Total Tayangan Halaman

Selasa, 10 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANUNG WARIH 7 (136)


 

136.

        Ki Pawit ora tumuli wangsulan awit isih mamah uwi godhog, lagi bareng wis disurung banyu kendhi uwi kuwi mlebu tekan jero weteng. Lan sawise leren sedhela banjur kandha mangsuli pitakone Pradapa.

        “Gandheng kula ngrumaosi ugi pikantuk dhawuh saking Sawargi Ki Lurah, kula lajeng tumut wicanten. Bilih badhea kados menapa kawontenanipun, kepyakan wisudan Lurah menika kedah dipun tindakaken. Jalaran menika dhawuhipun Sawargi Ki Lurah dhateng kula saha Bebau sa Kepuh Agal kajawi Ki Danara. Menawi ngantos Kepyakan Wisudan menika boten dipun lampahi sami kalihan nyidrani kasagahanipun ingkang nampi dhawuh saking Sawargi Ki Lurah lan menika tamtu badhe nuwuhaken walat ingkang ageng tumrap Dhusun Kepuh Agal. Dene Gus Dapa ingkang wekdal menika boten wonten dereng kantenan kados ingkang kadhawuhaken dening Kyai Daka, awit sareng kalihan anggenipun Sawargi Ki Lurah dhawuh dhateng kula lan Para Bebau, ugi paring dhawuh dhateng Gus Pradapa murih nindakaken jejibahan winadi saking Sawargi Ki Lurah, ambok bilih kemawon icalipun Gus Pradapa ingkang miturut wangsit ingkang katampi Kyai Daka kakersakaken manjing ing alamipun Lelembat ingkang ngreksa Dhusun Kepuh Agal, mila jengkaripun Gus Pradapa menika mila badhe tumuju mrika. Lan menawi sampun rampung tamtu tumunten kundur malih dhateng alam ingkang nyata”.

        “Sareng Wa Pawit ngendika makaten Kyai Daka lan Lurah Danara lajeng kados pundi Wa?” Pradapa nyelani takon.

        “Inggih lajeng wonten adu pamanggih antawisipun kula kalihan Kyai Daka radi sawatawis dangunipun, nanging pamanggih saking Kyai Daka sedaya saged kula mentahaken, pramila inggih lajeng manut, jalaran meh sedaya ingkang wonten Pendhapa Kalurahan ngleresaken pamanggih kula. Nanging Kyai Daka wicanten menawi wonten menapa-menapa awit wontenipun kepyakan menika piyambakipun boten badhe tumut tanggel jawab, makaten ugi pamanggihipun Lurah Danara. Lan dening Pawana, dipun gagahi menawi ngantos wonten walatipun awit kepyakan menika mangka Pawana ingkang sagah nanggung sedaya walatipun”.

        “Bagus!” ora sengaja Pradapa ketrucut aweh pangalembana marang Pawana “Kakang Pawana nyata wong sing wicaksana”.

        Ki Pawit mesem krungu tembunge Pradapa ngono kuwi mau.

        “Salajengipun, kepyakan kanthi prasaja dipun tindakaken” Ki Pawit nutugne olehe guneman “ambeng lan buceng lajeng sami dipun tedha dening sedaya ingkang wonten mriku, kajawi kula awit kula nembe nindakaken lampah ngrowot saha nawa dados inggih boten nedha sekul lan lelawuhanipun. Para Sapukawat lan para sesepuh ugi kathah ingkang boten nedha ambeng lan buceng, awit sami nyirik sekul wuduk saha ulam ingkung lan panggang, lajeng sami nedha sekul limrah ingkang dipun pendhet  saking pawon kanthi lawuh ulam menda. Sasampunipun sami rampung anggenipun nedha sekul wilujengan, tiyang-tiyang ugi boten lajeng wangsul, nanging mrelokaken jejagongan rumiyin kalihan Lurah ingkang enggal nuwun inggih Pawana ingkang sampun ngegem nami Ki Kepuh Agal Kapindho jumbuh kalihan dhawuh saking Sawargi Ki Lurah Kepuh Agal Kapisan. Lha nalika sami jejagongan menika, dumadakan sedaya Bebau lan Sesepuh sarta Sapukawat ingkang kala wau ndherek nedha sekul wilujengan sami sambat mumet sirahipun, kasusul sami ngedalaken kringet ingkang kados dineres saking raganipun, lajeng sami rebah ing jogan, boten eling”.

        “Klebet Kakang Lurah Kepuh Agal Kapindho ugi makaten Wa?” Pradapa tekon maneh “lan menapa ingkang njalari makaten menika?”.

        “Inggih Gus, Lurahe lan sedaya Bebau kajawi Ki Danara katut semaput ing jogan Pendhapa Kalurahan mrika, kula kinten tiyang-tiyang kala wau sampun klebetan upas utawi darubesi ing tedhan ubarampening wilujengan. Nanging kula badhe wicanten makaten inggih boten siyos, awit kula boten nyepeng bukti sinten ingkang sampun nyukani upas dhateng salebeting tetedhan piranti wilujengan menika kala wau, awit ingkang yasa tetedhan menika sedaya inggih para semahipun Bebau ingkang anggenipun olah-olah inggih dhateng pawon Kalurahan. Benten malih kalihan pamanggihipun Kyai Daka ingkang lajeng nenutuh dhateng kula, sanaosa anggenipun nenutuh kala wau sinarengan tumandang ngusadani para ingkang sami semaput” Ki Pawit wangsulan.

        “Nenutuh kados pundi Wa? Lan sasampunipun dipun usadani Kyai Daka menapa sedaya tumunten saged waluya ?” Pradapa takon karo suwara groyok, katon yen ana rasa kuwatir sing disimpen neng jero atine.

        “Inggih nenutuh awit kula boten nggega dhateng pamanggihipun ingkang kepengin murungaken adicara kepyakan wisudan menika” Ki Pawit aweh wangsulan “nanging kula inggih namung mendel kemawon, boten suka wangsulan babar pisan, awit kula sumerep bilih piyambakipun lan Ki Danara sami tumandang njampeni tiyang-tiyang ingkang nembe semaput kala wau. Lan sasampunipun dipun usadani mawi japa mantra ingkang dipun suwukaken, Lurahe Pawana lan sedaya ingkang sami semaput lajeng sami eling malih”.

        “Sokur ta Wa menawi sadaya sampun sami saras, badhea kados menapa awakipun piyambak kedah matur nuwun dhateng Kyai Daka” Pradapa guneman sajak atine wis krasa lega.

        “Waras pripun?” dumadakan Panulad sing mangsuli rembuge Pradapa, suwarane nuduhne nek atine lagi cuwa “Kakang Pawana, Para Bebau lan Sapukawat tuwin Sesepuh menika deres saras Gus, malah kepara sansaya mindhak santer sakitipun, ingkang wicanten makaten menika inggih Kyai Daka piyambak”.

        “Lho kok bisa Kakang Panulad?” Pradapa mangsuli kandhane Panulad dibacutne takon maneh “ngendikane Wa Pawit mau kabeh wis padha eling saka anggone semaput?”.

        “Mila leres Gus” Ki Pawit sing bali guneman kanthi suwara sareh “sasampunipun sami boten semaput, sedaya lajeng sami lumpuh boten gadhah daya lan boten saged ebah, sambatipun sami ngraosaken bebalungipun kados dipun lolosi. Kyai Daka lajeng ngengken supados sedaya sami mapan ing pendhapa mriku rumiyin awit menawi ngatos dipun elih saged mbebayani. Piyambakipun kalihan Ki Danara lajeng wangsul dhateng griyanipun, criyosipun badhe maneges dhateng Hyang Agung pados pitedah cara kangge ngusadani ingkang sami sakit menika”.

        “Salajengipun kados pundi Wa?” Pradapa takon, awit Ki Pawit leren olehe guneman merga krasa ngelak, banjur nyandhak kendhi nglangga banyune.

        “Kula lajeng nyeluk anak kula Panulad menika, kula kengken nenggani kakangipun. Kula piyambak lajeng manjing sanggar palanggatan nyuwun pitedahing Gusti mawi cara lan kapitayan kula. Lan salebeting nyenyuwun dhumateng Gusti menika kula pikantuk sasmita. Rumaos kula kula karawuhan Nyai Pandhanwangi, Widodari ingkang rumiyin nate manggihi kula, paring pitedah dhateng kula murih ndherek babat wana yasa Dhusun Kepuh Agal ingkang dipun ayati dening putra angkatipun, inggih menika Sawargi ingkang Bapa, Gus” Ki Pawit aweh wangsulan marang Pradapa. Pradapa manthuk-manthuk, sajroning atine nggagas yen Nyai Pandhanwangi jebul ora negakne Desa Kepuh Agal, nanging ya gene nalika dheweke meh mati kena gegaman sing dibalangake andhahane Danara Nyai Pandhanwangi ora paring pitulungan?.

        “Dening Nyai Pandhanwangi kula kadhawuhan bilih jampinipun Lurahe Pawana lan sedaya ingkang sakit menika samangke dipun asta dening sedherek tunggal guru kalihan Nyai Pandhanwangi, sami-sami siswa saking Ki Tanparupa, ingkang wekdal menika nembe wonten ing sabrang kilen Lepen Gebyog” Ki Pawit nutugne olehe guneman “Nyai Pandhanwangi ugi paring dhawuh murih kula boten nggagas sedaya wicantenipun Kyai Daka utawi Danara, jalaran rembagipun tiyang kalih menika sedaya boten wonten ingkang leres. Menawi piyambakipun nyebat Dhuwung Kyai Pantek, kula kapurih nyagahi manawi badhe madosi, inggih kanthi makaten kula saged nilar Kepuh Agal kangge manggihi siswanipun Ki Tanparupa ingkang manggen ing sakilenipun Lepen Gebyog menika”

        Ki Pawit bali nyandhak kendhi nelesi gorokane sing garing. Pradapa manthuk-manthuk ngenteni tutuge crita. Sauntara Rangga karo Marga padha sawang-sawangan dhewe. Bocah loro kuwi uga banjur kelingan marang critane Pradapa sing tau dicritani wong tuwane yen Nyai Pandhanwangi sing satemene Putri Jim saka negara Setambul ing tanah Ngerum, lagi ngenteni tekane priya sing dadi gegantilaning atine sing timbule bareng karo timbule Sendhang Mustikaningwarih, Sendhang Suci saka sajabaning jagad sing arep diturunake dening Gusti Allah ing alam kang nyata manggon ing sukuning Gunung Lawu sisih lor. Mula Rangga lan Marga uga banjur kasengsem ngrungokne critane Ki Pawit iku.

        “Enjingipun, kula dhateng Pendhapa Kalurahan malih” Ki Pawit nutugne olehe crita “boten dangu Kyai Daka lan Ki Danara ugi dugi, boten piyambakan nanging ngirit meh sedaya andhahanipun ingkang criyosipun murid saking jawi rangkah, kalebet sedherekipun tiga kados ingkang dipun criyosaken dhateng Gus Dapa nalika samanten, inggih menika Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor.  Dupi ngertos Panulad wonten mriku, tiyang tiga niku lajeng mameraken kadigdayanipun presis ingkang dipun criyosaken Kesit nika. Kalih pamer kadigdayan tiyang tiga menika sami rembagan kalihan sami-sami sedherekipun, nyemoni Panulad. Criyosipun menawi wonten Paguron enggal ingkang badhe madeg nandhingi Paguronipun Kyai Daka badhe dipun owat-awut kalihan ngelmi kadigayan ingkang dipun pameraken”.

        “Lha Kakang Panulad banjur kepiye disemoni mangkono kuwi?”  Pradapa nyela takon.

        “Kula inggih mendel kemawon ta Gus?” wangsulane Panulad “kula mila ngrumaosi boten wonten menapa-menapanipun menawi katandhing kalihan kadigdayanipun tiyang tiga niku wau. Nanging ing salebeting manah kula inggih badhe wani saupami ngantos tiyang tiga niku ngremehaken kula”.

        Pradapa mesem, Rangga karo Marga melu mesem. Tanggon, Pahing, Tolu lan Pangkas ora ana sing wani melu guneman.

        “Salajengipun Kyai Daka wicanten dhateng kula” Ki Pawit guneman maneh “criyosipun sampun nampi wisik saking Dewanipun. Wosing wisik nyebataken kangge waluyanipun tiyang-tiyang ingkang nembe sakit menika, Lurah Kepuh Agal kedah dipun gantos Ki Danara, samanten ugi sedaya Bebau lan Sapukawat  ingkang wonten kedah dipun gantos murid-muridipun Kyai Daka, menawi wonten ingkang boten sarujuk badhe dipun lebur dening Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor. Kangge nyarujuki wisik ingkang dipun tampi Kyai Daka menika, Lurahe Pawana, Para Bebau lan Sapukawat dipun sukani wekdal pitung dinten. Awit ing dinten kawolu, tiyang-tiyang ingkang sakit menika sedaya badhe pejah, kajawi menawi sedaya sampun sarujuk kalihan Kyai Daka lan panggah kemawon palenggahan Lurah, Bebau sarta Sapukawat badhe dipun linggihi Danara sakancanipun”.

        “Wa Pawit lajeng wangsulan kados pundi dhateng Kyai Daka Wa?” Pradapa takon maneh.

 

 

Ana candhake

 

 

       

 

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...