Total Tayangan Halaman

Rabu, 18 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (146)


 

146.

        Gandheng wis wujud ula diuneni mangkono iku Ki Lembong ya ora bisa semaur apa-apa, mung solahe wae sansaya ngangseg lan sansaya kerep nyemburake geni saka cangkeme. Lan geni kuwi dudu geni daden-daden sing kanggo medeni mungsuhe wae, nanging geni sing panase kagila-gila, ketitik suket lan uga wit-witan kekembangan sing ditandur ing pinggir plataran minangka pethetan kuwi padha alum lan kobong nalika padha kena semburan geni sing metu saka cangkeme ula kedadeyan saka Ki Lembong kuwi. Maune Rangga tansah endha, nanging sawuse Rangga ngerti nek olehe ngendhani semburan geni upas kuwi jebul malah ora becik kedadeyane tumrap tanduran sing ana sakiwa tengene, wekasan Rangga sing wis ngecakne Aji Panawawisa dirangkepi nganggo Aji Tamengwaja, semburan geni banjur ditadhahi nganggo ragane. Lan kedadeyane wisa geni sing disemburne ula gedhe kuwi dadi kaya geni tumper sing dibuwang menyang tengah kali sing lagi banjir, babar pisan ora ana apa-apane.

        Ula naga sing sak bongkoting glugu kuwi sansaya nesu. Awake sing ngarep diangkat nganti rong dedege menungsa dhuwure, kanthi cepet Rangga disaut, pundhake dicengkerem nganggo siyung, sauntara awake banjur dipulet lan digubet keket. Karepe si Ula murih Rangga remuk bebalunge. Nanging Ula kuwi dadi kecelik, merga dayane Aji Tamengwaja awake Rangga malih dadi luwih atos tinimbang wesi giligen. Siyunge ula sing nyengkerem pundhake Rangga, krasa nganti kaya rampal-rampala nanging sing digigit nganggo siyung mawa wisa kuwi babar pisan ora bingget babar pisan. Sanadyan ta mangkono panggah wae Rangga ngrasakne risi, mula Rangga banjur kandha marang Ula Naga daden-daden kuwi :

        “He Lembong, ora padatan aku nduweni rasa sabar kaya dina iki. Kudune ora kesuwen, untumu sing mbok ngge nyokot pundhakku iki bisa tak thetheki kareben kowe ompong, banjur sirahmu tak remuk nganggo bongkotan pring kuning sing ana tanganku iki. Nanging gandheng aku isih duwe rasa welas marang kowe sing dina iki kepaten sedulur tuwa cacah loro, Daka karo Jenggi. Dina iki kowe bakal tak ngapura kaluputanmu, waton kowe tumuli bali marang wujudmu sakawit lan gelem mertobat marang Gusti Allah ora mbaleni dadi menungsa sing dhemen gawe sengsara sapepadhaning titah. Wis ngono wae kandhaku marang kowe Lembong kandha iki ora arep tak baleni selawas-lawase”.

        Kaya ora ngrungokne apa sing dikandhakne Rangga, Ki Lembong sing wis wujud ula naga kuwi sansaya keket nggone nggubet awake Rangga, sakehing daya kekuwatane ditumplak kanthi pangajab bisa ngremukne bebalunge mungsuhe. Mesthi wae Rangga sing rumangsa disepelekne kandhane kuwi, tumuli aweh piwales marang Ki Lembong sing angel tuturane kuwi. Sakala Rangga matak aji Ragamawa, awake sakujur dadi panas ngungkuli panase mawa sambi. Ula daden-daden sing nggubet Rangga kaget awit ngrasakne yen awake dadi kaya kobong rasane. Panggubete diuculi, banjur ngedohi Rangga, karepe arep bali marang wujud asale, ya iku wujude Ki Lembong sing saben dinane. Nanging, wola-wali mantram dicakne panggah wae ora ana asile, Ula ora bisa bali dadi menungsa maneh. Malah gedhene ula sansaya susut samono uga karo dawane.  Ula daden-daden kuwi sansaya bingung, jalaran tenagane uga krasa yen sansaya entek. Wekasan ula kuwi banjur meneng tanpa daya, arep sambat wis ora bisa jalaran tekdire ula pancen ora bisa guneman. Mung isih ana becike sethithik, senadyan wis wujud ula suprandene isih bisa ngrungokne suwara, beda karo lamake ula lumrah sing tinakdir ora duwe kuping kanggo ngrungokne suwara apa wae.

        “Saiki kowe mesthi getun Lembong” kandhane Rangga karo nyaketi Ula sing gedhene kari watara sapupune wong diwasa lan wis ora bisa obah merga kentekan tenaga kuwi “jebul dadi ula kuwi ora kepenak, isih kepenak dadi menungsa sing dijangkepi sikil tangan lan liya-liyane. Nanging gandheng kowe wis milih dadi Ula, saiki ya rasakna dhewe. Selawase kowe ora bakal bisa bali dadi menungsa maneh, kajaba yen kowe bisa ngranggeh pangapura saka Dzat Kang Mranata Jagad”.

        Krungu ucape Rangga sing mangkono kuwi, ula sing asale saka Ki Lembong kuwi dadi sansaya mengkeret. Ora keprungu suwarane, nanging saka mripate ndrodos luh bening sing nuduhne yen Ki Lembong lagi nangis. Nangisi nasibe sing babar pisan ora tau digambarne sadurunge. Pancen tenane Ki Lembong biyen, bareng-bareng karo Ki Dodor meguru marang Abdine Dhanyang Kedhung Gasrong, sing aran Kyai Nagabacingah, bangsa Jim sing wujude Ula gedhe. Dening Kyai Nagabacingah Ki Lembong kajaba diwenehi aji jaya kawijayan sing dadi kaluwihane bangsa ula, uga diwenehi Tumbak Kyai Nagakobra sing bisa malih wujud dadi Ula. Aji sing dhuwur dhewe sing diparingake dening Kyai Nagabacingah marang Ki Lembong, Ki Lembong bisa salin wujud dadi Naga sing sekti mandraguna. Nanging dening Gurune, Ki Lembong diweling ora kena gumampang nggunakne aji kuwi. Kajaba yen wis kepepet tenan, lan kudu eling aji kuwi bakal nuwuhake walat sing ndadekne Ki Lembong ora bisa bali dadi manungsa maneh yen nganti ora nggugu dikandhani dening Trahe Raden Bondhan Kejawan. Mula saiki Ki Lembong lagi ngerti yen Rangga kuwi isih trahe Raden Bondhan Kejawan, ketitik mau Rangga wis aweh pitutur marang dheweke lan sawuse ora digugu pituture Rangga, saiki Ki Lembong kena walat ora bisa bali dadi manungsa maneh. Ki Lembong getun lan banget kedhuwung, bisane mung kari nangis sing ora keprungu suwarane.

        “Wis Ki Lembong” wekasan Rangga tuwuh welase “mbok getunana barang sing wis kebacut, ora ana gunane. Nangisa nganti garing mripatmu kentekan luh, kowe panggah bakal dadi kaya wewujudanmu sing saiki. Yen kowe kepengin bali marang wewujudanmu sakawit, sranane kowe kudu bisa ngranggeh pangaksamane Kang Maha Agung. Ora adoh saka papan kene ana kali jenenge Kali Sumberlanang, kowe bisa nurut munggah kali kuwi. Yen wis kepethuk papan sing aran Kedhungbongkrah, sing kayoman dening Wit Ingas jejer loro, kowe mandhega lan miwitana mertapa ana papan kono nyuwun pangapura marang Kang Maha Agung, welingku kowe kena mangsa apa wae kajaba mangsa manungsa sing ora duwe dosa karo kowe. mBuh pira lawase aku ora ngerti, mbok menawa ing kono kowe bakal oleh pangapurane Gusti Allah”.

        Ula daden-daden kuwi ngobahne awake, banjur pamitan nganggo basane bangsa ula marang Rangga, arep budhal menyang Kali Sumberlanang kaya sing dikandhakne Rangga kuwi mau. Sadurunge budhal Ki Lembong sing saiki wis wujud ula sing rupane loreng ireng lan kuning sing sapupu gedhene kuwi isih kober nyedhaki sedulure tuwa, Ki Dodor sing isih silih ungkih genti kalindhih ngadhepi tandange Marga.

        Ki Dodor bener-bener ora ngira yen bakal kethetheran ngadhepi Marga. Sakehing aji jaya kawijayane wis dikuras lan ditumplak kanggo ngalahake Marga bocah nom sing mau arep didadekne muride, ewa samono kanthi gampang Marga bisa ngatasi. Wekasan Ki Dodor banjur nggunakne ula sing cacahe sapirang-pirang sing disimpen neng jero keba sing digendhong ana gegere. Keba disuntak, lan ula sapirang-pirang katon galak-galak, nunggu diprentah dening bendarane. Ki Dodor banjur ngunus Pedhang saka wrangkane. Pedhang pusaka sing katon mramong pamore, Pedhang sing ditampa saka gurune Kyai Nagabacingah saka Kedhunggasrong. Nganggo pedhang kuwi Ki Dodor aweh prentah marang pirang-pirang ulane.

        “Salahmu dhewe Marga, kowe ora nuruti pitutur becikku, sedhela maneh kowe bakal ngrasakne lara sing sewu lara carub dadi siji. Ula Bandhotan, Luwuk, Dumung, Weling, Welang lan liya-liyane iki arep namakne wisane lumantar siyunge dhewe-dhewe marang ragamu kuwi. Kowe mesthi bakal ngrasakne lara sing ora bisa dikaya ngapa mungguh rasane lan wekasane kapeksa kudu tak tugel gulumu, tak sigar sirahmu nganggo pedhang Nagawelang ing tanganku iki, kanggo pangane ula-ula kuwi kabeh kareben sansaya mandi wisane” karo ngathungne pedhange Ki Dodor guneman banter.

        “Pati lan uripku tak pasrahne marang sing duwe Ki Dodor” wangsulane Marga sareh, sanadyan satemene kajaba wis mageri awake nganggo Aji Tameng Waja, Marga uga wis ngecakne Aji Panawawisa sing madal saka sakehing wisa, nanging Marga panggah ora gelem ninggal pangati-ati lan kaprasajane “yen garising pesthiku kudu mati merga wisane ula sing ndika uculne saka keba kuwi, ya bakal tak tampa kanthi sabar lila lan legawa. Nanging minangka kawulane Gusti, aku duwe kuwajiban setiar lan mbudidaya ngayomi lan nylametake raga sing dititipne Gusti marang aku. Mula yen ndika nggunakne pedhang pusaka Nagawelang, aku ya arep migunakne gegamanku kanggo ngadhepi pedhang ndika”.

        Marga banjur nglolos pusaka sing selawase ora tau pisah saka ragane, Cemethi upat-upat lulup Bolu sing disabukne ing lempenge.

        Ki Dodor sing durung ngerti yen senjata piyandele Marga kuwi Pecut utawa Cemethi sing lagi wae dilolos saka bangkekane, tumuli mangsuli apa sing lagi wae dikandhakne Marga :

        “Iya Marga, aja nganti kowe mengko sansaya getun, tumekeng neraka durung kober ngetokne gegaman, ayo saiki gunakne gegamanmu kaya apa wujude? Tan wurunga bakal sumyur yen nganti senggolan karo Pedhang Nagawelang sing ana tanganku iki”.

        “Iki lho gegamanku Ki Dodor, yen ndika kepengin weruh!” Marga wangsulan karo nyeblakne pecute mendhuwur, nuwuhake suwara jumlegur kaya suwarane bledheg sing nyamber mangsane. Wong-wong sing mau padha nonton perange Rangga mungsuh Ki Lembong sing pungkasane Ki Lembong ilang, padha kaget krungu suwara pecute Marga.  Kabeh banjur padha genti ngupengi kalangane Marga lan Ki Dodor sing neng ngarepe ana ula mandi pirang-pirang.

        Sauntara kuwi, ula sing mau kedadeyan saka Ki Lembong uga wis sansaya cedhak, ula kuwi milih dalan anggone nyedhaki Ki Dodor saka sisih mburi, dadi wong-wong sing kober weruh padha ngira yen ula sing gedhene kari sapupu kuwi tunggale Ula sing pating kruget ing ngarepe Ki Dodor.

        “O kuwi gegamanmu Marga? Pecut sing mung pantes kanggo meden-medeni wedhus sing ngebyong tanduran, banter suwarane nanging babar pisan ora ana tenagane” kandhane Ki Dodor, karo ngguyu nyepelekne marang Marga.

 

 

ana candhake

 

 

 

 

1 komentar:

  1. Jaman aku isih cilik, cilik banget wong durung mlebu SR, Bapakku kerep mancing adoh saka omah ya kuwi menyang Kedhunggasrong. Jarene manggone sangisore Grojogan Pudak, cedhak Sokasari. Nek mancing sok budhal esuk, bar subuh budhal mulihe luhur. Kerep oleh iwak akeh, iwake badher, kutuk lsp.
    Lha nek ora adoh saka omah sing tak enggoni saiki iki, ana kali sing nek banjir sok munggah ngelebi jogan . Kali kuwi ana papan sing kondhang nganggo sebutan Kedhung Bongkrah. Jarene sing tau weruh, neng kali kuwi ya neng ngisor ingas, kerep ngetok ula gedhe, ana sing ngarani nek endhase ula kuwi sak kudhung buyuk. Lan ing sakupenge Kedhung kuwi, nganti tahun 80-an, kerep ditemoni Ula Weling sing sirahe loro. Kajaba ula weling sing sirahe loro ya sok Ula Taliwangsa, nanging sing iki arang-arang banget.
    Nek saiki ketoke wis ora ana, sing sok ngetok malah Ula Sanca, sing dhek emben kober saba nganti tekan kandhang truwelune tanggaku, ngentekne truwelu telu.

    BalasHapus

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...