137.
Ki Pawit meneng sedhela, ora tumuli aweh
wangsulan lan sawuse sepisan maneh ngombe banyu kendhi sing ana ngarepe, lagi
guneman :
“Kula kemutan kalihan dhawuhipun Nyai
Pandhanwangi Gus. Dados kula ngertos menawi sedaya ingkang dipun ucapaken
dening Kyai Daka menika boten leres. Mila inggih kula kendelaken kemawon. Kula
boten wangsulan menapa-menapa, ngantos Kyai Daka lajeng guneman malih”.
“Lha ingkang dipun kandhakaken Kyai Daka
menapa malih Wa?” Pradapa mburu takon.
“Inggih sami kalihan dhawuh ingkang kula
tampi saking Nyai Pandhanwangi” wangsulane Ki Pawit karo rada mesem “piyambakipun
wicanten malih, bilih sarat-sarat masrahaken palenggahan Lurah lan Bebau tuwin
Sapukawat kala wau, wonten lirunipun inggih menika kula kedah saged mbeta
wangsul Gus Pradapa saha masrahaken Dhuwung Kyai Pantek dhateng Kyai Daka”.
“Nyata julig tenan sing jenenge Kyai
Daka kuwi” tanpa sengaja Marga sing uga melu nyemak critane Ki Pawit guneman
lirih.
“Leres makaten Anakmas” Ki Pawit nyauti
pangunandikane Marga “kula ngertos, mangke menawi kula saged masrahaken Gus
Pradapa lan Kyai Pantek dhateng piyambakipun, boten sande Kyai Daka mesthi nyidrani
ucapipun piyambak ingkang makaten menika. Kyai Pantek panggah badhe dipun
kuwaosi, Gus Pradapa dipun damel cilaka lan anak kula saha para Bebau lan
Sapulawat ingkang sakit menika inggih lajeng dipun umbar murih pejah piyambak.
Dados Kyai Daka saandhahanipun saged nguwaosi Dhusun Kepuh Agal lan boten badhe
wonten ingkang ngaru biru malih. Nanging jumbuh kalihan dhawuh saking Nyai Pandhanwangi,
kula lajeng nyagahi badhe madosi Gus Pradapa lan Dhuwung Kyai Pantek. Dening
Kyai Daka kula dipun sukani wekdal pitung dinten kedah sampun wangsul dhateng
Kepuh Agal malih. Menika inggih kula sagahi”.
“Lajeng samangke kados pundi Wa ?” Pradapa
takon marang Ki Pawit, Jalaran miturut angen-angene Pradapa Ki Pawit kudu bisa
nemokne siswane Ki Tanparupa luwih dhisik, awit siswane Ki Tanparupa ya sedulur
tunggal guru karo Nyai Pandhanwangi kuwi sing nggawa tambane Pawana lan Para
Bebau sarta para Sapukawat sing saiki ora bisa obah ana ing Pendhapa Kalurahan
Kepuh Agal “menapa Wa Pawit tumunten badhe nglajengaken lampah, nglari papaning
sedherekipun tunggal guru saking Eyang Pandhanwangi kala wau? Lan menawi sampun
kepanggih menapa Kyai Daka mangke purun ngidini Wa Pawit namakaken jejampi
saking Kanjeng Eyang siswanipun Ki Tanparupa kala wau? Kadospundi kalihan
kesagahanipun Wa Pawit dhateng Kyai Daka magepokan kalihan anggenipun badhe
masrahaken Kyai Pantek?”.
Krungu pitakone Pradapa marang Ki Pawit
mangkono iku, Panulad, Tanggon, Tolu, Pahing lan Pangkas padha nyawang praupane
Ki Pawit klawan sunaring mripat nuduhake yen wong-wong kuwi uga kepengin ngerti
wangsulan saka pitakone Pradapa. Sauntara Rangga karo Marga malah padha
tumungkul nyawang lemah setengah ngeremake mripate.
“Inggih Gus” Ki Pawit mesem banjur aweh
wangsulan “mireng pandangunipun Gus Dapa makaten menika, kula lajeng kemutan
kalihan dhawuhipun Sawargi ingkang Bapa, inggih Ki Kepuh Agal Kapisan ingkang
asring dipun dhawuhaken dhateng kula lan para sedherek kula nalika wiwit mbabat
wana, yasa Dhusun Kepuh Agal rumiyin, inggih menika, prakawis ingkang werit
menika menawi anggenipun ngadhepi namung mawi lepasing nalar ingkang lamba, sok
asring gadhog. Jalaran awit saking winatesing nalaripun manungsa asring
manggihi lurung ingkang buntung, margi ingkang buntu, temah prakawis ingkang
dipun adhepi boten saged dipun rampungaken. Menapa malih menawi kasarengan
kalihan manah ingkang boten narimah dhateng purbaning Hyang Sukma temah wontenipun
namung ngresula. Inggih awit saking menika, ngadhepi prakawis werit kados
ingkang kedadosan ing wanci menika, sepisan kedah migunakaken weninging nalar,
sucining manah, ngagengaken raos panarimah dhateng kudrating Gusti. Manah lan
nalar kedah tansah eling, menawi Gusti menika pisan-pisan boten badhe damel
kacilakan lan kasangsaraning titah, menawi ing kasunyatanipun wonten titah
ingkang dhawah ing kacilakan lan kasangsaran menika estunipun inggih awit
saking pokalipun piyambak. Kajawi menika titah ingkang nggayuh karahayon
langgeng, kedah pitados bilih, ewah gingsiring kawontenan, mobah mosiking jagad
saisinipun menika boten badhe saged kalampahan kajawi saking idi lan palilahing
Gusti lan sadaya menika dumados awit saking sih kamirahaning Gusti dhumateng
titah ingkang saged ngranggeh sih kamirahan kasebat, namung emanipun namung
titah ingkang ngrumaosi kalenggahanipun minangka kawulaning Gusti ingkang saged
ngranggeh kanugrahan lan sih kamirahaning Gusti kala wau. Lan mila sampun
kaprah wiwit dhuk kina makina, titah menika kathah ingkang bodho lan boten
purun pinter. Boten ngrumaosi menawi titah menika estunipun ringkih, nanging
dhemen ngumbar watak kumalungkung rumaos menawi nggadhahi kasekten, boten
wonten ingkang saged ngasoraken temah dhemen nguja angkara degsiya dhateng
sesamining titah. Boten ngrumaosi bilih cubluk lan bodho, temah rumaos sampun
pinter lan boten purun ngudi kapinteran malih jalaran rumaos sampun cekap,
kamangka pangertosaning titah menika sakalangkung ing winatesipun, kapinteraning
titah boten wonten sapraleksa-kethining ngelmi kagunganing Gusti ingkang boten
wonten watesipun, inggih jalaran saking menika temah kathah tiyang pinter
ingkang nampik bebener temah gesangipun keblinger. Inggih awit saking menika,
kangge ngadhepi lelampahan ingkang adilipun kedah dipun lampahi menika, mangga
Gus Dapa kula dherekaken lan Panulad sarta kowe Tanggon, Pahing, Tolu lan
Pangkas ayo bareng-bareng karo aku, sami ngagengaken raos pasrah dhumateng
Gusti Ingkang Maha Agung asarana mbudidaya kanthi sakuwaosipun murih lelampahan
menika tumunten saged rampung kanthi rahayu, binerkahan dening Gusti Allah. Menapa boten makaten ta Anakmas Rangga lan
Anakmas Marga?”.
Ora ngira nek ing pungkasane tembung
jenenge arep disebut dening Ki Pawit, Rangga lan Marga dadi rada gragapan,
angen-angen nggone arep nindakne kuwajiban “tapa ngrame” dhawuh saka Patih
Mandaraka minangka sarana nemokne Sendhang Mustikaning Warih, magepokan karo
lelakon ing Desa Kepuh Agal kuwi dadi ambyar. Nanging bawane bocah sing wis
kulina methuki maneka warna lelakon, anggone rada gragapan ya ora ketara. Malah
Rangga tumuli nyaut kandhane Ki Pawit karo wangsulan :
“Mila makaten Kyai, sedaya ingkang ndika
dhawuhaken menika kala wau boten wonten ingkang boten leres. Ing Jagad menika
boten wonten sesanggan ingkang awrat menawi anggenipun nyangga boten
piyambakan, kraos entheng menawi anggenipun ngangkat sinartan pitulunganing
Allah. Prakawis ingkang angel dipun udhari, boten ateges boten kenging dipun
rampungaken. Sadaya gumantung kados pundi cara anggenipun ngadhepi, menawi
margi ingkang katempuh namung linandhesan kekajengan ingkang kasurung
suwantening hawa napsu, tangeh sagedipun prakawis dipun rampungaken. Saupamia
ketingalipun sampun rampung nanging panggah nisakaken cacat ingkang boten sae
ing wanci-wanci salajengipun. Nanging menawi cara ingkang katempuh linandhesan
tekad nindakaken dhawuhing Gusti inggih nglampahi kuwajibaning titah ingkang
kedah memayu hayuning bawana, mangka sadaya badhe manggih kasenan ingkang
anyaketi sampurna”.
“Kados tanem tuwuh ingkang nandhang
kasatan ing mangsa ketiga, kedadak kasiram jawah deres ing mangsa labuh raosing
manah kula mireng dhawuh saking Wa Pawit saha Adhi Rangga ingkang makaten
menika” kandhane Pradapa sawuse krungu wangsulan saka Ki Pawit lan wangsulane
Rangga marang Ki Pawit “samangke prayoginipun kados pundi, lampah menapa
ingkang kedah dipun lampahi murih tumunten saged kepanggih kalihan siswanipun
Ki Tanparupa ingkang miturut dhawuhipun Eyang Pandhanwangi dhateng Wa Pawit,
inggih sedherekipun tunggal guru menika ingkang ngasta jampi ingkang saged kangge
ngusadani sakitipun Ki Lurah Kepuh Agal Kaping Kalih lan Para Bebau tuwin para
Sapukawat Kepuh Agal. Salajengipun kula sakalangkung pitados, sanaosa dereng
nate kepanggih kalihan priyantunipun, tumrap siswanipun Ki Tanparupa ingkang
sampun langkung pana ing babagan lenggahipun Kawula lan Gusti, kasekten saha
kadigdayaning sedherek-sedherekipun Kyai Daka menika boten wonten
menapa-menapanipun”.
“Inggih Gus” Ki Pawit wangsulan karo
mesem “estunipun wiwit kula kepanggih kalihan Tanggon lan dipun kabari menawi
Gus Dapa nandhang gerah malah kenging kawastanan meh dumugining seda awit
kenging dedamel ingkang kabalangaken dening andhahanipun Kyai Daka, nanging
tumunten saged waluya jati, salebeting wanci kirang saking setengah ari, awit
kajampenan dening Anakmas Marga lan Anakmas Rangga kala wau, kula sampun rumaos
ayem Gus, jalaran sampun angsal sisik melik ing pundi papan ingkang dipun
lenggahi dening sedherek sapaguronipun Nyai Pandhanwangi menika”.
“Cethanipun kados pundi Wa?” Pradapa
takon.
“Miturut naluri lelandhesan ngelmu
pirasat Iman Supingi kula” Ki Pawit wangsulan karo esem sing sansaya amba “kawewahan
criyos saking Tanggon, lan sasampunipun kula anjawat astanipun Anakmas Rangga
lan Anakmas Marga, kula nggadhahi kapitayan bilih Anakmas kekalih menika menawi
dede siswanipun Ki Tanparupa tartamtu wonten sambetipun kalihan Gurunipun Nyai
Pandhanwangi. Awit saking menika, kula kinten langkung prayogi menawi awakipun
piyambak menika nyuwun dhawuh saha nyuwun pitedah dhateng Anakmas Rangga lan
Anakmas Marga magepokan kalihan wontenipun lelampahan ing Kepuh Agal menika
sedaya, inggih sedaya, boten namung babagan kangge warasipun Lurah, para Bebau
lan Sapukawat Kepuh Agal ingkang sami sakit menika kemawon”.
“Inggih Wa” Pradapa wangsulan karo ulat
sing sansaya katon padhang, banjur disambung tembung marang Rangga lan Marga “Adhi
Rangga lan Adhi Marga, gandheng ndika kekalih ugi sampun midhanget
ngendikanipun Wa Pawit, samangke kaparenga kula, nyuwun senjata pitulungan saha
nyuwun pitedah dhateng Adhi kekalih, kados pundi murih Kepuh Agal ingkang
prasasat kasaput pedhut mawa wisa menika tumunten saged wangsul padhang malih
kados rumiyin-rumiyin. Sumangga Adhi kaparenga paring dhawuh dhateng kula lan
Wa Pawit saha sedaya sedherek ingkang wonten mriki menika”.
“Inggih Anakmas Rangga lan Anakmas
Marga, suwawi katulungana Kepuh Agal ingkang nembe kasrambah pacoban saking
Gusti Ingkang Maha Kawasa menika” Ki Pawit numpangi rembuge Pradapa.
Kabeh mripat sing ana papan kono padha
nyawang klawan sunar kang kebak pangarep-arep marang Rangga lan Marga.
Marga nyawang sunaring srengenge sing
tumiba ing lemah liwat sela-selane payon guwa sing digawe saka welitan
alang-alang. Wektune wis awan, srengenge wis gumlewang mangulon. Ora tumuli
aweh wangsulan marang Ki Pawit lan Pradapa, nanging Marga malah banjur ngajak
wong sing ana kono kabeh, bebarengan nindakne kuwajibane kawula manembah marang
Allah ing wanci luhur.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar