Total Tayangan Halaman

Selasa, 21 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (24)


 24.

        Kaya padatan esuk kuwi Marsini lagi nandangi gaweyan nata godhong gedhang digawe pincuk. Wiwit bubar adus mau, Murtala isih neng kamare durung metu-metu, nindakne sing dianggep gaweyan rutin sing kudu ditindakne saben esuk, sembahyang duha disambung maca Qur’an lan nyinaoni wulangan-wulangan sing ditampa saka guru-gurune, Kyai Zamzuri, Ustadz Nurhamid, Ustadz Wawan lan liya-liyane. Padatan, nek wis rampung banjur njupuk pitik neng nggone bakul lan diupakara kanggo didol mengko bengi. Nek ora kober esuk sok olehe njupuk pitik ditandangi sawise sembahyang asar. Merga sawise sembahyang dluhur ajeg dienggo leren, sawise sawengi ora turu ngadhepi dagangan ing warung angkringane.

        Lagi kasengsem nandangi gaweyane, dumadakan Marsini dikagetne merga ana sepedha motor mlebu ing plataran omahe. Wong telu nganggo sepedha motor loro. Sawise njagangne sepedha motore salah siji saka wong telu kuwi mlaku nyedhaki lawang pawone Marsini, merga pancen lawang ngarep ditutup rapet. Marsini gage wae mapagne tekane tamu kuwi neng ngarep lawang pawon, karo mripate nguwasi tamu sing durung tau ditepungi kuwi.

        “Assalamu’alaikum” kandhane wong sing lagi teka kuwi sopan “nuwun sewu badhe nyuwun pirsa Bu, menapa leres mriki dalemipun Mas Murtala inggih ?”.

        “Waalaikumussalam” wangsulane Marsini “leres Mas, nuwun sewu Mase menika sedherek saking pundi inggih?”.

        Sanadyan wonge sopan, panggah wae ing atine Marsini ana rasa cubriya lan sujana, merga wong sing lagi teka kuwi ketok serem malah kepara medeni.

        “Kula Sadiran Bu, ning kanca-kanca menawi nyeluk kula Gejrot” wangsulane wong kuwi sansaya yen katon sopan “menawi Mas Murtala wonten dalem, boten nembe repot saha menawi kaparengaken, Majikan kula badhe sowan”.

        “Tengga sakedhap nggih Mas, Thole kula sanjangane rumiyin” wangsulane Marsini karo arep mlebu omah nyeluk Murtala.

        Jebul durung nganti Marsini mlebu omah Murtala wis metu menyang Pawon, durung salin isih nganggo sarung lan klambi koko, sirahe ditutupi kethu, mula gage wae Marsini nyedhak lan ngandhani nek ana wong aneh sing arep nemoni dheweke.

        “Tiyang aneh Bu? Sinten?” Murtala sing durung ngerti nek ana wong mara gumun.

        “Ngakune jenenge Sadiran apa Gejrot ngono lho? Lagi jenenge wae wis keprungu nek aneh, kae ta wonge neng emper pawon, ndang temonana!” wangsulane Marsini mrentah anake lanang. Murtala ya banjur mlaku menyang lawang pawon arep metu nemoni wong sing lagi teka.

        “Assalamu’alaikum Mas Murtala” lagi wae tekan lawang arep njangkah metu, Murtala wis dipapag karo uluk salam dening Gejrot, suwarane alus keprungu sopan lan ngajeni banget.

        “Salam, Panjenengan ta Mas?” Murtala wangsulan karo ngajak tamune mlebu omah, atine rada kaget merga isih kelingan karo kedadean mau bengi  “mangga teng mlebet teng griya ngajeng mrika”.

        “Inggih Mas Matur nuwun, tiyang kula wau ndherekne Pak Jodi kok, Pak Jodi badhe sowan Panjenengan” wangsulane Gejrot.

        “Pak Jodi? Lha pundi priyantune?” Murtala sing uga durung tepung karo wong sing jenenge Jodi kuwi takon.

        “Lha nika taksih nengga teng ngajengan” wangsulane Gejrot.

        Murtala ora guneman maneh banjur mlaku marani wong loro kancane Gejrot sing lagi ngadeg neng latar cedhak pit montore. Gejrot ngetutne neng mburine.  Sawise Murtala nyalami tamune sing jebul Gagak karo sing siji jarene jenenge Pak Jodi mau, banjur ngajak tamune mlebu neng omah. Wong-wong kuwi ketok padha sopan-sopan lan ngajeni banget marang Murtala. Beda banget karo pas teka neng warung mau bengi.

        “Nyuwun pangapunten lho Dhik Murtala, nek dugi kula sampun damel kejotipun Dhik Murtala saha keng Ibu” kandhane wong sing jeneng Jodi mau sawise mapan lungguh neng kursi. Murtala lagi krasa nek dheweke satemene wis ngerti wong kuwi, mung wae jenenge sing durung weruh. Malah nek ora kleru Murtala tau krungu wong-wong ngarani, nek wong kuwi jenenge Diyana (Diyono). Mula Murtala ya banjur mikir mbok menawa wae wong iki madha rupa karo Diyana sing omahe Durenan.

        “Boten dados menapa Bapak” wangsulene Murtala karo mesem “bares mawon niki wau kula radi kaget, nalika Mas Gejrot paring dhawuh menawi Pak Jodi badhe kepanggih kula, kamangka kula dereng nate…….”

        “Dereng nate tepang kalihan Jodi nggih?” Jodi nigas tembunge Murtala laro ngguyu “jeneng Jodi niku rak otak – athik mathuke lare-lare ta Dhik? Riyin jaman dados manten kula ditambahi nami dening tiyang-tiyang sepuh Arja, komplite dados Arja Diyana, lha kalih bocah-bocah niku dicekak dados Jodi”.

        “Oh, makaten ta critanipun?” Murtala manggut-manggut karo mesem.

        Marsini metu neng ruang tamu karo nggawa baki isi kopi susu papat, pisang goreng sapiring karo Tempe goreng sapiring, kanggo nyuguhi tamune.

        “Walaah kok dados ngrepotaken Ibu kemawon menika……” kandhane Jodi nalika Marsini ngladekne kopine.

        “Boten kok Bapak” wangsulane Marsini “menika kala wau nuju wonten toya benter, nuwun sewu mangga dipun unjuk, wontenipun namung toya benter”.

        Marsini banjur bali mlebu maneh. Murtala banjur nyandhak gelas kopine karo ngacarani dhayohe :

        “Mangga Pak Diyana, mangga Mas Gagak, Mas Gejrot”.

        “Inggih waleh-waleh menapa, sowan kula mriki wau Dhik Murtala” kandhane Jodi karo nyelehne gelas kopine sawise disruput sethithik “ingkang sepisan inggih silaturrahmi, kaping kalihipun kula kanthi andhaping manah, nyuwun dhumateng Dhik Murtala kaparenga ngrentahaken  sih kawlasan dhumateng kula saha Sadiran Gejrot lan Warsiman Gagak, saestu kula tiyang tiga menika nyuwun pangaksami awit wontenipun kedadosan kala wingi siang saha kala dalu menika”.

        Bubar muni ngono kuwi Jodi banjur sedheku ngapurancang karo ndhingkluk, semono uga Gejrot apa dene Gagak, kahanan dadi sepi .

        “Inggih nyuwun pangapunten Pak Diyana” Murtala banjur wangsulan alon “estunipun kula malah bingung, prakawis kedadosan kala dalu antawisipun Mas Sadiran lan Mas Warsiman kalihan kula lan adhik kula Dikin, menika kula anggep sampun rampung lan boten wonten prakawis malih. Lha menawi kalihan Pak Diyana kula rak boten nate wonten prakawis menapa-menapa? Dados inggih boten wonten ingkang kedah dipun apunten”.

        “Menika makaten lho Dhik” Jodi guneman maneh nyambung kandhane Murtala “estunipun sumbering lepat menika manggenipun malah dhateng kula, menawi Gejrot kalihan Gagak menika namung awit saking bodhonipun anggene mirengaken prentah saking kula, kawewahan remen tumindak kebat kliwat, temah salah tampi. Inggih awit saking kersaning Gusti Allah ingkang tansah njangkung Dhik Murtala, kala wingi siang Dhik Murtala boten menapa-menapa senaosa sampun kabudidaya badhe dipun srempet kalihan mobil ingkang dipun setiri Gagak ing ngajeng Griyanipun Pak Sugiri. Lajeng kala dalu menika, rahayunipun Pak Sugiri tumunten dugi ngandhani lare kalih menika, menawi boten, kula boten saged nggambaraken kados menapa dadosipun lare kalih niku ugi kawontenan kula. Pramila sepisan malih kula nyuwun pangaksami dhateng Dhik Murtala, saestu kula boten badhe ngambali malih tumindak kula ingkang lepat kala wau”.

        Murtala panggah durung mudheng karo sing dikandhakne Jodi ngono kuwi, mung wae Murtala kelingan wingi nalika bali saka omahe Pak Sugiri meh wae tiba merga arep kesrempet Mobil Kijang Inova. Murtala uga kelingan nek sadurunge Gejrot karo Gagak dhek bengi lunga ninggalne warunge, kober ngaku marang Pak Sugiri nek wong loro kuwi sadrema dikongkon dening Bos Jodi. Sing dadi gumune Murtala, ya gene Jodi kongkonan Gejrot lan Gagak kanggo gawe cilakane? Nek pawadane Gejrot lan Gagak mau bengi merga ndakwa Murtala duwe sesambungan katresnan karo Nita, apa mbok mbok menawa antarane Jodi karo Pak Sugiri wis ana petung arep bebesanan? Merga Murtala ya tau krungu nek Diyana wong sugih sing omahe Durenan kuwi a duwe anak lanang sing wis gedhe lagi lulus olehe kuliah neng Sala.

        “Inggih nuwun sewu pak Diyana” kandhane Murtala mangsuli rembuge Jodi sing klebu dawa kuwi “nanging kalih disambi ta tempe napa pisange niku, mangga Mas Sadiran, Mas Warsiman”.

        Murtala banjur njupuk tempe, dicokot dienggo lalap olehe nyruput kopine, lagi banjur nyambung ukarane :

        “Kula kinten anggenipun Mas Sadiran lan Mas Warsiman tumindak kirang leres kala wingi lan kala dalu menika, tuwin anggenipun dhawuh Pak Diyana dhateng Mas Sadiran lan Mas Warsiman ingkang wonten gandheng cenengipun kalihan kula, menika sedaya awit salah tampi. Dados menggah kula inggih sampun boten menapa-menapa, salah tampi lajeng sampun kadenangan mapanipun salah tampi, menika ateges sampun rampung. Lha salah tampi ing babagan menapa? Menika kula boten mangertos lan ingkang langkung pirsa mesthinipun inggih Pak Diyana. Namung sepisan malih mugi kauningan, kula kalihan Dhik Nita putranipun Pak Sugiri menika namung kekancan limrah”.

 

 

Ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...