124.
Anggen kula wicanten makaten kala wau
awit kula kuwatos menawi Ki Pawana lan Ki Pahang sampun cariyos dhateng Bebau
sanesipun ngengingi cariyos ingkang salugunipun cariyos ingkang ngayawara
saking Ki Danara. Lan kangge nuturi murih tiyang-tiyang menika boten pitados
dhateng cariyosipun Ki Danara mila inggih radi kangelan. Lan sareng kula
wicanten makaten kala wau, inggih boten wonten ingkang saulu menapa-menapa.
Sedaya mendel boten kumecap. Malah lajeng kapireng suwantenipun Ki Pawit
ingkang matur dhateng Bapa :
“Sampun cetha samanten kaluhuran lan
kamirahanipun Ki Lurah saha Gus Pradapa dhateng anak kula pun Pawana, kula
minangka tiyang sepuh namung saged ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa
pepindhan”.
“Samanten ugi kula Ki Lurah saha Gus
Pradapa” dereng ngantos Bapa paring wangsulan dhateng Ki Pawit, Bebau
Jangglengan sampun nyambet rembag matur dhateng Bapa saha cariyos dhateng kula
“bombong kaworan miris raosing manah kula nampi dhawuh saking Ki Lurah saha
panyengkuyung saking Gus Pradapa ingkang makaten menika. Bombong dene Ki Lurah
saha Gus Pradapa nyata kagungan kapitadosan dhateng kula, mirising manah kula awit
kuwatos menawi ing tembenipun damel kuciwaning penggalihipun Ki Lurah saha Gus
Pradapa, jalaran kula kirang pinter nindakaken jejibahan ingkang pinitadosaken
dhateng kula. Inggih awit saking menika, mugi Ki Lurah saha Gus Pradapa boten
kendhat tansah ngucuraken pangestunipun dhumateng kula temah anggen kula
ngayahi jejibahan agung mangke saged lebda ing karya”.
“Ki Pawit apa dene Ki Pawana” Bapa
paring wangsulan “aku percaya marang kasetyane Kakang Pawit becik marang aku
lan marang Kepuh Agal, sarta gedhening katresnane Kakang Pawit marang
putra-putrane, mligine marang Ki Pawana. Mula aku duwe rasa percaya kang
kandel, Kakang Pawit ora bakal negakne Kepuh Agal dadi bubrah lan mesthi tansah
asung pitutur marang putrane murih tansah eling marang darmaning uripe minangka
pangarsaning Desa sing kudu bisa aweh pangayoman marang kabeh wargane. Lan
marang Ki Pawana, aku titip weling jroning ndika nindakne kuwajiban aja
pisan-pisan ndika murih pituwas kang luwih saka warga ndika, lire ndika kuwi
kapiji murih leladi marang kawula ora kapiji murih diaji-aji dening kawula. Yen
becik nggon ndika ngladeni marang kawula ing Kepuh Agal sanajan ora ndika arep-arep
mangka pangaji marang ndika bakal teka dhewe. Wong nindakne kuwajiban kuwi aja
seneng yen dialem lan cuwa yen dipaido dening sapepadhaning wong, nindakne
kuwajiban kuwi padha wae laku manembah marang Allah, lan kudune sing
diarep-arep ya pambiji saka Allah, ora saka liyane Allah awit yen sing ndika
goleki pambiji saka liyane Allah mangka bisa wae anggon ndika nindakne
kuwajiban mung mburu murih senenge sing ndika ladeni sing wong mau gampang
apus-apusane, nanging yen sing ndika goleki kuwi pambiji saka Allah mangka
Allah kuwi Dzat Kang tan kena diapusi babar pisan”.
“Inggih Ki Lurah” Ki Pawit atur
wangsulan langkung rumiyin “pangestunipun Ki Lurah ingkang tansah kula suwun,
mugi-mugi sageda kula menika dados tiyang sepuh ingkang boten sepa kados
sepahan, nanging sageda dados tiyang sepuh ingkang sepen ing pamrih kajawi
namung murih pangalembana saking Gusti Ingkang Maha Agung”.
“Pangestunipun Ki Lurah saha Gus Pradapa
ingkang tansah kula suwun mugi kula sageda nindakaken sedaya piwucaling Ki
Lurah menika kala wau” Gantos Ki Pawana ingkang atur wangsulan “keparenga
nyuwun pitedah malih Ki Lurah”.
“nDika ngersakne apa maneh Ki Pawana?”
Bapa mundhut pirsa .
“Manawi kula sampun nindakaken menapa
ingkang dipun dhawuhaken Ki Lurah kala wau, lajeng sinten ingkang kedah
nggentosi padamelan kula minangka Bebau ing Jangglengan benjingipun? menapa
inggih taksih dados tanggel jawab kula?” Ki Pawana nyuwun pirsa.
“Ki Pawana yen ndika wis nganggo sebutan
Ki Kepuh Agal Kapindho, ndika kudu ninggalne Jangglengan lan mapan ana Dalem Kalurahan
iki, jalaran Dalem Kalurahan iki biyen sing yasa wong tuwa ndika sakanca kanggo
mapane Lurah Kepuh Agal lan kulawargane. Sarta maneh omah utawa dalem kalurahan
iki uga bakal suwung, dadi ya mung ndika sing duwe tanggung jawab manggon lan
ngupakara murih lestarine Dalem Kalurahan iki. Dene sapa sing kudu nggenteni
kalungguhan ndika minangka Bebau ing Jangglengan, kuwi ndika pasrahne marang
sesepuh lan sapukawating Dhukuh Jangglengan supaya miji salah siji saka wargane
murih linggih dadi Bebau ing kono, kaya jaman ndika kapiji supaya dadi Bebau
Jangglengan biyen”.
Anyarengi rampunging anggenipun Bapa
paring wangsulan dhateng Ki Pawana, dumadakan wonten angin sumribit mlebet
dhateng salebeting Sanggar, ndadosaken wulu-wulu sami mrinding. Jalaran angin
kala wau karaos dede angin sabaening angin, nanging angin ingkang mbeta ganda
wangi ingkang nyala wadi, wangining sekar telasih ingkang wor lan sekar
samboja. Ketingal Ki Pawit njengkerutaken palarapanipun, Ki Pawana lan para
Bebau sanesipun sami sawang-sawangan kanthi soroting netra kebak tandha
pitakenan. Kawontenan dados kraos tintrim.
“Kakang Pawit, Anakku Pradapa lan para
Kadang Bebau kabeh” dumadakan Bapa
ngendika kanthi suwanten ingkang alon “wis tumeka titi wancine aku bali marak
ing ngayunaning Gusti, ngaturake sakehing perkara kang wis tak lakoni, tak
jaluk pandongamu muga-muga sowanku bisa katampa dening Gusti. Welingku kang
pungkasan, raga kang tak tinggal sing sasuwene iki tak ajak bebarengan
ngrasakne legi lan paiting urip, tulung aja nganti gantalan dina tumuli ruktinen
sing becik aja nganti gandane ngganggu wong sing ana sandhinge, kuburen ragaku
ing prenahe longan sing ambene tak enggo turu iki, jumbuh karo satataning agama
sing tak rasuk”.
Bapa lajeng ngeremaken netranipun,
lathinipun ebah-ebah ngucapaken klimah sadat, kasusul saking saliraning Bapa
miyos cahya sekawan inggih menika cahya abrit, cemeng, jene ingkang kawungkus
ing cahya pethak. Cahya sekawan kala wau minggah dhateng nginggil nrabas
wuwunganing griya, boten mangertos dhateng pundi purugipun. Boten dangu kasusul
cahya ingkang warni maya ingkang ugi lajeng mesat manginggil.
“nDherekaken Sugeng tindak Ki Lurah,
mugi rahayuwa ingkang pinanggih” Ki Pawit wicanten alon suwantenipun nedahaken
menawi ngampet raos sungkawa, lajeng nglurupaken jarit kangge nutupi
saliranipun Bapa.
“Keng Bapa sampun seda Gus” Ki Pawit
lajeng wicanten dhateng kula, kula tingali wicanten makaten kala wau kalihan
netranipun Ki Pawit kekembeng waspa.
“Inggih Wa” kula suka wangsulan cekak,
boten saged kumecap menapa-menapa awit saking raosing manah ingkang dereng
saged nampi manawi Bapa sampun dumugi ing seda.
“Nyata elok lan nedahaken bilih Ki Lurah
nyata titahing Gusti ingkang kinasih” Ki Pawit wicanten malih “nembe menika
kula sumerep tiyang kundur ing ngayunaning Pangeran kanthi tuhu-tuhu tentrem,
kapapag gandanging Telasih lan Samboja, napsu sekawan medal angrumiyini lajeng
kasusul pesating sukma ingkang badhe marak ing ngarsaning Gusti”.
“Inggih Wa” sepisan malih namung saged
wangsulan cekak.
“Pawana” Ki Pawit lajeng wicanten
dhateng Ki Pawana “jumbuh karo dhawuh sing mbok tampa saka Ki Lurah Kepuh Agal,
wengi iki mesthine awakmu wis wenang nganggo sebutan Ki Kepuh Agal Kapindho,
nanging gandheng durung ana upacara kepyakan, luwih becik awakmu isih nganggo
sebutan lawas ya iku Bebau Jangglengan minangka sesulih saka Ki Lurah. Aku
minangka wong tuwa mung ngelingake, jejibahan ngrukti layone Ki Lurah kudu
tumuli katindakne kanthi sabecik-becike jumbuh karo dhawuh piwelinge sawargi”.
“Inggih Bapa” wangsulanipun Ki Pawana
taksih kalihan kekembeng waspa “kula suwun Bapa kalihan Gus Dapa lenggah ing
mriki rumiyin angreksa layon, kula kalihan kadang Bebau badhe medal dhateng
pendhapa sakedhap saprelu andum damel”.
Kula lan Ki Pawit nunten nyaket malih
dhateng layonipun Bapa, mapan linggih lajeng nyenyuwun dhateng Gusti mugi
sedanipun Bapa menika kepanggih seda patitis, ingkang tumunten saged mangayun
ing ngarsaning Gusti. Ki Pawana lajeng medal saking Sanggar dipun tutaken Bebau
tiga sanesipun. Boten dangu lajeng kapireng kenthongan kalurahan katabuh kanthi
irama dala muluk, lajeng kasambet kenthong kaping sanga ambal kaping tiga lan
katutup mawi uluk-uluk dara muluk.
“Kepiye Baune ?” nembe kemawon Ki Pawana
mlebet dhateng Sanggar sampun kadangu dening Ki Pawit.
“Inggih Bapa” Ki Pawana atur wangsulan “Netepi
dhawuhipun sawargi murih sampun ngantos gantalan wekdal, dalu menika ugi
layonipun Ki Lurah tumunten badhe kapetak ing papan ingkang sampun kapiji,
inggih menika ing sangandhapipun dhampar ingkang kagem sare Ki Lurah menika.
Samangke kula nembe nengga Ki Kaum lan para sekabatipun ingkang kapiji nyiram
jamasi saja anuceni layonipun Ki Lurah
tuwin anyembayangaken, dene ingkang badhe yasa luwangan kangge angubur layon, kula
lan Bebau Grojoganngubal, Bebau Sambirobyong miwah Bebau Sidadadi ingkang badhe
tumandang”.
“Lha mengko yen ana kawula Kepuh Agal
kang uga kepengin atur bekti kang pungkasan marang Ki Lurah kepiye?” Ki Pawit
pitaken malih,
“Ngiras pantes ngrantos dadosing papan
pasareyanipun Ki Lurah, mangke layon badhe kapapanaken ing pendhapa, Gus
Pradapa, Bapa lan Ki Kaum ingkang kajibah mangarsani tugur lan anampi menawi
wonten kawula ingkang dugi badhe ngaturaken bekti ingkang pungkasan dhateng Ki
Lurah. Salajengipun, mangke sasampunipun layon kasarekaken, ngantos pitung
dinten pitung dalu kula badhe panggah wonten mriki anengga pasareyan lan nampi
manawi wonten kawula Kepuh Agal ingkang badhe nyekar lan anjiarahi Ki Lurah” Ki
Pawana lajeng ngaturaken lampahing upacara pametaking layon.
Gandheng Ki Pawit boten wicanten malih,
kula ingkang lajeng wicanten dhateng Ki Pawana :
“Aku banget nedha nrima marang ndika
Kakang Kepuh Agal Kapindho awit sakehing rerigen kang ndika cakne kanggo
upacara pametaking layone Bapa iki, sabanjure aku njaluk palilah ndika supaya
dikeparengake ndherek tugur sasuwene ndika ngreksa pasareyane Bapa sing pitung
dina pitung bengi kuwi”.
“Inggih Gus, menawi Gus Dapa ngersakaken
makaten, kula kinten mila langkung utami”.
Sawatawis
menika ing jawi sampun kapireng suwanten rame, suwantenipun warga Kepuh Agal
ingkang badhe nglayat sedanipun Bapa.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar