Dening : IMMIR
05.
Ora
enggal oleh wangsulan malah diesemi klecam-klecem sajak nggregetake ngono kuwi
ndadekne Marsini rada muring. Adhine dipenthelengi karo lambene diprengutne,
nuduhne ora senenge atine nek diajak guyon klecon ngono kuwi.
“Kowe
kuwi arep omong apa he? Ditakoni wiwit mau malah mung klecam-klecem, ora genah,
esuk-esuk ngene iki ora wayahe wong guyon!” kandhane Marsini karo suwara rada
sereng.
“Iki
tenanan Yu, ora guyon” wangsulane Maryati panggah karo mesem “sampean aja nesu
dhisik ta”.
“Aku
iki gak nesu” wangsulane Marsini kethus “ning nek kowe cengengesan ngono kuwi,
aku ya mentala njenggung sirahmu. Wis gek ndang guneman, arep omong apa?”.
“Jane
olehku arep omong iki wis telung dina kepungkur Yu” kandhane Maryati “nanging
gandheng kelalen, lagi esuk iki arep tak kandhakne, iki wae upama dhek mau ora
ana sing ngelingne aku ya lali maneh, mula mumpung durung lali saiki arep tak
omongne”.
“Kowe
kuwi suwe-suwe kok kaya Kontring Orek-orek*), arep menyang pasar wae mbok
sangkani mubeng-mubeng ora karuwan ta Mar ?” Marsini sansaya ora sabar
ngrungokne gunemane adhine “jane sing arep mbok omongne kuwi apa?”.
“Ngene
lho Yu” olehe wangsulan Maryati wis ora karo mesem maneh “telung dina kepungkur
Pak Harmaka ki rak niliki Pak-e Dikin…..”.
“Pak
Harmaka Menteri sing biyen rambute klimis kae nyang omahmu?” Marsini nyelani
rembug.
“Dudu
Pak Harmaka sing kae Yu” Maryati genti sing semaur karo mrengut “Pak Harmaka
sing omahe cedhak tilas Pabrik Kertas”.
“Pak
Har Guru ?”
“Iya
nanging kae sadurunge Pensiun wis diangkat dadi Pengawas nek cara biyen Pe Es
ngana kae lho Yu”
“Iya,
lumrah ta nek Pak Har niliki Pak-e Dikin, wong Pak-e Dikin karo Pak Har ki tau
dadi kanca raket, padha-padha seneng Olah Raga Volli” kandhane Marsini nanggapi
critane Maryati.
“Bener
Yu, nanging jebul olehe niliki Pak-e Dikin kuwi, Pak Har mung samudana, duwe
karep liya sing luwih wigati tinimbang olehe niliki kancane kuwi” Maryati
nutugne olehe kandha.
“Duwe
karep liya piye?” Marsini takon.
“Nek
sampean ora mathuk, sampean aja nesu ya?” sadurunge nutugne oleh guneman
Maryati takon luwih dhisik.
“Lha
rak kumat ta?” Marsini bali mencereng “dikandhani nek omong ki ndang sat-set,
kok malah arep muter-muter maneh”.
“Ya
wis, pokoke aku wis taren, pokoke aja nesu” wangsulane Maryati “garwane Pak Har
kae olehe seda rak wis bar sewune?”
“Embuh
aku ora melu ngetungi kok”
“Aja
diselani dhisik ta Yu” Maryati genti sing rada kethus “olehku arep bisa sat-set
piye, nek bola-bali diselani ngene iki?”.
“Ya
wis, ndang ditutugne dhisik” Marsini mesem.
“Lha
gandheng uripe dadi ijen, gek putrane ya wis gedhe-gedhe, Pak Har rumangsa
butuh kanca urip sing bisa nyulihi suwargi Bu Har. Cekake ngono Pak Har
ngersakne arep krama maneh” Maryati nutugne olehe kandha.
Nanging
bareng tekan tembung ngono kuwi, Maryati banjur meneng. Critane ora tumuli
dibacutne.
“Ya
wis jamak lumrahe ta Mar?” bareng anggone meneng Maryati wis rada suwe, Marsini
banjur guneman “wong lanang karo wong wedok kuwi pancen beda, nek wong wedok
ditinggal seda kakunge kuwi kuwat ngampet rasa sepine, beda karo wong lanang.
Pak Har kuwi wae klebu wis kuwat, nganti entek slametane sing putri, lagi arep
krama maneh. Lha wong liyane Pak Har kae, lagi bar slametan nyatus wae wis
padha rabi maneh”.
“Iya
Yu” wangsulane Maryati nutugne kandhane “lha gandhengane karo perkarane Pak Har
mau, Pak Har banjur utusan aku, supaya nemoni lan ngandhakne kersane Pak Har
marang sampean. Sampean arep dijak urip bareng. Ngendikane Pak Har, Pak Har wis
ketemu karo Mas Mur neng warunge, tak takokne Dikin pancen bener nek Pak Har
dhek emben jajan neng warunge Mas Mur lan jagongan rada sauntara suwene. Lha
ngendikane Pak Har maneh, jare Mas Mur ya seneng saupama sampean kuwi gelem
omah-omah maneh”.
Marsini
sing genti suwe ora guneman sawuse krungu apa sing dikandhakne adhine ngono
kuwi mau. Wewayangane kakunge sing wis sawargi dumadakan katon ing
angen-angene. Biyen jaman Murtala isih cilik, Kojin nate guyon parikena karo
dheweke, ya kuwi ngrembug saupama Kojin luwih dhisik dipundhut dening Sing Maha
Kuwasa, Kojin mrayogakne supaya Marsini gelem nggolekne Bapak sambung kanggo
Murtala. Mung wae, ora mung waton wong lanang nanging yen bisa ya sing bisa
momong Murtala tenan. Bisa nuntun Murtala menyang dalan sing bener. Nalika
samana, Marsini ora semaur apa-apa. Merga Marsini nganggep yen kakunge mung
waton guneman ngono wae. Ora prelu diwangsuli. Jebul sing dikandhakne Bapak-e
Murtala kuwi numusi. mBarengi Murtala umur rolas tahun Kojin tinggal donya. Lan
sasuwene urip dadi Warandha, wis ping telu Marsini krungu panembung saka wong
lanang sing arep ngajak omah-omah dheweke. Sing dhisik dhewe Maryadi, isih
sedulur misanane Kojin. Wong Tani sing sawahe jembar, pirang-pirang enggon,
nyambi dadi juragan gabah, nek wayah panen saben dina nukoni gabahe wong tani
banjur dikirim menyang Mojokerto, saben dinane bisa limang truck barang.
Maryadi kuwi dhudha durung duwe anak. Olehe pisahan karo bojone wis rada suwe,
jaman Kojin isih durung kapundhut, jalarane pisah merga sing wedok seneng karo
sopire. Nanging Marsini ora bisa nampa katresnane Maryadi, jalaran rasa
tresnane marang kakunge durung bisa diganteni dening pria liya. Sing kapindho,
Dhudha sing ditinggal mati bojone, Pensiunan Tentara pangkat Sersan Satu, sing
aktif dadi Takmir Masjid. Wangsulane Marsini panggah kaya olehe wangsulan
marang Maryadi. Sing nomer telu, malah saka Guru SD sing mulang neng Sekolahan
sing biyen dadi panggonane Kojin nyambut
gawe. Garwane Pak Guru kuwi seda merga gerah leukimia sing kasep olehe
ngonangi. Marsini panggah ing tekade, arep nutugne jejibahane kakunge sing
dianggep durung rampung. Ya iku minterne lan nggedhekne anake lanang sing mung
siji kuwi. Lha kok iki adhike teka-teka nggawa crita nek dadi kongkonane Pak
Harmaka, dhudha pensiunan sing butuh kanca lan duwe karep ngajak dheweke urip
bebarengan.
“Piye
Yu?” bareng dienten-enteni Marsini ora enggal guneman, Maryati banjur takon.
“Oalaaah,
jawane ngono kowe kuwi arep nyambi dadi Dhandhan barang, ngono ta Mar?” Marsini
wangsulan karo mesem .
“Aku
iki mung sadrema dadi kongkonan ya Yu?” kandhane Maryati “mau aku wis taren,
nek sampean ora mathuk ya aja nesu, wong karepku ki becik, Lha nek sampean
mathuk ya sokur alkamdulillah. Nek sampean durung bisa aweh wangsulan saiki
merga isih mikir lan nimbang-nimbang ala lan becike, ya ora apa-apa”.
“Iya,
aku ya gak nesu kok” Marsini semaur karo mesem “aku ya ora arep nimbang-nimbang
luwih dhisik dadi ya ora mbutuhake wektu kanggo mikir, merga kanggo aweh
wangsulan marang Pak Har liwat kowe kuwi, tembung wangsulane wis cemawis, mung
kari ngunekne ngono wae”.
“Iya
piye Yu?” Maryati takon, mripate ketok sumunar, nandhakne nek seneng atine “apa
Mas Mur wis matur sampean nek Pak Har nemoni neng warung, ngrembug perkara
iki?”.
“Durung”
wangsulane Marsini “ketoke Mur ya ora butuh kandha nyang aku, perkara olehe
jajan Pak Har neng warung angkringane. Merga Mur wis ngerti nek ibune ora
mbutuhne crita kaya sing wis mbok critakne”.
“Dadi
….. ? genahe piye Yu?” Maryati mlenggong.
“Genahe
olehmu dadi Dhandhan durung jodho Mar” wangsulane Marsini karo mesem “aku matur
nuwun dene kowe wis mikirne uripku, uga matura marang Pak Har, nek aku ya matur
nuwun banget awit kawigatene marang aku lan sing luwih baku, matura yen
garising pesthi Pak Har kuwi dudu jodhoku”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar