145.
Ki Pawit banjur melu nyawang wong-wong
sing padha ngupengi kalangane, atine nicil lega awit katon anak-anake padha ora
kurang sawiji apa, kabeh isih katon bregas lan waras. Ana sethithik rasa
mangkog ing atine wong tuwa kuwi, anake sing siji bisa ngalahne Danara lurahe
para siswane Kyai Daka, lan sing siji maneh sing rada angel dipercaya dene
Pawana sing saiki wis wenang disebut Ki Lurah bisa gawe patine Kyai Daka. Mung
sajroning atine Ki Pawit ana pangarep-arep muga-muga olehe padha menang perang
anak-anake kuwi mau ora ninggal watake satriya.Ora nglimpe lan ora nganggo cara
sing culika. Sawuse meneng sedhela Ki Pawit banjur aweh wangsulan marang
mungsuhe :
“Pancen kanthi jujur aku ngakoni Ki
Jenggi, nek ngadhepi ndika, gojeg nggunakne gegaman sing mbebayani ngene iki,
dudu gaweyan sing entheng. Lan saupama aku ngongkon anak-anaku sing wis ngrampungne
gaweyane kanthi becik, kanthi katandhan kalahe Lurah Danara lan Kyai Daka, kuwi
ya ora jeneng saru yen aku …….”.
“Aja keladuk ucapmu Pawit” durung
rampung anggone guneman Ki Pawit wis disaut dening Ki Jenggi sing nggetak
banter “tangeh lan mokal yen Sedulurku tuwa ya Kakang Kyai Daka bisa dikalahne
dening wong lumrah. Kakang Kyai Daka kae takerane wong selawe maju bareng lagi
bisa nimbangi kasektene Kakang Kyai Daka”.
“Mosok ndika ora krungi aloke wong-wong
mau ta Ki Jenggi? Kanyatane Kyai Daka saiki wis bisa dikalahake dening anakku
Ki Lurah Kepuh Agal Kapindho, nek Kyai Daka durung dikalahake mokal Ki Lurah bisa
ngadeg neng kono kuwi” Ki Pawit genti mangsuli panggetake Ki Jenggi nganggo
tembung sing sareh.
“Leres Kyai” salah siji saka Sapukawat
sing uga melu ngupengi kalangane Ki Jenggi lan Ki Pawit perang tandhing mbengok
banter “Lurah Danara sak niki taksih semaput kanthi tangan kantun setunggal
kenging pedhangipun Ki Panulad, Kyai Daka sampun dumugi ing pejah, wadhukipun
bedhah kababat pedhangipun Ki Lurah”.
“Piye?” Ki Jenggi mbengok banter kaeo
mripate mencereng “sapa sing wis wani gawe patine sedulurku tuwa he?”.
“Aku Ki Jenggi” sing wangsulan Ki Lurah “aja
gampang gumunan, wis lumrah jenenge wong perang tandhing ing paprangan, nek ora
mateni mungsuhe ya mati dening mungsuhe”.
“Iblis kowe Pawana!” Ki Jenggi mbengok
karo misuh banter “nek ngono kowe kudu mati ana tanganku saiki”.
Ki Jenggi nyawang marang Ki Lurah karo
mripat sing murup, kanepsone wis tekan mbun-mbunan. Selawase dadi sedulure Kyai
Daka, Ki Jenggi durung tau weruh Kakange kuwi kalah perang karo sapa wae. Mula
bareng ngerti nek Kakange kudu tumekeng pati merga ngadhepi wong lumrah sing
jeneng Pawana kuwi , Ki Jenggi banget olehe ora bisa narimakake. Sakala Ki
Pawit sing isih ngadeg neng ngarepe ditinggal, Ki Jenggi marani Ki Lurah karo
ngundha gadane.
“Ki Jenggi, aja kaya wong sing ora duwe
tata!” Ki Pawit guneman seru “perkara ndika karo aku durung rampung, ayo
dirampungne dhisik sadurunge ndika golek mungsuh anyar!”.
“Aja crewet kowe Pawit” karo mencolot
marani papane Ki Lurah, Ki Jenggi mangsuli gunemane Ki Pawit “aja kiwatir, kowe
mengko mesthi tak pateni, nanging sadurunge kuwi aku kepengin ngejur ndhase
anakmu dhisik. Nek kowe ora gelem ngenteni, ya majua bareng!, krubuten aku!.
Ora, ora nek bakal tak tinggal oncat!”.
Ki Lurah tanggap, sanadyan rada ngedhap,
nanging ora ana niyat arep nglungani. Pedhang sing mau dienggo mbabat wetenge
Kyai Daka wis disiyagakne kanggo ngadhepi gada wesine Ki Jenggi sing sapupu
gedhene. Sing kuwatir malah Ki Pawit,
merga Ki Pawit wis weruh yen Ki Jenggi lan Gada Wesine kuwi banget mbebayani.
Karosane Ki Jenggi lan antebing gadane, angel ditandhingi karo tenaga wantah.
Kudu nganggo akal, sabisa-bisa kudu diendhani, kaya sing dicakne Ki Pawit mau.
Nanging katone Ki Lurah anggone ngadhepi Ki Jenggi arep nganggo cara adu
dhadha, adu kekuwatan lan keprigelan. Yen kuwi ditindakne tan wurunga Ki Lurah
bakal kalah. Kurang-kurang bejane bisa remuk kena gepukane gada wesi sing
bobote ora lumrah kuwi. Nanging Ki Pawit wis ora ana wektu kanggo aweh peling
marang anake lanang. Mula Ki Pawit sing senajan banjur nututi jangkahe Ki
Jenggi, atine panggah kuwatir.
Ora lidok, nalika Ki Jenggi ngobahne
gadane kanggo mupuh sirahe Ki Lurah, Ki Lurah babar pisan ora ngendhani malah
milih nangkis nganggo pedhange. Ana suwara sing nggegirisi nalika gada wesi
tempuk karo pedhang, Ki Lurah ora kuwawa nandhingi kekuwatane Ki Jenggi,
pedhang sing ana tangane mencelat, ucul saka gegeman. Gadane Ki Jenggi menggok
arahe, nanging Ki Lurah kontal memburi watara limang jangkah, kuda-kudane
buyar. Panyawange dadi klemun-klemun, meh wae Ki Lurah rubuh. Ki Lurah
ngrasakne tenagane kaya dikuras dening kekuwatan pamupuhe Ki Jenggi. Nanging
nalurine isih genep, Ki Lurah njempalik memburi arep ngedohi mungsuhe sing wis
siyaga marani lan mupuhake gadane. Eman anggone njempalik Ki Lurah kurang sempurna,
temah tiba klumah, ngathang-athang neng lemah.
Jangkahe Ki Jenggi wis sansaya cedhak, nalika Ki Lurah mbudidaya arep
tangi, Ki Jenggi njejakne sikile menyang dhadhane Ki Lurah. Ki Lurah bali
klumah. Ki Jenggi ngguyu lakak-lakak, gadane banjur diangkat dhuwur, tenagane
diketog, arep digunakne kanggo nggepuk mungsuhe. Panulad lan wong-wong sing mau
ngupengi nggone perang tandhing Ki Pawit mungsuh Ki Jenggi padha kaget, nanging
ya ora bisa aweh pitulungan marang Ki Lurah sing isih ngathang-athang ing
lemah. Saking ora mentalane meruhi kahanan kang mangkono kuwi mau, wong-wong
kuwi banjur merem nutup mripate, Ora mentala weruh Ki Lurah ketiban gadane Ki
Jenggi. Ki Lurah sing wis ora bisa polah, ngira lamun wis tumeka titi wancine
ngadhep marang Gusti. Mripate diremne karo lambene umak-umik nyuwun pangapura
marang Sing Gawe Urip.
Nanging dumadakan, sepisan maneh
wong-wong kuwi dikagetne suwara panjerit sing sanadyan diampet nanging meksa
mrojol metu nuwuhake suwara sing seru. Panjerite Ki Jenggi sing wurung ngobahne
gadane, malah banjur rubuh mengkurep, ngrungkebi lemah, kejet-kejet sedhela
banjur meneng ora obah. Bareng wong-wong sing mau padha merem mbukak mripate,
padha weruh yen ing gegere Ki Jenggi tumancep glathi dawane Ki Suluh sing katon
mung kari kurang saka sapratelone.
Mau bareng karo rubuhe Ki Lurah dijejeg
Ki Jenggi, Ki Pawit sing nututi saka mburi kober nyipta sajroning ati yen bakal
ditinggal dening anak lanange kanggo selawase. Nanging Ki Pawit ora kentekan
pangarep-arep nampa pitulungan saka Sing Gawe Urip, karo memuji marang Gusti
Allah, Kyai Suluh, Glathi dawa pusaka tiron agemane Ki Gedhe Banyubiru kuwi
diclorongne sarosane marang Ki Jenggi. Titis panyawate Ki Pawit, mbarengi Ki
Jenggi ngetog kekuwatane, Kyai Suluh mancep ing gegere, nembus jantung malah kliwat
tekan dhadha sisih njaba. Saking ampuhe pusaka Kyai Suluh, Ki Jenggi njerit,
tangan sing kanggo nyekeli gadane nggregeli, Ki Jenggi banjur rubuh ngrungkebi
lemah. Mati.
Ki Pawit banjur njabut Kyai Suluh,
ragane Ki Jenggi dicandhak diwalik, jebul pancen wis entek ambegane. Panulad
lan Para Bebau sarta para sapukawat banjur padha melu nyedhak. Sawise
mrangkakne Kyai Suluh, Ki Pawit banjur prentah marang Panulad :
“Panulad, tangekna sedulurmu tuwa kuwi.
Katone kentekan tenaga merga nangkis pamupuhe Ki Jenggi mau”.
“Sampun Bapa” durung nganti Panulad
wangsulan, Ki Lurah wis tangi dhewe banjur ngadeg ing sisihe Panulad “kula
boten menapa-menapa”.
“Ya sokur ta Ngger yen kowe isih
diparingi slamet dening Gusti” wangsulane Ki Pawit sing genti prentah marang
wong-wong liyane “saiki padha angkaten layone Ki Jenggi sing kapeksa mati merga
gaman Kyai Suluh iki, menyang Pendhapa Kalurahan kana. Sedhakepna lan lurupana
kaya salumrahe layon. Aja ana sing dhemen degsiya marang layon, Gusti ora rena!”.
“Inggih Kyai” Tanggon sing uga ana kono
banjur gage wangsulan. Banjur direwangi sapukawat liyane, layone Ki Jenggi
digotong menyang Pendhapa, diujurne ngalor lan ditata kaya lumrahe layon jejer
karo kunarpane Kyai Daka.
Lurah Danara sing wis eling saka anggone
semaput, bareng weruh Gurune lan Ki Jenggi wis padha dadi layon, nggegetne
untune. Ing batin banget olehe ora trima, nanging kahanane dhewe durung duwe
daya. Awake krasa panas merga saka tatu ing tangane tengen sing pedhot
sadhuwure sikut. Getihe wis akeh sing ilang, tenagane temen wis kekuras nganti
ora kuwat ngglawat.
Sawise rampung mapanake layone Ki
Jenggi, Tanggon lan sapukawat liyane banjur mbalik menyang plataran. Nusul Ki
Pawit lan liya-liyane sing nyaketi papane Rangga lan Ki Lembong padha ngunggar
kasudiran.
Nalika Ki Pawit lan wong-wong liyane wis
sansaya cedhak, banjur padha mandheg, ora wani nerusne anggone kepengin sansaya
cedhak karo papane Rangga lan Ki Lembong. Maune sing katon ing panyawange Ki
Pawit lan wong-wong mau, ing tangane Ki Lembong ana Ula Bandhotan sing salengen
gedhene. Buntute ula kuwi dicekel dening Ki Lembong, sirahe ula nyander-nyander
karo ngemprosne semburan upase marang Rangga. Nanging kanthi gampang Rangga bisa
ngendhani panyaute lan semburane ula sing dienggo gegaman dening Ki Lembong.
Nanging dumadakan, miturut panyawange
wong-wong mau, Li Lembong ilang saka pandulu. Nanging ing kono malih ana ula
sing meh sabongkoting glugu gedhene, embuh pirang dhepa dawane. Awake sing
ngarep bisa ngadeg dhuwur banget, cangkeme sing amba ngetokne geni sing nggegirisi,
banjur nylorong marang Rangga. Buntute ula sok mbanggel nyabet-nyabet sing
banget mbebayani, wit-witan sing ana plataran Kalurahan kuwi padha rubuh
kesabet buntute Ula sing gedhene ora lumrah kuwi. Rangga dadi pencolotan olehe
ngendhani pangamuke ula gedhe mau. Nanging bareng wis sauntara, keprungu Rangga
gumuyu banter banjur disusul karo kandha :
“Lembong wong bodho, lha wong wujud
menungsa wae kowe ora bisa nyenggol ragaku, kok saiki malah milih salin nganggo
wujud ula? Apa rumangsamu kewan kuwi luwih pinter tinimbang manungsa he he he ?”.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar