Total Tayangan Halaman

Kamis, 09 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (12)


 

12.

        Murtala ngira nek daleme simbahe Nita kuwi ora adoh, jebul keliru. Omahe wong tuwane Pak Sugiri kuwi ing Desa Pelangkidul, saka omahe Pak Sugiri ana patang kilonan adohe. Dalane liwat dalan desa wis pavingan kabeh, dadi ya wis alus. Dhasar sepeda motor sing disetiri Murtala kuwi sepedha motore Nita sing durung suwe olehe tuku, liwat dalan pavingan ya krasa kepenak. Nanging Murtala ora wani banter olehe numpak sepedha motor, ing dalan desa kuwi akeh bocah cilik-cilik sing kerep mlayu nyabrang ratan ora nganggo inget-inget luwih dhisik. Ora mung bocah cilik thok, sok-sok ya akeh wong tuwa sing mengkono kuwi mau.

        “Sing arep diparani iki daleme Wong Tuwane Bapak apa wong tuwane Ibu Dhik?” karo mlaku, tinimbang ora omong-omongan, Murtala nakoni Nita.

        “Simbah saka Bapak Mas” wangsulane Nita “simbah saka Ibu wis seda kabeh, biyen daleme ya sing saiki tak enggoni kae, wong Ibu ki gak duwe sedulur tunggal bapak ibu. Nek simbah saka Bapak daleme Pelangkidul, Simbah kakung wis seda jaman aku isih kelas siji SMA. Sing ana kari Simbah Putri”.

        “Lha neng dalem Simbah karo sapa?”

        “Karo Pakdhe Mas, Mase Bapak, daleme dadi siji karo Simbah” wangsulane Nita sing banjur nuduhne ancer-ancer daleme simbahe “mengko nek wis tekan Tugu Tengah Protelon Kidul Pasar Pelang rada dialonke Mas, daleme Simbah ngidul sethithik watara rong puluh meter”.

        “Ooo cedhak nggone Om Jaka kuwi”.

        “Om Jaka sapa Mas?”

        “Om Jaka Teseng, kancane Ustadz Anis Purwanto Khatib Jum’at Masjid nggone dhewe” wangsulane Murtala “Om Jaka kuwi kerep mampir angkringan, senengange pesen kopi pait tanpa gula nek karo aku ya akrab banget, wonge paling seneng nekani Kajian-kajian neng ngendi-endi,  nek Nyonyahe aktivis Muslimat”.

        Jebul daleme simbahe Nita kuwi let rong omah karo omahe Om Jaka. Nurut aba saka Nita, Murtala ngenggokne sepedha motore mlebu menyang pekarangane omah.

        “Tenan ta tibake” grenenge Nita sawise mudhun saka goncengan, tangane nudingi sepedha motore bapak-e sing diparkir neng teras omah, banjur ngajak Murtala mlebu daleme simbahe “ayo Mas mlebu wae, paling Bapak ya neng jero”

        Murtala ora semaur, banjur mlaku njejeri Nita ngunggahi teras omah sing lawange bukaan amba kuwi. Durung nganti tekan ngarep lawang lan uluk salam, saka njero omah simbahe Nita wis metu ditutne wong lanang sing rambute wis putih nanging isih ketok sehat.

        “Oalah, genah Nita ngono kok” wong lanang sing ngetutne wong wadon tuwa kuwi guneman karo mesem amba “piye ta mBok? Karo putune dhewe kok lali?”.

        “Bekti kula mBah” Nita nyalami simbahe karo ngambung astane, banjur genti nyalami pakdhene uga karo ngambung astane “bekti kula Pakdhe”.

        Murtala melu-melu nyalami simbah karo Pakdhene Nita, sing diambung mung astane simbahe Nita thok.

        “Ayo padha lungguh neng njero kana” kandhane Simbahe Nita sabanjure. Nita ngetutne Simbahe, gawane ditumpangne neng meja ruang tamu.

        “Gek kowe kuwi nggapa apa ta Nit? Kok ketoke abot temen?” Simbahe Nita takon.

        “Mertega mBah, angsale ngundhuhi Ibu kala wingenane, sampun mateng namung dereng ndalu” wangsulane Nita banjur ngulungne amplop titipane ibune “kalihan dipun utus Ibu, ngaturaken menika kagem Simbah”.

        “Oalaah, ya matur nuwun banget, Ibumu ki ngalah-ngalahne Pak Mantri Pensiunan wae, olehe menehi dhek emben durung nganti kalong separo kok wis diteri maneh” kandhane simbahe Nita karo nglebokne amplop isi dhuwit kuwi neng walike setagene.

        “Lha Mase iki daleme sing nggik endi? Kok aku cat kelingan cat ora iki?” Pakdhene Nita genti nakoni Murtala.

        “Kula Murtala Pakdhe, kula sing sadean kopi angkringan ngajeng Toko Sinar nika lho” wangsulane Murtala bares, Murtala kelingan nek Pakdhene Nita kuwi tau jajan neng warunge.

        “Oh, iya iya lagi kelingan aku” Pakdhene Nita nyaut rembug karo ngguyu “iya, aku Pakdhene Nita, sing jenenge Arja Gendhon ki ya aku iki he he he”.

        “Inggih Pakdhe, kula sampun asring mireng asmanipun Pakdhe Arja” wangsulane Murtala maneh “namung nembe menika tepang kalihan piyantunipun”.

        Ana wong wadon setengah umur awake lemu, mlebu menyang ruang tamu banjur nyalami Nita karo Murtala.

        “Dhik Nita ta iki mau?” kandhane wong setengah umur kuwi karo mesem.

        “Inggih Budhe” wangsulane Nita.

        “Iya, Ibune Sigit, Mertega olehe nggawakne Nita kuwi gawanen memburi kana, sokur nek siji loro mbok oncekne pisan, wong samono mbane ngono” Simbahe Nita mrentah mantune.

        “Dikepenakne Dik Nita, Budhe tak memburi dhisik” Budhene Nita pamitan arep memburi, Mertega sing ana tas kresek banjur dicandhak digawa ngalih.

        “Nggih Budhe” wangsulane Nita “sampun ndadak damel wedang lho, kula kalih Mas Mur wau nembe mawon ngombe”.

        Sing diwangsuli ora semaur bablas mlebu omah.

        “Bapak wau napa boten mriki ta Pakdhe?” sawise budhene mlebu omah, Nita nakokne Bapake marang Pakdhene.

        “Iya, Bapakmu mau mrene ndhuk” sing mangsuli malah simbahe “mau nusul simbah menyang Pawon, banjur bablas memburi mapan ngglethak neng lincak emper mburi kana, turu angler banget. Malah tak gawekne kopi ya durung kober didemok, dikepenakne olehe ngorok sing suwarane kaya graji mesin kae”.

        Krungu wangsulane simbahe ngono kuwi Nita mung mesem, Murtala melu mesem, mosok madhakne suwarane wong ngorok kok kaya graji mesin.

        “Wangune karipan banget Bapakmu kuwi Nit” Arja Gendhon melu guneman “lha mau apa ora pamit nek arep mrene?”.

        “Boten Pakdhe” wangsulane Nita “malah pamite badhe dhateng Pasiran Kidul Kalen. Lha sareng kula ken nusul Mas Andi, teng mrika boten wonten. Gek Hapene nggih ditilar teng griya”.

        “Lha wong lagi metu sedhela wae kok mbok goleki kuwi eneng apa?” Arja Gendhon takon maneh.

        “Bapak niku rak sampun semadosan kalih Mas Mur?” wangsulane Nita “Bapak piyambak sing ngendika, malah meling kula sawanci-wanci Mas Mur dugi, kula didhawuhi ngebel, lha sareng kula telepon kok malah ha-pe ne ditilar teng griya. Lajeng kalihan Ibu kula kalih Mas Mur kadhawuhan ningali mriki, Jebul leres, malah teng mriki Bapak sare. Pancen wiwit kala wingi ngendikane Ibu, Bapak niku boten sare, dados nggih leres kados sing dingendikakne Pakdhe wau menawi Bapak nembe karipan”.

        “Wiwit jaman isih jaka biyen, Bapakmu kuwi nek lagi mikir sing serius banjur ora bisa turu” Arja Gendhon guneman maneh “telung dina kepungkur ye mrene, nanging ya gak crita apa-apa. Embuh nek karo Simbahmu omong, aku ora ngerti”.

        “Karo aku ki omong, nanging ora cetha jluntrunge” Simbahe Nita nyaut rembug.

        “Ora cetha jluntrunge piye ta mBok?” Arja Gendhon genti nakoni simboke.

        “Wong karo pamitan mulih kae omong njaluk pandonga, muga-muga wong sing jenenge Murtala luwih percaya marang Giri, tinimbang marang omongane Pak Guru Harmaka. Mung ngono kuwi thok.  nJajal pikiren, nek ngono kuwi jluntrunge piye?” wangsulane Simbahe Nita.

        “Lha sing dikarepne Giri, Murtala kuwi Murtala sapa?” Arja Gendhon guneman maneh “Mas Mur iki apa Murtala liyane? Nek sing dikarepne Murtala ki Mas Mur sing iki, kira-kira ya ana gandhengane karo sesambungane Nita karo Mas Mur, merga aku dhewe ya tau ngalami duwe anak wedok sing duwe sesambungan karo wong lanang sing saiki dadi Bapak-e Dinar kae”.

        Krungu sing dikandhakne Arja Gendhon ngono kuwi, Nita sakala mbrabak abang praupane. Nanging ora kumecap apa-apa. Murtala tanggap, mula banjur karo suwara sing ngati-ati murih ora gawe gelane sing padha krungu Murtala banjur guneman :

        “Nuwun sewu Pakdhe, kula kinten ingkang dipun kersakaken Pak Sugiri menika Murtala sanes, dede kula. Amargi antawisipun kula kalih Dhik Nita menika boten wonten sesambetan menapa-menapa kajawi winates ing kekancan, tunggil kegiatan ing Karang Taruna kalihan ing Pengaosan Masjid. Kula kalih Dhik Nita inggih boten nate jagongan ijen sami ijen, menapa malih medal utawi dolan sareng. Niki wau kemawon, menawi boten awit kadhawuhan Bu Sugiri murih ndherekaken Dhik Nita, kula nggih boten badhe wantun ngajak Dhik Nita medal. Rak ya ngono ta Dhik Nita?”.

 

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...