141.
Kahanan dadi sansaya kosek bareng saka Pendhapa Panulad mudhun menyang
Plataran ditutne Ki Lurah Pawana lan Para Bebau sarta para Sapukawat sing
banjur padha jejer neng mburine Pradapa, wong-wong sing lagi wae padha
ngglethak katon padha sigrak lan seger awake. Babar pisan ora nuduhake yen lagi
wae padha waras saka sekarat neng pendhapa.
Kyai Daka nyawang marang Ki Lembong kanthi kebak tandha pitakonan ing
mripate. Ki Lembong kerot-kerot saking nesune, kanthi suwara santak sedulure
Kyai Daka kuwi takon marang Rangga lan Marga :
“He Rangga lan Marga sapa kowe kuwi sejatine he? Teka-teka wis wani
dolanan sulapan neng ngarepe Ki Lembong sing wis kondhang minangka Ratuning
upas-upasan, apa rumangsamu wong samene akehe iki manut wae mbok apusi karo
sulapan sing mbok pamerne iki he? Apa rumangsamu aku oercaya nek wong-wong kuwi
wis padha waras tenan saka larane he?”.
“Kowe kuwi wong tuwa kok ora njawa tata ta Ki Lembong?” Rangga sing aweh
wangsulan karo mesem ngece “iki mau olehe rembugan antarane menungsa sing wani
nganggo sebutan Kyai Daka karo Kakang Pradapa durung rampung, teka kowe
nyela-nyela karo bengak-bengok kaya wong urakan ? Apa rumangsamu wong samene
akehe iki banjur wedi nek kowe ngaku-aku minangka Ratune Upas-upasan he?
Ngertia Lembong, Tenung Wisamu wis entek dayane kalah karo banyu kendhi sing
diombe Ki Lurah saandhahane mau”.
“Setan kowe Rangga!” Ki Lembong misuh banter “bocah wingi sore wae, wani
njangkar marang wong tuwa. Klakon tak suwek lambemu mengko!”.
“Ha ha ha ha…..” Rangga gumuyu banter “nek kowe arep ngajak gojek,
mengko wae Lembong wong tuwek sing wis arep matek. Entenana sedhela, aku arep
rembugan karo juraganmu sing wani-wani ngaku nganggo sebutan Kyai iki dhisik!”.
“Kowe arep omong apa Rangga?” sadurunge Ki Lembong semaur, wis
kedhisikan Kyai Daka nggetak Rangga .
“Eh Daka, kowe nyata wong licik sing julig” wangsulane Rangga karo mesem
sajak ngece “kowe aja selak, wong-wongmu wingi wis arep gawe cilakane Kakang
Pradapa, wong siji sing tanpa gegaman dikrubut wongmu cacah sepuluh banjur
jaran sing ora luput ya dipateni sarana dijemparing sing mawa wisa. Thik
ngonowa, Lurahe murid-muridmu sing jeneng Danara kuwi isih nggawa kanca maneh
kanggo melu ngrubut Kakang Pradapa, nganti wekasane, Parwa menungsa sing ngadeg
neng mburimu kuwi nyawatake Kudhine menyang Kakang Pradapa, lan ngenani
lempenge, ngono kowe ndadak arep selak he? Ngertia Daka, Tanggon sakancane kae
weruh kabeh apa sing ditindakne Danara saandhahane marang Kakang Pradapa.
Daka…Daka, ngertia!, kowe kuwi wong
licik sing rumangsa resik, kowe kuwi wong sing seneng tumindak juti sing wani
nganggo sebutan Kyai.......".
“Iblis kowe Rangga…..!” dumadakan Danara mencolot maju karo Pedhang sing
wis diliga arep nyedhaki Rangga “klakon tak tugel gulumu tenan kowe mengko”.
“Kuwanen kowe Danara” bareng karo menenge pangucap saka Danara, Panulad
uga wis mencolot ngadhang neng ngarepe Danara karo guneman “kadohan yen kowe
arep nandhingi Adhi Rangga, ayo golek panggonan sing jembar, jajalen ngadhepi
Panulad luwih dhisik, leganing atiku”.
“Keparat kowe Panulad, anggepmu apa kowe arep wani karo aku he?” Danara
nggetak Panulad karo mripat sing murup.
“Gak sah kakehan gunem Danara” wangsulane Panulad manteb “yen nyata kowe
lanang tenan, ayo adhepana aku luwih dhisik sadurunge kowe nantang Adhi
Rangga”.
Ora sranta Danara banjur mlumpat karo nyabetake pedhange ngarah gulune
Panulad. Nanging Panulad ora lagi turu, lan dheweke uga ora kepengin sirahe
gumlundhung neng lemah merga gulune keliwatan pedhange Danara. Kanthi ngiringake awake, Panulad ngendhani
sabetan pedhange Danara banjur disusul obahe awak sing endah, pedhang neng tangane
disabetake mendhuwur ngarah menyang pedhange mungsuhe. Ora lidok, Danara sing
tenagane kesurung dening pedhange, bareng pedhang neng tangane dipapal saka
ngisor dening Panulad, pedhang kuwi ucul saka gegeman tangane, mencelat rada
adoh saka panggonane. Jurus kapisan Danara wis digawe wirang dening Panulad.
“mBesuk maneh nek nyekel garan pedhang kuwi sing kenceng Danara” karo
mesem ngece Panulad guneman “saiki ayo jupuken dhisik pedhangmu sing ceblok
neng lemah kae, suthik aku ngadhepi mungsuh sing tanpa nyekel gegaman”.
Danara nggereng atine sansaya panas, banjur mlayu arep njupuk pedhange
ditutne Panulad sing ora ninggal kaprayitnan. Ora let suwe wong loro kuwi wis
bali adhep-adhepan siyaga mateni utawa dipateni mungsuhe.Merga kekarone padha
dene olehe wis nggegem kenceng garan pedhange dhewe-dhewe.
Weruh muride wis ander pati mungsuh Panulad, Kyai Daka arep ngecakne
cara julige. Gage wae dheweke nyedhaki Pradapa, karepe Pradapa arep diruket lan
didadekne piranti kanggo meksa mungsuh-mungsuhe supaya pasrah,merga ngeman
marang kaslametane Pradapa. Nanging jebul Kyai Daka kalah cepet karo tandange
Ki Lurah Pawana, sadurunge Kyai Daka kober ngruket Pradapa, Ki Lurah Pawana
luwih dhisik nggeret Pradapa memburi, banjur Ki Lurah ngadeg neng ngarepe Kyai
Daka.
“Gus Pradapa dede mengsah ndika Kyai” muni ngono kuwi mripate Ki Lurah
karo mripat mencereng nyawang praupane Kyai Daka.
“Karepmu apa Ki Jangglengan?” Kyai Daka nggetak Ki Lurah lan olehe
nyebut ora Ki Lurah nanging malah nyebut Ki Jangglengan.
“Karepku wis cetha Kyai” wangsulane Ki Lurah Pawana “ndika sakanca ndika
kabeh klebu Ki Danara dina iki kudu tak rangket dadi bandan, sabanjure bakal
diadili manut paugeraning Kalurahan Kepuh Agal, jalaran ndika sakanca wis
kebukten arep gawe kisruhe Kepuh Agal”.
“Lancang pangucapmu Pawana!” karo wangsulan ngono kuwi, Kyai Daka
ngobahne kepelan tangane ngarah praupane Ki Lurah Pawana, dikamplengake
sakayange.
Ki Lurah rada nisihne awake manganan, temah kamplengane Kyai Daka bisa
diendhani, banjur sadurunge Kyai Daka kober narik kamplengane sing mung ngenani
angin, sikile Ki Lurah diobahne nyadhuk wetenge Kyai Daka. Kyai Daka kaget ora
sranta banjur nggunakne dhengkule kanggo nutupi wetenge murih ora kena
sadhukane Ki Lurah. Ana kekuatan tempuk, kekuatane Ki Lurah sing sanadyan dudu
kekuwatan wutuh tempuk karo kekuwatan panangkise Kyai Daka. Kekarone banjur
padha kesurung mundur. Kyai Daka tiba krengkangan sawise mundur watara limang
jangkah, sauntara Ki Lurah kontal memburi watara telung jangkah, sanajan ora
nganti tiba nanging kuda-kudane dadi ambyar. Ora suwe antarane Ki Lurah karo
Kyai Daka banjur dadi perang tandhing sing rame. Ki Lurah menang nom nanging
uga lagi wae pulih tenagane sawuse lara kena tenung upase Ki Lembong, sauntara
Kyai Daka sanajan luwih tuwa nanging luwih akeh kawruh ngelmu kanuragane. Dadi
sansaya suwe perang tandhing kuwi sansaya nggegirisi, loro-lorone padha dene
ngenteni klenane mungsuhe.
Para murid-muride Kyai Daka sing wiwit mau padha jejer rapet ing mburine
gurune, bareng weruh Ki Danara lan uga Kyai Daka wis padha perang tandhing
ngadhepi mungsuhe dhewe-dhewe, ora sranta banjur padha maju bareng arep bebela
marang gurune. Nanging Tanggon sakancane, uga para Bebau lan Para Sapukawat
sing mau baris jejer ing mburine Pradapa, uga wis siyaga jangkep sagegamane.
Pangebyuke murid-muride Kyai Daka ditampani bareng-bareng. Mula ing plataran
kono dadi sansaya rame, merga perange dadi kaya perang brubuh sing tanpa gelar
perang ing palagan. Dhasar murid-muride Kyai Daka kuwi para brandhal dadi
perange rusuh, karo tandange lambene ya melu misuh-misuh nek ora ya guneman
sing saru lan lekoh. Nanging Tanggon, Pahing, Tolu lan Pangkas sing wis rada
sauntara sinau marang Panulad katambah Para Bebau sing wis akeh ngrasakne
pedhes asine urip, mbaka sethithik bisa nyontoni para sinoman sing dadi
sapukawat kuwi kepriye carane ngadhepi mungsuh sing kaya mangkono kuwi. Dadi
ora suwe iya banjur padha ora bingung maneh ngadhepi tandang kasare para
brandhal.
Sing durung ngalih saka panggonane kari Ki Pawit, Rangga lan Marga sing
adhep-adhepan karo Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor. Sauntara Pradapa kumpul
karo para Bebau lan Sapukawat ngadhepi para Brandhal andhahane Kyai Daka. Ki
Jenggi sing wiwit teka ing Kepuh Agal nduweni rasa ora seneng marang Ki Pawit,
banjur nyedhaki Ki Pawit. Ki Pawit nggragap awit wis tau krungu kasektene Ki
Jenggi saka critane Kesit, nanging ya banjur tata-tata, niyate arepa kaya apa
Ki Jenggi bakal diadhepi kanthi kekuwatan sing diduweni. Ki Lembong sing wiwit
mau wis gela karo Rangga, banjur mencolot maju arep ngrangsang Rangga nganggo
kepelane. Nanging Rangga wis siyaga, siswane Ki Tanparupa iku ora niyat
ngendhani, nanging malah kepengin nodhi sepira kekuwatane mungsuhe. Kepelane Ki
Lembong ditadhahi nganggo epek-epeke. Ana suwara jumlegur, awit anane kekuwatan
sing tabrakan. Kekuwatane Rangga sing nangkis kedheseg karo kekuwatan pamupuhe
Kyai Lembong. Rangga kedheseg mundur sajangkah, kuda-kudane ora owah, Ki
Lembong kontal memburi watara limang jangkah tiba glangsaran ana lemah.
Karo tangi Ki Lembong misuh-misuh ora karuwan.
“Keparat kowe Rangga! Aku lagi nggunakne ora ana saprasepuluhe tanagaku,
kowe wis nadhahi nganggo kekuwatan wutuh. Entenana piwalesku!”.
“Sakarepmu olehmu arep omong Lembong” wangsulane Rangga karo maju
sajangkah nyedhaki Ki Lembong.
Ki Lembong banjur mapakne juruse, sikile diangkat kanggo nyadhuk
dhadhane Rangga. Sepisan maneh Rangga ora niyat endha, tangane tengen ditekuk
tangane kiwa dienggo nyangga, sikute dijokne kanggo nangkis sadhukane Ki
Lembong. Rangga kontal memburi telung jangkah, kuda-kudane buyar. Ki Lembong
kedheseg mundur watara limang jangkah, banjur adege dadi goyang, meh wae tiba
nanging ora sida. Banjur bali nata kuda-kudane, ngenteni Rangga mbok menawa
genti nyerang.
Ki Dodor wis ora bisa milih mungsuh, anane mung kari Marga. Satemene ana
rasa gela ing atine Ki Dodor awit mung arep ngadhepi bocah nom sing durung
sepiraa umure, sing miturut petungane Ki Dodor, ora nganti rong puluh jurus
Marga mesthi wis ngglethak dadi bathang, nek ora ya mesthi wis melung-melung
njaluk urip.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar