken dhateng
Panirat wingking rumiyin” Ki Pawit lajeng kula ajak ngalih dhateng Panirat
wingking.
“Mangga Gus”
Kalih mlampah dhateng Panirat wingking,
kula kober mampir ngatag dhateng para rewang murih nyawisaken pasegahan kangge
kanca melek kados padatan. Wedang kopi kalihan lalapan gendhis klapa kalihan
gembili ingkang dipun godhog.
“Kesit kalihan Pikat menika wiwit
rumiyin entranipun ngaten rak dados siswanipun Panulad ta Gus” sasampunipun
mapan linggih ing klasa ingkang kula gelar ing jogan panirat, Ki Pawit wiwit
wicanten “lan anggenipun gladhen kanthi sesidheman, dados boten wonten ingkang
mangertos menawi lare kalih menika sami sinau ulah kanuragan dhateng anak kula
pun Panulad”.
“Inggih ta Wa?” kula suka wangsulan,
kalihan ing manah lajeng kemutan kasagahan kula dhateng Paman Tanggon ingkang
dereng saged kula lampahi awit kasaru rawuhipun Bapa ingkang gerah lajeng seda
menika “estunipun para nem-neman ingkang sampun boten krasan sinau kanuragan
ing Sanggaripun Kyai Daka jalaran duginipun siswa-siswanipun Kyai Daka ingkang
criyosipun candhala, criyos dhateng kula, gentos kepengin dipun wucal kanuragan
dening Kakang Panulad, nanging dereng ngantos kula rembagan prakawis menika
kalihan Kakang Pawana lan Kakang Panulad, kedadak Bapa rawuh kanthi kawontenan
gerah temah dados lan sedanipun menika, temah lajeng dados klendran”.
“Sami Gus” Ki Pawit wicanten malih “Panulad
menapa dene Baune Pawana, malah ugi para Sapukawat sarta sedaya Bebau ing Kepuh
Agal salintunipun Bebau Sidamulya, ugi ngrembag prakawis menika lan badhe
manggihi Gus Pradapa saprelu nyuwun palilah badhe ngginakaken plataran
Kalurahan kangge papan gladhen, andilalah lajeng Ki Lurah seda menika. Dados
inggih dereng siyos, lha sareng sampun radi sawatawis saking sedanipun Ki Lurah
malah lajeng wonten kabar enggal ingkang ketingalipun sanget nguwatiri menika”.
“Inggih Wa, mugi-mugi kawontenan ingkang
ketingalipun kados pedhut ing Kepuh Agal menika saged tumunten sirna, wangsul
padhang malih” wangsulan kula.
“Mugi-mugi makaten Gus” Ki Pawit
mangsuli wicanten kula” lha anggenipun Baune Jangglengan kengkenan lare kalih
kala wau mila sampun trep, jalaran Ki Bebau Sidamulya tuwin Kyai Daka dereng
apal dhateng Kesit saha Pikat menika. Kekalihipun sowan dhateng Kyai Daka
nembung badhe ndherek sinau ulah kanuragan ing sanggaripun Kyai Daka. Lajeng
dening Kyai Daka kapasrahaken dhateng Ki Danara. Lajeng dening Ki Danara, Kesit
lan Pikat badhe dipun cobi rumiyin, saestu menapa boten tekadipun sinau
kanuragan menika. Dene wujudipun pacoben, Kesit lan Pikat kapasrahan padamelan ing
griya ingkang dipun panggeni siswa-siswanipun Kyai Daka ingkang wonten ing
pekarangan wingking sanggar menika. Ing mriku lare kalih kaparentah kajawi
resik-resik ugi cecawis lan lelados tedhanipun tiyang-tiyang ingkang wonten
mriku. Dados inggih kaleresan sanget”.
“Nyuwun pangapunten Gus Dapa” dumadakan
Ki Pawana lan Ki Pahang dugi dipun
tutaken Kesit lan Pikat “radi randhat anggen kula sowan jalaran wonten prakawis
enggal”.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar