Dening : IMMIR
02.
Tekan
omah barang-barang sing ana jero grobag rombonge diudhunke kabeh. Dagangan sing
isih turah disisihne. Ora akeh mung gorengan watara limang iris, karo ayame
turah telung tengkel, wujud endhas kabeh. Wingi sore olehe nyembeleh ayam ana
pitu, dadi ya prasasat wis entek. Sega sing neng jero termos ya kari sethithik.
Nek endhog asine pancen ya isih ana sepuluhan, nanging endhog kuwi isih bisa
didol mengko bengi.
“Lawuhe
kari endhas, gawanen mulih Dhik, ben kena dienggo lawuh sarapan adhikmu” kandhane
Murtala marang Dikin.
“Ya,
tak nggawa siji ya Mas?” wangsulane Dikin semu takon .
“Ya
digawa kabeh wae, karo gorengane kuwi isih apa wae? Nek gelem ya gawanen pisan”
Murtala ngongkon maneh.
“Lha
pa gak dijupuk Lik Ginah ta Mas?” Dikin takon maneh “gajege sing turah kari
tempe titipan saka Lik Ginah nek tahune isi wis entek”.
“Ya
mengko Lik Ginah tak warahe nek dagangan titipane payu kabeh ngono wae”
wangsulane Murtala sing dibacutne ngongkon Dikin supaya enggal bali “wis iki
tak urusane dhewe, awakmu ndang bali wae, adhikmu selak budhal sekolah mengko”.
“Ya
wis nek ngono Mas, tak balik dhisik, matur nuwun” wangsulane Dikin karo
nyangking turahan dagangan sing diwenehake dheweke kuwi. Omahe Dikin pancen ya
ora adoh saka omahe Murtala, kira-kira ya mung satusan meter.
Murtala
ya banjur nutugne olehe nandangi gaweyane. Barang-barang sing reged banjur
digawa menyang sumur dikorahi kabeh nganti resik. Sega sing isih turah dielih
neng wadhah anyar, merga termose ya prelu dikumbah. Rampung korah-korah lagi
mlebu omah, liwat pawon. Bu Marsini, Ibune sing lagi nggodhog banyu neng Pawon,
weruh nek anake lanang mlebu, banjur takon :
“Wis
mbok korahi kabeh ta Mur ? kok sega turahane wis mbok wadhahi cething kuwi?”
“Sampun
Bu” wangsulane Murtala “sekule kantun sakedhik, cekap nek kangge sarapan tiyang
kalih".
“Iya,
mau ya wis tak tiliki” panyaute Marsini “Ibu ki rak wis omong ta Mur? Nek tekan
omah kuwi ndang leren, ngombe-ngombe wedang apa piye, mengko regetane ben
dikorahi Ibu. Kok mbok tandangi dhewe kabeh, njur ibumu iki kon nyambut gawe
apa ?”.
“Lha
Ibu sak niki nembe napa?” Murtala genti takon karo mesem.
“Genah
lagi nggodhog banyu arep nggawekne wedang kowe ngono lho?!?”.
“Lha
nggih empun, Ibu nyambut damel ndamelne wedang kula, sakedhap malih masak
ndamelaken maem kula, niku rak nggih empun nyambut gawe ta Bu?” .
“Kowe
kuwi jan ora nyimpang karo suwargi bapakmu kok Mur…Mur…..”.
Murtala
wis ora semaur maneh, merga wis mlebu omah, golek salin arep adus. Bu Marsini
ya banjur ora gumenan apa-apa maneh, nutugne olehe ngracik gula karo kopi
kanggo gawe wedange anake lanang. Sajroning atine Bu Marsini ana rasa matur
nuwun marang Pangeran dene diparingi anak sing tansah mbangun turut, ora nakal
senadyan wis ora diemong bapakne. Biyen garwane Bu Marsini, ya Bapake Murtala
(asline jenenge Murtadla gandheng ilat jawa dadi Murtala), kuwi asmane Pak Kojin
(asline Khozin), nyambut gawene dadi PNS, Pesuruh ngrangkep dadi Tukang Kebon
utawa Penjaga SD Inpres. Nanging olehe nyambut gawe ora tutug, nalika pangkate
lagi wae mundhak menyang Juru utawa golongan I C, kecandhak lelara sing wekasan
dadi lan patine. Ninggal bojo lan anak siji, umur rolas tahun ya Murtala kuwi.
Iya
awit saka rasa bekti lan tresnane marang Kakung, sanadyan kepetung durung pati
tuwa, nanging Bu Marsini niyat sajroning atine ora arep omah-omah maneh. Mula
sanadyan satemene ya ana wong lanang sing nakokne lan arep ngepek bojo, nanging
Bu Marsini panggah ora gelem. Tekade wis gilig, katresnane arep disuntak marang
anak tinggalane kakunge sing mung siji kuwi. Kanthi pawitan pengasilan minangka
pensiunan randha, saka kakunge sing mung golongan siji ce lan akehe ora sepiroa,
Bu Marsini duwe gegayuhan muga-muga anake bisa dadi wong pinter, bisa sekolah sing
rada dhuwur kareben ora bodho kaya dheweke. Bu Marsini duwe kapitayan, wong
kuwi nek duwe kapinteran mesthi uga pinter golek sandhang pangan. Lan nek wis
pinter golek sandhang pangan mesthi migunani tumrap awake dhewe saora-orane ora
arep ngrusuhi wong liyane. Mula sanadyan kanthi rada ngrekasa, Murtala lulus SD
ya banjur dikongkon nerusne menyang SMP nganti lulus lan nutugne maneh menyang
SMA. Bareng wis lulus SMA, Murtala banjur
melu-melu kancane golek gaweyan neng kutha dadi Buruh Pabrik. Kanggo nyenengne
wong tuwane, asil olehe nyambut gawe disisihne, dicelengi lan saben sasi dikirimne
marang Ibune. Kanggo nyukupi kabutuhan uripe, Murtala niat nganti nglinting
usus paribasane, Nanging Murtala saben wulan mesthi kirim kabar marang Ibune
nek uripe neng kutha wis kepenak. Nanging Bu Marsini krasa nek ana sing ora
bares karo anake lanang sing mung siji kuwi. Merga Mardi, anake tanggane sing
olehe nyambut gawe tunggal sapabrik karo Murtala lan luwih dhisik mlebune neng
pabrik kono, aja maneh kok kirim dhuwit marang wong tuwane, malah sok-sok isih
njaluk kiriman saka omah jerene kanggo nyambung uripe. Sing ngono kuwi ora mung
Mardi dhewe, nanging bocah-bocah liyane ya ngono. Mula dening Bu Marsini kabeh
kiriman saka Murtala ora digunakne, malah dicelengi dititipne neng BRI.
Bareng
wis oleh patang tahun anggone kerja neng Kutha, Murtala bali menyang ndesa
maneh. Ora mung Murtala dhewe, nanging kabeh sing nyambut gawene tunggal
sapabrik karo Murtala. Kabeh kena PHK merga Pabrik sing dieloni bangkrut, buruh
lan karyawane akeh sing padha dilereni olehe nyambut gawe.
“Wis
ta Mur” kandhane Bu Marsini bareng wis sawatara dina Murtala bali neng omah lan
kerep wae Bu Marsini weruh nek anake lanang lungguh thenger-thenger katon nek
pikirane nglangut tekan ngendi-endi “ora sah mikir arep lunga saka omah golek
gaweyan nyang kutha. Kowe oraa kandha, Ibu iki wis ngerti nek sak jane
nyambutmu gawe neng kutha kuwi dhek emben ya ora kepenak. Upama mbok ngge urip
lumrah kaya bocah-bocah liyane kae, kowe mesthi ya isih kurang. Nanging
gandheng kowe kuwi kepengin gawe senenge Ibu, banjur mbok rewangi urip
kesrakat, dhuwitmu mbok kirimne mulih. Iya apa ora?”.
“Boten
kok Bu” wangsulane Murtala karo mesem, nutupi nggrantese atine “arta sing kula
kintun wangsul nika, arta turahan sak empune kula ngge gesang, menawi kula cepeng
piyambak ajrih menawi kula kenging godha, arta telas tanpa tanja”.
“Wis
ta Mur” Bu Marsini guneman maneh “kowe ora sah ndadak kumbi kanggo nyenengne
atine Ibu, Ibu ki wis weruh kabeh critane
bocah-bocah sing nyambut gawe neng kutha awor kowe kae. Malah saiki, nek kowe
isih mikir arep lunga maneh menyang kutha, ibu sing malih ora lila. Ibu neng
omah dhewe ngene iki rumangsa sepi, pikiran nglangut menyang ngendi-endi. Mula
Ibu njaluk, sak nyambut-nyambut gawene kowe aja ninggalne omah. Ya nyambut gawe
sakecandhake wae, wong kuwi janji gelem obah mesthi ya bisa mamah. Karo maneh,
upama neng ndesa kowe akeh nganggure, kowe ya ora prelu kuwatir, ora-ora nek
nganti kowe ora bisa mangan, arepa kaya apa Sawargi Bapakmu kuwi isih ninggali
pangan kanggo kowe lan Ibu………..”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar