Total Tayangan Halaman

Rabu, 15 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (119)


 

19.

        Murtala rada gumun, ya bener nek karo Ratih anake Pak Harmaka kuwi dheweke ya wis tepung, wong kanca sekolah jaman neng SMP kacek rong tahun ing sangisore. Nanging tepunge ya mung lumrah, malah sawise padha gedhene iki kena diarani wis ora sanakan maneh. Upama simpangan neng ratan ya ora tau loroh-lorohan. Merga pancen jagade ya wis beda. Nanging kok iki mau Ibune kandha nek Ratih dolan menyang omahe gek sing digoleki kok dheweke. Iki cetha nek aneh, Murtala ya ngerti nek putrane Pak Harmaka kuwi klebu prawan sing duwe selera dhuwur, srawunge ya karo wong-wong sing kelase padha, padha priyayine padha moderene. Akeh sing ngrasani nek bocah kuwi senengane dadi wong kutha sing modern, nek ngarani wong sing ora nocogi atine kerep nganggo tembung “ndesa” sok diplesetne dadi “ndesit”  nek ora ngono ya nganggo tembung “kampungan” . Mula nek Ratih dolan menyang omahe nggoleki dheweke kuwi kena diarani lagi kesasar lakune.

Nanging, Murtala banjur nggagas maneh, mbok menawa wae Ratih oleh tugas saka kantore, ngajak masyarakat supaya gelem dadi nasabahe Bank panggonane nyambut gawe. Gandheng sing arep diajak kuwi dheweke, Ratih ya ora nawakne program-programe marang Ibune. mBokmenawa Ratih nganggep nek ora ana gunane ngrembug sing arep ditawakne marang wong sing ora arep diajak utawa ditawani.

“Mau bocahe ya rada taneg olehe jagongan karo aku” kandhane Marsini maneh marang anake lanang” wong olehe jagongan ya neng amben pawon kana, jebul bocahe kae adoh karo pangiraku”.

“Tebih saking panginten pripun Bu?” Murtala takon.

“Lha nek ndelok modhele pacakan kaya sing uwis-uwis ngana kae, mesthine ora pati njawa karo gaweyan lan pakulinane wong cilik-cilik ngene iki ta Mur, nanging jebule ora. Iki mau bocahe olehe nyandhang nganggo ya kaya lumrahe bocah kene, clananan dawa, ora nganggo clana cekak sak dhuwure dhengkul ngana kae, klambine ya lengen dawa, ora kaosan sing ora nganggo lengen ngana kae, rambute disisir rapi nganggo bandho ketok manise” Marsini nggenahne pacakane Ratih “atiku dadi getun, aku wis dosa merga nduweni pangira ala marang Ratih, bocah sing jebule duwe sopan santun sing jangkep  mau”.

“Lha kok ngantos taneg niku sing dirembag napa mawon lho Bu?” Murtala takon karo mesem, dheweke wis apal karo kelageyane ibune sing seneng ngalem bocah wedok neng ngarepe. mBok menawa wae Ibune duwe karep arep nuturi mbesuk nek golek bojo bisaa kaya sing dicritakne ibune kuwi.

“Akeh, maune bocahe takon perkara sambel pecel gaweyane Ibu kuwi resepe apa wae kok jarene duwe rasa sing luwih sedhep tinimbang sambel pecel liyane, aku ya mangsuli apa anane ora ana sing tak tutup-tutupi, mung mbok menawa wae takeran bumbu sing dicakne Ibu luwih pas. Wonge ya mbenerne kandhane ibu, banjur bocahe ngandhani supaya Ibu nawakne sambel liwat bisnis online, tak wangsuli nek Ibu ora mudheg nggunakne hape. Nggih dhawuh dhateng Mas Mur ta Bu, mengke rak kalih Mas Mur dionlenaken, ngono olehi ngandhani Ibu”.

“Lajeng menapa malih Bu?” Murtala takon maneh.

“Akeh maneh, ya bab pengajiane ibu-ibu karo prawan-prawan neng masjid kene, jarene dheweke ya kepengin melu, nanging isih rada wedi samar nek diece karo wong-wong, wong dheweke ngaku nek durung mudheng alip bak tak blas” kandhane Marsini mangsuli pitakone Murtala “malah suwe-suwe banjur ngrasane kowe barang”.

“Ngrasani kula Bu?” Murtala takon karo suwara nuduhne nek gumun atine “lha wong srawung karo aku wae ora tau kok bisa-bisane ngrasani”.

“Iya nanging ngrasani apik kok” wangsulane Marsini karo mesem “miturut panemune, Kowe kuwi bocah nom sing sing pantes diconto dening bocah nom liyane, mligine ing babagan pagaweyan. Jaman saiki jarene Ratih mau, akeh sarjana padha nganggur bingung golek gaweyan, lulus sekolah isih dadi sanggane wong tuwane, lha nek kowe ora bingung golek gaweyan nanging malah gawe lapangan pekerjaan dhewe, Mandhiri ora direhne sapa wae. Malah bisa mbantu wong liya duwe gaweyan……..”.

“Tiyang sanes sinten? genah kula nembe saged ngejak nyambut damel lare setunggal Dhik Dikin piyambak ngoten lho Bu?” Murtala nyela critane Marsini.

“Ora kuwi sing dikarepne Ratih” wangsulane Marsini “embuh sapa sing wis crita, Ratih kuwi ya ngerti nek gorengan sing mbok dol neng warung kae, kabeh titipane wong, wong siji mung mbok olehi nitipne gorengan sak rupa, kuwi jarene Ratih kowe wis mbantu wong akeh. Mula Ratih mrene mau niyate arep ngangsu kawruh marang kowe”.

“Nggih kwalik niku Bu” Murtala guneman karo ngguyu “wong lulusan D3 wis nyambut gawe neng Bank kok arep ngangsu kaweruh teng lare kados kula he he he”.

“Iya nanging kuwi ora pati tak gagas” kandhane Marsini maneh “sing marakne aku meh katut ndawakne angen-angen kuwi mung siji”

“Menapa menika Bu?”

“Ratih takon pacarmu kuwi bocah ngendi?” kandhane Marsini maneh “aku banjur nggagas, kira-kira pangirane Ratih olehmu menyang daleme Pak Sugiri mau kuwi, kowe butuh arep ketemu karo Nita lan Ratih ngira nek Nita kuwi pacarmu, kuwi pangiraku lho? Ratih dhewe mung takon pacarmu kuwi bocah ngendi ngono thok”.

“Lajeng Ibu paring wangsulan pripun?” Murtala takon karo mesem.

“Ya banjur tak kandhani nek kowe kuwi sangertiku durung wani golek pacar” wangsulane Marsini “ya tak genahne pisan nek olehmu menyang daleme Pak Sugiri kuwi merga dening Pak Sugiri arep didhawuhi supaya marahi wacan-wacan sembahyang sing Pak Sugiri wis lali, merga Pak Sugiri saiki wiwit nindakne limang wektu maneh”.

“Lajeng Ratih pripun sasampunipun Ibu ngendika makaten kala wau?”.

“Ya kuwi sing marahi ibu katut melu nggagas” wangsulane Marsini “nek nganggo basane bocah saiki ngono, Ratih banjur curhat menyang Ibu”

“He he he curhat Bu?” Murtala ngguyu “curhat pripun?”.

“Ratih kuwi rak wis bola-bali pacaran karo bocah lanang? Wis ping pat apa ping lima ngono” Marsini nutugne olehe crita “nanging kabeh pedhot neng tengah dalan, ora ana sing bisa tekan rampung dadi jodhone. Saking susahe, Ratih banjur matur marang Bapake, piye carane pacaran bisa terus dadi manten sing langgeng selawase. Bapake sing jebul uga mrihatinake lelakone Ratih sanadyan maune ora dikandhakne, banjur ngendika mbok menawa ana sukerta sing nemplek ing awake Ratih sing prelu diresiki. Bapake Ratih banjur sowan Guru Kebatinane, menyang Kediri kana, nyuwun pirsa ya gene Ratih nemoni lelakon mangkono kuwi mau. Lha dening Guru Kebatinane, Pak Harmaka kadhawuhan supaya ndhawuhi Ratih supaya nindakne laku prihatin ing malem dina wetone…..”.

“Ratih nggih purun?” Murtala nyelani takon.

“Gelem lan wis dilakoni dhek malem Rebo, wong wetone Ratih kuwi Rebo Pon” wangsulane Marsini.

“Lajeng asil saking lampah prihatin niku napa?”

“Ratih sing selawase ora tau nggagas Ibu, bengi kuwi sajroning kahanan setengah melek setengah turu, ngimpi nek dolan mrene banjur dening ibu diparingi  Jarik Bathik Sidamukti. Esuke ing padoning netrane Ratih tansah katon wewayangane Ibu wae. Sawise matur marang Bapake bab impen karo sing dadi angen-angene kuwi mau, Pak Harmaka paring dhawuh yen mbok menawa jodhone Ratih kuwi wong lanang sing cedhak karo Ibu, kamangka wong sing paling cedhak karo Ibu kuwi ya mung kowe dhewe ta Mur?. Sabanjure Pak Harmaka paring dhawuh menyang Ratih supays ngaturake lelakone mau marang Ibu. Lan sing luwih aneh semu lucu maneh, Ratih kandha marang Ibu senajan wis bola-bali pacaran, nanging dheweke wani sumpah nek isih prawan, merga Ratih lan tilas pacar-pacare, durung tau nerjang pepacuhing agama sing siji kuwi” Mursini mungkasi critane.

“Oalah ngoten ta criyose?” Murtala genti guneman “lajeng Ibu pitados kalihan ingkang dipun cariyosaken Ratih niku wau? Lan nginten menawi jodhonipun Ratih menika kula?”.

“Maune ya ngono, nanging bareng Ibu kelingan karo sing dikandhakne Bulikmu dhek kapan kae, Ibu banjur mikir-mikir maneh” wangsulane Marsini.

“Lha Bulik matur menapa dhateng Ibu?” Murtala tambah gumun, critane dadi mbabrak tekan Bulike barang.

 

 

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...