Total Tayangan Halaman

Minggu, 08 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (134)


 

134.

        Sanaosa anggenipun wicanten dhateng kula ngginakaken basa krama, malah ngangge nyebut “Raden” dhateng kula, nanging nitik sikepipun, katingal menawi tiyang sedasa menika boten nggadhahi sedya sae dhateng kula. Mila kula inggih boten tumuli suka wangsulan. Ing  salebeting manah kula nenuwun dhateng Gusti, menawi kedah kerengan kalihan tiyang-tiyang menika mugi Gusti paring pangayoman dhateng kula, jer nyatanipun kula mila boten trampil ing ulah kanuragan.

        “mBok menawi mila Raden Pradapa dereng tepang kalih kula sakanca menika, nanging jengandika sampun samar Raden, kula boten badhe wani kalihan jengandika sauger jengandika nggega atur kula lan kersa minangkani panyuwun kula” sareng kula boten tumunten wicanten, tiyang kala wau wicanten malih.

        “Mengko dhisik Kisanak” wasana kula lajeng wangsulan “jenengku pancen Pradapa, nanging aku dudu Raden. Aku iki wong lumrah, kawula ing Desa Kepuh Agal mung wae wong tuwaku biyen tau dadi Lurah ing Desa kono. Banjur ndika kabeh iki sedulur saka ngendi? Lan duwe karep apa ngendheg lakuku iki?” .

        “Kula sampun ngertos menawi ndika menika putranipun Sawargi Ki Lurah Kepuh Agal, nanging kula sakanca ugi ngertos menawi jengandika menika ugi putranipun Raden Sentani sedherekipun Raden Gunendra saking Patalan. Dene anggen kula nututi nusul tindak jengandika niki wau, awit kula kautus dening Bapa Guru kula inggih Kyai Daka. Bapa Guru ngersakaken jengandika kundur dhateng Kepuh Agal sareng kalihan lampah kula, Raden” tiyang kala wau nyethakaken menapa ingkang dados kekajenganipun.

        Kula nembe ngertos, menawi suwanten panah sendaren ingkang kala wau kula kinten panahipun kadang tani ingkang ngajrih-ajrihi kethek ingkang ngganggu tanemanipun, jebul sasmita saking kancanipun titiyang menika. Kula lajeng kengetan kalihan Parwa ingkang kala wau nedahaken margi dhateng kula. Kula kinten mila ingkang ngintunaken sasmita panah sendaren kala wau inggih Parwa, Lan kanthi menika ateges anggen kula bidhal saking griya wau sampun kamangertosan dening tiyang-tiyangipun Kyai Daka.

        “Sampun kedangon Raden” tiyang kala wau wicanten malih “mangga sak niki kula dherekaken kundur dhateng Kepuh Agal”.

        “ Aja dadi atimu Kisanak, aku ora bisa nuruti panjaluk ndika, awit aku lagi ngayahi jejibahan kang banget wigati” kula suka wangsulan “nDika matur wae marang Rama Kyai Daka, yen aku wis ora ana sambung rapete karo Desa Kepuh Agal maneh, saiki sing duwe wewenang nata reh parentah ing Kepuh Agal kuwi Ki Pawana sing biyen Bebau Jangglengan, dadi yen Rama Kyai Daka ngersakne ngrembug sing ana gandheng cenenge karo Desa Kepuh Agal ora karo aku, nanging karo Ki Pawana sing saiki wis wenang ngagem sebutan Ki Kepuh Agal Kapindho”

        “Kula boten ngrembag sinten ingkang gadhah wewenang nata Kepuh Agal, ingkang kula kajengaken ndika kundur sak niki sareng kalihan kula” tiyang kala wau ngengkel kalihan suwanten ingkang wiwit kapireng kasar.

        “Yen aku ora gelem bali, ndika arep apa?” boten kraos kula kepancing tumut ngginakaken suwanten ingkang sereng ugi.

        “Ha ha ha …” tiyang kala wau gumujeng ngakak lajeng wicantenipun malih “ora kena diajeni wong iki, ya kapeksa tak kasari. Nek ndika boten purun, badhe kula peksa menawi saged ndika ajeng kula beta ngadhep Bapa Guru kanthi wujud bandan, nanging menawi kapeksa sampun wujud bathang nggih boten napa-napa”.

        Sanaosa kula ngrumaosi menawi boten trampil ing ulah kanuragan, nanging mireng suwanten ingkang kados makaten kala wau, sakala rah ing badan kula kraos kados badhe umub. Kalihan nggeget untu, kula mbisiki kupingipun Si Jragem :

        “Jragem nadyan lagi sedina aku dadi bendaramu, nanging tulung rewang-rewangana aku ngadhepi wong-wong sing murang tata ing ngarepku kuwi ya?”.

        Kados ngertos ingkang dados tembung kula, Si Jragem dumadakan nggedrugaken sukunipun ingkang ngajeng dhateng siti. Lis kula geret minangka sasmita murih Jragem nrajang ingkang memalangi lampah. Sakala Jragem mencolot majeng, Tiyang-tiyang ingkang linggih ing kapalipun nedya ngadhangi lampah dipun trajang, temah sumingkir. Jragem lajeng mbeta kula mbandhang kados dipun sawataken. Kinten-kinten tiyang-tiyang wau wonten ingkang dhawah awit katrajang dening si Jragem, ketitik kepireng suwantenipun ingkang sami misuh-misuh boten kantenan. Nanging kula boten purun nggagas malih, tekad kula, kula kedah saged dumugi ing Sendhang Ngiyom saderengipun dipun damel pangewan-ewan dening andhahanipun Kyai Daka menika. Kula ugi boten badhe rila dumugi pejah saderengipun saged nglarung  Kyai Pantek ing telenging Sendhang Ngiyom. Plajengipun Jragem lajeng kula banteraken malih.

        Katandhing kalihan kapalipun para andhahanipun Kyai Daka kala wau, Jragem ketawis langkung prakosa. Plajengipun Jragem sansaya tebih nilaraken para siswanipun Kyai Daka ingkang kalihan bengak-bengok nguber saking wingking. Dumadakan kepireng malih suwantenipun panah sendaren ingkang boten tebih saking papan mriku. Kula boten ngertos sinten  ingkang nglepasaken panah sendaren kasebat lan nggadhahi sasmita ingkang kados pundi. Nanging manah kula dados tambah boten sekeca, awit kula nginten menika mesthi sasmita saking andhahanipun Kyai Daka dhateng rowangipun, ateges tiyang-tiyang ingkang kaparentah dening Kyai Daka ngendheg anggen kula mlampah menika taksih wonten malih kajawi tiyang sedasa kala wau.

        Dumadakan suwantenipun tiyang ingkang nguber kula sansaya rame, nalika kula nyobi noleh dhateng wingking, jebul mila sansaya kathah tiyang ingkang nguber kula. Sarta malih ugi sansaya caket. Satleraman kula ugi sumerep Lurah Danara tumut ing rombongan menika, ketingal menawi piyambakipun ingkang wonten ngajeng piyambak, nunggang kapalipun ingkang warni cemeng. Kula sansaya ngedhap. Menapa kula badhe manggih pejah nistha siniya-siya dening tiyang-tiyang ingkang dados andhahanipun Kyai Daka menika?. Salebeting manah kula njerit, nyuwun pangapunten dhateng Pangeran saking sedaya dosa ingkang nate kula lampahi. Kula ugi nyenyuwun, saupami kula kedah pejah, kula nyuwun murih ingkang ketingal pejah nistha namung badan kula, awit alus kula boten nate gadhah niyat awon nyidrani dhateng kasetyan kula.

        Dumadakan Si Jragem mbeker seru sanget, kula dados kaget. Nanging dereng ngantos kula nyuwanten menapa-menapa, Si Jragem sampun rubuh ing siti, ndadosaken kula katut dhawah, rahayunipun kula taksih kober mlumpat. Lan nalika kula tingali jebul ing tepongipun Si Jragem kanan lan kering sampun katancepan jemparing. Kula boten kober suka pitulungan dhateng Si Jragem, jalaran tiyang-tiyang ingkang nguber kula sampun kantun watawis kalih dasa jangkah. Tanpa mikir panjang kula lajeng mlajeng kanthi mblusuk ing gegrumbulan sakananing margi, angkah kula badhe umpetan dhateng gegrumbulan sapinggiring lepen ingkang kala wau kula liwati.

        Watawis sapanginang Lurah Danara lan andhahanipun kelangan lacak, nanging inggih lajeng wonten ingkang sumerep kula. Tiyang-tiyang kala wau lajeng pating brengok, nguber kula kanthi nilar kapalipun ing margi. Tiyang-tiyang menika suwantenipun kados tiyang ingkang nguber maling ingkang mlajeng sasampunipun kadenangan anggenipun nyolong. Dumadakan kula ngraosaken wonten barang abot lan atos nibani lempeng kula. Raosipun sakit sanget, sansaya malih sareng kula sumerep rah ingkang mili santer saking lempeng ingkang kedhawahan barang landhep kala wau. Kula lajeng ngetog kekiyatan kangge mlajar, nanging watawis nembe angsal sedasa jangkah, kula kesandhung lan dhawah ing siti boten saged tangi malih. Lajeng kula sampun boten sumerep menapa-menapa, awit panyawang kula dados kuwur lan peteng sanget. Sareng kula eling, jebul kula sampun dipun tulungi dening Adhi Marga lan Adhi Rangga. Ingkang salajengipun saged kepanggih malih kalihan Paman Tanggon, Paman Tolu, Paman Pahing saha Kakang Pangkas ing papan pasingidanipun menika.

        Makaten kala wau lelampahan ingkang sampun dumados, inggih wiwit Bapa kepanggih mBah Tambak ing Sendhang Tambak, ngantos kula jengandika slametaken saking pandameling andhahanipun Lurah Danara lan Kyai Daka, Adhi Rangga lan Adhi Marga”.

        Wis rampung anggone crita Pradapa. Rangga lan Marga padha manthuk-manthuk lan bisa melu ngrasakne apa sing dialami dening Pradapa . Sauntara Tanggon, Pahing,  Tolu lan Pangkas lagi padha ngerti apa sing wis kedadean ing Kepuh Agal sawise dheweke ndhelik ing brang kulone Kali Gebyog. Ing jero atine wong papat kuwi ana rasa panuwun marang Pradapa sing wis kongkonan Bebau Jangglengan supaya mrentah dheweke umpetan menyang alas sakulone Kali Gebyog. Maune wong papat kuwi padha olehe ora ngerti ya gene Pradapa Pradapa aweh prentah sing ora pati tinemu nalar kuwi. Saiki wis padha ngerti yen jebul prentahe Pradapa kuwi merga saka pituduhe Nyai Pandhanwangi.

        “Saiki aku arep takon maneh marang Kakang Pradapa” Rangga banjur genti guneman.

        “Adhi badhe mundhut pirsa menapa?” Pradapa genti takon.

        “Saiki ndika wis waras, tatu sing ana lempeng ndika wis kari tilas” Rangga banjur nutugne olehe kandha “lan keris Kyai Pantek sarta iket sing arep ndika gawa menyang Mataram ya isih wutuh. Sabanjure apa ndika arep nutugne laku menyang Sendhang Ngiyom, nglarung Kyai Pantek banjur bablas menyang Mataram kaya tujuwan sakawit, apa banjur kepiye?”.

        “Bares kemawon Adhi” wangsulane Pradapa kaya wong sing lagi bingung “wiwit kula nyumerepi anggenipun Kyai Daka lan Lurah Danara  badhe damel cilakane badan kula, kula mila kepengin sanget tumunten saged dumugi Mataram. Boten awit kula selak kepengin saged suwita ing Dalem Kepatihan kados ingkang dipun dhawuhaken Bapa dhateng kula nalika samanten, nanging kula badhe nyuwun pitulungan dhateng Gusti Patih Mandaraka, murih paring pangayoman dhumateng Ki Lurah Kepuh Agal Kapindho saha warga Kepuh Agal sadaya saking pakartinipun Kyai Daka lan Lurah Danara miwah sedaya andhahanipun. Namung kemawon kula ugi ngraos kuwatos, menapa anggen kula nyuwun pitulungan dhateng Gusti Patih mangke wonten ginanipun menapa boten ?”.

        “Ora ana gunane kepiye Kakang?” Marga sing genti takon.

        “Kula kuwatos, saderengipun kula saged marak ing ngarsanipun Gusti Patih, karumiyinan Ki Lurah Kepuh Agal Kapindho lan para Bebau sampun dipun tumpes dening Kyai Daka lan Danara ingkang kabaripun nggadhahi sedherek tiga ingkang kasektenipun nggegirisi, inggih pun Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor kados ingkang dipun cariyosaken dening Kesit kala samanten?”.

 

 

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...