Total Tayangan Halaman

Jumat, 20 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (147)


 

147.

        Marga mung mesem krungu pamaidone Ki Dodor marang anggone nyeblakne pecute. Ora lagi iki Marga krungu tembung sing nyepelekne marang dheweke mangkono iku. Tumrap Marga diina utawa dialem dening menungsa kuwi babar pisan ora ana bedane. Sansaya yen sing mada utawa ngalembana kuwi mungsuh, kaya Ki Dodor iki, nek gela merga diremehne kuwi padha wae wis ngrewangi mungsuhe, saka ati kang gela bisa ngganggu lakuning nalar lan rasane. Kamangka ngadhepi mungsuh kuwi mbutuhake nalar sing wening lan rasa sing lungit. Yen nganti lakuning nalar lan rasane ora timbang bisa mbubrahne anggone tumandang.

        “Sakersa anggon ndika ngarani Ki Dodor” wangsulane Marga “merga menang kalahe wong perang kuwi ora gumantung apike gegaman, nanging sabab beja-bejan. Nek Gusti ngersakne aku oleh kabegjan, sanadyan mung gegaman pecut pangonan, aku mesthi menang. Kosok baline yen Gusti ngersakne ndika ora nampa kabegjan, ndika mesthi bakal kalah”.

        “Setan kowe Marga” Ki Dodor sansaya nesu krungu wangsulane Marga sing sareh nanging padha wae ngarani yen dheweke ora bakal menang kuwi “saiki rasakna gegamanku!”.

        Karo muni ngono kuwi, Ki Dodor ngobahne pedhange aweh prentah marang ula sing ana ngarepe. Kaya ora tinemu nalar, dumadakan ana ula loro sing siji ula Dumung Enthong, siji maneh Ula Weling, mletik kaya jemparing ucul saka sendhenging langkap. Ula loro kuwi ngarah marang gulune Marga, sisih kiwa lan sisih tengen. Tujune Marga wis siyaga, sadurunge ula loro kuwi nyokot gulune, wis keprungu swara pecute sing jumedhor ora pati banter, nanging katon asile. Ula loro kuwi wis padha remuk sirahe, ceblok neng ngarepe Ki Dodor.

        Wong-wong sing padha weruh kaprigelane Marga nyolahne pecute, padha keplok lan surak rame. Ki Dodor dadi sansaya muntap. Banjur ngobahne pedhange maneh, saiki sing diprentah ora mung ula loro, nanging ula lima. Kaya mau, ula lima sing kabeh nduwe wisa sing bisa gawe patine sok sapaa sing kena dicokot, mletik mendhuwur banjur nylorot ngarah marang lima perangan ragane Marga. Marga mletik jungkir walik mendhuwur karo nyolahne pecute. Mung sepisan pecut jumedher, lan saka sabetan pecute kuwi ndadekne wong-wong sing weruh dadi sansaya eram, ula lima kuwi tiba bareng mlumpuk neng ngarepe Ki Dodor, kanthi kahanan kabeh sirahe padha remuk dadi bathang. Sepisan maneh keplok lan surak keprungu rame. Wong-wong kuwi kaya lagi lali nek satemene Marga ora dolanan nanging lagi ngadhepi mungsuh sing nyata ngedab-edabi kasektene.

        Ki Dodor sansaya waringutan, untune kerot-kerot nganti keprungu saka kadohan. Ula sing cacahe sasat ora kena dietung ing ngarepe kuwi dirayuk, banjur karo ngrapal mantram sakti ula sapirang-pirang kuwi disawurake mengarep ngarah marang mungsuhe. Marga jempalitan jungkir walik mundur kanggo ngendhani sawurane Ki Dodor. Nanging ula sing disawatake kuwi banjur kepyar mencar dhewe-dhewe, kabeh banjur maju ngupengi Marga karo ngempros-ngemprosne wisane sing ditujokne marang Marga, upas sing ngemu hawa panas lan nggawa ganda arus sing bisa ndadekne sing mambu dadi mumet, muneg-muneg, kudu mutah.

        Marga ngiderake panyawange, jebul saka arah kiblat papat kabeh ana ula sing arep ngrayah dheweke. Lan luwih aneh maneh ula-ula kuwi katon bisa ngangkat meh separo saka awake perangan ngarep, malah ana sing mletak-mletik kaya kodhok sing lagi pencolotan, nanging durung ana sing olehe mletik nganti tekan ngarepe Marga, wangune ula-ula kuwi wis padha weruh nasib sing disandhang kancane sing wis padha mati mau. Mula sanadyan ula jebul uga duwe rasa wedi. Marga mung mesem weruh solahe ula sapirang-pirang sing ngupengi dheweke nanging padha ora wani nyedhak kuwi. Pecute banjur diputer mubeng, nuwuhake suwara kaya suwarane prahara lan nuwuhake geter ing sakiwa tengene. Wong-wong sing mau padha keplok-keplok surak rame padha cep klakep ora ana sing wani guneman. Kabeh ngampet ambegan, nguwatirake marang keslametane Marga. Mung emane kabeh padha ngrumangsani nek ora bisa ngrewangi Marga. Mung Rangga dhewe sing mesam-mesem weruh carane Marga guyon, cetha nek wis ngecakne aji Tamengwaja dirangkepi karo Aji Panawawisa, ewa dene Marga isih api-api wedi yen nganti kena wisane ula mandi.

        “Marga aku ngerti nek ula-ula sing ngupengi kowe kuwi padha pekewuh arep maju, merga mbok weden-wedeni karo getere pecutmu” karo nggereng Ki Dodor guneman marang Marga “nanging aja mbok kira kowe bisa slamet, patine ula pitu klangenanku kudu mbok ijoli karo mripatmu loro, kupingmu loro, karo drijimu sepuluh. Mripatmu arep tak cukil nganggo pucuking pedhangku, kupingmu loro-lorone arep tak perung lan drijimu sepuluh kuwi arep tak kethok-kethok mbaka siji. Kareben kowe weruh larane pasiksan saka Ki Dodor, sadurunge tak tugel gulumu lan tak sigar sirahmu kaya sing tak kandhakne mau”.

        Bareng karo enteke tembunge, dumadakan Ki Dodor ilang saka pandulu. Mung guyune wae sing sok keprungu. Ki Pawit lan kanca-kancane sansaya kuwatir. Ora mung nguwatirake kselametane Marga wae, nanging uga nguwatirake awake dhewe. Merga yen klakon apa sing dikandhakne Ki Dodor mau, mesthi Ki Dodor bakal sansaya nemen nggone ngumbar angkarane, kanthi pawadan malesne patine sedulur-sedulure bisa-bisa wong sa-Kepuh Agal bakal ditumpes utawa disiksa kabeh.

        Jebul sing kuwatir dudu mung Ki Pawit sakancane wae, Ula sing kedadeyan saka Ki Lembong uga melu nguwatirake sedulure tuwa sing arep gendhak sikara marang Marga kuwi. Kuwatir yen nganti Ki Dodor kena walat kaya dheweke. Nek dheweke kuwalat temah dadi ula sing ora bisa bali dadi manungsa maneh. Bisa-bisa Ki Dodor sing momor ing alaming para brekasakan ora bisa bali menyang jagad padhang maneh.

        “Kakang Dodor, rucaten aji pamungkas saka Guru kuwi, sing arep mbok paeka kuwi dudu manungsa wantah nanging Trahe Sang Wikudibya sing gedhe walate, sawangen wewujudanku sing saiki iki Kakang, iki merga aku wis kebacut tumindak kliru” kanthi ngetog sisa-sisa tenagane Ki Lembong sing wis wujud ula kuwi aweh sasmita marang sedulure tuwa.

        “Kowe aja ngendhon-ngendhoni tekadku Lembong” Ki Dodor semaur sereng marang adhine, saka alam panglemunan nanging keprungu tekan jagad nyata “aku iki wis gerang tuwek, kowe wae sing ora bisa mikir, wekasan gampang kena blithuke mungsuh. Menenga, neng kono wae mengko nek wis rampung gaweyanku, kowe tak balekne kaya wujudmu sakawit”.

        Krungu rembugan antarane Ki Dodor karo Ki Lembong kuwi, Marga mesem. Meneng sedhela ngecakne Aji Sasrapanggraita. Sanadyan mripate ora bisa meruhi blegere mungsuhe, nanging lumantar panggraitane, Marga bisa meruhi papan lan kabeh mobah-mosike Ki Dodor. Sawuse iku, munjerake aji peparinge Sang Hyang Wilis, ya Bagindha Kilir sing aran Asnamul-maslulatun menyang upat-upat lulup bolu sing dadi pethite cemethine. Marga banjur mencolot ngedohi ula sing ngupengi dheweke, karo siyaga ngenteni Ki Dodor nyedhaki.

        Temenan, Ki Dodor sing weruh Marga jempalitan ngedohi ula-ula sing ngupengi, ora ngira yen satemene Marga wis meruhi mobah mosike. Ki Dodor karo getem-getem arep ngecakne pangincim sing diucapne mau. Sing arep didhisikne merung kupinge Marga nganggo Pedhang Nagawelang.  Nanging, apes tumrape Ki Dodor lagi wae arep nyabetake pedhange ngarah kupinge Marga, tanpa weruh obahe Marga, ngerti-ngerti upat-upat pecute Marga wis nggubet krang pedhange, banjur disendhal ngeget dening Marga. Pedhange Ki Dodor ceblok neng lemah, epek-epeke Ki Dodor krasa kaya mentas nggegem mawa sambi. Ki Dodor kaget kaya disamber gelap rasane, lan sadurunge kagete ilang sepisan maneh pecute Maga muni ora banter, gegere Ki Dodor ditibani sabetan. Ki Dodor mencelat watara limang jangkah, ora bisa tangi, balung ula-ulane krasa kaya ana sing pedhot. Ki Dodor ora bisa bali menyang alam kang nyata nanging wis kadhung mencelat saka alam brekasakan. Dadine ragane Ki Dodor cat katon cat ora. Ki Dodor ngerti kahanane ngono kuwi nangis gero-gero.

        Ula sing kedadeyan saka Ki Lembong nyedhak karo nangis.

        “Uwis Kakang” kandhane Ki Lembong nganggo basane brekasakan “mbok menawa pancen pesthining Dewa awake dhewe kudu nglakoni kaya mangkene iki, ora ana gunane digetuni, becik saiki Kakang tumuli nyuwun pituduh marang Raden Marga, kepriye murih kakang bisa pulih kaya wingi uni, ora kaya saiki iki ora dadi brekasakan nanging uga ora dadi manungsa”.

        “Kula tobat Raden Marga…..” isih karo ngathang-athang merga ora bisa tangi, tur ya cat katon cat ora, Ki Dodor guneman “mugi kula kaparingan gesang, lan kawangsulna kula dados tiyang limrah”.

        “Sing gedhe pangapura ndika Ki Dodor” karo suwara sing sareh Marga aweh wangsulan “aku mung bisa mbalekne balung ndika sing ucul saka papane kuwi, nanging aku ora bisa mbalekne ndika dadi manungsa lumrah kaya mau. Jalaran pancen ndika wis nerjang pepacuh saka Guru ndika dhewe. Sabanjure, aku mung bisa nuduhi dalan sing kudu ndika liwati, mbok menawa bisa tekan panggonan ndika oleh pangapurane Hyang Suksma. nDika bisa kumpul bareng karo Ki Lembong ngenggoni panggonan kanggo ngranggeh pangapurane Gusti mau, lan sadurunge oleh pangapura saka Gusti ndika bakal wujud Brekasakan”.

        Bubar ngucap mangkono kuwi, Marga banjur nyabetake pecute sepisan maneh marang Ki Dodor sing isih gumlethak. Aneh Ki Dodor banjur bisa lungguh. Lara ing gegere wis ilang. Ki Lembong karo Ki Dodor tumuli pamitan arep menyang Kali Sumberlanang kaya sing dikandhakne Rangga marang Ki Lembong. Kabeh ulane Ki Dodor, sing isih urip lan sing wis mati digawa lunga.

        Sapungkure Ki Dodor lan Ki Lembong, wong-wong klebu Rangga nyedhaki Marga. Nanging durung nganti wawan gunem, ana barisan prajurit numpak jaran nganggo gendera Mataram mlebu Plataran Kalurahan. Kabeh mripat banjur maspadakne sing lagi padha teka. Jebul barisan cilik prajurit Mataram kuwi ditindhihi Raden Mas Tumengung Tesengkusuma. Wong-wong padha gumun. Ya gene Raden Mas Tumenggung Tesengkusuma teka ing Kepuh Agal?. Nanging durung ilang gumune, wong-wong kuwi dadi mlenggong bareng weruh Tumenggung Tesengkusuma dumadakan mencolot saka dhuwur jarane banjur jengkeng atur sembah karo madhep marang wong-wong kuwi.

 

Ana candhake

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...