09.
Batine
Murtala kudu ngguyu wae, merga krungu wangsulane Pak Sugiri sing keprungu lucu
kuwi. Budhal subuhan menyang Mesjid kok jam telu durung ana, kamangka jadwal
manjing subuh ing Kedunggalar lan sakupenge kuwi jam papat luwih rong menit. Ya
mesthi wae nek mesjid isih sepi lan ora ana wong babar pisan. Nanging guyune
Murtala ora sida diwetokne, Murtala banjur duwe pangira, mbok menawa wae Pak
Sugiri kleru anggone ndelok jam. Utawa mbok menawa saking semangate Pak Sugiri
anggone arep ngibadah, pancen sok-sok wong kuwi nek lagi anyaran anggone nindakne
sembahyang semangate makantar-kantar, ngalah-ngalahne sing wis suwe dadi
santri, durung wancine barang wis budhal ndhisiki. Gek Murtala ya ngerti nek
Pak Sugiri kuwi ya lagi wae olehe gelem nindakne salat. Wong sasuwene iki sing
diweruhi Murtala, Pak Sugiri kuwi blas ora njawa agama. Senengane ngabotohan
nek mbeneri ana Pilihan Lurah ing ngendi-endi. mBok adoha ya dilurug. Pak
Sugiri kuwi wis kondhang kaloka minangka botoh gedhe. Uga seneng ngombe arak
lan minuman keras liyane sing nganti mendem, malah kerep wae nglumpukne
bocah-bocah nom sing duwe kasenengan mendem neng omahe, banjur dijak ngombe
bareng nganti padha mendem. Luwih-luwih nek wayah ana tontonan Tayub,
dhangdhut, apa campur sari, kondhang nek Pak Sugiri mesthi olehe nyumbang omben
banyu landa ngono kuwi nganti pirang-pirang krat. Nek wulan Ramadhan Pak Sugiri
kuwi ya ora tau gelem pasa kaya lumrahe wong Islam, malah nek mangan, ngrokok
utawa ngombe kaya-kaya dipamerne ben diweruhi wong akeh. Nanging, ya ana apike,
Pak Sugiri ya duwe watak sosial sing dhuwur, nek ana urunan kanggo
dandan-dandan Masjid utawa Mushala olehe nyumbang mesthi akeh dhewe. Nek dijak
kerja bakti ya sregep. Bu Sugiri lan anake wedok sing mung siji ya sregep melu
Pengajian neng Masjid.
“Pancen
masjid mriki niku kirang sedasa menit nembe pengerase diungelne kok Pak”
kandhane Murtala mangsuli kandhane Pak Sugiri sing ngandhakne nek mesjide isih
sepi “gek niki nggih nembe jam tiga kirang gangsal, dados nggih sak jam malih
nembe Pak Jumari ngungelne pengeras. Paling niki Pak Jumari nggih taksih tilem
teng griyane”.
“Lha
subuhe ki jam pira ta Mur?” Pak Sugiri isih ngeyel takon.
“Nggih
manut jadwal saking Kemenag, mriki jam sekawan langkung kalih”.
“Oalaah,
tak kira nek jam telu luwih rong menit, tiwas aku mau rada kesusu”.
“Nggih
boten napa-napa ta Pak” Dikin sing olehe linggih neng dhingklik ing sisihe Pak
Sugiri melu nrambul rembug “bidhal saking griya yah menten niki, terus mampir
ngopi kalih ngentosi manjing subuh, mengke sekeca boten kraos arip”.
“Iya,
nanging iki mau ya tiwas kebeneran kok” wangsulane Pak Sugiri banjur nyruput
kopine.
“Kleresan
pripun Pak?” Dikin takon.
“Aku
ki wis rada suwe kepengin mara rene, nanging pijer kalah karo acara liyane”
wangsulane Pak Sugiri.
Dikin
ora nyauti tembunge Pak Sugiri mung mripate wae sing nyawang praupan, ngenteni
sambunge rembug saka sing ngajak omong.
“Arep
takon Murtala kuwi lho” Pak Sugiri nyambung rembuge.
“Badhe
mundhut pirsa teng kula? Bab menapa Pak?” genti Murtala sing takon, karo batine
ngira-ira apa sing arep ditakokne Pak Sugiri kuwi marang dheweke, Murtala ngira
nek Pak Sugiri arep takon bab tata carane sembahyang.
Pak
Sugiri ora tumuli wangsulan. Ana rombongan wong lima sing teka lan aba mangan
karo kopi marang Murtala. Wong lima bakul sayur sing lagi mudhun saka Pasar
Gunung, kulakan. Wong lima kuwi ora lungguh neng dhingklik, nanging milih
manggon neng klasa sisih kiwane dhasaran warunge Murtala. Lagi sawise Murtala
rampung olehe ngladeni wong lima kuwi mau, Pak Sugiri guneman :
“Awakmu
kuwi duwe wektu longgar ngono jam pira? Jarene bocah-bocah nek bar surup awakmu
ki marahi ngaji bocah cilik-cilik, nek bar ngisak jarene ngaji Kitab?”.
“Wekdal
longgar kula nggih menawi enjing dumugi wanci bedhug Pak Sugiri, mergi bakda
luhuran ngantos ngasar kula damel tilem, lajeng bakda ngasaran wiwit
nyawis-nyawisaken ingkang badhe kula sade” wangsulane Murtala ditutugne takon “lha
badhe wonten kersa menapa ta?”.
“Arep
tak jak omong-omongan sing rada dawa” wangsulane Pak Sugiri “nek bisa dolana
nyang Omah Kidul ya? Awake dhewe mengko bisa jagongan sing taneg neng kana”.
“O
kula kadhawuhan sowan dhateng dalem? Inggih Pak Insya’allah mengke jam-jam wolu
napa jam sanga kula tak mrika” wangsulane Murtala.
Durung
nganti Pak Sugiri guneman maneh, ana wong sing teka, ora aba apa-apa terus
linggih neng sisihe Pak Sugiri karo nembung njaluk rokok :
“Nyuwun
rokoke sak ler mawon Boss damel tamba kecut”.
“Saka
Markas ta Gang? Menang pa kalah?” wangsulane Pak Sugiri karo ngesrokne rokoke
nyang ngarepe Bogang sing lagi teka kuwi.
Sing
dikarepake nganggo tembung “Markas” kuwi omah suwung, ya kuwi omahe wong sugih
sing saiki dadi Pengusaha gedhe neng Jakarta, omahe dititipne marang salah sijine
sedulure, sing dening sedulure mau banjur digunakne kanggo papane wong-wong
sing seneng dolanan kertu karo dhadhu kanggo ngabotohan. Sok-sok neng omah kuwi
ya dienggo papan kanggo ngombe arak utawa miras bareng-bareng, Manggone rada
ndhelik dadi ora gampang konangan Polisi.
“Ludhes
kok Bos” wangsulane Bogang karo ndudut rokoke Pak Sugiri sak ler banjur disumet
disedhot pegane “dhuwit turahan olehku dodol wedhus, amblas mlebu kanthonge
Begog kabeh”.
“He
he he” Pak Sugiri ngguyu nggleges “Ya lumrah, jenenge wong main kuwi ya sok
kalah ya sok menang barang. Bek menang terus ya disirik kancanem sing dijak
main mesthi wegah”.
Bogang
ora semaur, mung olehe nyedhot rokoke ketok dinikmati tenan. Murtala ngladekne
kopi neng ngarepe Bogang karo muni :
“Kopine
Gang”
“He
he he iya Matur nuwun lho Mas” wangsulane Bogang karo ngguyu “iki mengko gratis
ya? Aku lagi pailit je”.
“Gratis
ya gratis neh” wangsulane Murtala karo mesem .
“Lha
karo Begog pa gak diwehi ujuran?” Pal Sugiri takon.
“Diwenehi
rong puluh, ning ajeng kula sukakne Mak-e, ngge imbuh mbayar listrik”.
“Mangan
apa piye Gang? Segane isih nek mung kanggo kowe wae” Murtala nari Bogang mangan.
“Arep
mangan sega nek ngene iki lagi males banget Mas” wangsulane Bogang “jane ya
luwe, upama Mie godhog ngono aku gelem”.
“Bogang
gawekna Mie godhog Dhik!” Murtala prentah marang Dikin. Sing diprentah ya
banjur ngadeg, njupuk Mie Instan siji arep digodhog.
“Lomboke
katutna nggodhog pisan Kin” Bogang melu mrentah Dikin “ben mateng, gusiku lagi
abuh kok, gak keneng dienggo nyakot lombok mentah”.
“Wong
menangan ngalahne Bogang ki pancen gak enek kok” Pak Sugiri nggremeng karo
guyon “wis gak umbas, kathik isih milih lan mrintah macem-macem”
Bogang
mung mlengeh amba, ora semaur apa-apa.
mBarengi
karo rampunge Dikin olah Mie, saka Masjid wis keprungu suwarane Pak Jumari
muter Shalawat Tarhim aweh tengara marang wong-wong yen sepuluh menit maneh wis
manjing wektu subuh. Murtala njupuk sarung karo sajadahe, ngajak Pak Sugiri lan
Dikin budhal menyang Masjid. Warunge dipasrahne Bogang sing isih mangan Mie godhog,
dikongkon nunggoni.
“Tak
tinggal subuhan dhisik ya Gang” kandhane Murtala “titip mbok menawa nek ana
wong sing mara”.
“Iya
Mas, beres” wangsulane Bogang .
Jebul
Bogang ora mung dititipi warunge Murtala wae, sepedha motore Pak Sugiri ya
ditinggal neng kono, wonge milih mlaku bareng karo Murtala lan Dikin. Karo mlaku
Pak Sugiri lagi waleh marang Murtala, yen anggone arep miwiti sembahyang kuwi
ya lagi ing wektu subuh iki. Pak Sugiri crita nek telung dina kepungkur, kaya
ana sing ngosikne atine supaya sembahyang maneh. Kaya jaman dheweke isih cilik
biyen, saben sore budhal menyang masjid nindakne sembahyang lan sinau ngaji.
Nanging banjur ditinggalne nalika dheweke wiwit ngerti jagad jaba srawung karo
jinise wong sing manekawarna.
Murtala
ora semaur apa-apa, kajaba mung “nginggihi” wae. Jroning atine melu seneng yen
Pak Sugiri wis bali eling gelem sembahyang lan saba masjid maneh.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar