Dening : IMMIR
04.
Marsini
lagi krasa yen sasuwene bali saka kutha kuwi, Murtala mung meneng neng omah,
ora tau metu menyang Masjid. Kamangka sadurunge lunga biyen Murtala kuwi awan
bengi kerep olehe ana masjid tinimbang olehe ana omah. Uga nek biyen saben esuk
mulih saka subuhan Murtala ajeg olehe nderes Al-Qur’an kira-kira ngentekne
wektu setengah jam, sak jege bali saka kutha iki, ing omah kono blas ora tau
keprungu suwarane Murtala ngaji. mBok Randha sing umure wis wiwit tuwa kuwi
unjal ambegan landhung. Ing atine tuwuh rasa panuwun marang Pangeran, jebul
pangirane marang anake lanang luput. Olehe kerep njetung lan thenger-thenger
Murtala ora merga bingung nggagas olehe nganggur sing butuh gaweyan, nanging
merga lagi dielingne Pangeran lumantar suwaraning nuranine.
“O
ngono ta jebule, Mur?” sawuse rada suwe Murtala mungkasi wangsulane, Marsini
banjur guneman sareh “nek ngono kowe kudu muji sukur marang Gustu Allah, kuwi
tegese kowe wis dielingne lan didhawuhi supaya ndandani lakumu sing wis rada
singlar saka piwucal-E. Saiki ngene wae, kowe kudu tumuli sowan marang Pak Kyai
Zamzuri karo Pak Ustadz Nur, asok kaluputan lan nyuwun pangapura. Aku percaya
kowe mengko mesthi tumuli dituturi dening Pak Kyai apa dene Ustadz Nur, merga priyayi
loro kae klebu unusaning titah sing luhur bebudene, tresna asih marang
sapepadhaning urip, dhemen tetulung marang sok sapawa sing mbutuhake. Ora mung
bisa ngendika, ceramah sing dhakik-dhakik thok, nanging sing didhawuhne uga
ditindakne. Wong sak Tegalsari kene iki kabeh wis padha apal, merga ora arang
Bu Nyai Zamzuri karo Bu Ustadz Nur kae ora arang ngrogoh kanthong, cucul dhuwit
kanggo ngenthengake sesanggane wong sing lagi kecingkrangan uripe, ora
mbedak-mbedakne wong, waton pantes ditulung ya banjur ditulung lan sing baku
babar pisan ora ngarep-arep piwales kajaba saka sing Kuwasa. Ketitik olehe
tetulung kerep karo meneng-menengan, ora diwarak-warakne. Ya ora kaya wong sing
lomane pendhak nek arep ana Pilihan ngana kae”.
“Inggih
Bu” Murtala mung wangsulan cekak.
Gragap…..!!!.
Marsini
kaget, ceret gedhe sing ditumpangne kompor wis nyuwara mbengung nandhakne nek
banyu sing digodhog wis umub. Gage wae gelas sing wis dicawisne diiseni racikan
gula karo kopi, nggawekne wedang anak lanang. mBarengi Marsini arep ngeterne
kopine Murtala menyang kamare, Murtala metu saka kamar mandi sing ana sisih
kiwane Pawon. Keprungu suwarane Murtala guneman rada banter, sajake ana wong
sing lagi teka :
“Wonten
Bulik, Bulik mlebet mawon Ibu wau ketingale tesih teng pawon”.
Wedang
ora sida diterne menyang kamare Murtala, diselehne neng meja Pawon. Marsini
banjur mlaku nyedhaki lawang, kepengin ngerti sapa sing esuk-esuk wis teka
nggoleki dheweke kuwi.
“Lha
esuk-esuk wis tekan kene iki mau kowe saka omah apa saka ngendi ta Mar?” bareng
wis tekan ngarep lawang, Marsini banjur nakoni dhayohe. Jebul sing teka adhine
Marsini dhewe, ibune Dikin. Jenenge Maryati, undang-ndangane “Mar” nek Marsini
undang-undangane “Sini”.
“Biasa
Yu, saka ngejogne dagangan nang warung-warung, wong saiki sing pesen
tambah-tambah dadi esuk-esuk kudu wis wiwit ider” wangsulane Maryati.
“Kene
lungguh amben kene” Marsini ngajak adhine lungguh neng amben pawon “ya
kabeneran ta Mar nek sing njaluk dijogi daganganmu tambah akeh, aja lali sing
gedhe rasa sukure marang Gusti Allah”.
“Iya
Yu” wangsulane Maryati karo mapan lungguh “aku ki ya sukur tenan lan matur
nuwun banget marang Sing Kuwasa. Pitulungan sing diparingne aku jan ora karuwan
akehe. Wiwit Pakne Dikin tiba njur dadi setruk kae, kaya-kaya wis entek
pengarep-arepku bisa urip lumrah kancane. Lha wong sing dijagakne kanggo urip
ya olehe ngojek Pakne Dikin thok. Bareng wonge ora bisa obah ngana kae rak aku
ya dadi bingung tenan ta Yu?. Mangan wae upama ora mbok cadhongi beras saka
kene, dhek emben aku ya ora bisa adang. Ketambahan bareng Dikin lulus saka Sanawi*)
ora bisa nutugne sekolahe banjur dadi bocah kaya ngana kae. Senengane klayaban
ora ulih-ulihan, nek mulih mesthi karo mendem. Saking puteging atiku, meh wae
Farida arep tak kon metu saka sekolahe pisan, banjur sampean srengeni kae………”
“Lha
iya mesthi wae tak srengeni” Marsini nyela tembuge adhine “bocah wayahe sekolah
lagi kelas lima kok arep dikon metu, apa ora mesakne?”.
“Iya
Yu” wangsulane Maryati karo nutugne guneme “andilalah banjur oleh pitulungane
Pangeran. Rekasane uripku dingerteni kanca-kanca jaman neng SMP biyen. Mas
Triyanto, mBak Wiwiek karo kanca-kanca liyane mara nang nggonku, makili
kanca-kanca liyane menehne bantuan asile urunan kanca-kanca sakelas kabeh
marang aku. Banjur tak enggo eber-eber bakulan kaya sing saiki tak ider-iderne
iki. Wiwit kuwi aku rada bisa ambegan. Banjur Si Dikin bareng dikandhani Mase
kae ya banjur manut, gelem mareni olehe seneng klayaban karo mendem-mendeman,
malah banjur gelem melu nyambut gawe ngrewangi mase kae. Jan ya alhamdulillah
tenan Yu…..”.
“Iya
kanca-kanca sekolahmu biyen pancen apik-apik, duwe rasa setia kawan sing gedhe,
mula uripe ya sansaya makmur” Marsini ngegongi critane adhine “Mas Triyanto ki
rak putrane Pak Lurah Tapa kae ta? Lha nek mBak Wiwiek kae rak banjur rabi karo
Mas Pono Pegawe Pusri kae ta? Saiki padha neng ngendi?”.
“Iya
Yu, Mas Triyanto saiki dadi wong Sidoarjo, putrane lanang-lanang loro. Sing
siji kuliah nyang Jerman sing siji isih neng ITS Surabaya” Maryati mangsuli
pitakone mbakyune “nek mBak Wiwiek kae saiki neng Nganjuk, dadi Guru apa Kepala
Sekolah ngono lho, mbuh SD embuh SMP aku ora pati jelas, putrane ya wis padha
dadi kabeh, ana sing dadi Polisi barang. Wis arep budhal Kaji, nek olehe Umroh
wis dhek emben”.
“Iya,
pancen wong ki nek gelem tumindak becik karo Gusti Allah uripe sarwa dicukupi
kok” kandhane Marsini sabanjure “lha saiki olehmu mrene mau mung mampir apa ana
gawe sing liyane ?”.
“Iya,
mau aku kepethuk banjur diwelingi Bu Ning”.
“Bu
Ning Sapa?”.
“Bu
Ning Nyonyahe Pak Naib Huda kae lho?” wangsulane Maryati.
“Iya
diwelingi apa? Kanggo aku apa kanggo sapa?”
“Kanggo
sampean karo Mas Mur” wangsulane Maryati “jare dhek emben sampean matur nyang
Bu Ning nek saben dina ajeg tuku pitik kampung ? Lha iki mau Bu Ning dhawuh nek
oleh bageyan asil pitike sing digadhuh tanggane, dhara-dhara ana telu karo
lancure loro. Lha nek sampean gelem nuku, mengko sore sampean didhawuhi marani
nang daleme Bu Ning kana, ngendikane Bu Ning sampean arep ditelpon nanging ora
pirsa nomer ha-pe sampean”.
“Lha
wong aku ora duwe hape kok, arep ditelpon?” Marsini wangsulan karo ngguyu “iya
mengko sore tak paranane”.
“Karo
anu Yu” Maryati guneman maneh “omongna Mas Mur, kon ngandhani Dikin. Nek
diparingi dhuwit Mas Mur ngana kae kon nyelengi, aja dienggo nuruti senenge
dhewe. Mosok Farida bocah lagi kelas nem wae ditukokne HP sing keneng dienggo
macem-macem? Pancen Dikin ki nek karo adhine sayang banget, adhine dimanja,
nanging rak ya aja banget-banget ngono kuwi ta Yu? Wong pas jaman covid kae
Farida ki ya wis tak tukokne Hape sing wis keneng dienggo sekolah?”.
“Ya
mengko Murtala tak kandhanane” wangsulane Marsini karo mesem “apa bocahe tak
celuke mrene banjur mbok omongi dhewe, saiki paling bocahe isih nderes neng
kamare”.
“Ora
Yu, meling sampean wae” Maryati guneman maneh “karo aku arep omong siji maneh
Yu”.
“Omong
apa?” Marsini takon.
Maryati
ora enggal aweh wangsulan, mung lambene wae mesam-mesem sajak piye ngono?.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar