Dening : IMMIR
06.
Maryati mlenggong, pangirane mrucut. Maryati ora tau ngerti nek
biyen-biyen mBakyune kuwi tau dilamar wong lanang nganti kaping telu, nanging
dening Marsini ora ana sing ditampa. Pancen Marsini ora tau crita marang sapa
wae, klebu marang kulawargane yen tau ora gelem diajak omah-omah maneh dening
wong lanang. Pangirane Maryati, mbakyune kuwi bakal seneng oleh kabar nek Pak
Har kepengin ngajak omah-omah. Merga
tata gelar, Pak Har kuwi klebu dhudha sing sembada, sanadyan wis purna anggone
dadi PNS nanging isih katon njenthara. Putrane loro wis dadi wong kabeh, sing
siji dadi Polisi sing sijine dadi Pegawe Bank. Dhasar priyayi, daleme Pak Har
ketok gedhe lan menthereng, manggon neng pekarangan sing jembar rinengga mawa
tanduran kekembangan manekawarna. Mobil ana, Sepedha Motor ana, sepedha pancal
sing saben dina dienggo sarana olag raga ya ana. Dadi miturut petungane
Maryati, saupama gelem dadi bojone Pak Har, kuwi bisa njunjung drajad tenan. Nanging
jebulane Marsini wangsulan sing bakune ora gelem nampa anggone tawa. Mula tumrap
Maryati sikepe Marsini iki kena diarani aneh.
“Ngene lho Mar” bareng Maryati njegreg
kaya wong getun merga ana barange sing ilang, Marsini banjur ngandhani adhine “kowe
kuwi aja banget-banget nggonmu mikir bab iki, sebab Pak Harmaka kae ki
priyayine sembada lan ora kurang apa-apa, dadi sanadyan anggone duwe kersa arep
ngepek aku ora kasembadan, panjenengane ora tuna. Malah kepara bathi, jalaran
wurung oleh aku, ora mokal banjur oleh Warandha sing luwih nom, luwih ayu lan
luwih samubarange. Wong patuta ngono, Pak Har kae upama kepengin ngrabi prawan
ya ora kangelan, Dadi kowe gak sah susah ngono kuwi”.
“Iya Yu” wangsulane Maryati “nanging
anggone Yu Sini kandha nek Pak Har karo sampean kuwi dudu jodhone, mesthine rak
ya ana pawadan sing maton ta Yu? Mbok menawa wae isih bisa diwiradati”.
“Ya mesthi wae ana Mar” panyaute Marsini
“nanging nek diwiradati cetha nek wis gak bisa, iki gandhengane karo suwaraning
batinku dhewe, nalika sawargi Kakangmu diangkat arep digawa menyang kuburan,
aku kandha neng jero ati, nek kanggoku mung Kakanganmu kae wong lanang sing
pisanan lan pungkasan sing ngiseni atiku. Lan kanyatane pancen mangkono,
sanadyan nganti saiki, rolas tahun ditinggal Kakanganmu, nanging katresnanku
marang Bapakne Murtala panggah ora suda. Mula anggonku kandha nek antarane aku
karo Pak Harmaka dudu jodhone kuwi, aja nuwuhake pandakwa nek aku wis wani nampik
marang kersane Pak Har. Kuwi ora bener. Kowe ya aja ngarani nek aku iki wong ora
ngerti nek dimesakne wong, mosok diwelasi lan arep dikepenakne uripe dening
wong sing wis mapan kok ora gelem. Karo maneh Mar, iki mung kanggo kowe wae,
bares wae aku wedi nek nganti kelangan anak!”.
“Kelangan anak piye Yu?” Maryati takon “wong
ngendikane Pak Har, Mas Mur ki wis dijak omong-omongan Pak Har, jarene Mas Mur
malah seneng nek Ibune gelem krama maneh, ngono ki Yu?”.
“Perkarane ora mung sepele ngono kuwi
Mar” Marsini wangsulan karo mesem “sing tak arani kelangan anak kuwi ora kok
Murtala banjur ilang utawa pedhot sesambungane karo aku ngono, ora. Nanging, iki
ana sambung rapete karo lelakon sing durung suwe tak alami”.
“Lelakon apa maneh kuwi Yu? Sajake kok
nyalawadi temen?” Maryati nyela rembug.
“Sik aku tak takon marang kowe!”
“Takon apa Yu?”
“Kepiye rasane atimu, nuwun sewu lho ya?
Nalika jaman Dikin dadi bocah sing ora gelem salat, seneng klayaban, tukaran
lan mendem-mendeman kae?” Marsini ngandhakne pitakone.
“Oraa tak wangsuli Yu Sini mesthi ya wis
ngerti, nek nalika kuwi sirahku kaya pecah, utekku koplak, dhadhaku sesak,
atiku susah, sedhih, gela, cuwa, nesu carub dadi siji, Pokoke ora genah ngana
kae neh. Ya aku matur nuwun banget marang Mas Mur sing wis gelem nuntun adhine
bali menyang dalan sing bener kaya sing saiki iki” wangsulane Maryati.
“Lhaaa, ya rasa ngono kuwi lelakon sing
tak alami” Marsini guneman maneh karo mesem “kowe kelingan jaman Murtala setahun
lulus saka SMA sing banjur katut ombyake kanca-kancane, melu putrane Pak
Kamituwa Sukina kae?”.
“Iya, jare padha nyambut gawe nyang Pabrik Sepatu apa
sandhal kae ta Yu?”
“Bener” Marsini nutugne kojahe “sak
jane, kae aku rak ora pati lila. Nanging gandheng Murtala ngotot gek kabeh
pawadane ya ninemu ing nalar, wekasane aku ngalah, Murtala tak idini melu lunga
menyang Kutha sing rumangsane kutha kuwi panggonan dhuwit gedhe lan amba. Ora
lidok, teka Kutha jebul sing diangen-angen Murtala lan uga kanca-kancane rak
ora padha karo kanyatan sing sabenere. Sing digantha-gantha kerja neng Pabrik
bisa ndandani panguripane, nanging kanyatane akeh sing malah njaluk kiriman saka
omah. Wekasan padha kena PHK kae. Lha jebul, kajaba lelakon ngrekasane urip
neng Kutha, Murtala sing rina wengi tak kudang lan gegadhang bisa niru lekase
Bapake ing babagan kawruh agama, merga kabentus dening kanyatan wekasan kena
diarani Mrucut saka embanan luput saka kudangan ngana kae. Murtala sing maune
sregep ngibadah lan ngaji malih ora kober maneh, merga kegubel karepotan mikir
olehe arep nyambut gawe. Jarene Murtala dhewe, uripe dadi kemrungsung, ora bisa
tentrem, arang olehe sukur kakehan olehe ngangah-angah. Dadi olehe kena PHK lan
bali menyang Desa kae, ya ana hikmahe. Murtala bisa bali nurut dalan kaya sing
tak kudangake. Kabeh mau bareng tak
gagas-gagas, sing luput ya aku. Minangka wong tuwa aku wis negakne anak manggon
adoh karo wong tuwa, kamangka durung wancine. Mula sanadyan saiki katone olehe
nyambut gawe Murtala wis rada mlaku thimik-thimik, nanging kaya sing dirasakne
lan dikandhakne Murtala dhewe, dheweke durung wani diculne mlaku dhewe, isih
mbutuhne gelakan saka mburi. Lan kanggo bisa ucul dhewe, kuwi ya mbutuhne wektu
sing rada suwe”.
“Ooo jebul ngono ta Yu critane?”
kandhane Maryati sawise Marsini rampung critane “bareng tak gothak-gathukne
karo kapitayane Pak Har olehe kepengin omah-omah karo sampean kuwi ya ana
benere”.
“Ana benere piye? Lha Pak Har duwe
kapitayan apa? Kok aneh-aneh wae omonganmu saiki?” Marsini nakoni adhine.
“Critane rak ngene ta Yu?”
“Iya piye?”
“Pak Har kuwi jan-jane rak wis suwe
olehe kepengin bisa dadi Lurah neng Desane dhewe kene iki? Merga rumangsa nek
akeh kanca lan jembar pasrawungane” Maryati miwiti crita maneh “malah jaman
isih dines biyen pepenginan kuwi wis ana, banjur karo kanca-kancane diwenehi rerigen
supaya olehe maju nyalon Lurah mbesuk ngenteni nek wis pensiun wae, kaya sing
dicakne sawargi mBah Lurah Sutris kae, bar dadi Camat banjur dadi Lurah. Lha
bareng saiki wis pensiyun tenan, niyat kuwi arep diayati, kabeneran setahun
maneh rak wis wayahe Pilihan Lurah?”.
“Ya apik ta?” Marsini nyela rembug “banjur
apa sambunge karo olehe ngersakne ngrabi aku?”.
“Kuwi ngene” Maryati nutugne kandhane “kajaba
sregep tirakat nindakne laku prihatin lan ngapiki sarta nambahi olehe srawung, Pak
Har kuwi rak ya duwe Kiyai sing kesdik paningale, bisa mirsani wewadining alam
gaib….”.
“Kyai apa Dhukun ?” Marsini nyelani rembuge
adhine “merga nek cara nggone dhewe kene, sing diarani Kyai kuwi wong ngalim
sing dhemen mulang ngaji para santri utawa dhemen paring pitutur sing becik
adhedhasar wulanganing agama, nek Dhukun kuwi kaya sing mbok kandhakne mau bisa
ngaweruhi wewadining ngalam gaib lan duwe kasekten sing sok ora tinemu ing
nalar ngana kae…..”.
“Embuh Yu, pokoke olehe crita Pak Har
menyang Pak-e Dikin, sing uga tak rungokne, jarene Kiyai ngono, embuh nek Kyai
sing nyambi dadi Dhukun, aku ya gak ngerti” Maryati mangsuli kandhane mBakyune.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar