07.
Marsini
mesem ora guneman maneh, ngenteni adhine nutugne olehe crita perkara anggone
Pak Harmaka arep njago lurah sing digandheng-gandhengne karo olehe arep ngepek
dheweke dadi bojone. Kathik ngonowa kok nyebut jare merga Pak Har duwe Kyai
sing bisa ngaweruhi wewadining alam gaib barang.
“Lha
ngendikane Pak Har” Maryati nutugne olehe crita maneh “sawise nindakne laku
prihatin, saka panrawanganing batine Kyai sing dadi gurune Pak Har kuwi, wiwit
sasi kepungkur Pulung utawa wahyuning Desa Kedunggalar kuwi wis ngalih saka
papane”.
“Lha
Pulung kuwi maune mapan ana ngendi lan banjur ngalih menyang ngendi?” merga
Maryati mandheg sedhela olehe crita, Marsini nyelani rembug.
“Maune
ya manggon neng Daleme Pak Lurah sing saiki iki kana ta Yu? Neng daleme Lurah Jaka Wa. Pulung mau metu saka
daleme Pak Lurah Jaka Wa merga lagi milang-miling nggoleki wong Kedunggalar
utawa wong sing lahire ana Kedunggalar sing kuwat dipanggoni. Lan sapa sing
kuwat kapanggonan Pulung kuwi, ateges wis ginaris dadi Lurah ing Kedunggalar
kene” Maryati mangsuli pitakone mbakyune.
“Walah,
thik kaya crita neng wayang lakon Wahyu Cakraningrat wae ta Mar?” Maryati takon
karo rada ngguyu “banjur bacute piye?”.
“Lha
ya kuwi, ngendikane Pak Har saka panrawanganing batine Kyaine, Pulung Desa
Kedunggalar wektu saiki wis manggon ana omah kene lan wis manunggal karo sing
manggon neng omah sampean kene. Mula upama suk emben nek wayahe Pilihan kuwi
Sampean utawa Mas Mur gelem maju dadi jago lurah, kuwi akeh kepilihe. Mesthi
wae ya kudu nganggo sarat-sarat liyane supaya Pulung kuwi mau ora ngalih saka
omah kene. Lha gandheng sing duwe omah iki ya kuwi sampean lan Mas Mur ora
ngerti nek omahe kanggonan Pulung, lan saupama ngerti ya nglengkara bisa
mujudne sarat-sarat sing tak kandhakne mau, mokal nek sampean utawa Mas Mur
arep maju dadi Jago ing Pilihan Lurah suk tahun ngarep kuwi. Merga saka kuwi,
Pak Har banjur kepengin ngajak mlaku bareng sampean, murih Pulung kuwi bisa
dikuwasani” Maryati nyethakne bab manggone Pulung sing ana omahe mBakyune.
Marsini
ora enggal guneman, neng pikirane ana rasa kepengin ngguyu, critane adhine
dianggep lucu.
“Maune
aku ya ora percaya karo sing dingendikakne Pak Har perkara Pulung kuwi Yu”
Maryati guneman maneh “ketoke pancen ora tinemu ing nalar nek omah sampean iki
kacondhokan Pulung Desa Kedunggalar, Nanging bareng aku ngrungokne anggon sampean
nyritakne lelakon sing wekasane ndadekne Yu Sini duwe rasa wedi kelangan anak
mau, aku dadi percaya yen sing dingendikakne Pak Har pancen bener.
Tembung-tembunge Yu Sini sing tak rungokne mau, kabeh dudu tembunge asli saka
Yu Sini, nanging ana kekuatan gaib sing nuntun, sahingga sampean bisa ngucapne
tembung sing lumrahe mung diduweni para Pamong sing rumangsa duwe tanggung
jawab marang sing diemong, lan wektu iki sing diemong Yu Sini lagi Mas Mur
dhewe. Kanthi mangkono ora mokal yen satemene Yu Sini kuwi ya bisa momong
wong-wong sak liyane Mas Mur, malah kepara bisa momong wong sadesa”.
“Lhaaaa,
saiki aku ya ngerti …..” wangsulane Marsini karo mesem .
“Ngerti
nek Pulung kuwi manggon neng omah kene Yu?”
“Ora!”
“Lha
ngerti apa?”.
“Ngerti
nek pikirane adhiku wis sansaya nggladrah” wangsulane Marsini “nek mbok
tutug-tutugne dadine sansaya ora genah, nalarmu dadi bubrah, kurang-kurang
bejane kowe bisa dadi wong owah. Ngerti?”.
“Kok
bisa ngono Yu? Cethane piye?”.
“Wis
ora kurang cetha Mar” Marsini ngandhani adhine “kowe kuwi wis katut pikiran
sing mung gugon tuhon, banjur seneng ngothak-athik rembug murih katon bisa
gathuk. Tak kandhani ya, aku ora maido marang kapitayane wong-wong perkara
Pulung Lurah, apa Pulung Kamituwa, apa Pulung RT. Nanging aku ora seneng
melu-melu percaya marang omongan sing ora gathuk karo nalar, kaya upamane
Pulung Lurah Kedunggalar saiki wis oncat saka daleme Pak Lurah banjur cumondhok
neng omah kene utawa omah liyane ngono kuwi. Lha nek Pulung kuwi bisa
ngolah-ngalih lan bisa milih papan ngendi sing dipanggoni, kaya sing mbok
omongne mau, mesthine Pulung mau ya pinter ngalih ninggalne omah kene golek
panggonan liyane sing disenengi. Iya apa ora?. Luwih-luwih nek digandhengne
niyate Pak Har mau, saupama aku gelem diramut Pak Har, merga aku ya seneng lan
tresna marang Pak Har. Eee dumadakan lagi sepasar ijaban, banjur Dhukune Pak
Har mara, ngandhani nek Pulunge wis ngalih neng omahe Randha liyane, banjur
piye dadine?. Aku banjur ditinggal ? Pak Har genti ngajak rabi Randha sing
omahe dienggoni Pulung mau? Nek ngono apa aku ora Iwak bandeng bestik kenthang?”.
“Iwak
bandeng bestik kenthang Yu? Piye kuwi karepe?”
“Tiwas
aku methentheng merga kadhung seneng, jebul malah oleh wirang”.
“Yu
Sini ki kok ya bisa-bisa wae lho olehe gawe parikan” Maryati semaur karo ngguyu
“pinter gawe Parikan Jawa kaya Pak Edi Prayoga wae”.
“Tak
kandhani ya Mar” Marsini nutugne olehe ngandhani adhine “dadi wong kuwi becike
tansah nggunakne pikiran sing wening lan didhasari suwaraning ati kang suci, tegese
suci adoh saka pengaruhe hawa napsu, dijumbuhne karo wulanganing agama sing
dirasuk, nek aku wong Islam ya manut marang piwulange agama Islam semono uga
tumrap sing ngrasuk agama utawa kapitayan liya ya dijumbuhne karo piwulange
agama lan kapitayane dhewe-dhewe. Kaya upamane perkara Pulung iki mau, upama ana
sing percaya marang anane Pulung lan daya panguwasane, ya kena-kena wae nanging aja
banjur nglalekne marang sing nitahake Pulung. Samobah mosike Pulung kuwi ngono
manut marang sing nitahake ya kuwi Gusti Allah, Pulung kuwi ora kena dipaeka
utawa ditata dening hawa napsu lan karepe manungsa. Pancen bener biyen tau akeh
crita yen Pulung kuwi manggone ngolah-ngalih, kuwi kedadeyan merga Pulung
durung digawekne panggonan sing maton. Biyen manggone Pulung nunut panggonan
sing dienggoni Lurah, nek jaman saiki Lurah sing kudu gelem ngetutne melu nyang
panggonane Pulunge. Merga Pulung saiki wis manggon maton, ora ngolah-ngalih
maneh, ya kuwi neng Kantor Desa. Kuwi ora neng kene wae, nanging nek desa
ngendi-endi ya padha. Mula nek enek Lurah sing ora tau menyang Kantor Desa,
adhakane ora tenanan olehe mikirne rakyate, olehe dadi Lurah mung merga
kepengin mikirne awake dhewe, mula karo Pulunge banjur diinggati mbalik dadi
wong lumrah maneh ora dadi Lurah, malah sok ana sing kudu mlebu kunjara dhisik.
Kowe ngerti ta? Ora aneh nek jaman saiki dadi Lurah lagi oleh setahun rong
tahun kudu gelem dilereni merga salahe dhewe?”.
Maryati
mung manthuk-manthuk wae krungu wejangane mBakyune. Ora semaur utawa kumecap
apa-apa. Nanging olehe padha rembugan bab Pulung wong loro kuwi dadi kandheg,
merga Murtala saka omah mlebu menyang Pawon, nggoleki wedang sing mau digawe
dening Ibune.
“Nek
meja kuwi lho Mur wedangmu” kandhane Maryati marang Murtala “mau Ibu arep
ngeterne menyang kamar lali, merga katrem njagongi Bulikmu”.
“Inggih,
boten napa-napa” wangsulane Murtala karo nyedhaki wedang sing tumumpang meja,
Wis adhem.
“Anu”
Marsini kandha maneh “Bulikmu diwelingi Bu Ning, garwane Pak Naib Huda. Nek
awake dhewe butuh Pitik, neng daleme Bu Ning ana dhara-dhara telu karo Lancur
loro, mengko sore didhawuhi njupuk”.
“Inggih
Bu” wangsulane Murtala “Pak Syaifulloh Huda dhek wingi pas pados dhahar sahur teng
angkringan nggih paring dhawuh dhateng kula, menawi Bu Huda kagungan ayam
bageyan ayam sing digadhuh tanggane. Nggih mengke bakda ngasar kula purugane”.
“Ya
wis ngono wae ya Yu? Aku tak balik dhisik, selak diangen-angen Pak-e Dikin,
wong aku mau ora kandha nek arep mampir mrene” Maryati ngadeg karo pamitan arep
mulih.
“Iya”
wangsulane Marsini “ya muga-muga bojomu ndang diparingi sehat maneh”.
“Iya
Yu, wis telung dina iki Pak-e Dikin wis bisa mlaku dhewe, nanging ya kudu
dibantu nganggo teken”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar