18.
Nanging
Arja Gendhon ya nggagas aja nganti sedulure lanang kuwi malah keplecuk. Merga
neng donya iki ya akeh wong sing ora ngerti ing kabecikan, kuwatire Arja
Gendhon mengko nek Murtala kaget. Kulina urip pas-pasan bareng dipek mantu wong
sugih lan urip sarwa turah banjur lali purwa duksina, ngaji mumpung, saya maneh
nek wis dadi Lurah sing rumangsa duwe asil dhewe, bisa-bisa dadi gedhe sirahe,
bojone disiya-siya banjur golek senengan karo wong wadon liyane. Olehe duwe
pikiran mangkono kuwi, merga Arja Gendhon ya tau ngalami. Anake lanang sing
jeneng Sigit sawise dipercaya dening Maratuwane sing sugihe ora karuwan, malah
tau sesidheman nyambung katresnan karo Pemandu Lagu ing Club Karaoke. Tujune
durung nganti entek-entekan wis konangan, upama wektu kuwi bojone ora lagi
meteng gek ya isih tresna marang dheweke ngono, Sigit mesthi wis dikon minggat
dening Maratuwane. Wekasane Arja Gendhon diceluk besane, dikon nekseni janjine
Sigit yen wis kapok ora arep mbaleni tumindake sing dhemen slingkuh.
“Lha
jaremu mau aku arep mbok kongkon sowan Kiyai suk kapan kuwi?” Arja Gendhon nemu
akal kanggo ngudhari apa sing dikuwatirake “nek bisa aja suwe-suwe, sesuk apa
piye aku tak budhal nemoni wong tuwa sing waskitha, kajaba nanjihake Pulung
Lurah nggonmu kuwi, aku ya arep nyuwun pirsa cocog utawa orane nek anakku Nita
dijodhokne karo Murtala”.
“Ngono
ya Kang?” Pak Sugiri genti takon.
“Iya
Ri, merga aku ora kepengin anakku Nita kae nganti sengsara uripe merga kleru
olehe golek jodho. Banjur nek kabeh wis apik, mesthine kowe gek ndang ngajak
rembugan Murtala karo wong tuwane ben ora kedhisikan Pak Guru Harmaka”
wangsulane Arja Gendhon.
“Sesuk
utawa mengko ya kenek Kang” kandhane Pak Sugiri karo ngetokne dhompete, njupuk
dhuwit atusan ewon sepuluh lembar banjur dilungne Kakange “sewu kurang pa gak ?
Nek panggonane adoh ya nggawa mobilku wae, ben disetiri Andi”.
“Kakehan
kuwi Ri” Arja Gendhon semaur dhuwit sing dilungne adhine ora tumuli ditampani
“wong mung nyang Watugudel kono kuwi wae kok, nggone mBah Didong sing kulina
tak jaluki tulung. Aku tak nggawa motor dhewe, mrana kuwi butuhe nggawa Rokok
Surya rong adhah rokok Junem rong adhah, gula rong kilo, The, karo tindhihe
rong atus. Mangatus wae, mengko kuwi wis sak bensin karo rokokku”.
“Ya
wis iki sampean tampani, nek enek turahe ya keneng sampean enggo cekelan ta neh”.
“Ya
beneran nek ngono” wangsulane Arja Gendhon karo nampani dhuwite “mengko awan
bar-bar luhur wae aku tak budhal, sesuk esuk kowe mrenea ngrungokne kabar sing
tak gawa”.
Pak
Sugiri banjur ngadeg, nggoleki simboke pamitan arep bali. Sepedhane digelak
alon-alonan, merga pikirane wis rada padhang.
mBaleni
critane Murtala sing nggonceng Nita. Wis wiwit mau olehe tekan omah. Sawise
Nita matur marang Ibune nek Bapake jebul neng daleme simbahe lagi sare, Murtala
ya banjur pamit mulih, karo ninggal weling :
“Benjing
mawon menapa kapan-kapan, menawi Bapak ngersakaken ngendikan kalihan kula, Dhik
Nita kemawon dipun dhawuhi ngebel kula Bu”.
“Ya
sepurane wae ya Nak Mur, ya kapan-kapan nek butuh Bapakmu ben nelpon dhewe”
wangsulane Bu Sugiri, banjur dhawuh marang Nita “mengko Bapakmu caosana nomere
Masmu Nit, dadi nek butuh ya ben ngebel dhewe”.
“Iya
Bu, saiki wae tak kirimne nyang nomere Bapak karo nomere Ibu” wangsulane Nita
“nek sing butuh karo Mas Mur Bapak, Bapak ben telpon nek sing butuh Ibu, Ibu
ben ngebel”.
“Lha
nek sing butuh kowe?” Bu Sugiri takon karo ngguyu.
“Aku
tak sowan ngalor ta neh? Nek aku ngebel apa ora sida kuwalat apa piye?”
wangsulane Nita karo ngguyu.
Murtala
nyandhak sepedha pancale, dituntun nganti tekan ratan lagi ditumpaki. Murtala
sing ora ngira nek arep ana mobil liwat sing banter saka mburine kaget, meh wae
sepedhane kesrempet Mobil Kijang Inova sing mlayu banter kaya diuber dhemit.
Tujune Murtala ora tiba. Batine Murtala ngucap syukur marang Pangeran dene ora
kesrempet, banjur maca istighfar merga ngrumangsani nek mau ora inget-inget
ngareplan mburi luwih dhisik sadurunge nuengklak sepedhane. Banjur sepisan
maneh noleh ngiwa lan nengen ngarep lan mburi,
lagi nerusne lakune arep mulih menyang omahe dhewe.
Tekan
omah, wis dipapagne nganggo pitakon saka ibune, Pak Sugiri ngajak rembugan apa.
“Dereng
siyos kepanggih Pak Sugiri kok Bu” wangsulane Murtala sing banjur crita nek Pak
Sugiri ora ana omah, malah keturon neng daleme wong tuwane. Ora kliwatan
Murtala uga crita yen dheweke karo Nita diutus Bu Sugiri nggoleki Pak Sugiri
menyang daleme wong tuwane. Nganti tekan olehe jagongan karo Arja Gendhon ya
dicritakne pisan.
“Dadi
Pakdhene Nita ngira nek kowe kuwi pacaran karo ponakane?” Bu Marsini nakoni
anake.
“Inggih
ngaten menika” wangsulane Murtala “nanging sampun kula cethakne nek antawisipun
kula kalihan Nita menika namung kanca limrah, malah ugi kula aturne pisan
menawi kula kesah medal saking griya sareng kalihan Nita niku nggih nembe
sepisan niki wau, upami boten amargi diutus Bu Sugiri nggih mokal kula kesah
sareng kalihan Nita”.
“Ya
wis nek wis mbok cethakne ngono kuwi” kandhane Ibune maneh banjur disambung
pitakonan “nanging upama Nita kae seneng karo kowe tenan, apa kira-kira kowe
emoh ta Le? Nita kae ayu, manis, pinter tur sopan lho”.
“Oalaaah
Bu, Ibu” wangsulane Murtala karo ngguyu “ndangu kok kados ngoten? Dhawuhipun
Ibu rumiyin ngrabi prawan ayu niku abot sanggane? Dados mantune tiyang sugih
nggih sansaya ageng rekaose? Nuruti ati seneng niku kathah wragate? Nek ngemohi
Nita niku nggih boten, nanging nek ajeng purun niku boten kiyat nyekapi
sarat-rukune Bu he he he”.
“Sokur
ta Mur, nek kowe isih eling dhawuhe Ibu,
sing tak kandhakne biyen kuwi pancen kanyatan” kandhane Bu Marsini maneh
“nanging iki mau aku ya meh wae arep katut ndawakne angen-angen, nanging ya
banjur ora sida merga aku kelingan kandhane ibu mau”.
“Lha
kok manjangaken angen-angen ta Bu? Wonten menapa?” Murtala takon, gumun karo
sing dikandhakne ibune.
“Let
sedhela kowe budhal menyang nggone Pak Sugiri mau, rak banjur ana tamu, nggoleki
awakmu?"
“Sinten
Bu? Madosi kula gadhah kajeng menapa? Menapa pegawe Koperasi?” batine Murtala
ngira nek dhayoh sing nggoleki dheweke kuwi petugas Koperasi sing golek
nasabah, nawani pawitan bakul-bakul cilik kaya dheweke kuwi, Ibune mesthi wis
dikandhani akeh-akeh nek dheweke gelem utang nyang koperasine anggone bakulan
bakal dadi gedhe. Tumrap wong sing durung ngalami rekasane nicil utang koperasi
ngono kuwi, pancen ketoke gampang wae nek kepengin nggedhekne bakulane. Nanging
nek wis weruh, ya arep nambah modal liwat utang neng koperasi ngono kuwi mesthi
mikire kliwat ping satus.
“Dudu,
Pegawe Bank sing kantore cedhak Pasar Wedhus kae lho” wangsulane Bu Marsini.
“Oalaah
kula kinten Pegawe Koperasi sing nek tiyang-tiyang mastani Bank Plecit nika”
kandhane Murtala maneh “lha tiyang Bank Jatim kok madosi kula napa nggih ajeng
nawakne utang-utangan?”.
“Ora,
malah blas gak nyenggol perkara dhuwit kok, olehe mrene ya mung arep dolan wae”.
“Dolan?”
Murtala rada mlengak “lha dolan kok wancine kerja niku lho? Mengke tiyang sanes
Bu? Dede Pegawe Bank?”.
“Lha
kowe ki piye ta? Genah iki mau tanggal abang ngono lho? Dadi kantor-kantor ya
prei” Bu Marsini wangsulan karo mesem amba “gek aku ya wis apal karo wonge dadi
ya ora kleru”.
“Lha
nggih sinten niku?” sajak ora sabar Murtala nyuwun pirsa ibune.
“Ratih
Kusumastuti”.
“Ratih?
Ratih putranipun Pak Harmaka nika? sing rambute semiran soklat?”
“Iya,
mulane Ibu kandha nek wis apal karo wonge, Pegawe Bank tenan dudu Pegawe Bank
Plecit”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar