Dening : IMMIR
01.
Suwara Shalawat Tarhim saka Mesjid wiwit
keprungu. Murtala nyilikne Volume Radione sing lagi nyiarne wayang kulit sawengi
natas, dudu siaran langsung nanging rekaman lawas saka kaset sing diputer
dening salah sijine setasiyun Radio FM sing ora adoh saka papan kono. Banjur
nata piring lan gelas ubarampene warunge.
“Lagi Tarhim kok Mas” Dikin sing lagi
ketungkul dolanan hapene, nglorohi Murtala sing kena diarani majikane, wong
Dikin kuwi neng warung kono mung ngrewangi sedulure nak dulur, sing tanggung
jawab sawutuhe bab bukak lan tutupe warung ya Murtala.
“Iya, tarhim rak supuluh menit ta?” wangsulane
Murtala ora karo noleh “wingi awake dhewe rada kasep ngono kok, durung tekan
Mesjid wis Komat, nganti ora kober sembahyang sunah”.
“Iya, merga wingi rak ndadak korah-korah
rada akeh?” karo wangsulan Dikin menyat mengarep, ngloroti piring-piring wadhah
gorengan, isine dilumpukne neng piring sing isine isih rada akeh, banjur sing
wis kothong digawa memburi arep dikorahi.
“Napa empun ajeng kukut ta Mas?”
dumadakan wong sing jajan neng warung kuwi takon.
“Dereng kok Mas” sing mangsuli Murtala “sampun
disekecakne mawon, niki bikake dugi byar kok. Nyarengi tiyang-tiyang sing ajeng
teng peken kidul mriku budhal”.
“Boten dugi siyang ta Mas?” wong sing
sijine genti takon.
“Nek dugi siyang nggih diseneni sing
gadhah Toko Ta Mas?” wangsulane Murtala karo setengah ngguyu “merga adate jam
pitu Toko wingking niku bukak, lha ngajengane rak kudu resik. Adate saderenge
sing ajeng mbikak toko dugi, grobag rombong kula niki empun kula beta wangsul.
Lha mengke dalu kula beta mriki malih. Panjenengan badhe kintun napa ta Mas? Kok
prahotone terpalan rapet?”.
“Klapa Mas” wangsulane wong jajan sing
jebul sopir truck kuwi “namung ngeteri nggene Pak Kaji Dana, adate kula nek
ngeteri klapa mriku rak sonten, lha dhek sonten Pak Kaji repot, tokone tutup,
kintun We-A, ken ngeterne enjing niki”.
“Inggih, dhek wingi sonten ponakane Pak
Kaji ijaban” Murtala nambahi katrangan.
Saka Masjid adzane wis kumandhang.
Murtala njupuk sarung karo sajadahe sing dibuntel tas kresek neng dhuwur
rombonge. Banjur pamitan marang wong loro sing lagi ngedhep kopine kuwi :
“Nuwun sewu, kula tilar subuhan riyin
nggih Mas?. Namung sakedhap kok”.
“Nggih”
Pancen wiwit pisanan pacak bukak
angkringan nem sasi kepungkur, saben wayahe salat subuh warunge ditinggal sedhela
saprelu melu sembahyang jamaah neng Masjid Al-Ihlas cedhak warung angkringanme
kuwi. Dikin sing jeneng komplite Ali Sodikin, adhik nak dulure uga dijak melu
sembahyang, malah kepara diwajibne, biyen nalika Dikin nembung arep melu
ngrewangi bakulan, wis dijanji nek Murtala gelem dieloni waton Dikin mareni
nggone seneng ngombe tunggalane banyu landa sing mendemi kae lan kudu gelem
bali nindakne limang wektune.
Pancen warung angkringane Murtala iku
rada beda karo liya-liyane. Manggone rada nisih mangalor, merga olehe panggonan
ya neng papan sing rada nisih, ya kuwi neng ngarep Rukone Engkoh Han Swee, wong
Tiong Hwa sing wis munggah kaji. Toko Besi lan bahan bangunan sing dijenenge
Toko Sinar. Murtala diidini nek bengi bukak warung angkringan neng emper lan
latare tokone Engkoh Han kuwi merga Engkoh Han ngerti nek Murtala kuwi bocah
sing sregep saba masjid melu pengajian lan solah bawane andhap asor, ora seneng
pecicilan. Warung angkringane Murtala bukak saben jam rolas bengi nganti tekan
byar padhang. Dagangane sing baku sega pecel dipincuk karo lawuh ayam jawa sing
digoreng. Banjur ditambahi gorengan, tunggalane tempe, pisang, bakwan lsp.
Omben-omben sing ana wedang kopi, teh, es teh, wedang jahe lsp.
Maune akeh sing padha ngandhani lan
malah ana sing maido, wong niyat bukak angkringan kok olehe bukak karo tutup
ora kaya kancane. Nanging Murtala duwe petung dhewe, nek mbudidaya kuwi pancen
kuwajibane manungsa dene sing paring rejeki kuwi cetha nek ya mung Gusti Allah.
Maune ya arep bukak padha warung angkringan liyane, ya kuwi pacak maghrib
nganti tekan esuk. Nanging Murtala rumangsa abot ninggalne pakulinane, yen wayah
bubar maghrib marahi mulang ngaji bocah-bocah cilik anake tangga-tanggane,
banjur bubar ngisak nek malem Senen melu kajian Rutin sing dianakne Takmir
Masjid Al-Ihlas, malem selasa sinau ngaji ngelmu Nahwu nyorogne Kitab Jurumiyah
menyang Kyai Haji Nur Hamid, malem Rebo melu ngaji Nailul Authar marang Ustadz
Wawan Setiyana, malem Kemis ngombyongi para Bapak-bapak sing isih miwiti sinau
tatacarane salat. Malem Sabtu melu ngaji marang Kyai Zamzuri, mipili Tafsir
Jalalain, lha nek malem Ngahad melu sinau nembang macapat karo kawruh budaya
jawa. Kabeh ora ana sing bisa ditinggalne. Mula banjur milih wektu kanggo dodolan,
wiwit tengah wengi nganti tekan esuk. Sing
ana angen-angene Murtala wektu kuwi, sing diarep-arep teka menyang warung
angkringane, bocah-bocah sing bali saka gladhen kanuragan pencak silat sing
mulihe sok jam siji utawa jam loro bengi, ya sing melu SH Terate, SH Winanga,
Cempaka Putih, Marga Luyu lan sapiturute. Banjur Bapak-bapak sing dhemen Olah
Raga Badminton neng Gedhung Pendhawa, Bapak-Bapak Tani sing nek wengi padha
menyang sawah nunggu sumur diesel kanggo mbanyoni tandurane.
Petunge Murtala ora mleset, Gusti Allah
ngijabahi sing dadi pambudidaya lan pandongane. Kegawa saka rasane pecel
gaweyane Ibune sing duwe ciri khas, sega sing olehe ngladekne ajeg sajrone kahanan
anget, ora adhem, mundhak dina dagangane Murtala sansaya laris lan sing didol
ya sansaya tambah-tambah. Sing padha andhok ing warung angkringane, ora mung
wong-wong sing maune digagas ing angen-angene wae. Jebul sing mbutuhne andhok
lan tuku ing warunge luwih akeh maneh. Nganti Murtala rada kuwalahan anggone
ngladeni, andilalah anake Bulike sing rada nakal jeneng Dikin, nembung arep
melu nyambut gawe. Mula dening Murtala banjur ditampa kanthi janji kaya sing
kasebut mau. Dikin nyaguhi lan bisa nuruti sing dadi pituture Murtala nganti
saiki.
“Anu Mas niki wau enten lare meksa
tumbas gorengan, namine Bogang. Mendhet gorengan diadhahi kresek lajeng dhuwite
dititipne kula, kula ajeng menging boten wani wong ketoke larene medeni” lagi
wae Murtala sing ditutne Dikin tekan warunge, wis dipapag gunem karo Pak Sopir
sing mau lungguh neng kono.
“Oh, nggih matur nuwun Mas” wangsulane
Murtala karo mesem dhuwit puluhan ewon sing dilungne Pak Sopir kuwi ditampani “Bogang
niku lare sae kok, namung taksih sok remen mendem. Boten napa-napa”.
“Nggih empun nek ngoten” wangsulane Pak
Sopir lega “sak niki panjenengan etang, sekul kalih lawuhe setunggal ayam sing
setunggal tigan asin, kopi setunggal, es teh setunggal, toya mineral botol
tanggung setunggal”.
“Tigang dasa gangsal Mas” wangsulane
Murtala.
“O nggih, pas njenengan tilar wau tambah
gorengan sekawan”
“Sampun gorengane boten sah dietang,
idhep-idhep atur panuwun kula sampun ditenggakne Mase” wangsulane Murtala maneh.
Sawise mbayari Sopir karo kernet sing
arep ngeterne Klapa menyang Tokone Pak Kaji Dana kuwi banjur pamitan. Murtala
ya banjur aba marang Dikin dijak tata-tata ngukudi dagangane.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar