Total Tayangan Halaman

Rabu, 22 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (25)


 

25.

        Jodi nganti kamitenggengen anggone nyemak apa sing dikandhakne Murtala kuwi. Senadyan umure wis setengah abad luwih, durung tau Jodi pethuk wong sing duwe kasabaran sing kaya Murtala iki, Ingatase wingi meh wae digawe cilaka lan dhek bengi dibaleni arep dianiaya, ewa dene ora duwe rasa ngingit-igit marang wong sing duwe sedya ala marang dheweke. Kang mangkono iku ndadekne Jodi sing kulina ngendelake dumeh bisa nuku apa sing dikarepake, bisa mbayar wong supaya nindakne apa sing dadi prentahe, bisa gawe cilakane wong sing ora gawe senenge atine. Rumangsa kasoran perbawa ngadhepi Murtala. Mula niyat saka omah sing arep mblakakne kedadeyan apa sing dialami, sansaya manteb anggone arep nyritakne marang Murtala, kanthi mangkono mbok menawa bisa dadi sarana anggone bisa nempil kamukten saka perbawane Murtala sing dianggep wong sing nduweni bebuden lan ati kang suci.

        “Mila leres Dhik Murtala, bilih sedaya ingkang kedadosan menika awit wontenipun kleru ing panampi” kandhane Jodi sawise Murtala mandheg olehe guneman “mila bares kemawon, menika kawiwitan saking pepenginan kula kangge ngangkat drajatipun anak kula Si Semedi nika, ingkang dugi sapriki taksih nganggur dereng cepeng damel menapa-menapa”.

        “Rak inggih sampun satrepipun ta Pak Diyana, menawi Bapak menggalihaken dhateng putranipun menika?” Murtala nyelani rembug.

        “Inggih awit saking menika Dhik” wangsulane Jodi nutugne olehe guneman “kula lajeng kemutan kalihan cariyosipun Bapak kula Marasepuh, Pak Darma Nyamun, ingkang jaman Pilihan Lurah Pak Tapa, murungaken anggenipun badhe majeng nyawung Lurah”.

        “Marasepuhipun Pak Diyana rumiyin nate badhe majeng nyawung Lurah teng Kedunggalar mriki?” Murtala takon maneh, batine rada gumun karo sing dikandhakne Jodi, wong mau jare mikirne gaweyan kanggo anake kok sing dikandhakne malih crita bab Maratuwane sing tau arep njago lurah.

        “Inggih, nanging boten siyos jalaran sasampunipun riyalat ing pasareyanipun Ki Ambyangkara pikantuk sasmita gaib, bilih Bapak boten badhe kiyat madeg dados Lurah ing mriki, kamangka jaman semanten meh tiyang sak Durenan, Winong, Kaliwowo menika sami ngrojongi menawi Bapak kersa majeng dados sawung, gek wragat kangge majeng inggih sampun kaliwat cekap. Nanging sareng nampi sasmita gaib makaten kala wau, Bapak lajeng murungaken kersanipun, awit sasmita gaib kala wau taksih wonten sambetipun, inggih menika sanajan Bapak boten kiyat dados Lurah nanging mbenjangipun wonten turunipun Bapak ingkang badhe saged dados Lurah ing mriki” Jodi nutugne anggone crita lelakone maratuwane sing wurung njago lurah Kedunggalar  “lha gandheng wekdal samangke sampun nyaketi pilihan Lurah malih, Lurah Jaka niki rak kantun setahun? Watawis sewulan kapengker kula nglampahi riyalat ing pasareyanipun Ki Ambyangkara kados ingkang dipun tindakaken sawargi marasepuh kula rumiyin, mbok menawi weca utawi sasamita gaib ingkang nate katampi dening Bapak sampun wancinipun kelampahan, lha angkah kula, kula badhe ndombani Semedi supados majeng nyawung”.

        “Oo makaten? Sae menika Pak Diyana” kandhane Murtala nyelani critane Jodi “Mas Semedi nika rak sampun Sarjana ta? Dados ngelmu anggenipun kuliah saged kangge majengaken Desa mriki”.

        “Nggih niku kajeng kula Dhik” wangsulane Jodi “nanging…….”.

        “Nanging menapa Pak Diyana?” Murtala takon, merga Jodi leren olehe guneman.

        “Nanging sasmita ingkang kula tampi nalika kula riyalat, benten kalihan ingkang kula angen-angen saderengipun” wangsulane Jodi.

        “Lha kok saged makaten?”

        “Inggih, nalika dalu kang kaping tiga kula riyalat, salebeting layap liyep ing aluyut, kula sumerep griya kula ketingal wonten cahya ingkang mencorong, nanging boten dangu awit ing sisihing griya kula ketingal griyanipun Juragan Giri ingkang ugi wonten cahya ingkang langkung mencorong malih, ngawonaken cahya ingkang wonten griya kula. Lajeng kula sumerep panjenengan…..”.

        “Kula Pak Diyana?” Murtala nugel rembug, takon semu gumun.

        “Inggih Panjenengan Dhik Murtala” wangsulane Jodi “kula sumerep Dhik Murtala ingkang dados cahya mencorong ing griyanipun Juragan Giri, nalika Dhik Murtala miyos saking griyanipun Juragan Giri, griya menika wangsul kados griya kula malih alias boten mencorong. Salajengipun kula tingali Dhik Murtala menika wongsal wangsul mlebet lan miyos ing griyanipun Juragan Giri lan babar pisan boten kersa mlebet dhateng griya kula. Sareng sampun wangsul ing alam nyata, kula rumaos dereng mangertos kalihan werdinipun sasmita menika. Pramila lajeng kula gothak-gathukaken kaliyan nalar kula piyambak, jalaran dalu-dalu candhakipun kula sampun boten pikantuk sasamita menapa-menapa malih. Lan jebul anggen kula nggothak – nggathukaken sasmita kala wau, malah nuwuhaken salah tampi, ingkang kedadosanipun kados kala wingi enjing lan kala wau dalu menika”.

        Murtala ora tumuli aweh wangsulan nanggapi critane Jodi ngono kuwi mau, malah banjur nyandhak gelase sing isine kari separo, disruput kopine, banjur njupuk pisang goreng sing ana piring, karo nawani dhayoh-dhayohe :

        “Mirunggan mawon Mas Sadiran, Mas Warsiman, sampun tegang-tegang, mangga diwangsuli pisang napa tempene niku, nek keseriusen sok malah kirang sae mangke, nanging menawi ditampi kalihan raras mawon, insya’allah mangke saged pikantuk pitedah ingkang pas. Rak nggih ngoten ta Pak Diyana? Mangga kalihan dipun sambi”.

        Gejrot karo Gagak sing mau mung meneng karo ulat semu peteng, krungu tembunge Murtala ngono kuwi banjur  mesem. Semono uga Jodi, uga banjur nyandhak gelase lan nyruput kopine, njupuk tempe dingge nglalapi kopine. Gejrot karo Gagak ya banjur tiru-tiru, kahanan sing maune angker bali encer maneh.

        “Sasampunipun mirengaken ngendikanipun Pak Diyana menika kala wau” kandhane Murtala sabanjure “kula inggih dereng patos mudheng, mbok menawi mila kula niki kalebet lare ingkang dhedhel mikir he he he”.

        “Boten makaten Dhik” Jodi gage anggone guneman “pancen atur kula dereng rampung lan taksih radi kathah, mila samangke badhe kula lajengaken”.

        “O, makaten ta? Nyuwun pangapunten Pak Diyana, mangga kalajengaken murih cethanipun” Murtala mangsuli karo mesem.

        “Anggen kula nggothak-nggathukaken sasmita ingkang kula tampi ing pasareyanipun Ki Ambyangkara kala wau kalihan nalar kula makaten, Waunipun taksih wonten pangajeng-ajeng menawi Semedi majeng nyawung Lurah, saged kapilih, Menika katitik saking wontenipun sasmita ketingalipun griya kula ingkang ngemu cahya mencorong kala wau. Nanging jebul ketingalipun badhe wonten ingkang dados pepalang, liripun malangi anggenipun Semedi dados Lurah, inggih menika Juragan Giri, ingkang miturut sasmita ingkang kula tampi kala wau, griyanipun ketingal langkung mencorong temah ngawonaken mencoronging griya kula. Sareng kula sumerep bilih ingkang dados cahya mencorong menika jebul Dhik Murtala, kula lajeng nggagas malih. Bilih antawisipun Juragan Giri kalihan Dhik Murtala sampun wonten pasekuthon kangge ngadhepi Pilihan Lurah tahun ngajeng menika. Dene sawungipun menawi dede Dhik Murtala inggih Juragan Giri utawi putranipun. Mila kula lajeng nyeluk Gejrot kalihan Gagak, ingkang griyanipun Sragen menika mriki. Kula ken mbiyantu kula murih anak kula saged kepilih dados Lurah ing Pilihan tahun ngajeng mangke. Lare kalih niku kula prentah murih ngulat-ulati, minangka mata-pita kula dhateng Panjenengan lan Juragan Giri, kula nggih criyos bilih pepalang ingkang awrat piyambak menggahipun Semedi kangge dados Lurah mangkenipun menika namung kalih, inggih menika Panjenengan lan Juragan Giri, menawi ngantos Dhik Murtala manunggal kalihan Juragan Giri, nglengkara Semedi saged dados Lurah benjingipun. Jebul lare kalih niku keladuk anggenipun nampi prentah saking kula, ngantos ajeng damel cilaknipun Dhik Murtala menapa. Menawi kalihan Juragan Giri, Gejrot kalih Gagak niku ajrih, jalaran Juragan Giri nyepeng pengapesanipun lare kalih niku”.

        “Inggih Pak Diyana” Murtala nyela guneman karo mesem “dugi mriki kula sampun radi saged nampi, nanging anggenipun Pak Diyana ngendikan sampung rampung menapa dereng menika?”.

        “Dereng Dhik” wangsulane Jodi “taksih sakedhik malih, nanging menika sakalangkung wigatos”.

        “Inggih manawi makaten mangga dipun lajengaken mawon Pak Diyana, nanging kanthi mirunggan kemawon sampun tegang – tegang sanget he he he”.

        “Inggih Dhik” Jodi nutugne olehe guneman “inggih amargi lare kalih ingkang keladuk anggenipun tumindak jalaran nginten menawi kula prentah murih nyingkiraken Dhik Murtala temah wonten kedadosan kados kala wingi lan kala dalu wau, meh kemawon kula kecalan gesang kula piyambak”.

        “Kok saged makaten Pak Diyana?” krungu tembung sing keri dhewe saka Jodi ngono kuwi Murtala dadi kaget. Ana apa kok nganti Jodi kandha nek meh wae kelangan uripe sing tegese mati?.

 

 

Ana candhake,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...