23.
Arep omong apa
anane kok ketok neng saru, merga cetha nek karepe Gejrot karo Gagak mau mung
njaluk supaya dheweke ngedohi Nita, amarga wong loro kuwi mau ngira nek dheweke
duwe sambungan katresnan karo Nita. Nanging nek ora kandha apa anane ateges
dheweke wis ora jujur, kamangka ngomong goroh kuwi wis dadi sirikane. Mula
bareng rada sauntara, lagi Murtala aweh wangsulan sing ora goroh lan ora
ngundang pandakwa yen dheweke wis duwe sambung katresnan karo Nita.
“Ketingale
lare kalih wau salah tampi mawon Pak, kula dipun kinten badhe ngganggu Dhik
Nita sareng kula takeni piyambakipun menika menapanipun Dhik Nita lajeng
muring-muring ngoten nika wau, tujunipun panjenengan lajeng rawuh” kandhane
Murtala mangsuli pitakone Pak Sugiri “nanging saged ugi lare kalih wau nembe
mendem, awit waunipun badhe gegeran kalihan Dhik Dikin, sareng kula pisah malah
gentos ngajak gegeran kula lan ingkang damel dadakan perkawis kula dipun
penging sesambetan kalihan Dhik Nita”.
“Bregejil
loro mau wani menging kowe ngono kuwi? Ya wis, mengko tak takon menyang sing
ngongkon wae, mau Gejrot ngaku nek dheweke mung saderma kongkonan, kongkonane Jodi”
wangsulane Pak Sugiri “iki kudu tak weruhi apa karepe Jodi sing sabenere”.
Gandheng
Murtala ora kepengin ngrembug perkara kuwi maneh, butuhe wong sing arep
ngganggu dheweke wis lunga ya wis, mula Murtala ya ora takon Jodi kuwi sapa,
merga tumrap Murtala ora ana gunane. Murtala ya wegah ngangen-angen ana sambung
apa antarane Pak Sugiri karo Gejrot lan Gagak sing ketok nek wis tau tepung,
malah Gejrot lan Gagak mau nek ngaturi Pak Sugiri nganggo sebutan Pak-e, kuwi
nuduhne nek wong kuwi wis padha akrabe. Merga sepisan maneh tumrape Murtala
ngangen-angen ngono kuwi ora ana gunane. Mula Murtala ya banjur meneng.
“Kula
boten nginten blas Pak Sugiri” Dikin teka ngladekne kopine Pak Sugiri karo
guneman.
“Gak
ngira apa?” pitakone Pak Sugiri karo nampani kopine “gak ngira nek Masmu kuwi
Pendekar Mawar loro?”.
“Niku
enggih” wangsulane Dikin kaeo mesem “nanging sing luwih nggumunaken niku
panjenengan gampang sanget damel preman kalih wau “ampun-ampun” . Kamangka wau
meh mawon ajeng gegeran kalih kula, upama boten dipenggak Mas Mur jathukna
nggoh radi rame”.
“Oalah
kuwi ta ?” Pak Sugiri ngguyu “ngadhepi bocah-biah ngana kae mau, pokoke ndang
nggetak dhisik nek prelu ya ngaplog dhisik kaya mau, wonge mesthi “down
mentale”. Upama wonge mau wani males, sing tak jagakne ya mung kowe karo
Murtala, mosok kowe karo Murtala arep negakne nek wong tuwek kaya aku diajar
preman he he he?”.
Dikin
arep guneman maneh, nanging ora sida merga wong loro sing jarene saka Sentolo
mau nyedhak arep mbayari olehe mangan lan ngombe.
“Kopi
kalih tambah toya teng botol niku kalih Mas, maeme nggih kalih” kandhane salah
siji saka wong loro kuwi marang Murtala.
“Nggih
mangga mrika Mas” wangsulane Murtala karo ngalih nyedhaki kothak wadhah dhuwite.
Wong loro kuwi banjur melu ngalih ngetutne Murtala.
“Nika
wau napa preman ta Mas? Kula sumerep mawon tumut dheg-dhegan. Awake
prekuk-prekuk, gek sangar ngoten, tibake sareng diadhepi bapake nika lajeng
wangsul” karo nampani dhuwit susuk wong kuwi ngrasani Gejrot karo Gagak sing
lagi wae lunga.
“Enggih
Mas” wangsulane Murtala karo ngguyu “ketingale lare kalih wau nembe bakda
ngombe banyu landa radi kathah, mila nggih kados tiyang boten genah”.
Jebul
saungkure wong loro kuwi, para bakul sayuran saka Gunung padha teka lan padha
golek mangan lan kopi neng Warunge Murtala kaya padatan. Dadi nganti Pak Sugiri
pamitan nek arep mulih dhisik njupuk sarung karo sajadah ngge subuhan mengko,
ora ana wektu kanggo jagongan karo Murtala. Lan nalika Pak Sugiri ngampiri
Murtala dijak bareng nyang Masjid, karo mlaku Pak Sugiri mung kandha nek
kapan-kapan wae nek ana wektu longgar, Pak Sugiri arep mara nyang omahe Murtala.
Pak Sugiri ya ora ngandhakne apa sing arep dirembug mengko.
Merga Murtala
ora kepengin pikirane diboboti barang sing durung cetha, mula Murtala ya wegah
nggagas apa sing arep duembug Pak Sugiri nek klakon dolan menyang omahe. Pancen
Murtala kuwi ora seneng mikir barang-barang sing durung cetha, sarta nyiriki
pangira-ira sing ora ana gunane. Klebu olehe lagi wae gegeran karo Gejrot lan
Gagak mau ya ora dipikir, sanadyan wiwitane Murtala kober nggagas antarane Pak
Sugiri karo Gagak lan Gejrot mesthi wis suwe olehe padha tepung. Lan kober
pengin ngerti sapa sing dikarepake dening Gejrot “Boss Jodi” sadurunge Gejrot
diluwari panjambake dening Pak Sugiri mau?. Mungguhe Murtala sing diarani wong
urip kudu ngati-ati kuwi ora kudu ngira-ngira bebaya apa sing kudu diadhepi,
nanging sing diarani urip kudu ngati-ati kuwi kudu mlaku liwat dalan sing
bener, ora seneng nginceng alane liyan lan ora seneng ngganggu gawe marang sapa
wae. Saupama kepethuk ula mandi sing ngadhang laku, samangsa ula kuwi bisa
disingkirake murih ira gawe cilakane lan cilakane wong liyane, becike ula kuwi
disingkirake. Ora kudu dipateni, semono uga saupama ana wong sing arep ngganggy
gawe marang dheweke, yen bisa kudu dibudidaya murih wong mau bali eling yen
ngganggu gawe sapepadhaning wong kuwi klebu tumindak sing ora ana becike. Lan
saupama klakon kerengan, aja nganti duwe karep gawe cilakane sing ngajak
kerengan, dudu diarani wong menang yen mung bisa ngasorake mungsuhe yen
mungsuhe ora bisa ditelukne atine temah gelem ngrumangsani kaluputane lan bali
marang jiwa kamanungsane. Mula saka kuwi pas karo mlaku mulih saka olehe
dodolan, Murtala uga meling marang Dikin supaya kedadeyan tekane Gejrot karo
Gagak kuwi mau aja nganti dicritak-critakne marang sapa wae, kuwi ora ana gunane
malah bisa0busa gawe tunane nggone nyambut gawe.
“Apa
ta Mas rugine nek wong-wong ngerti nek awake dhewe ya wani wae nek ditantang
Preman?” Dikin ngeyel olehe takon.
“Lha
nek wong-wong ngerti nek kowe wani karo preman apa bathimu?” Murtala genti
takon “wong-wong ben dadi padha wedi karo kowe ngono apa?”
“Ya
ora ngono Mas” wangsulane Dikin karo mesem “nanging nek wong-wong ngerti awake
dhewe iki dudu panunggalane wong ringkih sing jirih getih wedi pati, upama ana
wong arep tumindak sawiyah-wiyah utawa arep ngrusuhi marang awake dhewe rak
mikir-mikir dhisik ta Mas?”.
“Aku
rak wis bola-bali kandha ta Dhik?” Murtala guneman maneh “nek ora pengin
dirusuhi wong, kuwi luwih gampang, ya iku janji awake dhewe ora seneng ngrusuhi
wong ya ora bakal ana wong sing arep ngrusuhi awake dhewe, lan saupama ana wong
sing arep ngrusuhi ora bakal bisa gawe kapitunane awake dhewe, sokur nek bisa
males kanthi bener marang sing ngrusuhi awake dhewe, kuwi bakal nguwohne
bebathen sing luwih aji maneh. Eling ta carane males wong sing arep ngrusuhi
awake dhewe?”.
“Iya
Mas eling” wangsulane Dikin “wong sing ngrusuhi awake dhewe kuwi rak klebu wong
sing arep cilaka, mula kudu ditulungi murih wong mau ora sida cilaka. Rak ngono
ta Mas?”
“Gene
ya isih kelingan ngono lho?!?” Murtala semaur karo ngguyu lirih.
“Elinge
eling Mas, nanging olehe nglakoni kuwi lho sing abot lan angel” karo nyurung
grobage Dikin wangsulan.
“Angel
lan abot kuwi kari wonge Dhik, nek wonge kepengin dadi wong sing ajiwa manungsa
mesthi ora bakal krasa abot lan ora bakal kangelan ngecakne, nanging nek isih
kepengin dadi wong sing seneng niru lakune kewan sing ora kagadhuhan akal
nanging mung kaparingan hawa nafsu, kajaba rumangsa abot lan angel ya pancen
dhasare akale wis kalah dhisik karo hawa nafsune sing tansah nyurung marang
papane kacintrakan sing katone wae mencutake”.
Disambi
karo omong-omongan ora krasa olehe mlaku karo nyurung grobag wong loro kuwi wis
tekan omahe Murtala. Jebul senajan mau bengi gremis nganti jam siji, jebul dagangane
Murtala ora bubruk. Turahe ora akeh, klebu gorengan titipane wong-wong ya ora
pati akeh sing ora payu, dadi senajan suda isih bathi ora nganti rugi.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar