138.
Wong-wong kuwi banjur padha ngadeg,
mlaku menyang belik saprelu sesuci lan diterusne padha nindakne Panembah
bebarengan. Lagi sawuse rampung nggone manembah marang Gusti Allah, Rangga
banjur aweh sasmita marang Marga murih aweh wangsulan marang Ki Pawit lan
Pradapa.
“Kakang Pradapa” Marga wiwit guneman
“ora bakal tak selaki, pancen antarane aku karo Kakang Rangga iki ana sambung
rapete karo Ki Tanparupa. Lan anggonku wong loro iki klambrangan iki satemene
lagi ngupadi Sendhang Mustikaning Warih. Sarta maneh, kapan olehku bocah loro
bisa nemokne Sendhang kuwi, ora winatesan kudu suk kapan. Mung welinge sing
paring dhawuh marang Kakang Rangga lan aku, sajroning lelaku nggoleki Sendhang
Mustikaning Warih iki, aku bocah loro kadhawuhan, nindakne darmaning urip sarana
tetulung marang sok sapaa sing mbutuhake pitulungan. Mula yen nyata Kakang
Pradapa mbutuhake bau lan nalarku sakloron supaya melu mbudidaya murih padhange
kahanan ing Kepuh Agal, Kakang Rangga lan aku babar pisan ora kabotan”.
“Ngaturaken genging panuwun Adhi”
Pradapa guneman karo praupan katon sansaya sumunar padhang “gandheng Adhi
Rangga lan Adhi Marga sampun uninga menggah lelampahan ingkang wonten ing Kepuh
Agal, inggih saking atur lan cariyos kula lan kawewahan kabar saking Wa Pawit
kala wau, samangke borong dhateng Adhi Kekalih anggenipun badhe miwiti paring
pitulungan dhateng Kepuh Agal, kula Wa Pawit, Kakang Panulad lan sedaya ingkang
wonten mriki namung saged nengga menapa ingkang dados dhawuh saking Adhi
kekalih, pindhaning jemparing sagandewanipun, lampah kula gumantung dhateng
dhawuh saking ndika Adhi Rangga lan Adhi Marga, bebasan putung kabalangna lebur
kasawurna kangge padhanging Kepuh Agal kula sakanca boten badhe wigih
anglampahi”.
Bubar guneman mangkono kuwi Pradapa
banjur genti-genti ngulati Ki Pawit lan Panulad. Wong loro kuwi padha manthuk
nandhakne yen sarujuk karo apa sing dikandhakne Pradapa marang Rangga lan
Marga. Wong-wong kuwi banjur padha genti ngulatne Rangga lan Marga, ngarep-arep
wangsulan utawa rerigen saka nom-noman loro kuwi.
“Yen Pancen mangkono, saiki ngene wae”
genti Rangga sing guneman sareh “kanggo sawatara wektu, Kakang Pradapa kudu
mbalik dhisik menyang Kepuh Agal, bareng karo Ki Pawit lan Kisanak Panulad,
kanggo netepi kasaguhane Ki Pawit marang Kyai Daka”.
“Menapa kula kedah masrahaken Kyai
Pantek dhateng Kyai Daka Adhi?” Pradapa nyelani takon karo njengkerutne
bathuke.
“Mengko dhisik ta” Rangga aweh wangsulan
“aja kesusu nyelani rembug, merga tembungku iki durung rampung, mengko nek wis
rampung ndika kena takon kanggo nampa utawa nampik rerigen sing tak kandhakne”.
“Inggih nyuwun pangapunten Adhi” Pradapa
katon nek rumangsa luput “mangga katutugna anggenipun Adhi Rangga paring
dhawuh”.
“Kajawi nganthi Kakang Pradapa manggihi
Kyai Daka” Rangga nutugne guneme “Ki Pawit kaparenga ugi ngajak kula kalihan
Adhi kula pun Marga”.
“Inggih Anakmas, boten langkung
ngestokaken dhawuh” wangsulane Ki Pawit.
“Sabanjure Kakang Pradapa” Rangga genti
guneman marang Pradapa “sawise tekan ngarepe Kyai Daka, ndika aja nganti nuduhake
Keris Kyai Pantek marang Kyai Daka. Nanging ndika kandha wae yen Keris Kyai
Pantek kuwi wis sauntara ndika titipne marang aku lan Marga. Yen Kyai Daka
nedya cilike weruh gedhene kepengin nyilih utawa njaluk Keris Kyai Pantek,
ndika kongkon supaya nembung dhewe marang aku, nanging luwih dhisik Kyai Daka
kudu ngolehi Marga aweh tamba marang Ki Lurah lan Para Bebau sarta para
Sapukawat sing saiki lagi padha lara kuwi. Mengko, aku karo Marga sing bakal
ngadhepi sawutuhe marang apa sing arep dicakne Kyai Daka sakancane. nDika aja
kuwatir, Kyai Pantek ora bakal uwal saka raga ndika”.
“Inggih Adhi, sedaya dhawuhipun Adhi
Rangga badhe kula lampahi” Pradapa wangsulan.
“Marang Kang Tanggon sakancane aku
njaluk tulung” Rangga genti kandha marang Tanggon .
“Mangga kadhawuhna kemawon” Tanggon
wangsulan canthas “kula sakanca badhe kanthi remening manah badhe nindakaken
ingkang dados dhawuhipun Denmas, eh Adhi Rangga lan Adhi Marga”.
“nDika kudu bali menyang Kepuh Agal
maneh, bareng karo Kyai Pawit lan Kisanak Panulad” Rangga aweh prentah “nanging
yen wis tekan Kepuh Agal, ndika sakanca aja padha melu menyang Kalurahan
dhisik. nDika padha golekana Sinoman lan Sapukawat Kepuh Agal sing durung katut
dadi andhahane Kyai Daka, nanging ora katut lara kaya Ki Lurah. Yen wis banjur
padha ajaken menyang Kalurahan, mbok menawa mengko ana gaweyan sing kudu ditandangi”.
“Inggih, Adhi sendika ngestokaken
dhawuh” wangsulane Tanggon, Pahing, Tolu lan Pangkas bebarengan.
“Wis kakang Pradapa, olehku guneman wis
rampung, saiki ndika tak lilani takon utawa nuduhake endi sing miturut ndika
kudu diowahi?” Rangga banjur kandha marang Pradapa.
“Sampun cekap Adhi, boten wonten ingkang
kedah dipun ewah-ewah” wangsulane Pradapa.
“Kados pundi Kyai ?” genti Rangga nakoni
Ki Pawit.
“Inggih Anakmas” Ki Pawit wangsulan
“kula namung badhe nyuwun pirsa”.
“Mangga Kyai, Kyai ngersakaken mundhut
pirsa ingkang pundi?” Rangga wangsulan karo mesem.
“Saenipun benjang menapa anggenipun
miwiti padamelan menika Anakmas?” Ki Pawit ngandhakne sing dadi pitakone.
Rangga mesem amba, wangsulane:
“Kula kinten langkung enggal kawiwitan
inggih langkung sae, Kyai. Kadospundi menawi benjing enjing anyarengi
jumedhuling surya saking sisih wetan, awakipun piyambak kedah sampun dumugi ing
Dalem Kalurahan Kepuh Agal?”.
“Menika kula sakalangkung sarujuk Anakmas”
Ki Pawit wangsulan banjur noleh marang Pradapa karo takon “rak nggih makaten ta
Gus?”.
“Inggih Wa, kula ndherek kemawon menapa
ingkang dados kersanipun Adhi Rangga”.
Tetemon awan kuwi tumuli dianggep
rampung, kabeh banjur padha mapan leren ana guwane Tanggon sakancane. Bengine
nalika Rangga lan Marga kaya padatan padha nindakne laku pasujudan, mahas ing
sepi nenuwun marang Gusti murih anggone urip ing donya bisa migunani tumrap
titah liyane, lan nyuwun murih Gusti kepareng nampa apa kang ditindakne minangka
laku kanggo manembah marang Gusti, Ki Pawit, Pradapa lan Panulad padha nusul
lan melu nindakne apa sing dilakoni Rangga lan Marga kuwi. mBarengi sirepe
suwara rijalolah, Rangga aba supaya kabeh padha tata-tata budhal bali menyang
Kepuh Agal nindakne apa sing wis dirancang awan mau.
Nalika Bang-bang wetan wis katon
sumamburat, lakune wong-wong saka guwane Tanggon, wis tekan sacakete Padhukuhan
saka Desa Kepuh Agal. Wong-wong kuwi padha leren ing sapinggire Kali Gebyog,
saprelu nindakne panembah wektu esuk marang Gusti Kang Maha Agung. Lan nalika
srengenge esuk katon muntup-muntup jumedhul saka wetan, lakune wong-wong kuwi wis
tekan Kalurahan Kepuh Agal. Kahanan Kalurahan katon sepi, wong rondha sing
kajibah jaga regol kalurahan wis padha bali menyang omahe dhewe-dhewe. Rangga
kongkonan Ki Pawit lan Panulad supaya padha bablas munggah menyang pendhapa,
Rangga, Marga lan Pradapa leren ing mburine Regol murih ora gampang diweruhi
wong, lan sawayah-wayah dibutuhne supaya diparani. Dene Tanggon sakancane,
wiwit mlebu padhukuhan Kepuh Agal mau, kabeh wis padha mencar, nindakne
prentahe Rangga supaya nggoleki para sinoman lan sapukawat sing durung dadi
andhahane Kyai Daka.
Tekane Ki Pawit lan Panulad ing Pendhapa Kalurahan, ndadekne sing ana kono
padha kaget, jebul sing padha lara padha ditunggoni lan diopeni dening
kulawargane dhewe-dhewe, ya kuwi bojone utawa anake. Ki Pawana ditunggoni
bojone sing saiki wis wenang nganggo sebutan mBok Mas Lurah. Wong wadon kuwi
gita-gita olehe mapagne tekane maratuwa karo adhine ipe.
“Lha Kyai Daka lan andhahane mau bengi
apa bali menyang omahe ?” pitakone Ki Pawit marang mantune wadon.
“Inggih Ramake” wangsulane mBok Mas
Lurah “Kyai Daka lan Bebau Sidamulya sami wangsul, nanging sedherekipun Kyai
Daka ingkang tiga menika ugi murid-muridipun boten, sedaya sami tilem ing dalem
wingking dereng sami tangi. Kados pundi Ramake? Menapa sampun pikantuk tamba
kangge Kyaine kula?”.
“Iya awit saka pandongamu lan pandongane
kabeh sing ana kene, aku wis kepethuk karo sing tak goleki, ya muga-muga wae
awan iki mengko kabeh wis bisa ditambani lan bisa waras bali kaya wingi uni”
wangsulane Ki Pawit marang mantune “saiki aku ngenteni tekane Kyai Daka, sing
mesthine ora suwe maneh bakal bali mrene, nek ora Kyai Daka ya Lurah Danara”.
“Sokur ta Ramake, selak mesakaken sedaya
ingkang sami sakit menika, kala dalu sambatipun boten kanten-kantenan” mBok Mas
Lurah guneman maneh “nanging dening sedherek lan muridipun Kyai Daka boten
dipun tulungi malah dipun getak-getak kados pesakitan lan dipun uneni menawi
boten dangu malih sedaya badhe pejah, ndadosaken sedaya ingkang wonten mriki
sami nangis. Menika kala wau nembe kemawon sami saget kendel, saged tilem mila
lajeng boten sami sambat, menawi boten tilem mesthi sedaya sami sambat sakit”.
“Ya sing gedhe nggonmu sabar nDhuk”
wangsulane Ki Pawit aweh panglipur “pancen wektu iki bojomu lan liya-liyane
lagi dadi lakon, lagi nandhang lara kaya mangkono kuwi, adile panandhang kuwi
ya disandhang klawan nggedhekne rasa sabar,
lila legawa pasrah marang pangwasane Allah, ya muga-muga wae sawise ditambani,
kabeh tumuli waras”.
Nengah-nengahi Ki Pawit rembugan karo
mantune, Kyai Daka lan Lurah Danara padha teka, kekarone padha munggah menyang
pendhapa. Wong loro kuwi kaget semu ora percaya karo panyawange dhewe, nalika
padha weruh Ki Pawit lan Panulad sing padha linggih ing sacedhake Ki Lurah
Pawana. Nanging ya ora suwe, wong loro kuwi temen wis weruh yen sing lagi
linggih kuwi temen-temen Ki Pawit lan Panulad. Lurah Danara banjur bablas mlebu
menyang omah mburi, arep nggoleki andhahane. Kyai Daka banjur alok marang Ki
Pawit :
“Lho ndika sampun dugi malih ta Ki
Pawit? Pripun sampun kepanggih kalih Raden Pradapa menapa dereng?”.
“Inggih Kyai” wangsulane Ki Pawit karo
mesem “angsal pandonga ndika, lampah kula manggih asil, kula sampun kepanggih
kalihan Gus Pradapa lan menawi sampun wonten palilah ndika, Gus Dapa tumunten
kula aturane minggah mriki”.
Praupane Kyai Daka nuduhne yen kaget,
krungu wangsulane Ki Pawit mangkono kuwi.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar