16.
Arja Gendhon
nyawang sedululure lanang karo panyawang sing gumun. Dheweke durung bisa
nyandhak apa sing dikarepne dening Pak Sugiri. Olehe kepengin njodhokne anake
wedok karo Murtala merga kaperbawan dening Kyai sing bisa weruh sadurunge
winarah. Gek adhine kuwi mau ya kandha nek ora ana sambung rapete karo Murtala,
malah Murtala ya durung ngerti wewadining kahanan sing bisa diinceng dening
Kyai sing kesdik paningale kuwi. Sak desa Kedunggalar sing ngerti wewadi iki
lagi wong loro, Pak Sugiri karo Pak Guru Harmaka. Lan anggone duwe karep
nggrengseng tumuli bisa njodhokne Nita karo Murtala kuwi merga Pak Sugiri
kuwatir yen nganti kedhisikan Pak Guru Harmaka. Angel anggone mikir Arja
Gendhon karo rembung sing dikandhakne sedulure lanang kuwi.
“Malah ora
suwe maneh, aku ya arep njaluk tulung sampean Kang” kandhane Pak Sugiri
sabanjure “sampean arep tak kon ngrewangi, golek wong tuwa sing miturut Kang
Arja kesdik paningale, mengko kabeh wragat sak sangune sing nanggung aku”.
“Mengko
dhisik” Arja Gendhon aweh wangsulan “perkara golek wong tuwa kaya sing mbok
kandhakne kuwi kena diarani gampang. Nanging, aku kepengin ngerti jluntrunge
kandhamu sing dhisik mau lho, merga bares wae aku dadi bingung krungu tembung
sing mbok kandhakne kuwi mau”.
“Sing endi
Kang?”
“Kuwi lho sing
ngembet-embet jenenge Guru Harmaka barang kuwi mau” wangsulane Arja Gendhon
“apa Guru Har ya kepengin ngepek mantu Murtala?, gajege anake wedok Guru Har
sing nyambut gawe neng Bank cedhak Pasar Wedhus kae ya wis wayahe omah-omah,
Malah tak kira nek wis rabi”.
“Oalah kuwi ta
?” Pak Sugiri wangsulan karo mesem amba “aku durung ngerti apa Pak Har arep
ngepek mantu Murtala apa ora, ketoke kok ora. Merga Pak Har duwe cara dhewe,
ora arep mikir ngepek mantu Murtala nanging malah arep ngrabi Ibune, ya kuwi
sing tak kuwatirake”.
“Aku kok malah
sansaya bingung ta Ri, krungu omonganmu iki?!?” Arja Gendhon takon maneh, merga
durung ngerti karo karepe adhine “Apa kowe kuwatir nek nganti kedhisikan Guru
Harmaka ngepek mBoke Murtala, banjur Murtala emoh mbok pek mantu merga wis dadi
anake wong sugih sanajan mung anak kwalon, apa ngono?”
“Ora ngono
Kang” wangsulane Pak Sugiri “wis ben cetha tak balenane saka wiwitan wae”.
“Iya, pancen
kudune ngono, ben gak mbolan-mbaleni” kandhane Arja Gendhon sing banjur mrentah
bojone “tulung Bu, aku gawekna kopi maneh, karo kopine Pak-e Nita kuwi salinana
sing anyar, ketoke critane iki mengko arep rada dawa”.
Ora mangsuli
apa-apa, Bojone Arja Gendhon menyat arep menyang Pawon nindakne pakone bojone.
Maratuwane melu ngadeg nututi, karo guneman dhewe :
“Iya, olehku
arep ngonceki brambang mau rak durung sida, tak oncekane saiki wae, mumpung
kelingan”.
“Critane kuwi
rak ngene ta Kang” bareng Simbok karo mBakyune Ipe wis ngalih, Pak Sugiri miwiti
critane “Pak Guru Har kae sawise Pensiun rak banjur kepengin dadi Lurah ta
Kang?”.
“Ya lumrah wae
ta Ri?” Arja Gendhon nyelani rembuge adhine “wong Pak Guru Harmaka kae Priyayi
brajag, srawunge jembar, tepungane sapirang-pirang gek dhasare bandhane ya
kandel nek mung kanggo ngragati njago lurah ya turah-turah”.
“Lha merga
kuwi” Ora nanggapi panyelane Kakange, Pak Sugiri nutugne critane “aku banjur
dijak lunga sowan Kiyaine neng Burengan, Kediri kana”.
“Wis bener
kuwi, merga sangune wong arep njago lurah kuwi saora-orane kudu bisa nyepaki
empat De” critane Pak Sugiri sidelani maneh dening Arja Gendhon.
“Apa maneh
kuwi Kang?” ora nutugne olehe crita, Pak Sugiri malah genti takon.
“De sing
dhisik dhewe kuwi Dulur” wangsulane Arja Gendhon “arep njago lurah kudu sregep
golek sedulur, merga mokal wong gelem milih wong sing ora kenal. De kepindho
Dhuwit, jaman saiki senajan dulur nek ora disangoni ya angel nek dikon milih,
merga unen-unen sing dipilih arep oleh bengkok, sing milih kudune ya oleh tukon
rokok, kuwi wis manjing neng atine meh kabeh wong. De sing katelu, Dhukun utawa
Kiyai sing mandi, sokur sing bisa ngirup suwarane pemilih, nek gak nganggo
dhukun sing mandi, masiya olehe nyebar dhuwit nganti karung-karungan nek
dhuwite ora diamboni mantra ya tiwas amblas digondhol garangan. Lha De sing
keri dhewe iki ya mung dienggo patut-patut, nanging ya penting, ya kuwi Donga.
Lha kari Kiyai sing diparani Pak Guru Har kuwi Kiyai sing tenanan apa mung
butuhe bisa dzikir pidak karo selawatan thok? Merga jaman saiki iki ya akeh
ngakune Kiyai nanging ora njawa ngelmu kebatinan. Malah sok ana sing ngarani
kebatinan Jawa kuwi Klenik sing jarene ndosani”.
“Nek Rama Kyai
sing disowani Pak Guru Har kuwi Kiyai Hurdhug tenan Kang” kandhane Pak Sugiri
mangsuli kandhane kakange “Jawa digawa Arab digarap, yuswane wis satus wolung
puluh tahun, akeh sing ngarani panjenengane kuwi Waliyullah, kagungan Kodam
pirang-pirang, santrine sumebar tekan ngendi-endi, nek arep sowan kudu sabar
antri, merga saben dina tamu sing arep ngalab berkah akeh. Wong pas aku
ngeterne Pak Guru Har mrana kae, teka kana jam sanga esuk, bisa ditemoni wis
jam telu sore”.
“Nek ngono
kuwi Kyai sing tenanan, ora Kiyai-kiyainan” Arja Gendhon nyelani rembug.
“Pancen bener,
ora sah ndadak matur, panjenengane wis pirsa sing dadi karepe tamune. Apa ora
hebat? Lha wong nek sembahyang jumuah wae, Rama Kyai kuwi menyang Mesjid Mekah
kana lho Kang? Lungguh ngarep dhewe jejer karo para Malaikat”.
“Dadi Pak Guru
Har kuwi teka ngarepe Kiyaine ya gak matur apa-apa?” Arja Gendhon takon semu
gumun.
“Ora”
wangsulane Pak Sugiri “bar salaman aku karo Pak Har ya meneng wae, banjur let sedhela
Rama Kiyai paring pangandika : siji pesthi loro jodho telu wahyu papat pangkat
lima nugraha, kuwi kagungane Gusti. Ala lan becik kuwi bakal diundhuh
dhewe-dhewe, Gusti wis cawis papan lan empane. Pak Har karo aku ya meneng wae,
ngenteni dhawuh liyane. Banjur Rama Kyai ngulungne Buku Tulis sing gedhe kae
marang Pak Har. Jebul ora ana tulisane apa-apa. Banjur Rama Kiyai paring dhawuh
maneh : Saben papan kuwi ana sing ngreksa minangka nyawane, sing bisa nyawiji
karo sing dadi nyawane panggonan ing kono bakal kuwat dadi pangareping papan
mau kanthi kasating netra. Dumadakan buku kothong sing neng tangane Pak Guru
Har kuwi katon mencorong, ora suwe banjur malih kaya ha-pe sing metu gambare
lan bisa obah kaya layar televisi ngana kae”.
“Neng buku
kuwi katon gambare sing kaya layar hape? Banjur gambare wujud apa ?” Arja
Gendhon takon, atine gumun krungu kasentikane Rama Kyai sing dicritakne adhine
kuwi.
“Sing dhisik
dhewe ketok, omah lan pekarangane Lurah Kedunggalar Kang” wangsulane Pak Sugiri
nutugne critane “banjur wong-wong sing manggon neng omah kuwi ya katon kabeh,
wiwit Lurah Jaka, bojone, anake lan pembantune melu diketokne”.
Pak Sugiri
leren sedhela olehe crita, merga mBakyune ipe, bojone Arja Gendhon teka ngladekne
kopi karo tempe goreng sing diwadhahi piring.
“Diunjuk Om”
kandhane bojone Arja Gendhon marang Pak Sugiri.
“nGGih, matur
nuwun Budhe” wangsulane Pak Sugiri .
“Bar kuwi,
sing katon gambar apa maneh?” sawise bojone ngalih, Arja Gendhon banjur nakoni
adhine.
“Banjur ana
rerupan kaya manuk gedhene kira-kira sak pitik, rupane ana abange, ana irenge,
ana kuninge lan ana putihe. Pokoke rupane aneh nanging apik. Manuk kuwi maune
kekiteran neng jero omahe Lurah, banjur mabur mendhuwur mencok neng wuwungan
omah. Ora suwe banjur mabur maneh. Lan gambar omah sapekarangane Lurah wis
ilang ganti sesawangan liya” wangsulane pak Sugiri nutugne critane. Olehe crita
leren sedhela merga Pak Sugiri nyruput kopo sing disuguhne mBakyune ipe.
“Sesawangan
liya, apa kuwi?” Arja Gendhon takon, ing batin dheweke ngira yen gambar manuk
sing sak pitik kuwi wujude pulung desa Kedunggalar.
“Kuburan” wangsulane
Pak Sugiri.
“Kuburan?
Kuburane ngendi?” Arja Gendhon sansaya gumun.
Ana candhake

Tidak ada komentar:
Posting Komentar