15.
Pak
Sugiri ngguyu, ora ngira nek sedulure lanang duwe pikiran sing elek marang
Murtala. Kudune Arja Gendhon bisa adil sajroning nggagas. Ora kok nek anake
lanang sing saiki dadi mantune wong sugih diarani duwe watak jujur lan duwe
rasa tanggung jawab sing gedhe, nanging nek Murtala malah disujanani wis
nggunakne ngelmu pengasihan temah dheweke saanak bojone pisan keyungyun marang
Murtala.
Nanging
pambijine Pak Sugiri marang kakangane kuwi ora dilahirne, cukup dibatin wae.
Jalaran ora ana gunane lan malah bisa gawe gelane sedulure lanang kuwi. Malah
Pak Sugiri ya banjur maklumi marang pangirane Arja Gendhon sing ora bener kuwi,
jalaran pancen Arja Gendhon durung tepung banget sapa satemene Murtala.
“Ngene
lho Kang” Kandhane Pak Sugiri marang Kakangane “nek Pak Sasangka olehe kepengin
ngepek mantu anakku Sigit dhek emben merga nyawang aku, utawa nyawang olehe Sigit
wis labuh lan ngrewangi nyambut gawe aku, nek aku ora. Nita karo Ibune kuwi
olehe ngulat-ulati pakulinane Murtala wis suwe. Murtala kae bocahe pinter ing
samubarang reh, sanadyan sekolahe mung tekan SMA nanging bahasa Arab lan bahasa
Inggrise adoh sadhuwure sarjana-sarjana sing ana kiwa tengene. Merga wiwit SMP
nganti saiki Murtala kuwi ngajine marang Ustadz Nurhamid sing sawuse lulus saka
Pondhok Gontor banjur nutugne kuliahe menyang Al-Azhar Cairo, Es Dua-ne menyang
King Abdul Aziz Madinah lan Es Tigane neng Sorbone Perancis, bar kuwi isih
ngangsu kawruh maneh menyang Griffith Australi. Saiki gaweyane nulis artikel
pesenane Koran-koran luar negeri lan ngarang buku sing diterbitne penerbit ing
luar negeri. Lha nek marahi ngaji Murtala Ustadz Nur kuwi seneng nggunakne basa
Arab lan basa Inggris. Lan Murtala ya kerep diampili buku-buku terbitan luar
negeri, sing nganggo basa Inggris utawa basa Arab, dikongkon nyinaoni isine
murih tambah wawasane. Bocah kae kawruh basa lan budaya Jawane ya pinter, wong
kajaba nyantri marang Ustadz Nurhamid ya nyantri menyang Kyai Zamzuri sing
dhemen maos lan ngoleksi buku-buku basa Jawa, wiwit karangane Yasadipura,
Ranggawarsita, Padmasusastra, Dr Purbacaraka nganti tekan Dr Suripan Sadihutama,
Tamsir AS, Tiwiek SA lan Penulis-penulis anyar jaman saiki. Lan kawruhe kuwi ya
diturunake marang muride sing jeneng Murtala kae. Mula Murtala kae nek omong
neng ngarepe wong akeh nganggo basa Jawa ngono, ora kalah nek karo wong-wong
sing babaran Permadani. Sanadyan ta mangkono, Murtala ora seneng mamerne
kapinterane. Malah kapinterane digunakne mbiyantu wong liyane tanpa dingerteni
dening sing dibantu. Bocah cilik-cilik umuran SD tekan SMP saben bubar maghrib
sing gelem, padha diwulang ngaji tanpa dijaluki bea apa-apa, lan sajroning
ngaji uga disisipi wulangan-wulangan sing ana sambung rapete karo wulangan ing
sekolahan, mula ora aneh nek bocah-bocah sing ngaji marang Murtala kuwi akeh
sing biji pelajaran Bahasa Inggrise apik-apik…….”
“Nanging
kanyatane uripe Murtala mung dadi bakul warung angkringan” Arja Gendhon nugel
rembuge adhine “lha nek pancen pinter tenan mesthine ya pinter golek sandhang
pangan, pinter golek lan nglumpukne rejeki dadi uripe bisa disawang kaya
lumrahe wong pinter ngana kae, usume wong-wong padha duwe mobil saora-orane pit
motor sing apik, nek Murtala kae bener kaya sing mbok kandhakne mau, mesthine
mrene mau ya numpak mobile dhewe, ora kok malah nebeng nganggo motore Nita. Aku
ora nggorohne apa sing wis mbok kandhakne bab Murtala kuwi mau, mung aku samar
atake sing mbok kojahne dhakik-dhakik nganti tekan Mesir, Prancis, Australi
barang kuwi mau, kowe ora weruh dhewe? Nanging mung jarene Nita sing wis
kedhisikan duwe rasa seneng marang Murtala?”.
“Nanging
nek ndelok slaga lan carane guneman karo wong tuwa, ketoke Murtala kae mau
pancen bocah sing lantip lan becik tekune lho Pakmu?” durung nganti Pak Sugiri
wangsulan, bojone Arja Gendhon wis melu nrambul gunem luwih dhisik.
“Kuwi
merga kowe durung ngerti sing sakabehe Ibune” Arja Gendhon mangsuli kandhane
bojone “maca katuranggane wong kuwi ora cukup sedina rong dina, luwih-luwih
mung saklebatan kaya panyawangmu kuwi, nanging kudu ngerteni saben dinane dadi
bisa weruh njaba jerone”.
“Lha
kowe apa wis ngerti lan bisa maca kanthi cetha sak njaba-jerone Nak Murtala mau
ta Ja?” Simbahe Nita sing wiwit mau ketungkul ngematne enake Mertega sing
diladekne mantune, genti sing takon marang Arja Gendhon.
“Ora
ngono mBok” Arja Gendhon rada kecipuhan ditakoni simboke ngono kuwi mau, banjur
karo ngati-ati nyethakne karepe “aku ya durung ngerti, Murtala sing arep dipek
mantu Giri iki bocah sing apik apa ora. Nanging welinge Bapak biyen, golek mantu
kuwi aja grusa-grusu nanging kudu ditimbang sing satimbang bibit, bobot lan bebete,
merga keduwung kuwi manggone ora neng ngarep nanging neng mburi lan barang kuwi
nek wis kebacut ora mari nek mung digetuni”.
“Pancen
bener Kang” Pak Sugiri lagi guneman maneh sawise simboke ora mangsuli kandhane
Arja Gendhon “aku ora weruh dhewe bab kaluwihane Murtala kaya sing tak
kandhakne mau, nanging aku krungu saka wong liya ora mung wong siji utawa loro,
nanging wong akeh sing kerep tak rungokne nek lagi padha ngrasani Murtala. Dadi
ora saka Nita, Nita mung tau crita nek Murtala kuwi bocah pinter, mung pas aku
arep mbaleni sinau donga-donga salat sing sebagian ana sing aku lali, banjur
Nita ngeguhne supaya aku takon menyang Murtala, merga bares wae arep takon
menyang Kyai utawa Ustadz, aku iki isin”.
“Dadi
kowe kuwi katut ombyake wong akeh sing padha nggunggung lan ngalembana Murtala?
Lan bener utawa orane pangalem lan panggunggunge wong-wong mau kowe dhewe ya
durung weruh buktine?” Arja Gendhon nakoni adhine maneh.
“Sing
kuwi iya Kang” wangsulane Pak Sugiri karo mesem “nanging ya ana sing tak weruhi
dhewe lan uga diweruhi wong akeh, lan nek tak othak-athik ya bener. Asile
Murtala kuwi saben dinane ora sethithik, bebathene wong dodolan panganan
mateng, luwih-luwih omben kaya kopi, teh, ngono kuwi pancen ya akeh tenan. Aku
ngerti dhewe Murtala kuwi kerep menyang Bank ora merga mbayar cicilan, nanging
nyelengi. Ora mung kuwi wae, Murtala kuwi bisa ajak-ajak wong-wong sing duwe
pengasilan rada turah, dijak mbantu wong-wong liyane, neng Masjid cedhak omahku
kae wis ana sing jenenge Be eM Te apa piye ngono?, ya kuwi ngutangi bakul-bakul
cilik ngge candhak kulak cilik-cilikan, tanpa anakan, mung nek bathi wae dikon
ngisi kotak amal sakalire. Nyatane Be eM Te mesjid kuwi saiki sansaya ngrembaka
lho Kang? Kuwi sing ajak-ajak dhisik dhewe ya Murtala, nek iki aku ngerti dhewe”.
“Ngene
ya Ri” wekasane Arja Gendhon guneman sareh “nek pancen kowe wis manteb arep
njodhokne Nita karo Murtala lan kowe ya wis percaya tenan nek pamilihmu kuwi
wis bener, tegese olehmu milih lelandhesan nalar sing bening, aku ya melu
seneng. Nanging gandheng aku iki jarene ya isih Pakdhene Nita, aku mung duwe
rigen, mbok sadurunge Murtala mbok tari utawa mbok takoni, kowe sowan nggone
Kiyai utawa wong sing ngerti babagan
kebatinan luwih dhisik, nyuwun pituduh miturut petung sing bener cocog utawa
ora nek Nita mbok jodhokne karo Murtala. Merga bisa wae, olehmu kenceng nduwe
karep ngepek mantu Murtala kuwi merga ketiban sawab ngelmune wong ahli
kebatinan”.
“Nek
sing keri kuwi pancen tak akoni Kang” Pak Sugiri wangsulan karo ngguyu “anggonku
kepengin njodhokne Nita karo Murtala kuwi merga kena dayane wong sing ngerti
kebatinan, wong tuwa sing gentur tirakate, gedhe prihatine, Kyai sing wis pirsa
sadurunge winarah. Nanging iki ora ana gandheng rapete karo Murtala, malah
Murtala durung ngerti babar pisan bab iki. Malah kira-kira wong sak desa
Kedunggalar kae, sing wis ngerti perkara iki mung wong loro, ya kuwi aku karo
Pak Guru Harmaka, sing lagi pensiun telung sasi kepungkur. Mula aku nggrengseng
kepengin njodhokne Nita karo Murtala kuwi, merga aku kuwatir nek nganti kalah
cepet karo Pak Guru Harmaka”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar