Total Tayangan Halaman

Jumat, 13 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (140)


 

140.

        Rangga lan Marga banjur njangkahne sikile arep ngunggahi Pendhapa. Panulad tanggap, banjur ngetutne nom-noman loro kuwi mau. Sadurunge mlaku Rangga kober mangsuli gunemane Lurah Danara :

        “Matur nuwun Ki Danara, aku karo adhiku ora mbutuhne wektu suwe kok, mung arep menehne jamu marang sing padha nunggu kareben mengko diombekne marang sing lara, mau Kisanak Panulad kandha yen batihe sing lara padha nunggoni. Dadi aku karo sedulurku mengko ora nganti sapanginang ya bali menyang plataran kene maneh”.

        “Iya” Danara wangsulan cekak.

        Marga sing nduweni ngelmu kasarasan, rumangsa seneng atine. Jalaran ora sah nganggo nakoni sing lagi lara, dheweke wis weruh apa sing ndadekne Ki Lurah lan para andhahane kuwi lara, merga krungu olehe bisik-bisik Ki Lembong marang Kyai Daka mau. Ya kuwi wong-wong kuwi kena Tenung Upas sing dilebokne dening Ki Lembong. Mula sawuse tekan jogan lan ngulati sing padha ngglethak karo ngempet rasa lara, Marga banjur njaluk tulung marang Panulad supaya golek kendhi cacah pitu sing wis diiseni banyu kabeh. Ora mbutuhne wektu sing suwe, Panulad wis oleh apa sing dijaluk Marga, jalaran jebul wong-wong sing padha nunggu kulawargane kuwi racak padha nggawa banyu saka omah sing uga diwadhahi kendhi. Ana sing sisa wingi durung diombe lan uga ana sing lagi teka merga lagi wae olehe ngirim anak-anake.

        “Kisanak Panulad aku nyuwun tulung maneh” kandhane Marga karo ngetokne Bumbung wadhah jamu saka waliking klambine ana buntelan klaras isi barang-barang bunder gedhene samrica-mrica. Saben kendhi siji dileboni barang bunder kuwi siji, banjur Marga nisihne bunderan cacah limalas maneh diulungne marang Panulad karo nutugne olehe kandha “Ki Lurah karo Para Bebau sarta para Sapukawat sing lagi padha lara iki, tulung ndika unjuki jamu iki siji-siji, banjur ndika aturi ngunjuk banyu kendhi sacukupe. Yen banyune isih turah bisa diunjuk dening sapa wae sing ngelak”.

        “Inggih Adhi” wangsulane Panulad karo nampani barang sing diulungne Marga. Ing Batin Panulad ngetung cacahe barang sing ditampa kuwi, kabeh ana limalas, dadi pas wong siji bageyan siji. Merga sing lara kabeh ana limalas, kajaba Ki Lurah lan bebau cacah papat, ana Sapukawat cacah sepuluh.

        “Sabanjure sing prelu ndika ngerti” Marga guneman maneh “sawuse ngunjuk jamu lan banyu kendhi iku, Ki Lurah lan wong-wong sing lagi lara kuwi bakal krasa ngantuk banjur padha sare, nanging ya ora suwe. Watara sapanginang, bakal padha wungu saka anggone sare lan muga-muga awit pitulunganing Allah, lelara sing ana salirane Ki Lurah lan Para Bebau sarta Para Sapukawat wis lunga, lan kanggo mulihnme kekuwatan murih bali wutuh, kabeh ndika aturi dhedhe ing ngisore sunar srengenge, bisa ana latar kana, ing mburine Kakang Pradapa sing lagi jejagongan karo Kyai Daka kae”.

        “Inggih Adhi, dhawuhipun Adhi Marga badhe kula tindakaken sak niki ugi” wangsulane Panulad.

        “Iya Kisanak Panulad, ya mung kuwi bisaku aweh tamba, muga-muga dikeparengake dening Gusti dadi sarana sarase Ki Lurah lan kabeh sing lagi padha lara. Saiki aku arep bali menyang plataran maneh, selak kesuwen anggone Kyai Daka ngenteni” Marga guneman maneh banjur marang Danara Marga uga banjur kandha “wis cukup Ki Danara, sepisan maneh aku nedha nrima marang ndika, saiki aku arep mudhun menyang Plataran maneh”.

        Danara ora wangsulan, nanging banjur ngetutne Rangga lan Marga sing ndhisiki mlaku arep mudhun menyang plataran, mbalik menyang papane ngadeg mau. Ing batin Danara ngguyu, jebul tamba sing diwenehne dening Marga marang Ki Lurah lan para andhahane mung wujud bunderan samrica-mrica sing rupane putih kaya uyah. Kamangka Danara ya wis ngerti nek satemene larane Ki Lurah karo para andhahane kuwi ora lara sabaene, nanging lara jalaran saka Tenung Wisa mandi sing dikirimake sarana mantram sakti dening Ki Lembong. Danara tau dikandhani Ki Lembong yen Tenung Upas kuwi mau peparinge Dewaning Upas sing jejuluk Nagaraja. Dadi wis kena dipesthekne nek sawise diombeni jamu saka Marga mau, wong-wong sing lara ora bakal bisa waras. Aja maneh mung jamu sing rupane kaya uyah dicarup karo banyu kendhi, bisoa marasna sing padha lara. Sedheng saupama ana Dewa mudhun saka Kahyangan wae, pra bakal ana sing bisa ngalahne dayane Tenung Upase Ki Lembong. Danara ora tau ngerti marang Marga sadurunge, lan ora ngerti nek jamu sing diwenehne Marga marang Panulad mau dudu sabaene jamu. Nanging jamu peparinge Ki Tanparupa sing digawe saka pathine oyot, godhong lan uwohe wit Ngilajul Marad sing thukul ing tengahing segara sakidule Tanah Jawa, sing bisa kanggo nambani sewu lelara lan gawe tawane sakehing wisa kang kebacut mlebu ing ragane manungsa.

        Sawise Rangga lan Marga bali ngadeg ing sisih kiwa lan tengene Pradapa, Kyai Daka rumangsa gumun, dene olehe nambani wong-wong mau, Rangga lan Marga mung sedhela. Kyai Daka ngira yen nom-noman loro kuwi mau wis kasoran perbawa karo dayaning Tenung Upas utawa Tenung Wisa saka Ki Lembong sing wis dilebokne marang ragane Ki Lurah lan andhane, mula banjur padha ngalih bali menyang papane sakawit. Nanging pangirane Kyai Daka ngono kuwi mau ora diblakakne, malah banjur wiwit guneman ngajak rembugan Pradapa :

        “Estunipun Raden, kula menika nampi wangsit saking Ingkang Maha Agung. Dene wosing wangsit inggih menika, ngabaraken ngengingi sambet-rapetipun Dhusun Kepuh Agal kalihan sipat kandelipun inggih menika Dhuwung Kyai Pantek ingkang rumiyin dados agemanipun Sawargi keng Bapa, inggih Ki Kepuh Agal Kapisan. Dhusun Kepuh Agal badhe manggih ayem tentrem tebih saking godha rencana manawi taksih katenggan dening Kyai Pantek kanthi wetah, liripun kajawi blegeripun Kyai Pantek kedah cumondhok ing Kepuh Agal mriki, ugi alusipun Kyai Pantek ugi kedah rumaos kraos ing Kepuh Agal. Kala rumiyin, Sawargi Ki Kepuh Agal Kapisan mila saged momong lan ngladosi kabetahaning batinipun Kyai Pantek mila boten nama aneh menawi, jaman Ki Kepuh Agal Kapisan taksih sugeng, Dhusun menika tansah ayem tentrem, pagesanganing kawula sansaya dangu sansaya makmur. Kosok wangsulipun, manawi ngantos Dhusun Kepuh Agal kapisah kalihan Kyai Pantek, mangka Dhusun ingkang suwaunipun ayem tentrem menika badhe wonten kemawon sambikalanipun. Gandheng Ki Lurah Kepuh Agal Kapisan sampun kundur ing ngayunaning Pangeran, mesthinipun ingkang pirsa kawontenanipun Kyai Pantek boten wonten malih kajawi jengandika Raden Pradapa”.

        “Nyuwun pangapunten Kyai” Pradapa aweh wangsulan alon nanging cetha “malah kula nembe menika mireng menawi Kyai Pantek menika sipat kandel dhusun Kepuh Agal ingkang boten kenging kapisahaken. Awit sadangunipun kula gesang, ingkang kula sumerepi Dhuwung menika agemanipun Bapa, lan Bapa nate paring dhawuh menawi Dhuwung Kyai Pantek menika dede kagunganipun Bapa piyambak, nanging bapa namung sadremi kaampilan kemawon. Lan nalika Bapa badhe seda ingkang katengganan dening Wa Pawit, kula lan Para Bebau kajawi Ki Danara Bebau ing Sidamulya, Bapa ugi boten dhawuh babagan menika. Lan sareng Bapa sampun seda, ing Plangkan Pusaka Dalem Kalurahan, Kyai Pantek sampun boten wonten malih. Lan mugi kauningan Kyai, nalika kula bidhal badhe ngayahi jejibahan winados saking Bapa, ing margi kula kepanggih kalihan Ki Parwa abdinipun Ki Danara lajeng katedahaken margi ingkang saged kaliwatan kapal, jebul ing margi ingkang dipun tedahaken Ki Parwa kala wau kula malah kepanggih tiyang-tiyang ingkang ngaken utusanipun Kyai lan nuwuhaken pasulayan. Rahayunipun kula saged mlipir margi temah boten saged kapeksa dening utusanipun Kyai ingkang badhe mbeta kula wangsul dhateng Kepuh Agal kanthi kawontenan gesang utawi pejah. Lan nalika kula mlipir margi kala wau, kula lajeng kepanggih Adhi Rangga lan Adhi Marga ingkang pranyata Adhi kekalih menika ingkang kajibah ngreksa Kyai Pantek dening ingkang kagungan. Kula inggih gumun salebeting manah, nalika kepanggih Wa Pawit ingkang ngendika menawi Wa Pawit kadhawuhan dening Kyai murih madosi kula, kamangka saderengipun menika Kyai sampun utusan kados ingkang kula aturaken ing ngajeng. Samangke sareng sampun kepanggih, Kyai dhawuh badhe ngajak ngrembag Kyai Pantek, awit saking menika murih cethanipun, Kyai kula suwun ngendika kemawon dhateng Adhi Rangga lan Adhi Marga, awit kekalihipun menika ingkang langkung pana babagan Kyai Pantek”.

        Diwangsuli dening Pradapa klawan tembung sing dawa mangkono kuwi, sapandurat Kyai Daka mbrabak abang praupane, untune digegetne kenceng. Samono uga kahanane Danara lan Ki Jenggi, Ki Lembong sarta Ki Dodor. Lan nalika Pradapa nyawang wong-wong sing baris rapet ing mburine Kyai Daka, Pradapa weruh yen Parwa lan wong sepuluh sing nyegat lakune kae uga padha ana kono. Saka praupane katon yen Parwa lan wong-wong sing nyegat Pradapa kuwi padha bingung atine.

        “Mangke rumiyin Raden” Kyai Daka guneman maneh, suwarane keprungu kedher, nanging ketara yen disareh-sarehake “kula babar pisan boten mangertos kalihan ingkang jengandika dhawuhaken menika, awit kula boten nate kengkenan sinten kemawon kangge manggihi jengandika kajawi Ki Pawit ingkang lajeng dipun kancani dening yoganipun pun Panulad. Dados menawi saderengipun wonten tiyang ingkang ngaken-aken kengkenan kula, cetha menawi wonten tiyang ingkang badhe damel awon kula ing ngarsa jengandika Raden Pradapa”.

        Dumadakan saka regol ngarep keprungu suwara rame-rame, suwarane wong sing padha tumuju menyang Plataran Kalurahan. Jebul sing teka para Nom-noman sing dadi Sapukawat Kepuh Agal sing durung manunggal karo Kyai Daka, tekane ngetutne Tanggon, Pahing, Tolu lan Pangkas. Para sinoman sing lagi teka kuwi banjur baris rapet ana mburine Pradapa. Weruh tekane wong-wong kuwi, Kyai Daka katon yen kaget. Luwih-luwih Lurah Danara lan para andhahane sing baris rapet ing mburine Kyai Daka. Tanpa krasa,  Lurah Danara wis nggoceki garan pedhange sing dislempangne ana lempeng, semono uga para andhane sing uga wis wiwit padha ngliga gegamane dhewe-dhewe.

 

ana candhake

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...