14.
Arja
Gendhon mlengak krungu gunemane adhine sing kaya mangkono iku. Mau dheweke
kober duwe rasa pangeman, merga ngira nek antarane Murtala karo Nita nduwe
sesambungan rasa tresna. Banjur atine bali dadi lega sawise krungu tembunge
Murtala sing ngandhakne nek antarane Murtala karo Nita kuwi mung kekancan
lumrah. Lha kok saiki malah krungu dhewe nek Pak Sugiri karo sisihane wis
sarujuk kepengin njodhokne Nita karo Murtala. Kathik ngonowa, ing atine adhine
sing sugih mbrewu kuwi isih ana rasa samar yen nganti Murtala ora gelem nek
dipek mantu. Arja Gendhon dadi gumun, ora ngerti karepe sedulure lanang sing adoh
karo tetimbangane nalar sing waras kuwi.
Dumadakan
thukul panyakrabawa ala ing atine Arja Gendhon marang Murtala. Atake olehe Pak Sugiri
duwe karep kepengin njodhokne anake wedok sing mung siji ndhil kuwi, merga Pak Sugiri
lan kulawargane wis ketiban kemayan mantra pangasihan sing disawatake dening
Murtala utawa sambatane ?. Pancen sanadyan wis jaman internet ngene, jenenge
ngelmu alus bangsane Aji Pengasihan ngono kuwi isih akeh sing nggunakne lan
isih ana bukti kemandene. Arja Gendhon dhewe tau ngalami, gara-gara ora sengaja
tembunge gawe serike liyan, dheweke ketiban kemayan. Sanadyan wis duwe putu,
dheweke tau kesandhung rasa gandrung, kedanan marang sawijining wong wadon
tilas palanyahan sing umure ya wis ora nom maneh. Saking nemene anggone
gandrung, nganti kaya wong ora duwe nalar ngana kae. Wis ora duwe isin, rasa
wirange ya wis ilang, rumangsane ora ana wong wadon ayu sing nduweni ati sing
resik kajaba Lamijah, tilas tandhak sing nyambi nyewakne ragane. Bojone dhewe
sing gemati lan nduweni katresnan sing suci lan wis nglahirne anake nganti ping
lima, neng mripate ora duwe rasa tresna marang dheweke babar pisan, satiba
malange sarwa gawe seriking atine, sing katon mung cacad lan kekurangane. Jaman
semana Arja Gendhon wis ora kena dikandhani, anggone kayungyun marang Lamijah
ora bisa mundur merga pitutur, malah tau thukul rasa kepengin megat bojo janur
ajure. Kamangka, Arja Gendhon kala-kala ya weruh nek satemene tresnane Lamijah
ya mung lelamisan lan kerep ngremehne dheweke sing regane ora luwih saka barang
sing didhelikne ing waliking tapih. Rahayune Arja Gendhon tumuli kepethuk wong
pinter sing tanpa dingerteni wis aweh tamba marang jiwane, dayaning mantra
Pengasihan sing ditibakne dening Lamijah disirnakne nganggo ngelmu panawane.
Wekasan Arja Gendhon bali eling lan bali rukun maneh karo sisihane.
Nek
panyakrabawane marang Murtala iki bener, Arja Gendhon rumangsa ketiban
kuwajiban kanggo nylametne sedulure lanang saanak bojone pisan.
“Mengko
dhisik Ri” kandhane Arja Gendhon sawise nggagas tembung sing diucapne adhine
“anakmu kuwi mung siji, sinung rupa becik, sinung kapinteran kudune nek kowe
arep nggolekne jodho kuwi rak ya nganggo wewaton bibit, bebet lan bobote ta Ri?
Saora-orane nek kowe golek mantu ki ya oleha anake Pegawe Negeri apa priyayi,
nek anake wong tani ya wong tani sing sawahe amba, nek anake wong bakul ya wong
bakul sing ndrebala lan bocahe dhewe ya kudu wis cekel gawe sing cetha, sing
wis duwe sumber pengasilan maton. Lha nek Nita arep mbok olehne Murtala, kuwi
apa ya wis timbang? Murtala kae omahe sisih ngendi ta? Gajege warung
angkringane kae wae nunut neng emper tokone wong ta? Banjur Murtala kae anake
sapa?”.
“Murtala
kuwi bocah sing ditinggal mati bapake jaman Murtala isih cilik, Kang”
wangsulane Sugiri sareh “biyen Bapake Murtala kae Tukang Kebon neng SD Inpres,
dadi saiki Murtala urip karo Ibune sing saben sasi nampa pensiunan randha warisan
saka bojone”.
“Oalaah,
mung anake Tukang Kebon sing wis mati?” Arja Gendhon takon, swarane keprungu
nek ngremehne Murtala.
“Bener
Kang, lha ngapa ta ?” Sugiri genti takon, suwarane nuduhne ora senenging atine
ditakono sedulure lanang ngono kuwi mau.
“Ya
ora ngapa-ngapa” wangsulane Arja Gendhon karo ngudhunke suwarane “mung arep
takon, lha nek olehmu kepengin ngepek
mantu nganti mbok rewangi ora bisa turu isih mbok jalukne pandonga marang
Simbok, jan-jane sing mbok purih saka bakul angkringan kuwi apane?”.
“O
alah kuwi ta Kang?” Sugiri wangsulan karo mesem “saiki aku tak genti takon”.
“Iya,
takon apa?”
“Kepriye
rasane atine Kang Arja, saupama pitakone sampean kuwi mau sing ngucapne
Maratuwaku jaman aku nembung Ibune Nita biyen?
Utawa sing takon kuwi Besanmu, maratuwane Sigit sing Tokone samana
gedhene lan prahotone wae ya pirang-pirang kae?”
“Beda
Ri” Arja Gendhon semaur karo suwara sing sareh “Suwargi Pak Soma Ngadiran wong
tuwane Sriutami ya Ibune Nita, kae Ngelmu Kasepuhane kandel, paningaling batine
kuwat, paribasan bisa weruh sadurunge winarah, ora kaya aku lan kowe sing bisa
weruh sajeroning karah he he he…….”.
“Iya,
kabeh ya padha ngerti sajeroning karah kuwi genah nek Pesi, senajan ya ora
ketok” Sugiri nyelani rembuge Kakange karo ngguyu anyel “banjur bacute piye?”
“Sawargi
Pak Soma biyen tau kawetu marang aku” Arja Gendhon nutugne kandhane “nek olehe nyarujuki lan nampa lamaranmu biyen
merga miturut paningaling batine, kowe kuwi senajan anake wong ora duwe,
nembung anake wong mung bandha kendel sangu wani, nanging kowe kuwi sinung
pulung pangayoman, tegese kowe kuwi duwe watak wani tanggung jawab kanggo
ngayomi anak bojo, pirasat Iman Supingimu nuduhne nek kowe kuwi duwe watak
sregep, ora gampang mutung, sing adhakane gampang dadi wong sugih. Kowe ya duwe
watak setya lan tresna asih marang kulawarga, ora kaya aku he he he”.
“Kuwi
rak ya mung saka othak-athike sawargi Bapak Maratuwa wae” Sugiri mangsuli
kandhane Kakange “nyatane aku ya sik seneng Gambyongan, doyan main lan
ngabotohan barang ngono kok”.
“Bener,
pancen kabeh mau mung saka tembung othak-athik sing dadine mathuk” kandhane
Arja Gendhon maneh, “merga othak-athike sawargi Pak Soma dibarengi nganggo
nggunakne paningal batin. Nek olehmu isih seneng Nayub, nyawer Tandhak,
kala-kala ya ngombe banyu landa lan Totohan nek eneng pilihan, kuwi isih kalebu
lumrah, minangka selingane wong urip. Olehmu nglakoni ngono kuwi mau isih ing
sajroning petung kalumrahan wae. Tegese kabeh sing mbok lakoni kuwi mau ora
nganti nglalekne tanggung jawabmu. Lha beda maneh karo lakone anakmu Sigit”.
“Iya
nek lakone Sigit piye?” Pak Sugiri takon.
“Nek
Pak Sasangka gelem dadi maratuwane Sigit dhek emben kae” Arja Gendhon kojah
maneh “ora merga nyawang Sigit luwih-luwih aku, nanging nyawang awakmu sing
gelem ora gelem dadi Pakne cilik Sigit”.
“Pancen
ya bener nek aku iki Pak cilike Sigit” Pak Sugiri nyelani rembug “nanging kok
malah sing disawang aku, dudu sampean sing cetha nek Bapak-e Sigit?”
“Merga
Sasangka ngerti sapa aku? Lan sapa kowe?” wangsulane Arja Gendhon “lan Sasangka
ngerti nek Sigit kuwi luwih nggugu awakmu tinimbang aku. Jalaran sing marahi
Sigit njawa marang gaweyan, ngerti marang tanggung jawab, kuwi kowe. Dudu aku.
Merga nyatane Sigit kuwi mbok openi, mbok wenehi gaweyan lan mbok percaya
ngurusi kabeh urusanmu, ya sing urusan Truck, urusan Pasir urusan gabah lan
liya-liyane. Lan nyatane pancen Sigit kena mbok percaya. Lha kuwi sing marahi
Pak Sasangka percaya banjur kepencut marang watak jujur lan tanggung jawabe
Sigit, malah kena diarani rada kebacut ngira nek Sigit kuwi melu andhil
nggedhekne usahamu. Mula bareng klakon dadi mantune, Pak Sancaya banjur nembung
awakmu Sigit dijaluk supaya ngrewangi dheweke ta?”.
“Iya
aku bisa nampa Kang” Pak Suraji banjur genti guneman “saiki aku tak genti sing
kandha, ya gene aku kepengin njodhokne anakmu Nita karo Murtala”.
“Iya
coba kandhakna” Arja Gendhon aweh wangsulan “aku mau ya krungu saka Simbok,
jarene kowe kandha muga-muga Murtala luwih nggugu marang awakmu tinimbang
marang Pak Guru Harmaka, kuwi cethane piye? Merga aku kuwatir wong kaya Murtala
ngana kae ketoke anteng nanging sok seneng nggunakne ngelmune wong kuna, sing bisa
gawe kominge wong waras, kaya sing tak alami pas aku gendheng wedokan dhek
emben kae”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar