Total Tayangan Halaman

Minggu, 05 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (08)

08.

        Durung rampung anggone dhasar, wis ana wong sing antri pesen njaluk diladeni, sega papat karo ngombene Es Teh. Dikin nggelar klasa neng emper Toko sisih kiwane warung angkringan kuwi. Pancen sing lumrah wong-wong sing padha andhok ing warunge Murtala kuwi milih linggih neng klasa kono kuwi tinimbang neng dhingklik dawa sing ditata neng ngarep dhasaran. Wong papat sing wis aba mangan karo ngombe kuwi ya banjur mapan lungguh neng klasa kono. karo ngenteni pesenane padha ketungkul dolanan Hape-ne dhewe-dhewe.

        “Niki sedaya ngagem lawuh napa nggih?” Murtala nakoni sing tuku.

        “Padha Mas, ayam kabeh, sing siji tempong sing loro menthok, aku nganggo endhas wae ning loro” wangsulane sing ditari.

        “Siap nDan” Murtala semaur karo njupukne sing dipesen sing tuku, Murtala pancen wis apal karo karemane sing tuku kuwi, Pak Marsana anggota Koramil. Saben dhahar neng kono ajeg pesen endhas pitik loro ngge tambah lawuhe sega pecel. Wengi kuwi Pak Marsana lagi wae bali saka dolanan badminton neng Gedhung Pendhawa, bareng kancane sing telu kuwi.

        “Mengko warungmu ketoke laris Mas” kandhane Pak Marsana karo nampani sega pincuk sing diladekne Dikin “merga bengi iki gedhung Pendhawa sisihe sing dienggo badminton kae, bukakan latihan Tenis Meja, sing melu ya akeh wong mejane kabeh ana nem. Mau ya wis padha tak kandhani nek neng kene ana warung angkringan murah sing rasane ora kalah karo restoran gedhe”.

        “Inggih Pak Matur nuwun” saka kadohan Murtala sing wangsulan.

        Durung nganti rampung anggone jajan Pak Marsana sakancane, wis teka maneh sing mara jajan menyang warunge Murtala. Tekane prasasat mbanyu mili, teka lunga ora ana pedhote. Ana sing pesen lawuh ayam nanging uga akeh sing mung pesen sega ora tambah lawuh, merga oraa tambah lawuh jane ya wis cukup. Ana uga sing mung pesen kopi utawa Teh sing olehe ngombe dilalapi gorengan sing wis cemawis. Disambi jagongan karo kancane. Kabeh dening Murtala diladeni kanthi ati seneng, ulat sing padhang kebak esem ndadekne sing padha jajan neng warung kono padha seneng atine.

        “Kowe ki gak dodol rokok ta Mas?” salah sijine wong sing jajan takon “aku kentekan rokok je”.

        “Walah nyuwun pangapunten, boten kok Pak”  wangsulane Murtala “jane nggih kathah sing sami nangkletne ses, nanging ndelalah saben ajeng kulakan rokok ajek kesupen, kelingan-kelingan nek pas bidhal, ngleresi Toko-toko sing sadeyan ses sampun sami tutup.Sing marahi niku kula boten ngrokok niku napa?”.

        Olehe aweh wangsulan ngono kuwi tenane Murtala mung niyat ben sing takon rokok kuwi ora gela. Nek jan-jane pancen Murtala ora duwe niyat arep melu dodolan rokok. Merga miturut panemune Murtala, dodolan rokok kuwi kajaba ora akeh bathine uga bisa marahi bocah-bocah nom padha seneng duwe watak boros. Wiwitane jajal-jajal ngrokok, suwe-suwe banjur padha ketagihan. Nek ora ngrokok dadi ora semangat, kamangka regane rokok kuwi klebu larang, regane rokok saconthong nganti ngalahne regane beras telung kilo barang. Luwih-luwih nek ngelingi bebayane ngrokok kaya sing ditulis neng wadhahe kae. Murtala keweden nek nganti melu-melu dodol rokok sing bathine ora sepiraa nanging bisa nekakne bebaya sing nggegirisi.

        “Apik kuwi Mas nek kowe gak ngrokok, nek wis kadhung nekek rokok kaya aku iki, bar mangan kok gak ana rokok, wis jaaaan ora kepenak tenan he he he….”

        “Panjenengan sese napa ta Pak Darsa?” Dikin nyelani takon.

        “Apa? aku iki pokoke kretek. Timbang rokok alusan luwung ora ngrokok” wangsulane Pak Darsa “nek keplepet ya sok nglinting barang, pokoke mbako ana cengkeh wae wis cukup”.

        “Mangga nek tedhas niki wonten Warung Kopi mbok menawi kenging damel ampet-ampet” Dikin ngulungne rokoke marang Pak Darsa.

        “Walah matur nuwun tenan Mas Dikin” Pak Darsa wangsulan karo nampani rokok sing dilungne Dikin. Dijupuk sak ler banjur diulungne bali.

        “Sampun Pak diasta mawon” kandhane Dikin “tiyang niku rokok sampun tugang dinten kapengker kok, lan kula wiwit wingenane empun niyat medhot rokok”.

        Pancen Dikin kuwi wis suwe dikandhani Murtala supaya nglereni nggone seneng ngrokok, merga nek dietung bathi karo tunane rokok kuwi akeh tunane. Maune Dikin ya rumangsa angel ninggalne rokok, nanging bareng disuda saka sethithik wekasane Dikin wis bisa ucul saka pepenginan ngisep mbako sing diobong kuwi. Murtala sing krungu kandhane Dikin marang Pak Darsa nek dheweke wis ora ngrokok, rumangsa seneng. Adhine kuwi wis gelem nggugu pituture. Lan satemene miturut angen-angene Murtala ngrokok kuwi klebu tumindak sing dikaramake, kuwi nek ditonton saka bathi lan tunane. Nanging gandheng Murtala ngrumangsani nek durung jero kaweruhe ing babagan kalal lan karam, Murtala ora wani melu-melu ngaramake rokok, mung dheweke ngandhani Dikin lan bocah nom liyane sing akrab karo dheweke supaya nglereni olehe padha ngisep mbako kobong kuwi. Mesthi wae ana sing nggugu banjur padha ora ngrokok, nanging ya ana sing ora nggugu lan nutugne nggone padha seneng udut.

        Ora krasa wektune wis jam loro bengi, wong-wong sing padha jajan wis wiwit erat. Sing teka mung kari siji loro lan akeh-akeh ya mung pesen kopi. mBarengi dagangane Murtala kari sethithik wis meh entek. Murtala aweh sasmita marang Dikin supaya nunggu warunge. Murtala dhewe banjur sesuci lan nindakne sembahyang wengi neng mburine dhasaran sing dialing-alingi karo tugelan triplek, dadi ora ketok nek disawang saka ngarep. Ora ana sing weruh nek neng kono Murtala lagi nindakne sembahyang wengi. Pancen saben wayah samono kuwi, Murtala ora tau ora nindakne sembahyang wengi. Merga ing pangrunguning atine Murtala, tansah dumeling pitutur sing ditampa saka Ustadz Nurhamid lan Kyai Zamzuri sing wis didhaku minangka gurune. Priyayi loro kuwi wis akeh paring wejangan sing dijupuk saka piwulanging Kitab Suci lan dhawuhe Kanjeng Nabi, yen kepengin bisa urip tansah nemu tentrem lahir batin menungsa kudu ngresiki ati, ora kena gething marang sapepadhaning titah, ora oleh gawe kapitunaning liyan, ora entuk gawe lara lan seriking atine wong liya, dhemen nindakne laku prihatin nyuda mangan lan nyuda turu, kanthi sarana dhemen pasa lan sembahyang wengi lan kang uga ora kena ditinggalne kudu dhemen aweh pitulungan marang sok sapawa sing mbutuhake kanthi ora mbedak-mbedakne suku, bangsa, agama lan liya-liyane.

        mBarengi Murtala rampung anggone ndedonga sawuse sembahyang wengi, keprungu suwarane sepedha motor sing mandheg ing sandhing warung angkringane. Ora suwe keprungu suwarane wong sing nakokne dheweke :

        “Sing dodolan kok kowe dhewe ta Kin? Lha Murtala menyang ngendi?”

        “Anu, Mas Mur taksih dhateng wingking sakedhap” wangsulane Dikin sing banjur nakoni wong sing lagi teka kuwi “ngersakaken menapa Pak ?”.

        “Gawekna kopi sing rada kenthel, gulane sethithik wae!”.

        Murtala gageyan anggone nyopot sarunge banjur dilempit awor sajadahe, diwadhahi tas kresek kaya maune. Banjur ngadeg, metu menyang dhasaran warunge.

        Murtala rada kaget semu gumun, jebul wong sing nakokne dheweke mau Pak Sugiri. Wong sugih sing duwe Truck Dump sepirang-pirang, duwe usaha bakul Pasir sing ditekakne saka Blitar diusungi nganggo truck dump. Lha nek Bu Sugiri, bakulan daging sapi lan duwe gilingan daging kanggo gawe bakso sing duwe pelanggan bakul bakso sakecamatan. Dadi wis kondhang nek Keluargane Pak Sugiri kuwi, Keluarga sing sugih ora karuwan.  Sing rada dadi gumune Murtala, wengi kuwi Pak Sugiri karon beda karo padatan, adate nek ora nganggo clana jeans, kaosan lan jaketan ya nganggo calana cendhak maro kentol. Wengi kuwi, Pak Sugiri bebetan sarung, ngagem klambi koko, ngagem kethu kaji lan ing pundhake semampir sajadah. Lan sing luwih nggumunake maneh, ya lagi sepisan iki Pak Sugiri gelem lungguh neng warung angkringane.

        “Pak Sugiri ta?” kandhane Murtala mbagekne sing dianggep dhayuhe “saking dalem kemawon menapa saking tindak pundi niki wau?”.

        “Iya” wangsulane Pak Sugiri karo mesem “saka omah, wong arep subuhan menyang Masjid lor kono, tekan kono jebul isih sepi, lawange isih tutupan rapet, ora ana wong sitok-sitoka”.

 

 

Ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...