142.
Beda karo Marga sing uga ngerti yen
mungsuhe ngremehne kabisan lan kekuwatane. Kanthi mangkono, mungguhe Marga dadi
luwih entheng anggone arep ngadhepi mungsuh sing ora bisa maca kekuwatan sing
diduweni. Nanging merga wis tau krungu crita kasekten sing diduweni Ki Dodor,
Marga ora ninggal pangati-atine. Liwat ajine sing aran Sasra Pandulu, Marga ya
wis weruh isine keba sing digendhong ing gegere Ki Dodor, ula gedhe cilik
sapirang-pirang sing padha nduweni upas sing banget mbebayani, panunggalane ula
weling, ula welang, ula bandhotan, dumung, luwuk lan sapiturute. Mula kanggo
jaga-jaga, Marga wis ngecakne Aji Panawa Wisa sing bisa ngayomi ragane saka
sakehing wisa apa wae.
“He Marga” Ki Dodor guneman semu
nyepelekne “kowe kuwi isih bocah wingi sore, nanging sajake kowe wis udhu
kendel bandha wani arep nglawan aku Ki Dodor, wong sing ora bisa dikalahne sapa
wae. Piye nek awake dhewe ora sah ndadak kerengan tukaran kaya bocah-bocah kae
he?”.
“Aku iki satemene bocah sing ora seneng
tukaran Ki Dodor” wangsulane Marga ayem “nanging aku luwih ora seneng nek ana
wong sing ngendelake dumeh rumangsa duwe kasekten banjur dhemen tumindak
sawiyah-wiyah marang sapepadhaning titah. Banjur apa sing ndika kersakne karo
tembung ndika iki mau?”.
“Bares wae, aku kasengsem weruh
bebalunganing awakmu Marga, wektu iki kowe isih nom, nek kowe gelem nambahi
nggonmu sinau kanuragan kanthi tuntunane guru sing mumpuni, ing mbesuk kowe
mesthi dadi wong sing digdaya sekti mandra guna tanpa ana sing bisa ngasorake”
kandhane Ki Dodor nganggo tembung sing rada sareh “piye yen kowe dadi muridku
wae? Kowe ora sah nggatekne wong-wong sing padha tukaran kae, percayaa nek kowe
gelem dadi muridku, kowe mesthi bakal dadi wong sing sekti mandra guna tenan,
Marga”.
“Emoh” Marga wangsulan karo mesem “aku
ora seneng duwe guru kaya ndika kuwi Ki Dodor, merga nek nganti aku dadi murid
ndika tan wurunga aku bakal dadi kaya ndika, ora bakal tambah kabisanku nanging
malah ndadekne aku luwih bodho tinimbang sadurunge”.
“Kowe aja nyepelekne aku Marga” Ki Dodor
mencerengne mripate “yen kowe ora percaya marang kasektenku, kowe bisa
mbuktekne saiki. Gage cekelen gegamanmu sing wujud Pedhang, keris utawa tumbak,
tamakna marang ragaku, pilihen endi sing mbok senengi, nek nganti gamanmu bisa
gawe tatu ana ragaku, aku meguru marang kowe kosok baline, nek gamanmu ora
nedhasi ragaku kowe sing dadi muridku. Piye?”.
“Emoh Ki Dodor” wangsulane Marga karo
mesem “kajaba aku ora duwe gegaman kaya sing ndika kandhakne, aku ya wegah nek
nganti gawe tatu ing ragane wong sing ora duwe luput marang aku. Nek ndika
pancen duwe karep becik marang aku, ndika gelem lunga ninggalne Kepuh Agal kene
lan ora melu ngrojongi kekarepane Kyai Daka kae, kuwi aku bakal matur nuwun
marang ndika. Lan ndika bakal tak anggep wong sing sekti tenanan, senadyan
satemene aku ngereti nek ndika kuwi dudu wong sing sekti. Nek ngono piye?”
“Sansaya nrucak rembugmu Marga” Ki Dodor
wiwit ilang sabare “apa klakon kowe tak ajar nganti lempe-lempe luwih dhisik,
kareben mripatmu weruh yen Ki Dodor iki wong sing nyata sekti jayeng palugon
he?”.
“Sakersa ndika Ki Dodor, aku mung arep
ngladeni” wangsulane Marga.
“Nek pancen ngono saiki jajalen wae” Ki
Dodor wiwit ngepelne tangan lan nata kuda-kudane “seksenana, kuwat ngadhepi aku
nganti sepuluh jurus ora ngglethak neng lemah, tak guroni kowe Marga”.
“Mangga Ki Dodor dicoba wae!” wangsulane
Marga uga karo nata adeg-adege.
Ora suwe wong loro kuwi wis padha
ngunggar kasudiran adu kasekten. Ki Dodor nyata nek wong sing peng-pengan tenan,
kajaba nduweni kaluwihan cukat lan trengginas, tenagane krasa yen ora
baen-baen. Obahing tangan lan sikile seser kaya kitiran lan nuwuhake suwarane
angin sing kaya lesus. Nanging Marga ora kalah lincah, siswa batin saka
Pangeran Benawa sing ngelmune wis luwih
disampurnakne dening Ki Tanparupa kuwi bisa ngobahake ragane sing cepete tikel
ping satuse obahe manuk srikatan. Sanadyan tanpa kendhat Ki Dodor neterake jurus-juruse
sing mbebayani iya liwat sikil iya liwat tangane, suprandene ora ana sing bisa
ngenani ragane Marga. Malah suwalike, bola-bali Ki Dodor kudu mencolot mundur
merga ngrasakne lara jalaran tangane utawa sikile Marga sing ngenani perangane
ragane. Ora mung bisa ngendhani wae, kekuwatane Marga uga wis ndadekne Ki Dodor
gumun carup lan nesu, nalikane ing mangsa kala Marga ora kober endha serangane
Ki Dodor kudu ditangkis sok nganggo tangan sok nganggo sikil, tempuking
kekuwatane Marga lan Ki Dodor kuwawa gawe horege lemah ing sakupenge. Lan
saben-saben kedadeyan mangkono kuwi, ajeg Ki Dodor nek ora kontal memburi
banjur tiba gkangsaran neng lemah, ya kesurung mundur sing ndadekne kuda-kudene
sumyur. Sauntara Marga sanadyan uga
kontal memburi nanging kahanane isih luwih becik, ora tau katon nganti tiba
neng lemah. Sansaya suwe perang tandhing antarane Marga lan Ki Dodor kuwi dadi
sansaya rame, Ora krasa atusan jurus wis lumaku, nanging durung ana
tandha-tandha salah siji saka wong loro kuwi gelem ngakoni yen wis kasoran
jurite.
Ora kalah sereme kedadeyan sing ana
sacedhake papan perang tandhinge Marga lan Ki Dodor. Ki Lembong sing
ngigit-igit marang Rangga lan kepengin tumuli bisa gawe cilakane Rangga, jebul
kaya lakune pacul sing nanggor watu item. Senadyan wis wola-wali ngunggahne
tataran ngelmune, ewa samono Ki Lembong sing ngaku dadi Ratune Upas-upasan kuwi
durung bisa ngalahne mungsuhe. Sakehing aji jaya kawijayan sing dicakne, kabeh
bisa digawe cabar dening Rangga. Kamangka anggone tumandang Rangga katone
geleme ora-ora. Ki Lembong sing kapeksa bola-bali tiba golung koming neng
lemah, nganti sandhangane kebak lebu carup lan kringete. Merga kena sikil utawa
kepelane Rangga, banjur maju maneh karo misuh-misuh utawa ngucapne tembung saru
lan lekoh, diadhepi dening Rangga kanthi ayem, malah Rangga isih kober karo
rengeng-rengeng barang. Kang mangkono kuwi ndadekne Ki Lembong sansaya muntap
kanepsone.
Rumangsa ora keconggah ngalahne Rangga
kanthi lelahanan, wekasan Ki Lembong banjur nglolos Tumbake. Tumbak pusaka sing
landheyane saka galihing kayu kukun, diukir remit ngentha awake ula jangkep
sasisike, katon ireng mencorot kaya ula sing urip. Sauntara matane Tumbak
dientha kaya sirahe ula sing lagi mangap, pucuke tumbak dientha kaya ilate ula
sing cawang loro lan ing sisih ngisor dientha kaya siyunge ula. Ing tangane Ki
Lembong, tumbak pusaka kuwi katon murup lan katon urip nalika disolahne, rupane
tumbak wis ilang salin dadi kaya ula bandhotan sing lagi nyander-nyander
mangsane. Sauntara kuwi, lumantar pucuking tumbake, Ki Lembong wis munjerake
hawa murnine, temah saka tumbak kuwi katon pega abang sing nyembur-nyembur kaya
ula Dumung Wesi sing lagi nyembur mungsuhe.
Sakeplasan Rangga kaget weruh gegamane
mungsuhe, nanging iya banjur bali rengeng-rengeng kaya mau. Rangga ndudut gaman
sing disengkelitne neng gegere, bongkotan pring kuning sing sadriji jempolan
gedhene lan dawane kira-kira patang kilan.
“O jebul sing mbok kandhakne nek kowe
kuwi Ratune upas-upasan kuwi mau, merga kowe duwe dolanan sing wujud ula-ulanan kuwi ta Bong, Lembong?”
karo ngudang bongkotan pring kuninge Rangga takon.
“Setan alas kowe Rangga” wangsulane Ki
Lembong karo misuh “tumuli tata-tataa Rangga, sedhela maneh kowe bakal dadi
bathang garing, getihmu bakal dadi unjukane pusakaku Tumbak Kyai Taksakakobra”.
“Aja samar Lembong” wangsulane Rangga
karo ngguyu “wis ana unen-unene, matine kutuk merga marani sunduk, cilakane ula
merga marani sampluk. Lha kanggo dolananmu sing kaya ula-ulanan kuwi ya wis tak
cawisi sampluk, wujude carang pring sing ana tanganku iki. Mula ngati-ati
olehmu nyekeli dolananmu nek nganti kena samplukku bisa uga ulamu mati sak sing
nduwe pisan”.
Diwangsuli karo ukara sing mangkono
kuwi, Ki Lembong wis ora wangsulan maneh. Tumuli ngrapal mantram sektine,
banjur mencolot maju karo namakne tumbake ngarah marang gulune Rangga. Nanging
Rangga ora kurang prayitna, karo mencolot nisih ngiwa Rangga ngendhani panumbake
Ki Lembong, temah tumbak mung ngenani angin. Rangga banjur muter bongkotan
pring kuninge, nuwuhake suwara mbrengengeng kaya suwarane kumbang sing
manungsung sarine kembang.
Ora adoh ing sisihe Rangga lan Ki
Lembong perang tandhing, ana kalangan liya sing uga katon nggegirisi. Ya kuwi
perange Ki Jenggi sing wiwit pisanan krungu nek ana wong sing uga mulangne
ngelmu kabatinan lan ora gelem nyawiji karo pagurone Kyai Dakam banget
ngigit-igite, kepengin banget bisa gawe patine Ki Pawit. Mula tandange banget
cukate, kaselak kepengin weruh mungsuhe mati ana tangane. Ki Pawit sing
ngrumangsani yen wis tuwa lan tau krungu yen Ki Jenggi kuwi nyata wong sing
sekti mandra guna, nanging Ki Pawit nduweni rasa banget pangemane marang Desa
Kepuh Agal, nduweni tekad ora bakal gelem mati ana tangane Ki Jenggi sing dadi
senapatine Kyai Daka. Mula kanthi sangu rasa pangati-ati Ki Pawit uga ora wedi
ngadhepi Ki Jenggi. Ki Pawit milih ngakehne olehe endha nalika mungsuhe
nrajang, banjur yen ana kalodhangan lagi genti males nyerang nanging panggah
ora ninggal kaprayitnan. ora arang merga ngendhani panrajange mungsuhe, Ki
Pawit nibakne awake ing lemah, ngglundhungne ragane murih ora kena sadhukan
utawa pupuhane Ki Jenggi. Lan yen wis dirasa uwal saka bebaya, Ki Pawit banjur
tangi lan mapakne adeg-adege kanggo ngadhepi mungsuhe.
Suwe-suwe Ki Jenggi dadi sansaya muntap
kanepsone, merga mungsuhe jebul angel dikalahne. Mula Ki Jenggi banjur nyandhak
gegamane sing wujude Gada Wesi sing sapupu gedhene, karo ngundha gadane Ki
Jenggi guneman marang Ki Pawit :
“Jebul dina iki bakal ana lelakon sing
nggegirisi Pawit. Kowe bakal mati kanthi raga sing remuk nek ora ya ajur mumur
ketiban gadaku iki, mula tumuli tata-tataa kanggo budhal menyang dhasaring
neraka kana!”.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar