Total Tayangan Halaman

Jumat, 10 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (13)


 

13.

        Arja Gendhon rada ndlongop krungu kandhane Murtala mangkono kuwi mau. Merga maune Arja Gendhon wis duwe pangira yen Murtala karo Nita kuwi wis suwe olehe nyambung katresnan. Ing batin Arja Gendhon duwe rasa eman yen Nita kepencut marang Murtala, merga kejaba duwe rupa sing ayu, sekolah sing dhuwur, Nita kuwi cetha anake wong sugih. Jan-jane nek Nita kepencut marang Murtala kuwi ya ana empere, wong kajaba Murtala kuwi duwe rupa sing bagus lan duwe slaga sing alus. Nanging, nek Pak Sugiri lan Bu Sugiri, ngrojongi anake wedok sing mung siji kuwi nyambung katresnan karo Murtala sing mung bakul kopi angkringan, ateges adhine Arja Gendhon kuwi padha karo ora ngregani anake dhewe. Kudune Nita kuwi upama duwe pacar, ya saora-orane putrane priyayi luhur, duwe mobil dhewe, ora pacaran kok karo Bakul Kopi neng Angkringan sing warunge nunut neng emper tokone wong kaya Murtala kuwi, sansaya maneh bareng Arja Gendhon ngerti nek Sepedha sing dienggo nggonceng Nita mrene kuwi cetha nek dudu sepedhane Murtala, nanging sepedhane Nita.  Nanging bareng Murtala ngandhakne yen dudu apa-apane Nita, metu bareng wae lagi iki mau merga dikongkon Bu Sugiri, Arja Gendhon banjur rumangsa gumun. Banjur Murtala sapa sing dikarepake dening sedulure lanang sing dikandhakne marang simboke kuwi mau?.

        “Walah ya pangapurane wae sing gedhe Mas” sawise rada sauntara Arja Gendhon banjur guneman maneh mangsuli kandhane Murtala “mau ki tak kira nek sampean kuwi pacare ponakanku Nita iki, jebul mung kanca lumrah ta? Lha mbok menawa sampean duwe petung karo Pak Guru Harmaka kaya sing dikandhakne simbahe Nita mau?”.

        “Sami Pakdhe” wangsulane Murtala “kula nggih namung tepang lan ngertos daleme Pak Harmaka ngoten mawon, dereng nate jagongan babar pisan. Rembagan kalih Pak Harmaka niku menawi Pak Harmaka ngepasi pados kopi teng wande kula, gek niku nggih awis-awis sanget, saemut kula sadangunipun kula bikak angkringan, Pak Harmaka niku mampir angkringan kula kaping kalih, sepeken sasampunipun kula bikak angkringan kalihan watawis sewulan kepengker. Sami kalihan Pak Sugiri, pinarak ing angkringan kula nggih nembe sepisan, ngajengne subuh kala wau, kalih tindak dhateng Masjid”.

        “Waa nek ngono, kira-kira sing dikarepne Bapake Nita ki ya Murtala liyane” Arja Gendhon mbenerne tembunge Murtala nek sing dikarepake Pak Sugiri nalika kandha marang Simbahe Nita kuwi Murtala liyane.

        “Lha Bapak angsale sare teng pundi ta mBah?” Nita genti matur marang simbahe “badhe kula wungu, mosok sampun semadosan kalihan Mas Mur, sareng Mas Mur rawuh lha kok malah ditilar sare teng mriki”.

        “Aja Dhik Nita” sadurunge Simbahe Nita aweh wangsulan Murtala guneman “mbok menawa Bapak pancen sayah lan arip tenan, dadi ben istirahat dhisik wae. Kapan-kapan wae nek Bapak wis longgar lan ngersakne nimbali aku, Dhik Nita rak bisa kirim WA utawa telpon ta?”.

        “Lha Mas Mur piye? Kadhung ngelangne mara nyang omah tibake malah ditinggal sare?” Nita takon.

        “Kuwi ta? Ora apa-apa Dhik” wangsulane Murtala karo mesem “wong nyatane olehku metu saka omah ya ana gunane ngono lho? Bisa silaturrahmi karo Simbah, bisa tepungan karo Pakdhe Arja barang, njajal nek mau Bapak ana ing dalem, aku rak durung tepung karo Pakdhe Arja ta?”.

        “Ya wis yen ngono, banjur saiki awake dhewe piye?” Nita takon maneh. Neng jero atine krasa lega, merga Nita kelingan nek satemene Bapake kae duwe sirikan. Nek lagi turu ora seneng diganggu, ora gelem digugah, nek gak tangi merga karepe dhewe adhakane banjur muring-muring ora karuwan.

        “Becike awake dhewe enggal bali wae, matur Ibu nek Bapak istirahat neng daleme Pakdhe, merga ketoke sayahe nemen banget. Ngono wae, dadi penggalihe Ibu ora kuwatir maneh”.

        Nita nggugu marang eguhe Murtala. Banjur pamitan marang Simbah lan Pakdhene. Nita ya meling marang Arja Gendhon, mengko nek Bapake wis tangi supaya dikandhani nek digoleki Nita karo Murtala.

        “Oalah Nit… Nita, wong jarene niliki Simbahe kok mung sak nyukan terus mulih” kandhane mBahe Nita karo nguntapkne baline putune tekan teras.

        “mBenjing-benjing kula tak sowan malih mBah” wangsulane Nita karo mesem.

        “Iya, nek anu Nak Murtala kuwi ya dijak mrene maneh ta” kandhane Simbahe Nita maneh “mosok mrene sepisan wae mung disuguhi anggur. Aja kapok ya Nak Mur”.

        “Boten mBah, benjing-benjing menawi longgar kula tak sowan mriki malih” wangsulane Murtala.

        Maune karo mlaku Nita karo Murtala ya mung meneng-menengan wae. Lagi bareng tekan protelon Sendhangreja arep menggok menyang jurusan Kedunggalar, Nita ngajak guneman.

        “Pakdhe Arja ki lucu ya Mas?” pitakone marang Murtala.

        “Lucu piye Dhik?” Murtala wangsulan genti takon.

        “Lha awake dhewe mau dikira pacaran, Panjenengan dikira pacarku”.

        “He he he, iya” wangsulane Murtala karo ngguyu “upama olehe ngira Pakdhe mau bener sansaya luwih lucu”.

        “Lha kok ngono Mas?” Nita takon maneh.

        “Lha iya laaah, upama tenan rak sida digeguyu wong akeh, malah nek nganggo basane Ibuku tengu-tengu bakal melu ngguyu, merga saking lucune” wangsulane Murtala maneh.

        “Lha ya kok bisa lucu kuwi cethane piye? ngono lho Mas” Nita wiwit gemes.

        “Piye ya?” Murtala wangsulan “aku ki arep nggenahne nanging kangelan nata ukara”.

        “Nek ngono ya ora lucu Mas” Nita gemes tenan, meh wae arep njiwit bangkekane Murtala, nanging ora sida. Nita eling nek Murtala kuwi durung dadi apa-apane.

        “Ngene lho Dhik, aku tak takon marang Dhik Nita” Murtala banjur guneman maneh “saupama Dhik Nita kuwi weruh aku karo adhikku Dikin kae, budhal dodolan nyurung grobag, banjur aku karo Dhik Dikin kuwi padha nganggo Sepatu gilap, nganggo Jas, komplit sak dhasine kaya sandhangan sing dienggo anggota DPR nek pas Sidang Paripurna karo Presiden ngana kae, kira-kira Dhik Nita ngguyu apa ora? Kira-kira wong sing weruh ngarani aku karo Dhik Dikin wong waras apa wong miring nalare?”.

        Nita ora tumuli wangsulan merga ratane rame, saka ngarep lan saka mburi akeh sepedha motor lan mobil sing mlakune banter-banter.

        Sauntara kuwi, Pak Sugiri wis nglilir saka anggone turu, sawuse lungguh sauntara Pak Sugiri lagi krasa nek jebule mau wis keturon neng lincak emper sing ana emper mburi omahe wong tuwane. Eling nek mau dikandhani simbahe Nita nek digawekne kopi, banjur ngadeg, mlaku mlebu omah arep menyang ruang tamu, nggoleki kopine.

        “Lho wis tangi ta Ri?” tekan ruang tamu dipapag nganggo pitakonan dening Arja Gendhon, jebul Kakange karo Simboke ana kono, malah bojone Kakange ya ana, wong telu kuwi lagi jagongan ngedhep mertega sing wis diirisi cilik-cilik.

        “Ora krasa jebul aku mau keturon neng lincak mburi” wangsulane Pak Sugiri “marahi aku mau jan ngantuk banget nganti ora keneng diampet, ngantuk campur kesel”.

        “Nita mau ya kandha jare awakmu dhek bengi blas ora turu?” kandhane Arja Gendhon maneh.

        “Lho Nita apa mrene?” karo ngangkat gelas kopine Pak Sugiri takon .

        “Iya” sing wangsulan genti Simbahe Nita “dikongkon ibune ngeteri Buah Mertega iki apa? Karo ngirimi dhuwit kanggo aku”.

        “Sing dikandhakne Simbok kuwi mung titipan saka Nyonyahmu Ri” Arja Gendhon numpangi rembuge Simboke “sing baku malah nggoleki kowe, merga kowe digoleki neng ngendi-endi ora ketemu. Banjur karo Ibune dikon nggoleki mrene, diterne Murtala, Bakul Kopi angkringan kae”.

        “Murtala malah melu mrene?”

        “Jarene merga dikongkon nyonyahmu? Wong tak takoni malah ngakune metu bareng karo Nita ki ya lagi iki mau, merga dikongkon Ibune Nita” wangsulane Arja Gendhon.

        “Pancen bener” Pak Sugiri wangsulan sawise nyruput kopine maneh “Murtala kae pancen bocah lugu, jujur, sregep tur pinter, mula aku karo Ibune wis sarujuk nek bisa bocah kae arep tak jodhokne karo anakmu Nita, ning embuh Murtala gelem apa ora, aku rung ngerti wong ya durung tak takoni. Ya muga-muga wae gelem, nek Nita-ne ditari Ibune wis gelem malah kepara seneng”.

 

 

Ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...