143.
Ki Pawit mencolot mundur watara limang
jangkah, panyawange manther marang gadane Ki Jenggi sing pancen ya katon
medeni, gedhe dawa lan katon meleng-meleng, pancen ya gada wesi. mBok menawa
cara neng pewayangan ngono ya ngono kuwi kira-kira wujude gadane Raden
Wrekodara sing jeneng Rujak Polo kae. Ana rasa geter ing atine wong tuwa kuwi,
nanging ora ana rasa kepengin pasrah utawa mlayu ngethar nglungani mungsuhe.
Karo ngunus glathi dawa saka wrangkane, Glathi sing rupane semu kuning sing
jarene tiron saka Glathi Kyai Suluh agemane Ki Gedhe ing Banyubiru, yasane
Pangeran Buntara, putra Majapahit, Ki
Pawit guneman mangsuli gunemane Ki Jenggi :
“Pati lan uripku aku ora duwe Ki Jenggi,
nanging kagungane Gusti Sing Maha Agung. Sawayah-wayah Gusti ngersakne aku
mati, senajan ora kena gaman apa-apa ya aku bakal mati, nanging yen Gusti isih ngersakne
aku urip ana alam padhang iki, sanadyan mbok tibani gadamu sing nyata
nggegirisi kuwi ya ora bakal aku tumekeng pati. Lan ndika ya kudu ngerti, sing
duwe gegaman ampuh kuwi ora mung ndika dhewe, aku ya tau diwarisi wong tuwaku
Glathi Kyai Suluh, yasane Pangeran Buntara lan dina iki arep tak enggo ngadhepi
ndika sing wis mandi Gada Wesi kuwi, mula nek nganti mengko ana kedadeyan glathi iki nyuwek jantung ndika,
aku ya njaluk pangapura”.
“Iblis gerang keparat kowe Pawit” Ko
Jenggi misuh karo nggereng “wis arep modar wae kowe isih nyoba umuk
meden-medeni aku karo gamanmu, arepa kowe nggawa gamane Bathara Surapati pisan
ora bakal kowe bisa mateni aku, nanging yen ragamu ketiban gadaku iki, mesthi
ajur mumur dadi sawalang-walang tenan”.
Ki Jenggi banjur ngundha gadane,
diputer-puter lan diobat-abitne nuwuhake suwara sing nggegirisi. Ki Pawit
sansaya nambahi kawaspadane, garan Glathine digegem kenceng, siyaga mapag
tekane bebaya. Perang tandhing kuwi mundhak sansaya rame.
Sauntara iku, ora adoh saka kono katon
Kyai Daka nuduhake kasudirane. Sanadyan umure wis klebu rada tuwa, nanging
pranyata tandange sansaya nggegirisi, tumbak Trisula sing dadi gegamane kaya
duwe mata sing tansah ngiteri dhadha lan gulune Ki Lurah Pawana. Kyai Daka
nyata cukat lan trampil, saobah-obahe tansah nggawa bebaya tumrap mungsuhe.
Sedhela katon ndheseg karo namakne Trisulane ngarah marang dhadhane mungsuhe,
sedhela maneh karon jempalitan mletik ngiwa mletik nengen , mbebeda murih lenaning
mungsuh. Nanging sing diadhepi Kyai Daka dudu lamake wong loro suadhon, telu
saurupan. Nanging Ki Lurah Pawana. Sing arepa kaya apa tau diwulang ngelmu
kanuragan dening wong tuwane. Katambahan maneh saka akehe kawruh sing ditemu
sasuwene dadi Bebau ing Jangglengan, ndadekne Ki Lurah dadi wong sing sugih kawaspadan
lan pangati-ati. Pedhang neng tangane, kajaba disolahake kanggo mbabat lan
nyuduk mungsuhe uga kala-kala dienggp nangkis trisula sing ngancam dhadha lan
gulune. Dadi ora gampang tumrape Kyai Daka ngasorake mungsuhe iki.
Satemene, ngelmu kanuragan sing diduweni
Kyai Daka isih adoh manggon ing sadhuwure Ki Lurah Kepuh Agal Kapindho. Nanging
merga Kyai Daka dikuwasani nafsu selak kepengin gawe cilakane mungsuhe,
katambahan Ki Lurah sing ngrumangsani duwe tanggung jawab tunmrap kaslametane
Kepuh Agal lan duwe rasa pangati-ati lan kawaspadan sing cukup, ndadekne perang
tandhing kuwi karon timbang bobote. Sing ndadekne gumune Kyai Daka, wis
wola-wali pucuk trisulane nggarit geger lan lengene Ki Lurah sing ndadekne
klambine Ki Lurah rowak-rawek lan rupane malih dadi abang merga kringet sing
campur getih, nanging Ki Lurah panggah ora kengguh.Isih katon kuwat lan ora
susut tenagane, kamangka tumbak trisula kuwi dudu sabaene tumbak, nanging wis
dicencem ing wisane ula sing mandi, sapa sing tatu merga kena tumbak trisula
neng tangane Kyai Daka padha wae karo dicokot ula weling sing ora suwe banjur
lumpuh dadi lan patine. Nanging kanyatane Ki Lurah Pawana katon ora ngrasakne
lara babar pisan. Kang mangkono iku amarga Kyai Daka ora ngerti yen Ki Lurah
Pawana lagi wae mangan lan ngombe banyu kendhi sing wis dicarupi sari-pathine
oyod, godhong lan wohe wit Ngilajul Marad kang katiyasane bisa nyabarake
sakehing upas lan wisa sarta nambahi kekuwataning raga. Beda karo pedhange Ki
Lurah, senajan babar pisan ora mambu warangan, nalika pisan pindho pucuke bisa
nggarit lengen lan gegere Kyai Daka, banjur nuwuhake rasa perih, jalaran iline
kringet sing banjur nelesi tatu kuwi. Kang mangkono mau sansaya nambahi
kabepsone Kyai Daka sing satemene ora ana gunane kajaba malah nyuda kawaspadane
wae.
Luwih dedreg lan luwih rame maneh
kalangan sacedhake, ya kuwi kalangane Panulad sing tandhing tiyasa karo Danara.
Padha-padha cukate, padha-padha trengginase lan padha-padha isih wutuh
tenagane. Tandange Danara kena diparibasakne kaya tandange manuk alap-alap sing
lagi ngerah calon mangsane. Pedhange sing gedhe lan abot mubeng kaya kitiran
ngarah marang perangan ragane Panulad. Ya nyabet ya nyuduk. Ora tau ana lerene.
Nanging tandange Panulad ngluwihi tandange manuk Srigunting sing duwe kabisan
tansah bisa ngungkuli kesite alap-alap, bisa mabur ing dhuwure lan kesit
sautane, dhasar cucuke sing rupane kuning prasasat landhep ngungkuli peso
panyukur lan kuku cakare sing kuwat lan landhep ngungkuli guntinge para
pandhe. Mula sanadyan pedhange Danara
prasasat ngurung obahe Panulad, nanging Panulad panggah bisa mecah kepungan
pedhange mungsuhe.
Sandhangan sing dienggo dening wong loro
kuwi padha olehe wis malih rupane, merga getih sing metu saka tilas tatu sing
ana ragane kena garitan pucuk pedhange mungsuh campur kringet banjur nelesi
sandhangan sing padha dienggo. Padha karo Gurune, Danara ya rumangsa eram merga
Panulad ora tumuli rubuh nalika kena garitan pucuk pedhange sing wis dicencem
ana upase ula mandi. Danara ora ngira, yen sadurunge mudhun nusul menyang
plataran mau, Panulad wis ngombe banyu kendhi ngentekne sisa sawise kanggo
ngombeni Ki Lurah. Lan banyu kendhi kuwi wis kacaruban bunderan putih sing
samrica gedhene, bunderan tamba yasane Ki Tanparupa sing diwenehake Marga, sing
nduweni katiyasan ndadekne sing ngombe banyu kang kacaruban tamba kuwi dadi
tawa kanggo sawatara dina nalika kena upase ula lan bangsane gegremetan liyane.
Lan bareng klakon perang tandhing tenan,
jebul ngelmu kanuragan sing diduweni Panulad isih ana sadhuwure Danara sanadyan
ora pati akeh kaceke. Mula Danara ya bola-bali katon sansaya kadheseg mundur.
Tatu garitan pucuk pedhang sansaya kerep ing gegere. Lan nalika sawijining
kalodhanganm Danara weruh yen Panulad rada lena, ana benggangan sing bisa
dibrobosi pedhang. Kamangka benggangan kuwi ngarah kenceng menyang jantunge
Panulad. Mula tanpa mikir dawa, karo mbengok banter Danara namakne pucuk pedhange kairing kekuwatan
sawutuhe kanggo nembus nyuduk jantunge Panulad. Nanging jebul Danara kleru,
benggangan kuwi mau pancen disengaja dening Panulad kanggo mancing mungsuhe.
Mula bareng Danara wis kepancing, kanthi gampang Panulad bisa ngendhani, lan
uga kanthi kekuwatan sing utuh, Panulad nyabetake pedhange. Kena sabetan
pedhange Panulad, sakala tangane Danara sing mau kanggo nyekel pedhange, pedhot
sadhuwure sikut, pedhang sak tangan sing nyekeli mencelat adoh tiba ing lemah,
Danara nggeblag saka lengen sing wis pedhot kuwi getih mili kaya banyu tuk sing
jebol tanggule.
Panjerite Danara merga ngrasakne tangan
sing pedhot, ndadekne kagete wong sak plataran. Ana andhahane Danara sing
manggone ora adoh karo lurahe kuwi mencolot ninggalne mungsuhe, nyedhak marang
Lurahe nanging ya ora bisa apa-apa merga weruh polahe Danara kaya pitik
disembeleh lan getih sing banjir saka tangan sing wis ilang pucuke, rumangsa
ora ngerti apa sing kudu ditindakne kanggo aweh pitulungan marang lurahe kuwi.
“Cekelen lan udharana jarike kanggo
mblebet tatune murih ora entek getihe!” Panulad prentah marang andhahane Danara
kuwi.
Andhahane Danara kuwi tumuli mencolot,
Danara sing isih polah banjur ditindhihi lan diuculi jarike. Tatu neng tangane
Danara diblebet kenceng nganggo jarik, getih sing mili banjur mampet, mbarengi
Danara semaput ora eling apa-apa maneh.
Sapukawat sing mau perang mungsuh
andhahane Danara, nyedhak karo arep nyolahne pedhange, nanging banjur digetak
dening Panulad :
“Aja mbok bacutne!”
Sapukawar kuwi mandheg banjur nyawang
Panulad.
“Mung wong sing nistha budine, sing arep
gawe cilakane mungsuh sing ora duwe daya. Apa kowe ora weruh yen mungsuhmu kuwi
lagi repot nulungi Lurahe he? Kana nek isih butuh arep perang goleka mungsuh
liyane!” kandhane Panulad marang Sapukawat kuwi karo mencerengake mripate.
Sapukawat kuwi ndhingkluk, banjur
ngalih. Nanging banjur tumenga karo alok banter sing bisa dirungokne wong
sakplataran :
“Lurah Danara mati ….. Lurah Danara
Mati…..Lurah Danara Mati Pedhot tangane….!”.
Suwara ngono kuwi gemontang, ngebaki
Plataran Kalurahan. nDadekne sing padha krungu padha kaget, luwih-luwih
andhahane Danara, kajaba kaget ya rada percaya rada ora karo unine suwarane
wong alok banter kuwi. Luwih-luwih bareng sing alok ora mung siji, nanging
disambung dening suwara liyane sing uga ora kalah serune :
“Lurah Danara Mati…. Lurah Danara
Mati…….” Ana sing olehe alok mangkono.
“Lurah Danara matu pedhot tangane….
Lurah Danara mati pedhiot tangane…….” Suwara liyane numpangi.
Sing padha perang banjur leren, awit
anane suwara sing sansaya rame kuwi. Panulad tanggap, banjur kanthi nggunakne
hawa murnine dheweke melu alok sing suwarane ngalahne suwara sing wis ana :
“He……. Para andhahane Lurah Danara,
saiki kowe kabeh bisa milih. Milih mati apa milih urip?. Nek milih urip, padha
selehna gegamanmu, padha ndhodhoka karo tangan diselehne ana geger. Lan Para Sapukawat Kepuh Agal, bandanen para
muride Kyai Daka sing wis seleh gegaman nganggp ikete. Aja nganti ana sing
dipilara. Sing ora gelem seleh gegaman, sakarepmu arep mbok kapakne…….”.
Suwarane Panulad keprungu cetha, mlebu
ing kupinge para andhahane Lurah Danara. Rumesep neng jero atine para muride
Kyai Daka.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar