135.
Kahanan dadi sidhem sauntara, Rangga
karo Marga mung sawang-sawangan, padha rembugan nganggo basa sasmita. Sauntara
Tanggon lan kanca-kancane uga padha meneng, rumangsa ora kongang melu mikir apa
sing lagi dipikir Pradapa. Dumadakan Marga ngiringake sirahe, nilingne
pangrungune, ana suwara sing sanadyan adoh nanging wis mlebu ing pangrungune.
“Ana sikil papat mlaku tumuju papan kene”
Rangga guneman lirih aweh weruh apa sing lagi ditilingne Marga.
Pradapa karo Tanggon sakancane padha
nyawang marang Rangga, nanging durung ana sing guneman apa-apa.
“Iya Kakang” Marga wangsulan “nanging
isih adoh, watara limangatus jangkah ana lor kana”.
“Sinten ingkang mlampah mrepegi papan
menika Adhi?” Pradapa takon karo nyawang Marga lan Rangga genti-genti.
“Aku ora ngerti sapa sing lagi mlaku
mengidul nurut pinggiring kali kuwi Kakang Pradapa” sing mangsuli Rangga “lan
aku ya durung ngerti wong loro kuwi arep menyang ngendi, ana sambung rapete
karo ndika sakanca apa ora? Aku ya durung ngerti”.
“Ngene wae, coba tak papage wong loro
sing mlaku mrene kuwi, tak takonane apik-apikan” Rangga arep ngadeg.
“Aja Kakang, Kakang keri wae ana kene
ngancani Kakang Pradapa” Marga nyaut tembunge Rangga, banjur genti nakoni
marang Tanggon lan kanca-kancane “sapa sing gelem melu aku? Prelune mbok menawa
ana sing tepung karo wong loro sing mlaku mrene kuwi, dadine saupama wonge duwe
sedya apik merga isih sedulur dhewe karo ndika, ora ana kedadeyan salah tampa
karo aku sing bisa nuwuhake pasulayan sing tanpa guna. Lan saupama wong loro
sing mlaku mrene iki, andhahane Kyai Daka utawa Lurah Danara, tak adhepane
dhewe, ndika bisa bali mrene ngabari Kakang Pradapa yen ana bebaya sing teka”.
“Kula kemawon Adhi Marga ingkang ndherek”
tanpa mikir dawa Tanggon sing semaur karo melu ngadeg.
Rangga bali mapan lungguh maneh, Marga
banjur metu saka papan pandhelikan sing diarani guwa kuwi, ditutne Tanggon sing
karo nyaut tumbake.
Setengah mlayu Marga lan Tanggon mlaku
ngalor ing sapinggire kali Gebyog sabrang kulon. Bareng wis rada sauntara,
Marga aweh sasmita marang Tanggon supaya mandheg, wong loro kuwi banjur
ngamping watu gedhe, nguwasi dalan sapecak sing kulina dienggo liwat Tanggon
sakancane yen arep luru uwi utawa gembili kanggo mangan.
“Wong sing dicegat wis teka Kang Tanggon”
Marga guneman bisik-bisik cedhak kupinge Tanggon, ungaken saka kene mbok menawa
ndika wis tepung”.
Tanggon banjur ngadeg nyawang arah lor
karo sirahe diangklungne manengen dadi panyawange bisa cetha. Bareng wis rada
sauntara, Tanggon bali linggih maneh nyedhaki Marga karo polatan sing sajak ana
rasa seneng.
“Sapa? Ndika wis tepung apa durung ?”
Marga takon.
“Anu Adhi, leres tiyang kalih, sedaya
kula sampun tepang, ingkang setunggal Ki Pawit, tiyang sepuhipun Ki Bau Jangglengan
lan ingkang setunggal malih yoganipun ingkang ragil, ingkang nami Ki Panulad”
wangsulane Tanggon cetha.
“Yen pancen mangkono, ndika aja umpetan
maneh, wong loro kae tumuli ndika pethuki wae, ndika tuturi nek Kakang Pradapa
ndika singidne ing guwa lha nek gelem ya ndika ajak pisan mampir menyang guwa
dimen bisa kepethuk karo Kakang Pradapa. Aku tak bali dhsik, ngabari Kakang
Pradapa lan sedulur liyane yen sing mlaku saka lor iki mau Ki Pawit karo Ki
Panulad” .
Tanggon banjur bali ngadeg tanpa
tolah-toleh, banjur mlaku menyang dalan sapecak sing kulina diliwati kuwi,
banjur ngadeg ngenteni wong loro sing lagi mlaku saka arah lor. Marga ora
tumuli bali menyang Guwa kaya sing dikandhakne marang Tanggon mau, nanging
nguwasi Tanggon saka papane walike watu gedhe sing dienggo ampingan. Bareng
Marga weruh sawuse wong loro kuwi kepethuk Tanggon banjur padha rerangkulan lan
sajak padha seneng atine, Marga lagi mencolot ninggalne papan pandhelikane arep
bali menyang Guwane Tanggon, ngabari Rangga lan Pradapa, sapa jebule sing teka.
“Siwa Pawit kalihan Kakang Panulad, Adhi
Marga?” pitakone Pradapa sawuse Marga ngandhakne sapa sing teka.
“Jarene Kakang Tanggon mau mangkono”
wangsulane Marga ayem “wong aku ya durung kober nemoni, merga selak kepengin
ngabari Kakang Pradapa cikben ora kuwatir”.
“Inggih, ngaturaken genging panuwun Adhi”
wangsulane Pradapa.
“Kula nuwun, kula ingkang sowan Gus” dumadakan
ana suwarane wong alok kula nuwun. Ana wong loro sing teka ditutne Tanggon,
sing ora liya Ki Pawit karo Panulad. Pradapa gage wae anggone ngadeg mapagne
sing lagi teka, genti genten Pradapa rerangkulan karo Ki Pawid lan Panulad.
Pangkas, Tolu lan Pahing uga banjur melu nyedhak, padha nyalami Ki Pawit lan Panulad.
Pradapa banjur ngajak Ki Pawit lan
Panulad mapan lungguh ing bleketheple sing ana jerone guwa kuwi.
“Menika Adhi Rangga lan Adhi Marga, Wa”
kandhane Pradapa marang Ki Pawit karo nudingi Rangga lan Marga “inggih
priyantun kalih menika ingkang sampun nyambung nyawa kula, saupami boten wonten
pitulungan saking Adhi Marga lan Adhi Rangga, kula kinten kula boten badhe
kepanggih kalihan Wa Pawit lan Kakang
Panulad malih”.
Rangga lan Marga bareng-bareng manthukne
sirahe aweh kurmat marang Ki Pawit karo mesem.
“Matur nuwun anakmas kekalih” Ki Pawit kandha
marang Rangga lan Marga kanthi sikep kang kurmat “inggih dipun tepangaken mawon,
nami kula Pawit lan menika yoga kula Panulad, kula menika abdinipun Sawargi Ki
Lurah Kepuh Agal inggih keng Bapanipun Gus Pradapa menika. Menawi kepareng
mangertos, Nakmas kekalih menika saking Kasatriyan pundi inggih?”.
Panulad mesem karo manthuk kurmat marang
Marga lan Rangga.
“Inggih Ki Pawit” sing wangsulan Marga
sawise dikedhepi Rangga “Kakang Pradapa sampun cariyos kathah sanget ngengingi
lelabetanipun Ki Pawit dhateng Dhusun Kepuh Agal wiwit mbabat ngantos dumugi
sakniki, makaten ugi Kakang Pradapa ugi sampun nyariyosaken sinten Kakang
Panulad putranipun Ki Pawit ingkang trampil ing reh ulah kanuragan. Kados
ingkang dipun aturaken Kakang Pradapa ing ngajeng, nami kula Marga lan menika
sedherek kula sepuh nami Rangga. Kula kekalih menika namung lare klambrangan,
kenging dipun bebasakaken lare kleyang kabur kanginan, kandhang langit kemul
mega. Andilalah kula kekalih ngliwati papan mriki lan kepanggih kalihan Kakang
Pradapa, Kakang Tanggon, Kakang Tolu, Kakang Pahing saha Kakang Pangkas lan
samangke kepanggih Ki Pawit saha Kakang Panulad”.
“He he he Inggih Anakmas Marga” Ki Pawit
wangsulan karo gumuyu lirih “mila leres ujaring para pinter, boten wonten
Satriya tama menika dhemen ngongasaken kasudiran lan kalangkunganipun dhateng
sadhengah titah. Badhe kados menapa anggenipun anakmas nutupi, nanging bukti
boten saged dipun selaki, waluyanipun Gus Pradapa sasampunipun meh katelasan
rah awit kabalang Kudhi dening andhahanipun Lurah Danara saha anggen jengandika
sampun pirsa menawi kula kalihan Panulad dumugi papan mriki, nedahaken bilih
anakmas kekalih menika saboten-botenipun Satriya Trah Wikudibya ingkang nembe
lelana brata. Sanaosa sakedhik, kala wau Tanggon sampun criyos dhateng kula.
Mila tunrap kula lan anak kula Panulad tuhu sampun nampi nugraha dene saged
kepanggih lan sapajagong kalihan Anakmas Marga lan Anakmas Rangga”.
“He he he, Sampun kesangeten anggenipun
paring pangalembana Kyai” Rangga nyaut rembug karo ngguyu “kula kuwatos menawi
ngantos kula boten kiyat ngangkat sirah amargi sansaya mindhak ageng. Estunipun
menika wau kula kalihan Kakang Pradapa lan sedherek-sedherek menika rak nembe
reraosan kados pundi kawontenan ing Kepuh Agal dinten menika, andilalah saking
kamirahaning Gusti, Ki Pawit kalihan Kakang Panulad rawuh, kula kinten
pitaken-pitaken ing salebeting manahipun Kakang Pradapa ngengingi kawontenan
Kepuh Agal tumunten saged pikantuk wangsulan”.
“Inggih Wa” Pradapa melu numpangi rembug
“samangke kados pundi pawartosipun Kepuh Agal ? Kakang Pawana sampun
kakepyakaken menapa dereng? Harak inggih boten wonten ingkang ngrusuhi
lampahing Kepyakan Wisudanipun Kakang Pawana dados Lurah ta Wa?”.
Ki Pawit banjur nata anggone lungguh.
Nanging durung nganti kumecap mangsuli pitakone Pradapa, kasaru mlebune Pangkas
karo Tolu saka pawon, wong loro kuwi nggawa tompo loro isi uwi sing wis
godhogan karo nggawa Kendhi isi banyu kanggo ngombe.
“Nuwun sewu Kyai” kandhane Tolu karo
nyelehne tompo neng ngarepe Ki Pawit “dhateng wana wontenipun namung Uwi godhog
kalihan toya belik”.
“Inggih Wa, mangga dipun rahabi rumiyin,
kangge ngganjel padharan” Pradapa melu guneman ngacarani Ki Pawit .
“Matur nuwun Gus Dapa” wangsulane Ki
Pawit “mila estunipun wiwit bidhal saking griya enjing wau, dugi sak niki nggih
dereng klebetan menapa-menapa kajawi toya kalen ingkang dikokop kalih mlampah
wau. Mangga Nakmas Rangga lan Nakmas Marga, sanaosa namung wi bang kulit,
menawi anggenipun nedha sareng-sareng raosipun saged dados eca sanget lho?!?”.
Kabeh sing ana guwa pandhelikane Tanggon
sakancane kuwi banjur padha mangan uwi bebarengan.
“Estunipun nalika Pawana suka kabar
dhateng kula bilih Gus Pradapa sampun jengkar saking Kepuh Agal nindakaken
jejibahan winados saking Sawargi Ki Lurah” ing sela-selane mangan Ki Pawit
wiwit nyritakne lelakon ing Kepuh Agal “kula lajeng prentah dhateng Pawana
murih adicara kepyakan wisudan tumunten dipun lampahi. Lajeng enjingipun Pawana
ngempalaken sedaya Bebau, Sesepuh lan Sapukawat Kepuh Agal ing Pendhapa Dalem Kalurahan,
lan kepyakan badhe dipun ayati, sedaya ubarampening Kepyakan kados dene buceng
lan ambeng pirantos wilujengan sampun cumawis. Nanging Kyai Daka lan Lurah
Danara ingkang suwaunipun sampun sarujuk Pawana kawisuda, dumadakan malih boten
sarujuk. Jalaran Gus Pradapa boten ndherek amberkahi kepyakan wisudan menika,
kamangka miturut wangsit ingkang dipun tampi dening Kyai Daka, wekdal menika
Gus Pradapa ical saking Kepuh Agal jalaran kakersakaken dening ingkang
mBaureksa Dhusun lan kasingidaken awor kalihan lare sekawan ingkang langkung
rumiyin ical, inggih menika Tanggon, Pahing, Tolu lan Pangkas”.
“Sareng Kyai Daka lan Lurah Danara boten
sarujuk lajeng kados pundi Wa?” Pradapa nyelani takon, ing atine tuwuh pangira
yen Kyai Daka lan Lurah Danara wis nganggep dheweke tumekeng pati seanajan
bathange ora ketemu. Awit dina kepyakan kuwi sedina sawise dheweke ninggal
Kepuh Agal lan nandhang tatu merga kena gegamane anadhane Danara.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar