Total Tayangan Halaman

Selasa, 14 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (17)


 

17.

        Pak Sugiri meneng sedhela banjur nyruput kopine maneh, nyaut tempe goreng sing ana piring. Jebul tempene isih panas, durung suwe olehe ngentas saka wajan.

        “Walaah jik panas ta tibake?” Pak Sugiri grenengan dhewe.

        Arja Gendhon sing selak kepengin ngrungokne bacuting crita rada anyel. Nanging ya meneng wae, ora wani ngelokne adhine, kuwatir adhine salah tampa dikira olehe nyuguhi tempe goreng kuwi ora pati lila. Malah Arja Gendhon ya banjur melu njupuk tempe sing jarene Pak Sugiri isih panas mau.

        “Walaah gara-gara tempe isih panas, nganti lali aku, tekan ngendi mau Kang ?” kandhane Pak Sugiri nakoni kakange.

        “Tekan Kuburan, kuburan ngendi? Pasareyane sapa?” wangsulane Arja Gendhon karo takon.

        “Kuburan tengah sawah ing anak padhukuhan Ngerjang” wangsulane Pak Sugiri karo nutugne critane “pasareyane Ki Ambyangkara karo Ki Modangkara”.

        “Sapa kuwi?”

        “Ki Ambyangkara kuwi sing nglurahi Desa Kedunggalar dhisik dhewe lha Ki Modangkara kuwi sedulure lanang” wangsulane Pak Sugiri “biyene Prajurit Dipanegaran, gandheng tansah dadi burone Kumpeni banjur rialat neng pinggir kali Sumberlanang wekasan oleh pituduh supaya babad alas lan ngedegne desa sing banjur dadi Desa Kedunggalar kuwi”.

        “Dadi wong loro kuwi kena diarani cikal bakale Desa Kedunggalar ngono?” Arja Gendhon takon maneh.

        “Iya, mula nek ngarepne pilihan Lurah Kedunggalar ngana kae, kuburan kuwi rina wengi ora tau sepi, jago-jago lurah padha teki-teki ana kono, kabare jago lurah sing ora teki-teki neng kono kuwi mung siji, ya kuwi sawargi Pak Lurah Sutapa, merga kae rak wong Kamandiyah?”.

        “Ning nyatane malah dadi ngono lho?” Arja Gendhon ngguyu “aku kelingan banget menange Lurah Tapa jaman semana telak banget, akeh botoh njaba padha kecelik keyok dienggo bancakan wong Dunggalar, merga sing gedhe suwarane malah Pak Yaimin karo Pak Saelan. Jaman kuwi aku ya melu kalah, sepedha phonik loro karo Lampu Petromax loro, dhuwite selawe ewu. Merga aku notohi Saelan dimusuhne Tapa ditambah bitinge Mansur, tibake musuh Tapa thok wae kacek telung atus suwara”.

        “Nanging sampean rak banjur oleh pulihan pas pilihan kene kae?” Pak Sugiri mesem.

        “Iya pengalaman saka Dunggalar tak cakne neng kene” Arja Gendhon wangsulan karo ngguyu “kene biyen sing gedhe suwarane rak suwargi Mas Patoni karo Pak Guru Supri? Aku banjur nyekel Reban, jaman kuwi menangku rada akeh wong sing tak enggo udhu omah ngarep nggone Maratuwa kae he he he”.

        “Jathukna upama Reban gak dadi, sampean bisa dadi thethekan tenan he he he…..”.

        “Iya, nanging tutuge gambar neng buku sing dicekel Pal Guru Har mau banjur piye?” Arja Gendhon ngajak mbalik menyang critane Pak Sugiri maneh.

        “Manuk aneh mau banjur ndhekem neng pasareyane Ki Ambyangkara nganti sauntara, banjur mabur maneh” wangsulane Pak Sugiri nutugne olehe crita.

        “Mabure ngalor apa ngidul ?” Arja gendhon nyelani takon.

        “Ngalor bablas menyang omahku, mencok neng wuwungan banjur mlebu liwat cendhela” wangsulane Pak Sugiri.

        “Wis mlebu neng jero omahmu?” Arja Gendhon takon praupane ketok sumunar, atine seneng omahe adhine dileboni Pulung  Lurah.

        “Uwis, mencok neng kursi omah ngarep, banjur mudhun nyang jogan ngubengi omah, banjur metu maneh liwat cendhela wetan, bablas mabur mengalor……”

        “Walaah metu maneh? Banjur menyang ngendi parane?” Arja Gendhon ketok nek malih rada cuwa, pulunge lurah Kedunggalar ora sida melu adhine.

        “Menyang omahe Pak Guru Har” wangsulane Pak Sugiri .

        “Waaa, Pak Guru Har ya mesthi banjur seneng no? Pulunge wis mlebu menyang omahe” Arja Gendhon mesem amba.

        “Padha pas mlebu menyang omahku mau” wangsulane Pak Sugiri “ora nganti rong menit manuk kuwi ya banjur mabur lunga maneh”.

        “Weleh, dadi gak sida mandheg neng nggone Pak Guru Har ?”.

        “Ora, nanging mabur menyang omahe Bu Kojin” wangsulane Pak Sugiri.

        “Bu Kojin kuwi sapa?” Arja Gendhon takon.

        “Ibune Murtala” wangsulane Pak Sugiri.

        “Ora lunga mabur maneh?”

        “Ya kuwi sing lucu Kang” wangsulane Pak Sugiri

        “Lucu piye?”

        “Manuk kuwi bareng wis mlebu nyang omahe Bu Kojin banjur mandheg, Bu Kojin apa dene Murtala kaya ora weruh nek enek manuk sing rupane aneh mlebu nyang omahe, malah nalika manuk kuwi mencok neng pundhake Murtala, bocahe ya kaya ora krasa, semono uga nalika genti mencok neng pundhake Bu Kojin, Bu Kojin ya meneng wae. Bar kuwi gambar kaya neng hape kuwi ilang, buku sing dicekeli Pak Guru Har banjur dijaluk maneh dening Rama Kiyai. Aku karo Pak Guru Harmaka banjur didhawuhi bali, merga wis ana wong sing arep sowan marang Rama Kyai. Mung pas aku wong loro pamitan, Rama Kyai ngendika : mbudidaya kuwi kuwajibane titah, beja lan mulya kuwi peparinge Gusti Allah” Pak Sugiri mungkasi critane.

        Arja Gendhon manggut-manggut, jroning batin eram marang kawaskithane Kiyai sing dicritakne Pak Sugiri kuwi mau. Arja Gendhon uga banjur nyoba mbadhe mengku werdi apa pituduhe Kyaine Pak Harmaka kang disanepakne wujud gambar kaya neng hape kuwi. Miturut panemune Arja Gendhon, Kyai kuwi aweh warah marang Pak Guru Harmaka karo Pak Sugiri yen wektu iki Pulung Lurah Desa Kedunggalar wis ucul saka Lurah sing saiki isih dadi. Lan sawise oleh pituduh saka arwahe Cikal Bakal Desa Kedunggalar ya kuwi Ki Ambyangkara, Pulung kuwi banjur nggoleki sing pantes lan kuwat dipencoki kanggo dadi Lurah Kedunggalar sabanjure. Nek nitik lakune Pulung, Pak Sugiri lan Pak Harmaka kuwi bisa wae mbudidaya murih pulunge bali menyang omahe lan gelem melu dheweke. Nanging yen ora gelem mbudidaya utawa kleru pambudidayane ya Pulung mau bakal krasan melu Bu Kojin utawa Murtala, mung emane wong loro kuwi ora weruh yen kapencokan, mula yen ana lilane wong loro kuwi gelem ngucap masrahne Pulung marang sawijing wong, ya wong sing kepasrahan Pulung mau sing bakal kuwat dadi Lurah .

        “Lha sambunge karo niyatmu arep ngepek mantu Murtala lan kuwatir yen kedhisikan Pak Guru Harmaka mau apa Ri?” sawise rada sauntara Arja Gendhon banjur nggogoni atine sedulure lanang.

        “Bares wae Kang” wangsulane Pak Sugiri “wiwit mulih saka Burengan kae, atiku rada gela karo Pak Har. Jalarane Pak Har jebul nganggep aku iki wong sing ora pantes dipercaya, ketitik dheweke wis ora blaka nalika tak takoni apa werdine gambar sing katon neng buku tulis sarta maksude tembung sing dingendikakne Rama Kyai mau, Pak Har mung wangsulan : pokoke werdine kuwi apik tumrap aku, wong liya ora perlu ngerti. Banjur bareng tak takoni, apa sing arep ditindakne Pak Har sawise tekan omah mengko? Dheweke ya mung wangsulan cekak : kuwi sing oleh ngerti ya mung wong sing pinercaya wae, malah banjur ngandhani aku supaya ajak-ajak wong-wong supaya gelem nyengkuyung Pak Har mengkone nek Pilihan Lurah dianakne”.

        “Iya aku ya ora ngluputne olehmu gela nek wangsulane Pak Har marang kowe ngono kuwi” Arja Gendhon mbenerne adhine, banjur nutugne pitakone “lha bacute?”

        “Aku sansaya gela, bareng tanpa kandha marang aku, aku krungu nek Pak Har duwe karep arep ngepek Bu Kojin” wangsulane Pak Sugiri “atiku panas, ora merga aku ya ngesir Bu Kojin, nanging aku ngerti nek kuwi mung cara sing ditempuh Pak Har kanggo nguwasani Pulung sing manggon neng omahe Bu Kojin. Mula aku banjur duwe pikiran ora mung Pak Har dhewe sing pantes dadi Lurah neng Kedunggalar, Merga saupama Pak Har kasembadan dadi Lurah tenan, paling aku ya ora dianggep apa-apa. Mula aku mikir arep gawe Lurah sing apik lan gelema nguwongne aku. Karepku Murtala arep tak dandani supaya maju njago lurah, merga aku ngerti nek Pulung Lurah kuwi wis nyawiji neng omahe Murtala, mengko perkara wragat aku sing nanggung. Lha minangka timbangane aku mung arep nitipne anakku Nita bisaa dadi bojone Murtala, dadi olehku ndombani Murtala kuwi idhep-idhep  nyengkuyung mantuku kanggo kamulyane anakku wedok. Piye nek manut panemu sampean?”.

        Arja Gendhon lagi mudheng karo karepe adhine, dinalar-nalar mungguhe Arja Gendhon sing dikarepake sedulure lanang kuwi akeh becike.

 

Ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...