Total Tayangan Halaman

Jumat, 24 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (26)


 

26.

        Jodi meneng sedhela, ndudut rokoke sak ler banjur disumet, disedhot pegane. Gejrot karo Gagak sing wiwit mau ngampet olehe kepengin udut, bareng weruh Jodi ngrokok ya banjur terok-terok padha ngrokok. Murtala sanadyan ora ngrokok, nanging ing mejane tansah sumadia asbak, merga kanca-kancane sing sok dolan menyang omahe padha ngrokok.

        “Critane niku ngeten Dhik” Jodo miwiti critane maneh “kala dalu niku rak wiwit sonten jawah, lajeng terang sekedhap, lajeng tengah dalu nika rak gremis malih?”

        “Inggih?”

        “Lha kala dalu niku kula wiwit sonten kraos radi masuk angin” kandhane Jodi maneh “dhasare nggih jawah pisan, kula lajeng mapan tilem. Dereng ngantos setengah jam anggen kula tilem, kula sampun tangi malih, kula girab-girab mergi ngimpi aneh ngantos nglindur boten kantenan”.

        “Ngimpi aneh Pak Diyana?” Murtala nyelani takon “kadosipun menika kabekta saking masuk angin kala wau nggih Pak Diyana?”.

        “Boten Dhik” Jodi semaur lan sawise nyedhot udute banjur guneman maneh  “Niku ngimpi ingkang saestu, rumaos kula, wonten tiyang ageng inggil, dugi ing kamar kula, pacakanipun ngagem rasukan lurik, jarikan, lancinganipun namung dumugi sangandhaping dhengkul, nggih kados tiang ing kethoprak nika neh”.

        “Lha tiyang kala wau badhe menapa?” Murtala takon, karepe ngge patut-patut merga jroning atine ana rasa mesakne marang Jodi sing isih seneng nggagas impen, impene wong turu sore.

        “Tiyang kala wau nggugah kula kanthi kasar, sikil kula dipun larak ngantos kula meh dhawah saking amben. Sareng kula tangi lajeng mapan linggih, tiang wau wicanten dhateng kula kalihan ngethungaken teken warninipun pethak ketingalipun kadamel saking waja pethak, dipun thungaken kados badhe dipun gebagaken dhateng sirah kula” Jodi leren olehe guneman banjur nyandhak gelase nyruput kopine kanggo nelesi gorokane.

        “Wicanten pripun Pak Diyana?” Murtala takon .

        “Wicantene ngeten : - aku Teken Waja, abdine Ki Ambyangkara, tekaku mrene arep mecah sirahmu, lan nek prelu ya numpes sakulawargamu, merga kowe menungsa ora duwe tata, bebudenmu banget nistha, kowe nyuwun pituduh marang Ki Lurah, bareng diparingi weruh, ora matur nuwun lan nglenggana, malah saiki arep gawe cilakane Titahe Allah sing tanpa dosa. Aja mbok kira yen bocah loro sing mbok kongkon kae bisa gawe cilakane wong sing arep mbok paeka, aja maneh mung bocah loro sing mung ngendelne gedhe lan rosa, mbok sak gurune maju bareng ora bakal bisa menang…….”.

        “Niku persis kalihan sing dikandhakne Juragan Giri kala dalu Boss……” durung rampung Jodi guneman, Gejrot sing wiwit mau uga melu nyemak olehe crita Jodhi, ora sengaja melu nyaut sing dikandhakne Majikane.

        “Juragan Giri ya muni ngono kuwi?” Jodi genti nakoni Gejrot, karo panyawang semu gumun,

        “Enggih malah olehe mungel nek kula kalih Gagak majeng sareng kalihan guru kula ngrubut Mas Murtala, nek saged menang ajeng diombe uyuhe ngoten” wangsulane Gejrot “lajeng kula dikampleng pilingan kula niku”.

        “Eng…….” Jodi manthuk-manthuk ketoke lagi mudheng.

        “Lajeng criyos salajengipun pripun Pak Diyana?” Murtala banjur takon, merga ora kepengin Jodi ngalih olehe crita.

        “Lha kula nggih lajeng ajrih boten kantenan ta Dhik? Nek ngantos teken waja sing rupane putih niku siyos dipupuhne teng sirah, polo kula rak siyos muncrat saestu? ” wangsulane Jodi karo nutugne critane “kula lajeng mandhap saking amben, ndheprok teng jogan kalih ngrangkul lan ngambungi sukunipun tiang wau, mertobat nangis gero-gero nyuwun gesang lan nyuwun pangapura”.

        Gagak karo Gejrot sing sasuwene iki tepung karo Jodi minangka wong digdaya sing ora tau gigrig ngadhepi wong sing pintere gelut kaya apa wae, rumangsa eram krungu critane Jodi sing jarene nganti nyembah-nyembah merga saking wedine marang wong sing nekani ing impene kuwi. Meh wae Gagak arep kawetu pamaidone nanging ora sida, kelingan nek nganti gawe nesune Jodi dheweke bisa cilaka.

        “Pak Diyana inggih lajeng dipun sukani pangapura?” Murtala takon sawise sauntara kahanan sidhem.

        “Dereng ngertos Dhik” wangsulane Jodi “tiyang jebul anggen kula nangis gero – gero kala wau ngantos kepireng kalihan Ibune Semedi ingkang nembe jagongan kalihan rewang kula teng griya wingking. Tiyang kalih niku laheng mlajeng murugi kula teng kamar. Sumerep kula nangis kalih ngrangkul cagak amben, kula lajeng digugah. Sareng kula sampun eling, kula lajeng dhateng kamar mandi, tiyang clana kula sampun kebloh kenging ompol. Ibune Semedi lajeng ngereh rewange kapurih ngepel…..”.

        Diampet - ampet meksa ora kuwat, wekasan Gejrot karo Gagak keprojol guyune. Pancen ya keprungu lucu nek ana crita Jodi, Pendekar Macan Lorek sing dhemit wae mlipir lan mikir - mikir nek dikongkon adu arep karo dheweke, jebul konangan nangis-nangis karo ngompol. Murtala dhewe ya mung mesem, senajan satemene ya kudu ngguyu wae, nanging isih bisa ngampet.

        “Ora apa-apa kowe padha ngguyu” Jodi guneman karo menthelengi Gejrot lan Gagak “aku ora ngerti kepiye polahmu mengko nek nganti utusane Ki Ambyangkara genti nemoni kowe wong loro”.

        Gejrot karo Gagak sakala meneng olehe ngguyu, praupane dadi pucet, wedi nek nganti sing dikandhakne Jodi kuwi kedadeyan tenan. Murtala mesem maneh, mesem jalaran ngerti nek wong-wong kuwi isih wedi marang bangsa alus sing durung karuwan bakal methuki. Lan anehe padha ora tau nggagas nek ana bangsa alus sing embuh wektune mesthi bakal nekani saprelu ngutabne lakune metu saka ngalam donya manjing alam kang langgeng.

        “Sedaya sampun kula criyosaken Dhik” kandhane Jodi sabanjure “sepisan malih kula suwun Dhik Murtala paring pangaksami dhateng kula. Lan mugi – mugi peparingipun pangapura saking Dhik Murtala dhateng kula saged mahanani lereming dukanipun Ki Ambyangkara dhateng kula”.

        “Inggih, inggih Pak Diyana” wangsulane Murtala sareh “saestu saderengipun Pak Diyana lan Mas Sadiran tuwin Mas Warsiman mundhut pangapura dhateng kula, kula sampun caos pangapura langkung rumiyin. Awit menggah kula, ngapura dhateng tiyang ingkang andelalah tumindak lepat dhateng kula, menika menika salah satunggaling kuwajiban ingkang kedah kula lampahi murih tentreming manah kula. Inggih bares kemawon, salah satunggal piwucal saking Guru kula inggih menika Ustadz Nurhamid. Ingkang saged kula lampahi inggih  menika kala wau. Mila saben-saben badhe mapan tilem, langkung rumiyin kula ndedonga dhateng Allah mugi Allah ngapura sedaya lepat lan dosa kula, tiyang sepuh kula, sanak kadang lan tangga kula, ugi mugi Allah anekseni bilih kula sampun ngapura dhumateng tiyang ingkang andilalah tumindak siya dhateng kula. Amalan menika mila entheng nanging ageng manfangatipun, manah saged tentrem lan ayem boten kemrungsung. Lan setunggal ingkang prelu kula aturaken dhumateng Pak Diyana. Inggih menika, kula niki dereng nate tepang kalihan Ki Ambyangkara, malah pasareyanipun kemawon kula inggih dereng sumerep. Nanging kila aturi pitados, bilih Ki Ambyangkara menika sakalangkung welas lan asih dhateng tiyang-tiyang sa Kedunggalar, panjenenganipun boten badhe wantala dhumateng warga Kedunggalar, dados Pak Diyana sampun was sumelang malih awit menggalih dukanipun Ki Ambyangkara”.

        “Inggih Dhik Murtala, matur nuwun sanget lan nyuwun pandonganipun mugi kula saged niru lekas panjenengan kados ingkang sampun dipun dhawuhaken kala wau” wangsulane Jodi “salajengipun kula badhe matur pisan, ingkang magepokan kalihan pilihan lurah tahun ngajeng menika”.

        Murtala ora tumuli aweh wangsulan utawa takon apa sing dikarepake Jodi muni ngono kuwi. Merga saka walike kaca riben ruang tamune, Murtala weruh ana sepedha motor loro sing mlebu ing plataran omahe. Sepedha motor sing siji sing nunggangi Pak Sugiri, sing sijne maneh sing nyetiri Arja Gendhon sing nggonceng wong setengah tuwa, rambute wis putih, nanging isih katon gagah, awake keker otote sentosa. Murtala durung tepung karo wong sing digonceng Arja Gendhon kuwi.

        “Assalamu’alaikum” Pak Sugiri uluk salam neng ngarep lawang.

        “Alaikum salam” wangsulane kabeh sing ana jero omah bebarengan. Murtala banjur ngadeg, nyedhaki lawang karo mbagekne dhayohe sing lagi teka.

 “Mangga Pak Sugiri, Mangga Pakdhe Arja, mangga Bapak” kandhane Murtala karo nyalami tamu-tamune “mangga pinarak mrika”.

 

 

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...