Total Tayangan Halaman

Rabu, 15 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (20)


 

20.

        Pancen Marsini durung crita marang anake  yen Maryati dhek emben kae kajaba nekakne welingan saka Bu Huda ya ngiras ngandhakne sing dadi kekarepane Pak Harmaka arep ngepek dheweke. Mungguhe Marsini, dheweke wis mangsuli Maryati nek ora bisa nuruti panjaluke Pak Harmaka kuwi wis cukup. Ora prelu dikandhak-kandhakne marang sapa wae, merga yen dicritakne marang wong liya bisa nuwuhake rasa ora kepenak marang Pak Harmaka lan malah bisa uga dadi dadakan pitnah sing ora genah.

        “Iki mung kanggo awake dhewe wae Mur” kandhane Marsini sawise rada sauntara meneng nata ukara “Bulikmu pas mrene esuk-esuk kae, jan-jane rak diutus Pak Harmaka, nembung Ibu nek arep dikersakne dadi garwane”.

        “Oh, inggih kula nggih kelingan Bu” Murtala nyauti kandhane ibune.

        “Kelingan apa?”

        “Pak Harmaka pinten dinten kapengker nate mampir wande, ngajak jagongan kula radi dangu” wangsulane Murtala.

        “Apa nakoni kowe sarujuk apa ora nek Ibu dijak omah-omah maneh karo Pak Har?” Marsini takon, nocogne karo crita sing digawa Maryati dhek emben.

        “Boten, namung ngraosi Ibu ingkang ditilar seda bapak seprika-sepriki kok dereng krama malih, Pak Har taken napa kula awisi menawi Ibu badhe krama malih. Kula nggih wangsulan menawi boten, malah kula criyos menawi kula jane nggih remen mawon menawi Ibu kersa krama malih, nanging mila Ibu piyambak ingkang dereng ngersakaken emah-emah malih” wangsulane Murtala.

        “Lha tembung sing ngono kuwi, dening Pak Har dikandhakne menyang Bulikmu nek jare kowe wis mathuk menawa Ibu omah-omah karo Pak Har” kandhane Marsini.

        “Lha nek kula ngoten, menawi Ibu ngersakaken emah-emah malih kula inggih remen-remen kemawon” wangsulane Murtala karo mesem.

        “Sapa sing arep omah-omah maneh?” Marsini wangsulan rada sengol, rumangsa dijak guyon anake lanang “Ibu ki mung kandha bek Bulikmu diutus Pak Har ngono kuwi, Ibu dhewe ora duwe karep ngono kuwi, katresnane Ibu wis tak suntak kanggo sawargi Bapakmu karo kowe”.

        “Dados Ibu boten kersa?”

        “Kandhani ora ki ya ora” wangsulane Marsini maneh “saya maneh bareng Bulikmu kandha nek miturut panemune Ibu, niyate Pak Harmaka kuwi ora tulus temenan nanging katutan pamrih. Mula Ibu banjur nggagas, atake Ratih kuwi mau ana gandheng cenenge karo pamrihe Pak Harmaka mau”.

        “Lha Pak Harmaka kagungan pamrih pripun ta Bu cethane niku?” Murtala durung mudheng karo sing dikandhakne Ibune.

        “Ngene lho critane” Marsini banjur nyethakne apa sing dikandhakne mau “Pak Har kae rak isih percaya marang kojahe wong sing diarani wong tuwa apa Kiyai ta Mur?”

        “Lha inggih leres ta Bu?” Murtala nyelani rembuge ibune “mila tiyang sepuh rak kedah dipun mirengaken pituturipun makaten ugi Kiyai, kados kula rak inggih kedah migatosaken pituturipun Kyai Zamzuri?”

        “Mengko dhisik ta” Marsini mangsuli karo suwara rada sereng “nek Ibu guneman kuwi aja mbok selani dhisik, mengko wae nek Ibu wis rampung genti kandhaa”.

        “Inggih Bu” Murtala cengar-cengir.

        “Jarene Bulikmu, Pak Harmaka ki bubar dikandhani Kiyaine, jarene omahe dhewe iki dienggoni Pulung Lurah Desa Kedunggalar, kamangka sing sapa wonge bisa nyawiji karo Pulung mau, mangka bakal kuwat dadi Lurah Desa Kedunggalar kene” Marsini nutugne olehe kandha “Lha miturut panemune Pak Har, sepisan maneh kuwi jarene Bulikmu sing krungu olehe jagongan Pak Har karo Pakmucilik, kanggo ngarah supaya Pulung mau gelem mencok marang Pak Har, Pak Har kudu nyawiji karo Ibu, mula Pak Har banjur utusan Bulikmu, mengko nek Ibu gelem Pak Har arep rawuh mrene nglamar Ibu kanthi upacara jangkep manut karo adat kang ana. Coba gagasen, kuwi rak padha wae Pak Har mung arep ngarah Pulung nganggo srana Ibu ta? Apa ngono kuwi ora jeneng ngremehne Ibu? Upama Ibu iki gela ngono luput apa ora?”

        Murtala mesem krungu rembuge Ibune sing sansaya suwe sansaya keprungu yen  suwarane nuduhne anyeling atine.

        “Kok kowe malah mesam-mesem ta Mur?” Marsini nakoni anake karo suwara sing rada sereng “apa tembunge Ibu mau ana sing lucu? Apa merga Ibu wis disepelekne Pak Harmaka banjur mbok esemi?”.

        “Sabar Bu” Murtala wangsulan sareh, eseme wis ilang “menawi Ibu rumaos dipun remehaken lajeng duka, menika langkung ageng tunanipun tinimbang kalihan bathinipun. Amargi miturut pamanggih kula, Pak Harmaka menika dereng ngremehaken Ibu……”.

        “Durung nyepelekne piye ta? Genah wis kaya ngono kok isih mbok arani ora nyepelekne Ibu…….” Marsini nugel rembuge anake, atine anyel.

        “Sekedhap ta Bu” Murtala mesem maneh “kula tutugne riyin atur kula sing dereng rampung niki, sampun kesesa duka rumiyin”.

        “Iya piye?”

        “Kula wastani dereng ngremehaken, benten kalihan boten ngremehaken” Murtala banjur nutugne olehe kandha “awit anggenipun Pak Harmaka badhe mundhut garwa Ibu namung dumugi ing panyuwunan. Menawi Ibu pirsa bilih anggenipun nyuwun Pak Har murih Ibu kersa dados garwanipun menika amargi namung mamrih pulung, menika saged dipun wastani ngremehaken nanging ugi saged dipun wastani boten, jalaran menika gumantung dhateng Ibu piyambak, boten gumantung dhateng Pak Harmaka”.

        “Wong sing diremehne kuwi Ibu, sing nyepelekne Pak Har, kok malah jaremu gumantung marang Ibu ki piye?” suwarane Marsini mendhuwur maneh.

        “Ngeten lho Bu” Murtala wangsulan suwarane digawe sansaya alus “gumantung dhateng Ibu menika makaten, menawi Ibu nyarujuki panyuwunanipun Pak Har ingkang badhe ndadosaken Ibu dados garwanipun kangge ngarah Pulung menika, mangka ateges Ibu kersa dipun remehaken. Kaping kalih, menawi Ibu duka-duka awit rumaos dipun remehaken, menika cetha menawi Ibu kersa dipun remehaken sanaosa anggenipun nampi kalihan duka-duka, nanging panggah mawon nek Ibu sampun ngakeni menawi kersa dipun remehaken. Kaping tiga, menawi ibu boten kersa nuruti kersanipun Pak Har, tanpa nyebat ingkang wonten gandheng cenenge kalihan Pulung, awit kula kinten anggenipun utusan Bulik, Pak Har ugi boten ngendika murih ngatutaken anggenipun jagongan Pak Har kalihan Paklik ingkang dipun mireng dening Bulik, nanging mawi pawadan kados ingkang wonten penggalihipun Ibu ingkang ndadosaken Ibu dereng kepareng emah-emah malih, menika ateges Ibu boten kersa dipun remehaken lan boten badhe dipun remehaken. Cobi samangke Ibu penggalih kanthi nyuwun pitedah dhateng Gusti Allah langkung rumiyin, atur kula menika saged katampi menapa boten?”.

        Marsini ora enggal wangsulan, kabeh sing lagi wae dikandhakne anake lanang kuwi digagas kanthi wening, nganggo suwaraning ati kang suci.

        “Astaghfirullah…….” Wekasan Marsini nyebut “Ibu sing luput kowe sing bener…..”

        “Boten makaten Bu” Murtala gageyan nyaut kandhane Ibune “Ibu boten lepat, namung badhe lepat nanging boten siyos, awit sampun saged nampi hidayahipun Gusti Allah ingkang mlebet ing penggalihipun Ibu”.

        “Iya, Ibu ya muji Alhamdulillah, merga olehku wangsulan marang Bulikmu dhek emben kae, ya ora nganggo bab pawadan pulung sing Ibu ora mudheng kuwi, nanging cukup kaya wangsulane Ibu marang kowe mau, katresnanku wis tak suntak marang Bapakmu lan kowe”.

        “Inggih sokur ta Bu menawi makaten” wangsulane Murtala, karo ati sing lega “dados prakawis kalihan Pak Har sampun rampung, saenipun boten sah dipun rembag utawi dipun penggalih malih”.

        “Iya, nanging perkarane Ratih sing lagi arep wiwit iki banjur kepriye?” Marsini nakokne bab perkarane Ratih “Wangune Ratih kuwi kepengin kowe dadi jodhone. Upama olehe mrene Ratih mau ora ana sambung rapete karo urusane Pak Har perkara Pulung Lurah mau, miturut panemu kepiye Le?”.

        “Ibu niku kok ngoten lho?” Murtala wangsulan karo ngguyu “perkawise Ratih niku sanes perkawisipun awake piyambak, menawi Ratih curhat dhateng Ibu kados wau, niku sing sae nggih menawi saged dibantu dene boten saged mbantu, nggih dipun dongakne mawon mugi-mugi enggal pikantuk pitulungan saking Pangeran. Kalih ngoten Ratih rak dereng wicanten menawi kepengin kula dados jodhone ta? Dados nggih boten sah dipun gagas. Dene menawi sampun criyos menawi kepengin gesang sesarengan kalihan kula, nembe mengke dipun gagas kados pundi saenipun, menawi dipun tampi sae pripun, menawi boten nggih pripun, niku boten sae menawi dipikir sakniki”.

 

 

Ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...