11.
Ora
krasa anggone jagongan wong loro, Murtala karo Nita kuwi wis rada sauntara
suwene. Nanging sing dienteni panggah durung teka, sing dikongkon nyusul
nggoleki ya ora ngetok pisan. Nanging gandheng sing dirembug ing jagongan kuwi
perkara sing disenengi Murtala, dadi sanajan olehe ngenteni Pak Sugiri wis rada
suwe, nanging ya ora krasa. Nita pancen pinter, murih dhayohe ora bosen
ngenteni Bapak-e, ana-ana wae sing ditakokne marang Murtala, ana sing magepokan
karo giat Karang Taruna Desa, ya ana sing ana gandhengane karo kegiatan Remaja
Masjid, sing karo-karone Murtala lan
Nita padha dene olehe aktiv neng jerone.
Nalika
jam ing ha-pe ne Nita nuduhake angka sanga luwih limalas, Bu Sugiri sing metu,
melu nemoni Murtala, karo nyangga baki sing isi dhawet telung gelas karo
kenthang ireng godhogan sing diwadhahi piring.
“Oleh-oleh
saka Pasar Nak Mur” kandhane Bu Sugiri karo nyelehne bakine neng dhuwur meja
“mangga dirahabi saanane”.
“Kok
repot-repot ta Bu, namung tiyang dolan kemawon kok kados tamu mawon?” kandhane
Murtala mangsuli kandhane Bu Sugiri.
“Repot
apa ta Nak, wong mung jajan saka Pasar wae kok” Bu Sugiri wangsulan “mangga
diunjuk, iki mau dhawete sengaja ora tak kon menehi es. Lha ora ngerti nek Nak
Mur neng kene kok”.
“Kuwi
kabeneran Buk, wong Mas Mur ki ora remen ngunjuk sing ana es-e, beda karo aku
he he he” sing mangsuli genti Nita.
“Nek
kowe ngono, awan bengi senengane banyu anyep terus” kandhane Bu Sugiri sing
disambung karo pitakonan “lha Bapakmu mau sida durung bali ta?”
“Durung
lho Buk” wangsulane Nita “malah Mas Andi sing tak kon nusul katut ora mulih
pisan”.
“Mau
ki Andi malah nusul nyang Pasar, dikira Bapakmu nusul Ibu, wong digoleki neng
Pasiran Kidul Kalen jarene ora ana, banjur diomongi Kusiran jarene Bapakmu
numpak pit-e ngetan ngono” Bu Sugiri ngandhani anake wedok “Andi terus tak kon
mulih, wong jarene Pasiran sing kene ora ana sing nunggu”.
“Lha
ya Bapak ki gek nang ngendi? Wong ngendikan dhewe nek wis semayan karo Mas Mur
kok malah tindak ora karuwan parane?” Nita grenengan kaya ditujokne awake
dhewe.
“Alaah,
wong Bapakmu wae, senengane ya lali ngono kuwi” Bu Sugiri mangsuli olehe
grenengan Nita “mengko sedhela maneh rak bali, wong olehe kepengin ngajak jagongan
Nak Mur ki jane wis rada suwe, mung nemen-nemene kuwi mau bengi, ketoke sewengi
blas ora sare, ditakoni arep ngrembug apa, wangsulane mung cekak mung pengin
omong-omongan sing rada taneg ngono wae”.
“Kala
wau jam tiga kirang, sampun bidhal dhateng Masjid lho Bu” Murtala melu amul
rembug “lajeng lenggah ing angkringan kula mrika ngantos subuh, lajeng kula
kadhawuhan murih sowan mriki enjing menika”.
“Critane
ngono rak ngene ta Nak Mur” Bu Sugiri banjur guneman maneh “Bapakmu kuwi rak
dielingne karo Sing Kuwasa, kuwi sing crita ya Bapakmu dhewe, dielingne supaya
bali menyang dalan sing bener, nanging jarene arep menyang Masjid kuwi isin,
butuh kanca. Banjur karo adhimu Nita dikandhani supaya nemoni keng slira, ben
dikancani nek nuju kepengin menyang Masjid. Nita ya crita akeh-akeh bab
kaluwihan sing diduweni Nak Mur, mula Bapakmu banjur tansah kandha menyang Ibu
nek kepengin jagongan karo Nak Mur wae, Ngono”.
“Menapa
sampun dangu ta Bu anggenipun Bapak ngersakaken sembahyang malih menika?”
Murtala takon.
“Ya
kira-kira wis sesasinan, sing tak elingi kuwi bar Bapakmu kundur saka anggone
tindak karo Pak Harmaka sowan nyang daleme Kyaine Pak Harmaka, banjur esuke
tuku sajadah anyar banjur ngandhani Ibu nek arep sembahyang maneh, ngono kuwi
critane” wangsulane Bu Sugiri “nanging kuwi dhawete gek diunjuk, kok malah
ditinggal jagongan wae, karo kenthange kuwi didhahar, kuwi kenthang ireng weton
Dhawung Jagaraga, adate gurih tur gempi”.
“Lha
inggih, ingkang lucu niku nggih Dhik Nita menika” kandhane Murtala sawuse
nyruput dhawet sing disuguhne Bu Sugiri “mesthinipun Bapak rak dipun aturi
manggihi Ustadz Nurhamid menapa Kyai Zamzuri, kok malah diaturi manggihi kula?
Pangertosan kula niku lebet tapakipun Meri lho Bu, kula niki namung tamatan SMA
dados nggih wonten ing sangandhapipun Dhik Nita ing babagan kawruh menapa-menapa.
Dhik Nita rak Mahasiswi ingkang sampun meh lulus”.
“Ora
ngono Mas” Nita sing wangsulan “Bapak kuwi nek jagongan karo Priyayi kaya
Ustadz Nurhamid utawa Kyai Zamzuri mindher utawa wedi, olehku ngaturi Bapak
supaya nemoni Panjenengan kuwi merga aku ngerti, panjenengan ki sak jane mung
kacek sausap wae nek karo Ustadz Nur utawa Kyai Zamzuri. Aja mung ndelok peh
mung tamatan SMA, nanging kudu disawang saka bukti lan nyatane. Miturut
pamawasku, bener Panjenengan kuwi ora
kuliah nanging bobote luwih saka sarjana, ing babagan kawruh apa wae
panjenengan kuwi mumpuni sanadyan ora dipamer-pamerne, Bahasa Arab fasih,
bahasa inggris mahir tur ya aktiv, Basa Jawa turah olehe bisa. Kawruh exac
panjenengan wasis nyatane nguwasani ilmu falaq, ilmu sosial panjenengan ya ora
mung tekan teori nanging wis bisa panjenengan praktekne………”.
“Uwis,
uwis Dhik Nita, klambiku mengko nek sansaya sesak” Murtala ngendheg gunemane
Nita karo ngguyu lirih “nek olehe ngompak Dhik Nita kedhuwuren, aku ya kuwatir
kejlungup he he he”.
“Sepurane
ya Mas, aku iki ora nggunggung ning among apa anane” Nita isih ngeyel “aku
percaya Bapak mesthi seneng nek bisa diskusi karo panjenenganm wong
menang-meneng Bapak ki ya ngerti kulaitase Mas Mur”.
“Aku
ya seneng kok Dhik jagongan karo Bapak, bisa oleh tambahan kaweruh akeh”
Murtala wangsulan “mula pas aku didhawuhi supaya sowan mrene, aku ya rindhik
asu digitik, sumrinthil wae, nganti karo Ibuku dikira arep ndolani Dhik Nita he
he he…..”.
“Nek
Nak Mur kersa ndolani Nita, Ibu karo Nita mesthi seneng banget Nak Mur” sing
semaur malah Bu Sugiri.
Krungu
tembunge Ibune Nita ngono kuwi, Murtala rumangsa getun karo tembung sing mrucut
saka lambene. Murtala lagi krasa yen tembunge kuwi mau bisa nuwuhake rasa ora
kepenak ing atine Nita. Kurang-kurang bejane Nita bisa ngira yen dheweke mambu
ati marang Nita. Nita dhewe krungu ngendikane Ibune ngono mau, banjur mbrabak
praupane. Ora semaur malah banjur ndhingkluk, embuh gela embuh seneng ora bisa
dikira-kira. Murtala melu ndhingkluk, merga ngira yen Nita gela krungu
ngendikane ibune. Getune Murtala sansaya tambah-tambah. Kahanan dadi sepi padha
sakala.
“Atake
Bapakmu mau malah menyang daleme Simbah Nit?” bareng kahanan dadi sepi, Bu
Sugiri banjur ngajak omong Nita, nutugne olehe ngrembug lungane Bapake “banjur
tekan kana pethuk Pakdhemu, ngobrol ngalor ngidul nganti lali anggone wis semayan
karo Nak Mur?”.
“Bisa
uga ngono Bu” wangsulane Nita, praupane wis ora mbrabak maneh “Bapak ki nek wis
pethuk Pakdhe, banjur jagongan perkara politik betahe ora jamak, sansaya nek
karo Simbah dicawisi Kopi neng jimbeng gedhe kae, mesthi dadi luwih betah maneh”.
“Apa
mbok susul mrana?” Bu Sugiri guneman maneh “mengko mesisan Ibu titip, buah mertega
sing diundhuhi wingenane kae rak wis padha mateng, aturna Simbah. Karo jatah
kanggo sasi ngarep aturna pisan”.
Anita
meneng wae, ora tumuli wangsulan. Ibune wis tanggap karo menenge Nita.
“Nek
kowe ora bisa nggawa buwah Mertega sing diwadhahi kresek kae, aku tak nyuwun
tulung Nak Mur” kandhane Bu Sugiri sabanjure. Murtala ndengengek, durung
nyandhak apa sing dikarepake Bu Sugiri.
“Ibu
arep nyuwun tulung, Nak Mur bisa ta ngeterne Adhimu Nita menyang daleme Simbah?
Wong nek karo nyangking gawan Nita kuwi ora pati tegen olehe nggoceki setir sepedhane?”
Bu Sugiri nyethakne karepe, ngongkon Murtala supaya ngeterne Nita.
“Inggih…
saged Bu” wangsulane Murtala alon.
“Matur
nuwun” Bu Sugiri banjur ngadeg “mertegane tak tatane dhsik”.
“Matur
nuwun lho Mas” sawise Bu Sugiri ngalih, Nita kandha marang Murtala karo mesem,
polatane katon bingar, nandhakne yen lagi kalegan atine.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar