21.
mBarengi
anggone Murtala karo Dikin bukak dhasar, udane teka. Ora deres, nanging ora
terang-terang, grimis cilik-cilik isih terus tumiba. Ora ana wong sing mara
jajan utawa ngopi, mesthine ya padha wedi nek klebus kena banyu udan. Dikin lungguh
sendhen neng dhingklik karo ndeloki Hape. Sedhela-sedhela mesem kecut,
sedhela-sedhela ketok mrengut. Murtala sing weruh Dikin ngono kuwi mung mesem.
Banjur ngetokne Qur’an cilik sing neng ngendi-endi ora tau uwal saka awake,
dibukak banjur wiwit nderes kanthi suwara sing mung bisa dirungokne dhewe. Dadi
senajan ora ana wong mara, Murtala ya ora pati nggagas, merga ketungkul luru
pituduh kanggo sangune urip sarana mipili isine ayat-ayat suci Sabdaning Gusti.
“Bocah-bocah
ki pancen nggregetake kok” dumadakan Dikin alok rada banter, Murtala leren
olehe nderes, banjur nyawang marang adhine nak dulur kuwi, nanging ota guneman
apa-apa, nganti Dikin nutugne olehe guneman “jan ora padha duwe perasaan,
ngerti nek udan ngene malah padha moyoki wong dodolan, ora padha mesakne malah
padha ngece”.
“Kowe
kuwi omong apa ta Dhik?” Murtala nutup Qur’ane karo nyauri gunemane Dikin ”dadi
wong kok seneng grenengan dhewe, kresah-kresuh kaya maling kuyuhan,*) ngono
kuwi ora becik, tak kandhani”.
“Witikna
olehe ora arep nggreneng ki ya piye ta Mas?” Dikin wangsulan karo mesem anyel “ngerti
udane ngriwis ngene, lha kok ya ana sing kober omong neng Grup We A : Murtala
karo Dikin ora repot iki, bisa leren. Lha kok ya ana sing mangsuli : Iya, Dikin
mesthi seneng iki, olehe dolanan hape ora diganggu wong tuku. Banjur ana maneh
sing nulis : aja diece, Dikin mengko nek nesu. Bahaya wiii, Dikin ki nek nesu
sok ngamuk, dagangane dipangan dhewe, bisa-bisa wetenge mbledhos. Njajal nek
ana omongan pating pecothot ngono kuwi apa ora anyel ta Mas? Deloken ta neng
Grup ANTESA kuwi lho”.
“Olehe
nulis bocah-bocah kuwi rak ya ana benere ta Dhik?” Murtala wangsulan karo mesem
“merga udan, awake dhewe bisa leren, rak ya wis bener ta? Olehmu dolanan Hape
rak ya pancen ora ana sing ngganggu ta? Awakmu ya dikandhani, nek nesu aja
banjur mangan akeh-akeh nganti ngentekne dagangan bisa mbledhos wetengmu, apa
luput? Ora kowe dhewe mbok sapa wae ta, nek olehe mangan kakehan nganti
ngentekne sega satermos karo gorengan sak panci kuwi, nek gak mbledhos wetenge
rak ya kembung?”.
“Iya
Mas” Dikin melu mesem karo wangsulan “nanging kuwi lho, olehe nganyelne, ngerti
nek kancane ora kepayon merga gremis, lha kok padha ngece semu nyokurne”.
“Kuwi
aja mbok tampa nek ngece luwih-luwih nyokurne” Murtala ngandhani adhine “nanging
bocah-bocah kae nglipur aku karo kowe, nek mbok arani ngece marahi atimu gela
kamangka wong ki nek gampang gela gampang kecandhak lelara utawa gelis tuwa,
bisa uga banjur adoh karo kanca, iya apa iya?”.
“Iya
Mas”
Lagi
wae padha omong-omongan, ana sepedha motor mandheg. Sing numpak nganggo
jas-hujan rapet. Ora lungguh neng dhingklik sing wis cemawis, nanging mung karo
ngadeg wong numpak sepedha motor kuwi aba :
“Tulung
Mas, sampean buntelne sega wolu lawuhe ayam karo kopine ya wolu sampean
plastiki wae”.
“Inggih,
pinarak rumiyin Mas” wangsulane Murtala karo aweh sasmita marang Dikin supaya
mbuntekne sega, dheweke dhewe tumuli nyepakne plastik karo ngraciki kopi.
“O
ya, tak ngadeg wae, nek lungguh mengko marahi aras-arasen ngadeg maneh he he he”
wangsulane wong mau karo ngguyu.
Bareng
karo olehe rampung anggone ngedoli wong sing pesen kuwi, saka lor ana sepedha
motor mandheg maneh. Sing numpak wong loro goncengan, padha nggendhong tas
ransel. Ora nyopot jas hujane sing modhel clana karo klambi, wong loro kuwi
banjur mapan linggih neng dhingklik karo aba kopi, disambung pitakonan :
“Maeme
enten Mas?”
“Wonten,
sekul pecel, lawuhe ayam goreng wonten, tigan nggih wonten” wangsulane Murtala.
“Nggih,
sampean damelne, sing setunggal kalih ayam sing setunggal tigan asin mawon”
wangsulane wong kuwi.
“Menawi
dhateng Jagaraga saking mriki tesih tebih nggih Mas?” karo nampani olehe
ngladeni Dikin, salah siji saka wong loro kuwi takon.
“Kantun
celak kok Mas” wangsulane Dikin “Jagaragane pundi ta?”.
“Dhawung
Mas”
“Nek
Dhawung nggih sampun celak, watawis sedasa kilo boten wonten”.
“Matur
nuwun, kula mengke tak leren mriki radi sawatawis nggih Mas? Kalih ngentosi ben
radi enjing. Tiyang niki wau kula saking Sentolo, Yogya, sepedhahan alon-alonan
mawon, wiwit mlebet Kartasura dumugi mriki kejawahen terus”.
“Oalah
nggih, enggih dipun sekecakaken mawon” wangsulane Dikin. Sing banjur noleh
menyang ratan, ana mobil mandheg banjur minggir nyedhaki angkringane.
Murtala
ya melu ngingeti mobil sing lagi teka kuwi. Atine rada nggragap, ora pangling
mobil kuwi Mobil Kijang Inova sing dhek esuk meh wae nyrempet dheweke. Ya kuwi
pas Murtala arep mulih saka panggonane Pak Sugiri.
Ora
suwe saka mobil kuwi mudhun wong loro sing awake kiyeng-kiyeng, umur-umurane
kira-kira ya sapantaran nek karo Murtala. Sing siji neng lengen tangane ketok
ana tatone. Wong loro kuwi ketok nek serem-serem.
“Ngersakaken
menapa Mas? Ngunjuk menapa Dhahar?” pitakone Dikin sawise wong loro kuwi
lungguh neng dhingklik angkringane.
“Hm….”
Salah siji saka wong loro kuwi kaya nggereng olehe aweh wangsulan “aku gak
butuh mangan ngombemu, aku mung arep lungguh neng kene, oleh apa ora?”
“Kon
mbayar ya gelem” kancane numpangi rembug.
“Oh,
nggih empun, sekecakaken” wangsulane Dikin karo arep mundur alon-alon.
“He
arep nyang ngendi kowe? Aku lungguh kene mbok kon mbayar apa ora? Ditakoni kok
nyepelekne!!!” wong mau takon karo mencerengi Dikin.
“Badhe
mriku, boten-boten mbayar” wangsulane Dikin, atine krasa panas dipencerengi
ngono kuwi, upama ora kelingan karo welinge Murtala sing kerep ngandhani dadi
wong kuwi kudu akeh sabare, Dikin mesthi males mencereng. Dikin sing uga tau
melu latihan lan wis disyahne minangka warga Persaudaraan SH Terate kuwi ora
wedi nek mung ngadhepi wong loro kuwi. Nanging pituture Murtala luwih digugu
dening Dikin tinimbang karo watak brangasane, mula olehe wangsulan ya lumrah
wae.
“Ya
wis” wong kuwi guneman maneh karo suwara sing sangar, sing uga dirungokne
dening Murtala “Murtala kae kon mrene!”.
“Ken
mriki? Enten napa?” wangsulane Dikin, senajan suwarane keprungu nek ora seneng
nanging panggah basa krama.
“Kowe
ki krungu apa ora? Murtala kae kongkonen mrene!” Dikin digetak karo
dipenthelengi.
“Lha
kupingmu ki bisa ngrungokne apa ora? Aku ki takon Mas Mur mbok kon mrene arep
mbok kon ngapa?” wangsulane Dikin tatag, tangane loro pisan dikepelne, tekade
wis dadi, ora nedya golek mungsuh, nanging yen kapeksa kepethuk ora bakal
mingkuh ing pakewuh.
“Heh,
Munyuk elek, kowe arep wani karo aku? Nantang ya?” wong mau ngadeg, Dikin
digetak banter.
Wong
loro sing jarene arep menyang Dawung Jagaraga mau, melu kaget ora krasa padha
melu ngadeg karo nguwasi papane wong loro sing lagi teka nunggang mobil mau.
Murtala ya banjur ngadeg, nyedhaki Dikin sing sajake wis krasa panas getihe.
“He
Plenthus Bangkak, aku ora nantang, Nanging nek tekamu mrene mung arep golek
dadakan gendra, gak sah Mas Mur sing ngadhepi raimu, cukup aku wae! Ayo nek
wani neng jaba kana sing panggonane rada jembar” wangsulane Dikin karo arep
mlaku metu saka angkringan.
Nanging
durung nganti sida jumangkah, pundhake dijawil Murtala sing banjur guneman
marang wong sing nunggang Inova mau karo suwara sing sareh nanging tatag katon
nek ora ana rasa wedi sethithik-sethithika :
“Sampun
Mas, sampun dilajengne leh ajeng gegeran. Kula mpun mriki, sampean ngersakne
napa?”.
Ana candhake.
*) Jaman biyen omah durung akeh
sing nganggo pondhasi kaya saiki. Nek ana wong sing sedya maling, nek mlebu
omah sing akeh nggangsir metu ngisor ris. Banjur mlebu karo mlumah.
Critane tau kedadeyan ana maling
arep mlebu omahe wong liwat gangsiran. Ndelalah anake sing duwe omah krasa
nguyuh, arep menyang kamar mandhi wedi. Banjur olehe nguyuh neng pinggir
gedheg, ora ngerti jebul olehe nguyuh pas panggonan gangsiran maling. Malinge
kuyuhan raine, banjur mbalik menjaba karo kresah-kresuh merga kuyuhan, Tembung
kuwi banjur dadi pocapan kanggo nyandra wong sing seneng kresah-kresuh
(mengeluh).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar