139.
Ing atine Kyai Daka ana rasa sing ora
bisa nampa marang apa sing dadi wangsulane Ki Pawit sing ora klebu ing nalare
kuwi. Wingi Kyai Daka nampa palapuran saka Lurah Danara yen Pradapa kapeksa ora
bisa digawa bali menyang Kepuh Agal jalaran sawuse kena Kudhi sing disawatake
Parwa, kunarpane Pradapa banjur ilang musna. Malah pangirane wong-wong bathange
Pradapa sing ilang kuwi wis dipangan dening Dhemit sing mbaureksa sawijining
watu gedhe sing manggon ing pinggire Kali Gebyog. Teka saiki kanthi entheng Ki
Pawit kandha yen tekane wis nganthi Pradapa lan sawayah-wayah bisa diajak
nemoni dheweke. Apa crita sing digawa Danara wingi kuwi dora?. Iku cetha yen
luwih mokal maneh, ora ana tinone Danara wani dora marang dheweke. Kajaba saka
iku, wong sepuluh sing ditambah wong lima las, sing diprentah nututi lan nggawa
bali Pradapa, critane padha yen Pradapa kena Kudhine Parwa lan nandhang tatu
sing abot, dadi saupama ora dibadhog dhemit sing mbaureksa watu gedhe sing ana
pinggire Kali Gebyog, mesthine Pradapa wis tumekeng pati kentekan getih utawa
saora-orane isih sekarat, embuh neng ngendi papane. Lan saupama ana sing aweh
pitulungan marang Pradapa sing nandhang tatu abot, uga mokal yen saiki Pradapa
wis bisa diajak bali menyang Kepuh Agal kajaba yen digotong lan mesthi durung
bisa diajak rembugan.
“Pripun Kyai ? Menapa sampun angsal Gus
Dapa kula sowanaken ing ngarsa ndika, sakniki ugi?” lagi ngrasakne kisruhe rasa, dumadakan Kyai
Daka dikagetne dening pitakone Ki Pawit.
“nDika sampun sembrana lho Ki Pawit”
wangsulane Kyai Daka sajak ora seneng krungu pitakon sing kaya mangkono kuwi “ndika
niku rembugan kalih tiyang tuwek, boten guyon klecon kalih lare sing lagi angon”.
“nDika niku pripun ta Kyai?” Ki Pawit
takon karo mesem sajak ngece “kula wangsul dhateng Pendhapa mriki niku nggih
merga ajeng manggihi ndika Kyai Daka, Pangarsaning Paguron Ageng, Kyai sekti
sing kondhang dados samodraning ngelmi agal lan alus. Gek kula niki nggih empun
tuwek, boten lucu menawi wantun sembranan kalihan ndika. Kala emben ndika
ngongkon kula murih madosi lan nganthi Gus Dapa wangsul dhateng Kepuh Agal
minangka sarana anggen badhe ndika nambani anak kula lan para Bebau sarta para
Sapukawat ingkang pating glethak niku? Sak niki sareng kula sampun angsal
damel, kok ndika malah ngarani kula ngomong sembranan kaya guneman guyon klecon
karo bocah angon, niku terange pripun?”.
Nalika Ki Pawit guneman ngono kuwi mau,
Lurah Danara metu saka omah mBuri, ditutne dening andhahane lan uga Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor, wong telu
sing kasebut keri iki lan Lurah Danara banjur ngadeg neng sisihe Kyai Daka kang
uga isih ngadeg, dene andhahane Danara banjur padha bablas mudhun ing plataran
Kalurahan.
“nDika sampun salah tampa Ki Pawit” Kyai
Daka nyarehne olehe guneman “mergi angsale ndika budhal lunga niku nembe kalih dinten, kamangka teng pundi papane
Raden Pradapa niku dereng cetha, kok ndika kanthi gampang saged wangsul
ndherekne Raden Pradapa niku cethane pripun?”.
“O ngoten ta?” Ki Pawit nglendhehne
suwarane “papanipun Gus Pradapa niku empun cetha Kyai, kados sing ndika
dhawuhne dhateng kula wingenane nika, menawi Gus Dapa nembe kakempalaken dening
lelembut ingkang mbaureksa Dhusun Kepuh Agal kalihan lare-lare ingkang ical
nalika samanten, boten saged katingalan dening tiyang limrah, jalaran nembe
dipun tutupi ron salembar. Andilalah kala wingi niku, pas kula mlampah kalih
anak kula Panulad niki, wonten angin radi banter, ron ingkang kangge nutupi Gus
Pradapa lan lare-lare niku kabur, mula kula lajeng saged sumerep lan Gus Dapa
lan lare-lare ugi sumerep kula. Lajeng lare-lare kalih Gus Dapa sami criyos
menawi waunipun badhe wangsul boten sumerep margi, jane ngoten, Gus Dapa lan Tanggon
sakancane nika nggih ngertos menawi dipadosi Ki Danara lan rencang-rencange,
tiyang Ki Bebau Sidamulya niku nggih kober midaki ron ingkang nutupi Gus Dapa lan
lare-lare niku. Nanging Ki Danara diceluki criyose boten ngrewes babar pisan.
Kula nggih lajeng criyos, menawi kula ndika kengken madosi Gus Dapa, kula nggih
criyos menawi Kyai Daka sampun kangen sanget dhateng Gus Dapa lan lare-lare
kala wau. Mila sedaya inggih lajeng semrinthil ngetutne kula wangsul”.
Krungu wangsulane Ki Pawit marang Kyai
Daka mangkono kuwi, Panulad mesem banjur tangane ditutupne lambe ben ora
keprojol guyune. Beda karo Danara sing banjur mbrabak abang praupane,
mangar-mangar kaya kembang wora-wari. Untune nggeget banter, katon yen lagi
ngampet kanepsone. Ki Jenggi sing uga ketok nek ora seneng ngrungokne tembung
sing diucapne Ki Pawit, banjur bisik-bisik menyang kupinge Kyai Daka. Kyai Daka
manthuk-manthuk, banjur guneman marang Ki Pawit :
“Lha sak niki Raden Pradapa wonten pundi
Ki Pawit? Nek nyata leres sing ndika kandhakne niku wau, mangga Raden Pradapa
ndika aturi manggihi kula. Boten ing mriki, nanging ing plataran ngajeng mriku,
sing papane luwih jembar lan luwih padhang”.
“Inggih Kyai, mangga kula dherekaken
teng plataran” wangsulane Ki Pawit sing banjur prentah marang anake wuragil “Panulad,
Gus Dapa karo kancane loro kae mau aturana menyang Plataran, nemoni Kyai Daka”.
“Inggih” wangsulane Panulad karo menyat “mugi-mugi
ron sing wingi nutupi Gus Pradapa boten katut angin mriki lajeng nutupi malih”.
Muni ngono kuwi, Panulad karo mesem,
mripate nglirik prenahe Danara. Sing dilirik mencereng, mripate abang, nanging
ora guneman apa-apa. Kyai Daka banjur ndhisiki metu arep mudhun menyang
plataran, Danara karo Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor banjur tutwuri. Ki
Pawit banjur pamitan marang mantune nek arep ngetutne Kyai Daka, karo pamitan
Ki Pawit isih kober aweh pitutur marang mBok Mas Lurah supaya sabar.
Ora suwe tekan Plataran Kalurahan, Kyau
Daka ngadeg ing sisih kiwane uga ngadeg Ki Jenggi jejer karo Ki Lembong. Lan
ing sisih kanane Danara dijejeri Ki Dodor. Sautara iku, para andhane Kyai Daka
banjur mlumpuk ngadeg baris rapet neng mburine Gurune. Ki Pawit milih panggonan
ngadeg ing ngarepe Kyai Daka watara gang rong dhepa. Saka regol ngarep Panulad
mlebu plataran, ngiringne Pradapa sing diamping-ampingi Marga lan Rangga ing
sisih kiwa lan tengene. Pradapa anggone mlaku katon jejeg, gagah, ora ana
tandha-tandha yen lagi wae bubar lara.
“Taklim kula katur Rama Kyai” kandhane
Pradapa nalika lakune wis tekan ngarepe Kyai Daka.
“Inggih Raden, boten langkung dhawah
sami-sami” wangsulane Kyai Daka karo manthuk kurmat, nanging banjur takon karo
suwara sing nuduhne ora senenging atine karo ngulati Rangga lan Marga “lha lare
kalih menika sinten Raden? Kula dereng tepang lan boten betah kalih
piyambakipun menika!”.
“Inggih Kyai” wangsulane Pradapa karo
mesem “nyuwun pangapunten menika Adhi Rangga lan Adhi Marga, kekalihipun
ingkang samangke kajibah ngreksa kayuwananipun Dhuwung Kyai Pantek agemanipun
sawargi Bapa Kepuh Agal Kapisan. Menawi Rama Kyai Daka, boten sarju ing
panggalih awit wontenipun adhi kekalih menika, mangke kula aturanipun murih
sumingkir sawatawis”.
Ki Pawit lan Panulad padha mesem semu
ngampet guyu krungu wangsulane Pradapa marang Kyai Daka mangkono kuwi. Beda
karo Kyai Daka dhewe sing banjur groyok aweh wangsulan marang Pradapa :
“Sampun Raden, sampun kadhawuhan
sumingkir, kula kepengin rembagan sakedhik kalihan Kisanak Rangga lan Kisanak
Marga menika rumiyin”.
“Mangke rumiyin Kyai” wangsulane Pradapa
panggah karo suwara sareh sing alus “kula mireng saking Wa Pawit lan Kakang
Panulad, kabaripun Ki Kepuh Agal Kaping Kalih lan Para Bebau tuwin para
Sapukawating Dhusun nembe nandhang gerah ing Pendhapa Kalurahan mriki? Menapa
leres makaten?”.
“Inggih Raden, mila leres kabar ingkang
Raden tampi menika” wangsulane Kyai Daka karo suwara sing sajak prihatin “inggih
awit kenging walat jalaran wantun ngawontenaken upacara kepyakan wisudan
nanging saratipun kirang jangkep……”.
“Manawi makaten” Pradapa nugel rembuge
Kyai Daka “saderengipun Rama Kyai ngendikan kalihan Adhi Rangga lan Adhi Marga,
kaparengna adhi kekalih menika paring jejampi dhateng Ki Lurah, Para Bebau lan
para Sapukawat ingkang nembe sakit menika langkung rumiyin. Menawi Kyai boten
marengaken, inggih sampun Adhi Rangga lan Adhi Marga badhe kula aturi sumingkir
saking mriki. Awit miturut dhawuhipun Kyai ingkang lumantar Wa Pawit ingkang
kula tampi, ingkang dipun betahaken Rama Kyai Daka menika namung kula piyambak,
boten kalihan Adhi Rangga lan Adhi Marga”.
Kyai Daka ora tumuli aweh wangsulan,
malah wola-wali njengkerutne bathuke. Ki Lembong sing ngadeg ana sisihe tumuli,
mbisiki Kyai Daka, alon-alon banget sing rumangsane mung bisa dirungokne Kyai
Daka dhewe, kamangka Rangga lan Marga uga krungu kanthi cetha merga bocah loro
kuwi wiwit mau wis ngecakne aji Sasra Pangrungune :
“nDika idini wae, bocah loro kuwi
nambani wong-wong sing padha ngglethak neng jogan kae. Nanging wisa tenung sing
tak lebokne neng ragane wong-wong kae yekti ora ana tambane, aja maneh mung
ditambani bocah sing lagi jajalan dadi dhukun, mbok Dewa pisan ora ana sing
bisa nundhung tenung wisa peparinge Dewaning Upas Sang Nagaraja. Sajroning
sepuluh dina mesthi kabeh wis modar dadi bathang”.
Kyai Daka manthuk-manthuk karo mesem,
banjur guneman marang Pradapa :
“Inggih Raden kaleresan sanget menawi
Kisanak Rangga lan Kisanak Marga kepareng badhe paring jejampi dhateng Ki Lurah
saha sedaya ingkang nembe sakit ing pendhapa menika” Kyai Daka banjur prentah
marang Lurah Danara “Danara dherekna Kisanak loro kuwi menyang papane Ki Lurah
lan para Bebau sarta Sapukawating Desa sing lagi padha lara kae”.
“Inggih Bapa Guru ngestokaken dhawuh”
wangsulane Lurah Danara sing ditutugne kandha marang Rangga lan Marga “Ayo
kisanak, tak terne munggah menyang Pendhapa papane wong-wong sing lagi padha
lara sing arep ndika wenehi jamu kuwi”.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar