10.
Murtala
salin nganggo kaos, clananan Jeans, banjur metu saka kamare. Menyang Pawon arep
nggoleki Ibune. Marsini sing lagi nata godhong gedhang arep digawe pincuk neng
amben pawon, ngulati anake lanang sing beda pacakane, banjur takon :
“Lha
kowe arep nang ndi ta Mur? Kok macak gagah ngono?”.
“Oalaah
Ibu ki kok ya ana-ana wae lho” wangsulane Murtala karo ngguyu “mandhak lagi
salin kaos rada pantes ngono wae, kok olehe ngalem wis ora karuwan”.
“Ora
ngalem, pancen kowe nek nganggo kaos kuwi banjur clanane ya kuwi ketok gagah
tenan lho Mur. Arep menyang ngendi ta?”.
“Badhe
dhateng daleme Pak Sugiri Bu” Murtala wangsulan bares.
“Kowe
arep ndolani Nita ta? Ngati-ati lho Le, aja sembrana, kae bocah sing apik,
nanging durung karuwan nek cocog karo kowe” Marsini ngandhani anake lanang.
“Lho
sing ajeng ndolani Nita niku sinten ta Bu?” Murtala wangsulan karo mesem “kula
nggih empun ngertos kok, lare nika sae nanging dados boten sae tumrape kula nek
wani ndolani piyambake he he he. Kala wau kalih subuhan teng Masjid, Pak Sugiri
niku rak ndhawuhi kula supados dhateng daleme”.
“Pak
Sugiri kuwi subuhan menyang Masjid?” Marsini takon, suwarane nuduhne rasa
gumune.
“Inggih
Bu, wiwit wau subuh niku Pak Sugiri sampun kersa sembahyang malih”
Murtala
banjur mbaleni critane Pak Sugiri marang dheweke sing ditampa mau pas arep
budhal menyang masjid. Marsini mung manthuk-manthuk, ing batin rumangsa getun
dene mau kaya arep ora percaya krungu nek Pak Sugiri subuhan nang Masjid.
“Lha
kula kinten anggenipun Pak Sugiri ndhawuhi kula murih dhateng dalemipun menika,
badhe dipun takeni prakawis-prakawis ingkang wonten gandhenganipun kalihan
sembahyang, mbok menawi kemawon gandheng sampun radi dangu boten salat wonten
ingkang supe, Bu” kandhane Murtala sawuse rampung critane.
“Kira-kira
ya ngono” wangsulane Marsini “tiwas mau tak kira nek arep ndolani Nita, wong
dhek emben kae, pas kowe setor dhuwit nyang Bank, bocahe dolan mrene jagongan
karo Ibu suwe banget. Mula Ibu mau ngarani nek Nita kae jan-jane bocah sing
apik”.
“Lho
Nita niku dolan mriki Bu?” Murtala takon semu gumun, kok aneh temen nek Nita
dolan menyang omahe.
“Iya,
jarene suk Ahad ngarep kuwi neng masjid arep enek Pengajian? Lha jarene Nita,
Ibune arep nyawisi sarapan prasaja, sega pecel lawuh tempe, kanggo jamaah
pengajiane. Mula Nita banjur diutus pesen sambel pecel mrene” Marsini nggenahne
olehe Nita dolan menyang omah kono.
“Inggih
pancen wiwit wulan niki saben ahad keempat teng Masjid diwontenaken Kajian
Rutin. Kula boten ngertos menawi Ibunipun Nita badhe nyawisi sarapan kangge
jamaah, tiyang rencanane niku kajian garingan mawon, boten mawi suguhan”
kandhane Murtala mbenerne nek neng Masjid arep dianakne kajian rutin.
“Kowe
ya ditakokne kok, karo Nita” kandhane Marsini maneh “wonge kandha jare angkat
topi marang kowe. Jarene Nita kowe kuwi klebu Pemuda sing pantes dadi
patuladhan, bocahe ya omong nek kepengin jagongan ngangsu kawruh marang kowe,
nanging jarene janji arep mrene ora sida merga jarene mindher dhisik”.
“Nggih
empun, kula tak ndang teng daleme Pak Sugiri” kandhane Murtala nyigeg olehe
ngrasani Nita “tiyang kula wau semadosan jam wolu ngoten, gek sak niki sampun
jam wolu langkung seprapat”.
Murtala
banjur ngetokne sepedha pancale, ora nganggo sepedha motore sing anyar. Merga
Murtala kepengin karo olah raga ben awake krasa luwih seger. Karo ngepit, ing
angen-angene Murtala kober kumlembar wewayangane Nita, anake Pak Sugiri. Prawan
ayu sing sregep ngaji. Murtala ora ngira nek Nita tau dolan menyang omahe lan
kober jagongan karo Ibune. Murtala mesem dhewe, miturut pambijine, Nita kae pancen
bocah sing apik. Nadyan anake wong sugih lan dhuwur sekolahe, dhasar sinung
rupa sing ayu, nanging ora kemayu. Srawunge karo tangga kiwa tengene katon
becik, sing diweruhi Murtala Nita kuwi duwe slaga sing andhap asor marang wong
sing luwih tuwa, grapyak semanak karo kanca-kanca sabarakane. Mula ora aran
aneh yen jenenge Nita banjur dadi kembang lambe. Kerep dadi pocapane para
nom-noman lanang sing padha kayungyun marang dheweke. Ora tau keprungu wong
ngrasani ala marang Nita, sing ana meh kabeh padha ngalembana nek putrane Pak
Sugiri kuwi nyata bocah wadon sing ayu lahir batine. Akeh bocah lanang sing
padha duwe angen-angen, iba bungahe yen bisa nyandhing dheweke. Nanging Murtala
tumuli mbusak wewayangane Nita saka angen-angene. Murtala wedi nek nganti olehe
ngangen-angen dadi kebablasen, kepanduk rasa tresna sing jarene angel digolekne
tamba. Murtala eling sapa dheweke lan sapa Nita. Bebasan cecak pengin nguntal
empyak, cebol nggayuh lintang nek nganti dheweke katut melu ngangen-angen Nita,
Prawan ayu, bocah kuliyahan, anake wong sugih mbrewu. Lha nek dheweke? Anake Randha sing uripe disangga pensiunan
janda PNS golongan I C, lan dheweke dhewe gaweyane mung dodol kopi neng warung
akringan sing bukake mung pendhak bengi.
Tekan
ngarepan omahe Pak Sugiri Murtala mudhun, sepedhane dituntun mlebu pekarangane
wong sugih sing latare jembar ditutup nganggo paving, banjur dijagang neng
ngisor wit pelem sing dadi salah sijine tanduran pethetan.
“Badhe
ngersakaken pesen Pasir Mas? Mrika bablas mawon teng wingking griya” nalika
Murtala lagi ngingat-ngingeti terase Pak Sugiri, diparani bocah nom sing umure
sapantaran karo dheweke, dikira arep pesen Pasir. Murtala durung tau tepung
karo nom-noman kuwi.
“Boten
kok Mas, anu badhe kepanggih Pak Sugiri” wangsulane Murtala sopan “kala wau
kula kadhawuhan sowan mriki”.
“Oh,
kula kinten menawi badhe pesen Pasir, mangga pinarak teng teras rumiyin, Bapak
kula aturane” nom-noman kuwi ngajak Murtala lungguh neng kursi teras, banjur
ditinggal mlebu omah. Murtala ya banjur mapan lungguh, mripate kober nyawang
Manuk Podhang sing kurungane digantung neng teras kuwi.
Nganti
suwe Murtala lungguh ijen neng teras, nom-noman sing mau kandha nek arep “ngaturi
Bapak” durung metu-metu. Kanthi sabar Murtala mung bisa ngenteni. Merdhayoh
neng omahe wong sugih kuwi beda karo nek merdhayoh neng omahe wong pas-pasan
kaya dheweke. Cukup mbengok saka ngarep omah, ngundang jenenge ngono wae wis
cukup. Utawa nek kepengin rada sopan, ya uluk salam sing rada banter, mesthi
sing duwe omah tumuli metu.
“Oh,
Mas Mur ta?” bareng wis rada suwe ngenteni, ana sing marani, Nita anake wedok
sing duwe omah sing banjur karo grapyak semanak
alok sapa aruh “nggoleki Bapak ya
Mas?”.
“Iya
Dhik” wangsulane Murtala “mau esuk pas karo subuhan mau Bapak dhawuh supaya aku
sowan mrene”.
“Iya
Mas, Bapak mau ya dhawuh nek Mas Mur wis rawuh diaturi ngenteni sedhela, Bapak
isih neng Pasiran kidul kalen, mau meling nek Mas Mur rawuh aku didhawuhi
ngebel, lha tak bel kok tibake Hapene Bapak malah keri neng omah. Mas Andi wis
tak kon marani kok” Nita kandha maneh “Iya, Mas Mur ngunjuke apa? Kopi Susu
ya?”
“Gak
sah repot Dhik, nek ngelak tak njupuk banyu putih iki wae” wangsulane Murtala
karo nudingi botol cilik-cilik isi banyu mineral sing ditata neng dhuwur meja.
Nita ora wangsulan, mung tangane nduduli hurup-hurup neng ha-pe ne kirim WA,
mbuh menyang sapa?.
“Aku
dhek emben sowan nyang daleme Panjenengan lho Mas” Nita kandha maneh karo
nyelehne ha-pe ne neng meja “panjenengan pas gak neng dalem, ngendikane Ibu
setor tabungan nyang Bank? Aku ya banjur ngrusuhi Ibu he he he”.
“Iya
Ibuku mau ya crita nek Dhik Nita rawuh nyang omah, pesen sambel pecel?” Murtala
wangsulan karo mesem.
“Iya,
wong nyang Ibu didhawuhi pesen sambel pecel kanggo kajian suk pendhak Ahad
kuwi” kandhane Nita maneh “oh, iya sing ngsisi kajian sapa Mas? Panjenengan ta
sing golek Ustadze?”.
“Aku
wis nyuwun tulung Ustadz Anies Yuliarsa, tak aturi maringi kajian. nDelalah
Ustadz Anies wis kadhung nyaguhi ngisi neng Masjid Al Buraidi, banjur
Panjenengane ndhawuhi Ustadz Mahsun Amrullah supaya nyulihi”.
“Dadi
sing ngisi Ustadz Mahsun sing daleme Sukareja? Panjenengane kae Dhosenku neng
STIT Paron lho Mas…..”.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar