22.
Wong
sing lengene ana tatone kuwi genti nyawang marang Murtala karo mripat sing
murup. Sauntara Dikin wis ngalih neng mburine Murtala, tangane loro isih dikepelne,
kaprayitnane panggah ora dikurangi. Nanging wis meneng ora guneman maneh.
Kancane wong sing tatonan kuwi njawil pundhake kancane karo aweh sasmita supaya bali linggih
maneh. Sing dijawil ya banjur mapan lungguh, mripate isih murup karo ngingeti
Dikin lan Murtala genti - genten.
“Ngene
lho Mur, jenengmu rak Murtala ta?” kandhane wong mau karo suwara sing sanadyan
ora sereng nanging keprungu nek ngremehake marang Murtala, kanthi nyebut njangkar
wae “jane aku mrene mau mung arep takon karo arep ngandhani kowe, kareben kowe
ora cilaka uripmu. Nanging sajake kancamu kuwi pancen rada kemajon lambene,
tujune kowe ndang nyedhak, upama ora merga aku nyawang kowe ngono, kancamu kuwi
pancen prelu rada dipapaki lambene ben njawa dheweke ngomong karo sapa”.
“Leres
kula Murtala” maune Dikin arep nyaut gunemane wong kuwi nanging kedhisikan
dening Murtala sing aweh wangsulan karo tangane nyasmitani Dikin supaya meneng
dhisik, basane Murtala keprungu alus lan sareh “panjenengan badhe mundhut pirsa
menapa? Lan badhe paring pitutur menapa dhateng kula, inggih sadengipun kula
matur nuwun”.
Wong
loro sing mau jare arep menyang Dawung, Jagaraga bali lungguh maneh karo
panggah ngulati papane Murtala rembugan karo wong loro sing mau mudhun saka
mobil.
“Sokur,
kowe luwih njawa timbang kancamu kuwi, Murtala” kandhane kancane wong tatonan
kuwi rada alus “nyedhaka mrene, awake dhewe omong-omongan sing kepenak”.
Murtala
manut banjur lungguh neng ngarepe wong kuwi, kedhang-dhangan meja cilik dawa.
“Aku
mung arep takon, apa wis suwe olehmu gandheng karo Nita kae?” karo nyawang
landhep marang Murtala wong kuwi takon, suwarane alon nanging mandhes.
“Gandheng
pripun sing dikersakne? Sing panjenengan kersakne Nita niku rak Nita putrane
Pak Sugiri kidul mrika nika ta?” Murtala mbalik genti takon, suwarane panggah
alus lan sareh.
“Iya,
Nita sing mbok jak pacaran nyang nggone Arja Gendhon Pelang, dhek esuk mau lho”
wangsulane wong kuwi wiwit mencereng “kowe apa ora ngerti nek Nita kae wis ana
sing duwe?”.
“Nuwun
sewu panjenengan menika sinten? Kajeng kula panjenengan menika menapanipun Nita, nggih?” karo suwara panggah
sareh Murtala takon maneh.
“Kowe
aja ketularan kancamu mau Mur” wong kuwi sansaya mencerereng “kowe ora prelu
ngerti aku iki apane Nita, sing baku aku ora seneng nek enek wong lanang sing
pamer bagus ngajak pacaran Nita”.
“Lha
nggih empun nek ngoten” Murtala wangsulan karo mesem.
“Nggih
empun piye karepmu? Kowe arep nyepelekne aku?” Wong kuwi sansaya sereng,
mripate sansaya abang, tangane loro dikepelne kenceng.
“Lho
sampean wau criyos sing baku sampean boten seneng nek enten lare lanang sing
pamer bagus ngajak pacaran Nita ta?” wangsulane Murtala ayem wae “lha nggih
sampun ta nek ngoten, ajeng pripun malih? Wong niku urusan sampean dhewe, senes
urusan kula. Kalih malih teng mriki nggih boten enten sing adol bagus kados
sing sampean omongne niku wau”.
“Aku
iki isih sabar lho?” wong kuwi ngadeg karo malangkerik, tangane sing siji
nuding marang Murtala “aku ki mung ngelikne kowe becik-becik, gak sah kakehan
cangkem mamerne lemese ilatmu. Pokoke wiwit dina iki kowe ora oleh sesambungan
maneh karo Nita, nek nganti nekad, padha wae kowe arep wani karo aku. Ngerti?”.
“Dereng
Mas” wangsulane Murtala “kula dereng mudheng kalih kajeng sampean, sing sampean
kandhakne ora oleh sesambungan niku pripun?”
“Pokoke
nek nganti kowe wani goncengan karo Nita, utawa metu karo Nita, apa kowe wani dolan menyang omahe Nita, kuwi
padha karo kowe nantang aku. Ngerti?” wong kuwi nggetak Murtala karo tangane
nuding pas neng cedhak irung.
“Aneh…….”
Murtala grenengan dhewe, suwarane alon, nanging jebul wong sing lagi nuding - nuding
praupane kuwi krungu.
“Piye?”
wong kuwi nggetak sansaya banter “kowe saguh apa ora? Apa kudu ndadak tak
wenehi pelajaran, tak gawe bengeb raimu dhisik karo warungmu iki tak orak-arik
pisan? Diamput kowe, dikandhani apik-apik isih arep kakehan cangkem…….”.
“Heeee….
Sapa bengi-bengi bengak-bengok arep gawe kisruh kuwi…….?!?” Durung nganti
Murtala aweh wangsulan marang wong sing nggetak karo misuhi dheweke kuwi,
dumadakan saka njabane warung keprungu wong nyuwara sing ora kalah bantere. Ora
suwe ketok Pak Sugiri teka mlebu warung mlaku marani panggonane Murtala
lungguh.
Tekane
Pak Sugiri sing karo nyuwara banter kuwi mau, gawe kagete wong sing ana warung
angkringan kabeh, Murtala, Dikin karo wong loro sing jare saka Sentolo mau. Ora
keri wong loro sing mau numpak mobil inova ya ketok nek melu kaget.
“Kowe
ta Jrot sing arep ngorak-arik angkringane Murtala mau?” durung padha ilang
kagete wis kesusul keprungu suwarane Pak Sugiri ngabah-abahi wong sing misuhi
Murtala mau “jane matamu ki wis picak piye? Apa pancen utekmu wis bosok kekehan
mbadhog iwak bosok he? Kowe wani nantang Murtala kuwi sing arep mbok ndelne
apamu? Aja maneh kok mung kowe karo Gagak,
mbok kowe ngajak gurumu pisan maju bareng, nek bisa ngalahne Murtala mbok tak
ombene uyuhmu. Bangsat Goblog !!!” .
Aneh,
beda banget karo pas misuhi Murtala lan pas tantang-tantangan karo Dikin mau,
diunek-unekne karo dipisuhi kaya mangkono kuwi mau wong loro kuwi ora semaur apa-apa
malah sirahe ndhingkluk, praupane katon pucet. Wong loro sing sangar-sangar
kuwi wedi banget bareng ngadhepi Pak Sugiri.
“Bajingan
cengoh” Pak Sugiri ngunek-ngunekne maneh “karepmu apa arep ngisruh neng kene
iki he? Apa pancen wis niyat arep nglalu? Wis bosen urip ya?”.
“Nyuwun
pangapunten Pak-e” sing tatonan tangane, wangsulan alon, suwarane kedher “kula
boten ngertos, menawi Mas Murtala menika…….”.
“Wong
Tapak Suci Ban Ireng Mawar loro?” Pak Sugiri nigas gunem karo sansaya mencereng
“jenengmu Gagak nanging matamu picak, saiki ngakuwa iki mau karepmu dhewe apa
kongkonan?”.
“Kajeng
kula piyambak Pak-e” sing mangsuli Gejrot, wong sing mau misuhi Murtala.
“Plog!!!”
diwangsuli ngono kuwi, ora sranta tangane Pak Sugiri kemlawe, pilingane Gejrot
ditempiling. Gejrot sempoyongan arep tiba, nanging tangane Pak Sugiri luwih
cepet obahe. Rambute Gejrot dijambak karo digeret munggah, dipisuhi :
“Iblis,
wani kowe ngapusi aku” muni ngono kuwi karo kepelane dithungne raine Gejrot.
“Nyuwun
Pangapunten Pak-e” karo ngampet lara Gejrot guneman “kula namung sadremi….”.
“Dikongkon
sapa ? Setan !!!, cepet ngaku selak tak rampalne untumu ……”.
“Nggih,
Pak-e, nggih… Boss Jodi” wangsulane Gejrot.
“Awas
nek nganti ngapusi” karo muni ngono kuwi, Pak Sugiri ngluwari olehe njambak
rambute Gejrot.
“Saestu
Pak-e, kula boten ngapusi” wangsulane Gejrot karo pringas-pringis ngempet
mumet.
“Wis
gek ndang minggat saka kene” wangsulane Pak Sugiri “awas nek nganti aku weruh
kowe isih klayaban neng kene maneh, ora ana pangapura maneh kanggo kowe cah
loro”.
“Nggih
Pak-e, matur nuwun” wong loro sing maune ketok sangar kuwi katon dadi mengkeret,
karo mlaku isih kober pamitan marang Murtala “mangga Mas Mur, nyuwun
pangapunten”.
“Nggih
Mas, ngatos-atos” wangsulane Murtala karo mesem sajak ora tau ana kedadeyan
apa-apa .
Wong
loro kuwi banjur klithih-klithih ngalih, marani mobile ora suwe banjur lunga
ninggalne papan kono.Mengalor.
“Aku
gawekna kopi Kin, aja legi-legi” prentahe Pak Sugiri marang Dikin karo mapan
linggih neng dhingklik sing mau dilungguhi Gejrot karo Gagak.
Murtala
banjur melu lungguh neng cedhake Pak Sugiri, karo guneman :
“Matur
nuwun lho Pak Sugiri, tujune wau Panjenengan rawuh, upami boten kinten-kinten
duka kedadosane”.
“Wong
aku mau” wangsulane Pak Sugiri karo ngetokne rokoke saka njero sak, “wiwit sore
wis turu, nglilir-nglilir wis jam siji terus ora bisa turu maneh. Timbang melek
ijen neng omah, aku banjur mrene, golek kanca omong-omongan karo arep njaluk ngapura
nyang kowe dhek esuk aku keturon neng nggone mBahmu Pelang kana, jare kowe mau
ya nggoleki mrana?”.
“Inggih
tiyang kula kadhawuhan Ibu ndherekne Dhik Nita madosi panjenengan mrika”
wangsulane Murtala .
“Lha
ya” kandhane Pak Sugiri maneh “tekan kene jebul pethuk bregejil-bregejil loro
mau, Gejrot karo Gagak mau njaluk dhuwit kowe apa piye? Olehe aba pira?”.
Murtala
ora tumuli wangsulan, arep ngandhakne apa sing dikarepne Gejrot karo Gagak isih
tidha-tidha, merga nyangkut jenenge Nita barang. Sauntara jam neng hapene wis
nuduhne angka loro luwih loro.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar