144.
Para muride Kyai Daka kuwi padha ngerti
nek mungsuhe Danara mau Panulad, nom-noman Kepuh Agal sing katone ora pati
ndayani. Nanging jebul wis bisa ngalahake Danara, Lurahe para muride Kyai Daka.
Kanthi anane kedadeyan iki, ndadekne kuwanene para siswane Kyai Daka kuwi padha
susut, malah ora sethithik sing banjur ilang. Pikirane padha nglambrang, sasuwene
melu Kyai Daka lan Lurah Danara, saben-saben oleh asil, ajeg sing bageyane akeh
ya Kyai Daka karo Lurah Danara, nek wong telu sedulure Kyai Daka kae ya melu,
sing bageyane akeh ya ditambah wong telu, Ki Jenggi, Ki Lembong karo Ki Dodor.
Lha wong-wong sing dadi murid kuwi bageyane prasasat mung dikepyuri saka asil
sing ana. Neng gaweyan sing lagi ditandangi iki, kudu ngadhepi Sapukawat lan
bebau sing jarene Kyai Daka lan Lurah Danara padha ora mudheng ulah kanuragan,
nanging nyatane nganti pirang-pirang jurus isih durung ana sing bisa
dikalahake. Pancen Kyai Daka nate kandha, mengko sawise gaweyan rampung kena
dijagakne asile bakal tikel tekuk nek dibandhing karo nyambut gawe ngampak neng
nggone wong sugih kae. Nanging apa bedane asil sing akeh lan asil sing
sethithik nek mengko bageyan sing ditampa ya padha padatan, mung dikepyuri?
Sing bakal makmur panggah ya Kyai Daka lan sedulur-sedulure. Para murid ya mung
bisa nyawang. Lha nek nganti para murid kuwi nekad diudhoni nganggo nyawane,
harak ya kena diarani ora duwe utek sing kena kanggo mikir. Nek Lurah Danara
kae wis netepi tekad mati apa mukti?, sanadyan wekasane olehe ya mati. Lha nek
dheweke? Kurang-kurang bejane bakal tumekeng pati, nek ana muktine mung oleh
kepyuran wae.
Merga mikir sing kaya mangkono kuwi mau,
siji loro wiwit ana muride Kyai Daka sing banjur seleh gegaman, lungguh
ndhodhok karo nglumpukne tangane memburi, banjur dening para sapukawat banjur
dibanda, dijak minggir neng ngeyuban nanging ora ana sing dipilara. Weruh
kancane ana sing pasrah, wekasan wong liyane ya melu pasrah. Kabeh muride Kyai
Daka wis ora ana sing wani nutugne perang. Kabeh wis dadi bandan, ana siji loro
sing nandhang tatu merga kena gegamane para Sapukawat, banjur dening para
Sapukawat padha ditambani, direngkuh kaya dudu mungsuh.
Kocapa Kyai Daka sing uga krungu yen Danara
wis mati pedhot tangane, kamangka mau Kyai Daka ya weruh nek sing diadhepi
Danara mau Panulad, sedulur nome Ki Lurah sing saiki diadhepi, mula Kyai Daka
sansaya mundhak anggone kepengin enggal-enggal bisa mateni Ki Lurah Pawana. Aji
jaya kawijayane diketog, tandange sansaya nggegirisi, mung kuciwane ora
dibarengi nganggo petung sing mateng. Mula Ki Lurah Pawana ya ora pati bisa
didheseg mundur, malah kepara isih bisa nambahi tatu sing sanadyan ora
mbebayani ing ragane mungsuhe.
Dadi sansaya muntap kanepsone Kyai Daka
bareng ngerti yen murid-muride padha teluk, pasrah dadi bandan. Karo ngetog
hawa murnine Kyai Daka banjur nyuwara sora ditujokne marang murid-muride :
“Hee….. bocah-bocah sing padha jirih
getih wedi mati, sing saiki wis padha pasrah dadi bandan. Kowe kabeh mengko
bakal getun, merga kowe kabeh mesthi bakal nampa pidana saka aku, pidana sing
abot lan banget larane merga kowe wis nyidrani kasetyan marang Paguron. Dosamu
bakal tak padhakne karo dosane Panulad sing wis wani gawe patine Lurah Danara!”.
“Aja kakehan umuk Kyai Daka” Jebul
Panulad wis ngadeg kanthi panggah sikep gegaman nyedhaki papane Kyai Daka sing
lagi perang tandhing mungsuh Ki Lurah, ing sandhinge Panulad uga ana
Bebau-bebau Pahang, Sambi lan Sudib sarta Tanggon sakancane kabeh padha sikep
gegaman, sing mangsuli pambengoke Kyai Daka mau Panulad sing ditutugne nganggo
ukarane “aja maneh kok midana aku, sedheng ngadhepi Ki Lurah wae, ndika durung
karuwan bisa menang kok”.
Kyai Daka sansaya muntab, merga ora
ngira nek Panulad wis ana sacedhake. Mripate murup nyawang Panulad, praupane
katon ireng saking nesune, Trisulane digegem kenceng, banjur jumangkah nyedhaki
Panulad sing adohe watara ana limalas jangkah ing ngarepe. Ki Lurah ditinggal
ngono wae, Kyai Daka selak kepengin males patine Danara marang Panulad.
“Kyai, mungsuh ndika kuwi aku!” Ki Lurah
nyuwara banter ngelingake Kyai Daka “dudu watake satriya ninggalne mungsuh,
banjur kepengin salin tandhing”.
Kyai Daka ora semaur, merga atine wis
kobong dening kanepson marang Panulad. Tekade Panulad arep ditamani Trisilane
yen Panulad wis mati, lagi arep nutugne nggone perang mungsuh Ki Lurah. Nanging
Ki Lurah ora bakal ngumbar Kyai Daka ninggalne kalangan, mula banjur mencolot
nututi Kyai Daka . Kanthi pedhang sing isih kenceng ana gegemane, Ki Lurah
Pawana ngadhang ing ngarepe Kyai Daka. Kyai Daka sansaya liwung, temah tanpa
petung banjur namakne trisulane marang Ki Lurah, sing diarah prenah ing dhadha.
Nanging Ki Lurah Pawana luwih prayitna, jalaran mula wiwit pisanan Ki Lurah
Pawana akeh nggunakne akal lan nalar kanggo ngadhepi Kyai Daka sing ngelmu
kanuragane adoh mapan ing sadhuwure. Ki Lurah mendhakne awake banjur maju karo
mbabatne pedhange ngarah bangkekane
mungsuhe. Kyai Daka kaget, ora lila yen nganti pedhane Ki Lurah Pawana mbacok
lempenge. Kanthi cepet sikile njangkah mundur, nanging wis rada kasep, lempenge
ora sida kebabat pedhang, nanging pucuk pedhange Lurah Pawana watara ana satabok
saka pucuking pedhang, kober ngenani weteng sangisore puser, Kyai Daka mbengok
banter, wetenge jebol amba, ususe mbrodhol metu neng njaba. Adege Kyai Daka
dadi goyah, meh wae tiba klumah, nanging cepet kanthi sisa tenaga sing isih ana
trisulane dirancapne neng lemah, landheyane kanggo gondhelan murih ora tiba.
Lon-lonan, Kyai Daka banjur linggih, tangane kenceng nggoceki landheyan tumbake
sing watara sakilan mancep neng lemah. Getih mbanjir saka tatu ing lambunge.
Para Sapukawat lan Bebau Kepuh Agal bareng weruh yen Kyai Daka kena gegamane Ki
Lurah, banjur padha keplok-keplok karo surak mawurahan, karo alok yen Kyai Daka
rubuh kaprawasa.
“Nyuwun pangapunten Kyai…..” karo
nyedhak Ki Lurah njaluk ngapura marang Kyai Daka. Anggone nyedhak kuwi merga Ki
Lurah Pawana kepengin aweh pitulungan marang Kyai Daka, murih usus sing
mbrodhol ora kesuwen kena angin ben nyawane bisa dislametake.
“Iblis kowe Pawana!” karo ngampet lara
Kyai Daka misuh lan nggetak, banjur ngidoni praupane Ki Lurah Pawana.
Ki Lurah kaget, ora krasa mencolot
memburi banjur ngusapi idu sing nemplek ing pipine nganggo pucuking jarite. Ki
Lurah babar pisan ora nyana yen Kyai Daka sing wis nandhang tatu abot kuwi arep
ngidoni praupane. Kyai Daka banjur ngetog sisa-sisa tenagane kanggo njabut
Trisulane sing mancep neng lemah, karepe trisula kuwi arep ditamakne mungsuhe,
kareben bisa mati bareng sampyuh lan dheweke. Nanging kareping ati pranyata
beda karo lakuning pesthi. Bareng karo kejabute Trisula saka jepitane lemah,
tenagane Kyai Daka wis entek, sabanjure kaya gedebog gedhang sing kabotan
tundhunan uwoh ketrajang angin gedhe, alon-alon Kyai Daka nggeblag memburi
bareng lan pesating nyawane. Sepisan maneh keprungu surak ambata rubuh saka
linggan, surake para Sapukawat lan para sinoman Kepuh Agal, disusul pating
cruwet suara alok :
“Kyai Daka mati… Kyai Daka mati…….”
“Kyai Daka mati jebol wadhuke…. Kyai
Daka mati jebol wadhuke ……” suwara liyane numpangi.
Wong-wong sing manggon ing panggonan rada adoh banjur padha nyedhak kepengin
weruh kahanane Kyai Daka sing wis dadi kuwandha. Kahanane Kyai Daka kuwi pancen
banget nrenyuhake, beda adoh karo mau esuk sing katon ngregemeng kebak wibawa.
Saiki bareng dadi kuwandha, praupane katon mingkus, pucet, tutuke mangap,
mripate mendelik mung katon putihe, irenge ilang. Ki Lurah banjur ngusap
praupane Kyai Daka, mripat sing mendhelik ditutupne dadi merem.
“Kendhit karo kowe Godheg” Ki Lurah Pawana banjur kandha marang sinoman sing ana
sandhinge “tulung layone Kyai Daka iki angkaten menyang pendhapa, lurupana kaya
lumrahe layon”.
“Inggih Ki Bau, eh… Ki Lurah” nom-boman loro kuwi wangsulan bareng.
“Karo tulung golekana Bebau Sidamulya” Ki Lurah nutugne prentahe “jare
mau ya wis dadi layon? Selehna layone Ki Danara ing cedhake Kyai Daka”.
“Lurah Danara dereng pejah Ki Lurah” salah siji saka nom-noman kuwi
wangsulan “namung tangane ical setunggal dipun babat dening Ki Panulad. Wau
taksih dipun upakara dening lare-lare, awit dikengken dening Ki Panulad”.
Sawise layone Kyai Daka diusung menyang pendhapa, Ki Lurah banjur
nyedhaki kalangane Ki Pawit sing lagi perang tandhing mungsuh Ki Jenggi. Jebul
Panulad lan Para Bebau lan Para Sapukawat wis akeh sing ana kono, kabeh padha
kupeng gawe kalangan ngubengi anggone Perang tandhing antarane Ki Pawit sing
mungsuh Ki Jenggi. Perange wong loro kuwi sansaya serem, sanadyan akeh olehe
endha tinimbang anggone aweh serangan marang mungsuhe, nanging Ki Pawit durung
katon ketleyek mundur. Tenagane kaya ora kalong babar pisan, napase uga panggah
ora katon menggeh-menggeh, kamangka nek ndelok saka umure, kudune wis mau-mau
Ki Pawit kentekan tenaga lan napas. Nanging kanyatane, Ki Jenggi sing neter
nganggo gada wesine sing mobat-mabit ngemu prahara, isih bisa diendhani dening
Ki Pawit. Ki Pawit pancen banget ngrumangsani, yen nganti gada sing diputer
dening mungsuhe kuwi nganti nyenggol ragane, tan wurunga dheweke bakal mung kari
aran, ajur dadi glepung. Mula Ki Pawit banjur ngecakne aji simpenan sing
selawase durung tau digunakne, ya iku aji Kapas Kabur sing ndadekne ragane
entheng lan gampang ngendhani pamupuhe mungsuh. Kang mangkono kuwi ndadekne Ki
Jenggi sansaya waringutan, saben-saben gadane dipupuhne kanthi gampang Ki Pawit
bisa ngendhani. Lan sok-sok karo endha Ki Pawit isih bisa karo nyudukne glathi
dawane ngarah perangan ragane Ki Jenggi sing mbebayani.
“Heh Pawit sajake kanca-kancamu padha teka mrene, nek kowe kabotan
ngadhepi aku ijen, ora apa-apa kowe ngajak kancamu kanggo ngrubut aku” kandhane
Ki Jenggi nalika weruh wong-wong padha ngupengi papane perang tandhing.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar