Dening : IMMIR
03.
Nalika
kuwi olehe ngandhani Marsini marang anake lanang karo mripat sing teles merga
luh sing wiwit ambrol. Lan Murtala kuwi duwe pengapesan, ora bakal bisa bangga
apa-apa yen nganti weruh Ibune nganti nangis. Mula sawuse meneng sauntara
Murtala banjur wangsulan alus lan suwarane digawe ngati-ati banget :
“Inggih
Bu, estunipun kula inggih boten nggagas ajeng pados damelan dhateng kitha malih
kok. Tiyang kula nggih boten saged dangu-dangu pisah kalihan Ibu, menawi tebih
kalihan Ibu niku, wonten menapa-menapa kula boten saged wadul”.
“Kowe
aja kumbi lho Mur” Marsini nigas tembunge anake lanang “merga Ibu iki tansah
ngulati kabeh slagamu, sak jege kowe mulih saka Kutha iki, kowe ora tau duwe
ulat padhang, ora tau ketok esemmu, malah kowe blas gak tau ngajak
omong-omongan karo Ibu, manganmu mung sethithik, kuwi wae ndadak ngenteni nek
didhawuhi Ibu dhisik, banjur kowe dadi kerep lungguh ijen thenger-thenger kaya
wong getun. Nek ora merga kowe ngangen-angen golek gaweyan banjur apa maneh
sing mbok gagas he?”.
“Estune
ngoten, ngeten lho Bu” Murtala nyoba mesem karo wangsulan .
“Omongan
kok ngoten karo ngeten ki karepmu apa?” Marsini nugel rembug maneh.
“Mengke
riyin ta Bu” Murtala ngguyu lirih “sampun didukani mawon, kula dados bingung
wangsulan niki mengke”.
“Ibu
ki ora ndukanim mung takon karo ngandhani!”
“Inggih,
kula pancen radi getun Bu…….”
“Harak
tenan ta? Sing mbok getuni kuwi apa ? Nggetuni barang sing ilang? Sing ilang
apamu? Apa nggetuni dumeh kowe wis dilereni saka anggonmu nyambut gawe neng
Pabrik kuwi? Gusti Allah maringi rejeki kawulane kuwi ora mung liwat dalan
siji, oraa nyambut gawe neng Pabrik kowe mesthi diparingi dalan liya kanggo
njumputi rejeki peparingE…….” Marsini ndhedhes anake lanang nganggo pitakon lan
diwuwuhi pitutur.
“Boten
perkara niku Bu, kula niku getun mergi sampun radi tebih nilar margi ingkang
kedahipun kula liwati….” Murtala nyethakne kandhane.
“Sik..sik…
karepmu kuwi piye ta? Ibu ora pati mudheng!”.
“Sareng
kula gagas-gagas, sasampunipun kula kesah teng Kitha nika, kula dados tiyang
ingkang tansah kumrungsung. Wiwit enjing ngantos enjing malih namung tansah
mikir kabetahaning gesang, temah tebih kalihan Gusti Allah, sembahyang gangsal
wekdal disambi playon, nderes Qur’an boten tau, menapa malih sinau sanesipun.
Kamangka jaman badhe bidhal dhateng kitha siyen, pas kula nyuwun pamit saha
pangestu Kyai Zamzuri sampun manti-manti……”.
“Manti-manti
piye?” Marsini nigas guneme anake.
“Nalika
samanten Rama Kyai Zamsuri dhawuh ngeten : - Nek awakmu arep golek gaweyan neng
Jakarta apa Tangerang apa ngendi kuwi, senajan olehmu ngaji iki isih adoh saka
katam, nanging aku ya ora bisa menggak kekarepanmu kuwi Mur, wong jamane saiki
wis beda. Biyen wong duwe ijazah SMA kaya awakmu kuwi neng kene isih larang
regane, ning nek saiki aja maneh kok SMA sing sarjana isih nganggur wae ya
akeh. Dadi yen awakmu arep dadi buruh Pabrik neng kutha kuwi ya aran lumrah.
Nek ora menyang Kutha, ya ora mokal nek banjur dadi Panji Klanthung. Kamangka
kanggo nyukupi butuhe urip kuwi saya suwe ora saya entheng, gek aku dhewe ya
bisa ngrasakne sepira abot sanggan sing dirasakne Ibumu sing mung pensiunan
janda saka Bapakmu sing biyen mung golongan Satu C. Jeneh aku wae sing Pensiunan
Golongan Papat De, sok-sok ya isih sambat. Mula sepisan maneh nek awakmu arep
ngadu nasib menyang Kutha, ya ora apa-apa, muga-muga bisa kasil. Mung welingku,
aja nganti awakmu adoh-adoh karo Al-Qur’an. Merga wong Islam kuwi nek nganti
adoh karo kitabe, sok gampang keblinger, ngambah dalan sing ora bener, gampang
nyepelekne kukuming agama lan uga kukuming negara, wekasan sok wegah mikir endi
sing karam endi sing kalal, embuh bantal embuh kadhal katon kemrencal banjur
diuntal. Ya ngono kuwi sing marakne manungsa dadi sengsara lahir batine. Karo
maneh, awakmu kudu njaga asmane wong tuwa. Bapakmu kuwi Mas Khozin, wong sing
ngalim tur wirangi, Bapakmu biyen Guruku, sing marahi ngaji aku, sadurunge aku
kuliah menyang IKIP Yogya biyen. Dadi asmane bapakmu aja nganti kucem merga
kleruning tindakmu…….”.
“Pak
Kyai Zamzuri ngendika ngono kuwi?” Marsini nyelani rembuge Murtala.
“Inggih,
kirang langkunge ngoten niku Bu” wangsulane Murtala
“Pancen
bener sing dingendikakne Pak Kyai kuwi, Bapakmu biyen kuwi senajan mung pangkat
Tukang Kebon, nanging akeh priyayi luhur sing padha ngajeni, merga Bapakmu bisa
ngecakne piwulang tembang dhandhanggula werdiningkang wasita jinarwi kae, tata
krama ora tau ditinggal, nyambut gawene tekun ora mung waton oleh pangalembana
saka dhuwurane, nanging diniyati ngibadah sing murih ridlaning Allah, mung
emane Bapakmu ora dawa umure…..” ora nganti tutug olehe guneman Marsini wis
meneng, merga saka mripate wiwit mili luh-luh bening sing nelesi pipine.
“Inggih
Bu” Murtala gage olehe wangsulan “mugi-mugi kula boten ngantos
kedlarung-dlarung anggen kula tebih nilaraken margi ingkang dipun pecaki
sawargi Bapak”.
“Iya,
banjur dening Pak Kyai biyen kowe diweling apa maneh?”
“Kula
diparingi tambahan sangu arta. Kados ingkang sampun kula aturaken dhateng Ibu
siyen nika”.
“Iya
aku ya isih kelingan kuwi” wangsulane Marsini karo ngusapi eluhe “jaremu biyen
kajaba oleh tambahan sangu saka nggone Pak Kyai ya oleh maneh saka Ustadz Nur,
iya ta ?”
“Leres
Bu” wangsulane Murtala “sami kalihan Kyai Zamzuri, kajawi maringi wewahan sangu,
Ustadz Nurhamid ugi paring weling. Inggih menika ingkang ndadosaken kula getun,
jalaran weling saking Kyai Zamzuri saha saking Ustadz Nurhamid, jebul boten
saged kula cak-aken kanthi wetah malah kepara kathah ingkang kula blenjani”.
“Lha
Ustadz Nur paring weling apa ta?” Marsini takon.
“Nalika
samanten, Ustadz paring weling kirang langkung makaten : - niyatmu arep nyambut
gawe menyang kutha golek rejeki sing luwih gedhe, kuwi pancen wis bener Mas.
Merga manungsa kuwi dening Allah diwajibake nyuprih rejeki peparingE sing
disebar ing lumahing bumi iki sak akeh-akehe. Mula kena diarani nek ana wong
ngakune iman nanging duwe watak wegahan lumuh nyambut gawe, kuwi imane cetha
nek durung genep. Lan dhawuh iki uga
disartani gandhengan dhawuh sing ana sambung rapete. Ya kuwi nek kowe kepengin
rejeki sing mbok tampa liwat nyambut gawe kuwi bisa manpangati, sajroning
nyambut gawe kowe kudu tansah eling marang Allah. Eling marang dhawuh-dhawuhe,
eling marang pepacuhe. Kanthi mangkono, olehmu nyambut gawe ora ngawur waton
entuk asil ora metung bener lan lupute anggonmu nyambut gawe. Lan aja nganti
kowe keblithuk gebyare rejeki sing marakake lali. Merga akeh wong sing keblithuk,
kasengsem nguber rejeki peparinge Gusti nganti nglalekake marang sing paring
rejeki” wangsulane Murtala marang pitakone ibune.
“Pancen
sing didhawuhne Ustadz Nur karo Kyai Zamzuri kuwi kabeh bener tenan Mur”
kandhane Marsini nutugne anggone takon maneh “lha mau kowe kandha nek
dhawuh-dhawuh kuwi akeh sing mbok lirwakne, kuwi cethane piye ?”.
“Wau
sampun kula aturaken ta Bu?” wangsulane Murtala “sareng kula nyambut damel teng
Pabrik, sembahyang gangsal wekdal kados playon kemawon, sembahyang dalu blas
boten tau. Maca Qur’an sepeken sepisan nggih boten saged ajeg. Wontenipun
namung kumrungsung, kirang sukur dhateng Gusti Allah malah kathah anggenipun
nggresah. Sakniki sareng sampun wangsul kula lajeng bingung, badhe kepanggih
Kyai Zamzuri rumaos ajrih, badhe sowan Ustadz Nurhamid inggih pakewet kuwatos
menawi dipun dangu magepokan kalihan weling ingkang sampun dipun paringaken………”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar